Puspåwarnå - ᭙

51 Sumbangan Basa lan Budaya Jawa  tumrap  Manajemen

Sarasehan sing ngrembug babagan sumbangan Jawa tumrap Manajemen tau diadani ana ing Semarang. Apa ana sumbangan basa lan budaya Jawa tumrap manajemen, sing wektu iki kepara maju nututi majuning jaman modern. Prayoga menawa digoleki lan dijingglengi. Ana ing sarasehan mau aku miwiti saka andharan bab ‘Wong Jawa, Budaya Jawa lan Jagad Jawa’. Tebane jembar banget, amarga ‘wong Jawa’ wektu iki ora mung sing ana ing pulo Jawa. Wong Jawa wis tambah, mrambah lan mratah ana endi-endi.
Wong Jawa ora bisa pisah karo sejarahe wiwit  jaman kuno tekan saiki. Prof Dr Koentjaraningrat[1] ana ing bukune Kebudayaan Jawa ngrujuk tulisane Th Pigeaud, BJ Schrieke lan WF Wertheim njlentrehake bab anane unsur budaya Jawa, yakuwi: basa, sistem teknologi, sistem ekonomi, organisasi sosial, sistem religi  lan seni budaya. Kejaba iku uga di andharake anane ‘variasi regional’ utawa ‘sub kultur’ ing pulo Jawa, yakuwi: Banten, Sunda, Pesisir Kulon, Banyumasan, Bagelen, Negari Gung (Surakarta lan Ngayogyakarta), Pesisir Wetan, Mancanagari, Medura lan Sabrang Wetan. Karana iku Budaya Jawa tebane jembar lan jero banget, upama sumur menawa ditimba banyune ora bakal asat. Gegandhengan karo babagan iku ana pitakonan sing perlu digatekake : ‘apa ana sumbangan basa lan budaya Jawa tumrap manajemen’ ?.

Wong Jawa lan  Budaya Jawa apa wis malebu ‘forum’ global?

Globalisasi perlu ditegesi minangka kaanan sing kedaden sawise bangsa-bangsa ing donya iki padha sesambungan ing babagan sosial, ekonomi lan politik. Dr Sri Hastanto[2] ana ing tulisane ngandhakake yen ngungak sejarah Jawa, ukiran ing candi Borobudur ana sing tinemu ing Madagaskar. Pujangga Jawa anggone nulis crita Panji Inu Kertapati uga tinemu ing Thailand lan Cambodia, kanthi sebutan Ino. Kakawin Ramayana lan Mahabarata saka India malebu ing tanah Jawa; kabudayan Cina uga malebu ing bumi Jawa lan sapiturute.  Malah kepara akeh tulisan utawa buku sing ditulis dening sarjana mancanagara ngenani bab sastra lan budaya Jawa.  JHC Kern lan WH Rassers [3] akeh naliti bab basa Sanskerta, basa Kawi lan kabudayan ‘Timur’, yakuwi : Kawi Studien, de Panji Roman, The Cultural Hero, A Structural Study of Religion in Java, lan liya-liyane. Ana ing buku  ‘Sastra Jawa’[4] akeh banget ngemot akehing sarjana manca sing nulis lan naliti bab wong Jawa lan budaya Jawa. PJ Zoetmulder uga nulis buku sing misuwur antarane yakuwi ‘Kalangwan’ lan kamus ‘Old Javanese English Dictionary’. JJ Rass ngenani sastra jawa ana ing bukune ‘ Maatschappij en Letterkunde op Java’, GWJ Drews ana ing ‘The Roman of king Anglingdarmo’, JFC Gericke lan T Roorda ana ing ‘Het Oud Javaansch-Nederlandsch Woordenboek’, JMW Bakker ana ing buku ‘ Agama Asli Indonesia, Niels Mulder ana buku ‘Kebatinan dan Cara Hidup Orang Jawa’, Frans Magnis Suseno nganani ‘Etika Jawa’, Denys Lombard ana ing buku ‘Nusa Jawa: Silang Budaya’. M Clara van Groenedael ana ing buku ‘Dalang di Balik Wayang’ lan isih akeh banget maneh tulisan utawa buku ngenani budaya Jawa. Kumpulan layang  para Ratu marang para sakhabate ana ing mancanagara sing sinebut ‘The Golden Letters’, lan kumpulan layang-layange Ibu Kartini ana ing buku ‘Habis Gelap Terbitlah Terang’, bisa dadi tandha menawa Wong Jawa lan Budaya Jawa wis malebu ing forum global.

Sumbangan Basa lan Budaya Jawa tumrap Manajemen

Manajemen wektu iki kepara maju orang mung mligi bab prosese wiwit saka ‘perencanaan, pengorganisasian, pelaksanaan lan pengawasan’, nanging wis malebu ana ing tataran utawa ranah pemerintahan lan pembangunan wilayah/ daerah. Orientasine ora mung ‘one sided’ nanging wis ‘multiple sided’ gumantung karo cak-cakane. Ngadhepi kaanan utawa jaman sing  maju, sumbangan ing babagan ilmu pengetahuan lan teknologi tumrap manajamen akeh banget. Piranti studi sing rupa analisis wis akeh banget, yakuwi analisis : ‘short term, long term, lingstra, telstra, MIS, decision making process’ lan liya-liyane, dadi piranti sing penting tumrap manajemen. Karana iku apa ana sumbangan basa lan budaya Jawa tumrap manajemen ?.
DR RMA Sudi Yatmana [5] milah bab-bab sing ana sambung rakete karo basa lan sastra, yakuwi : aksara Jawa, babad, riwayat, carita gancaran, carita cekak, carita ginurit, saloka, novel, esei, naskah-naskah, manuskrip, primbon, wejangan, andharan, pitutur, pepali, suluk, kidungan, tembang lan liya-liyane. Ana ing basa lan sastra Jawa akeh ‘ngelmu’ sing bisa disinau, yakuwi : filsafat Jawa, etika Jawa, kebatinan, kejawen, kawaskithan, kalantipan, kajiwan, kanuragan, guna kasantikan, pawukon, petung, palintangan, ramalan, jangka, pralambang, ngelmu wewangunan (arsitektur) lan liya-liyane isih akeh banget.
Wulangan Jawa sing ana ing Tradisi [6], adat istiadat, upacara (ritus, ritual), pewayangan lan pedhalangan (seni widya, seni ripta, seni sastra, seni pentas), tetembungan utawa ‘ungkapan tradisional’ lan liya-liyane bisa dadi sumber kanggo njingglengi sumbangan Jawa tumrap manajemen.
Sepisan, nilai-nilai filsafati sing ana ing sesanti ‘mamayu hayuning bawana’,  sing mbanjur tambah dadi ‘mamayu hayuning nusa bangsa, mamayu hayuning sasama’. Wewaton sesanti iku ana wulangan Jawa supaya pada  ‘sadar kosmis’, bisa njaga, ngapikake, ngletarekake lingkungan (eco system). Ana ing manajemen pembangunan sinebut pembangunan sing lumaku lestari utawa ‘langgeng’ (sustainable development).
Kapindho, ana ing pewayangan lan pedhalangan akeh banget wulangan sing bisa disumbangake tumrap manajemen . Wewaton crita Ramayana ana prinsip sing sinebut ‘Astha Brata’, wulangan cacah wolu supaya bisa duwe watak hambeging : ‘kisma, tirta, samirana, samodra, candra, baskara, dahana lan kartika’. Yakuwi watak-watak: tresna, loma, asih, susila anoraga, adil, sabar, momor lan momot, madhangi, mratani lan bengkas angkara amurka.
Watak Ratu uga sinebut ana ing pocapan dalang : ...‘dene utamane Nata berbudi bawa laksana’. Ratu utawa pemimpin kudu ngugemi lan memundhi sumpah,  janji, prasetya, prinsip lan  paugeran, tembunge liya : ‘Sabda Pandhita Ratu tan kena wolawali’. Ratu utawa pemimpin kudu njaga ilate : aja mencla-mencle, aja esuk dhele sore tempe.
Katelu, nilai-nilai sing ana ing kakawin, naskah-naskah, serat-serat, manuskrip Jawa perlu digoleki, tuladhane yakuwi sesanti ‘Aja Dumeh’ , lamun sira nduweni panguwasa aja ‘kumawasa’, lamun sira duwe wewenang aja ‘sewenang-wenang’.
Nilai-nilai sing ana sesanti ‘Aja Dumeh’ gayut banget karo watak-watak  lan kharakter pemimpin sing prayoga ‘andhap asor, lembah manah lan nguwongake wong’.  Sri Mangkunagara IV [7] nulis ana piwulang tumrap para nayaka praja lan punggawa ana ing tembang Dhandhanggula  ‘Werdiningkang warsita jinarwi, wruh ing khukum iku watakira, adoh marang kanisthane, pamicara punika, weh resepe ingkang miyarsa, tatakrama punika, ngedohken panyendhu, kagunan iku kinarya, ngupa boga dene kelakuan becik, weh rahayuning raga’.
Ana maneh wulangan saka Sri Mangkunagara I yakuwi Tri Darma : ‘rumangsa melu handarbeni, wajib melu hangrungkebi, mulat sarira hangrasa wani’. Kejaba saka iku, Mabes TNI uga netepake 11 (sewelas) asas kepemimpinan TNI sing dijupuk saka basa lan sastra Jawa,  yakuwi : ‘Takwa, Ing Ngarsa sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, Tut Wuri Handayani, Waspada Purba Wasesa, Ambeg Parama Arta, Prasaja, Satya, Gemi Nastiti, Belaka lan Legawa’.
Ana maneh wulangan Jawa sing pas banget menawa dicakake ana pemerintahan yakuwi  nilai-nilai sing ana tembung ‘njaga praja’. Konsep njaga praja ora mung nata babagan pemerintahan, njaga katetentreman, gawe Undang-undang lan liya-liyane, nanging wis malebu ana ing tataran njaga kawibawan, watak harkat lan martabat para nayaka praja lan punggawa. Prajane lembaga eksekutif kudu dijaga, prajane legislatif  lan yudikatif  uga kudu dijaga.

Drs RMP Sosrokartono [8] menehi wulangan, yakuwi nilai-nilai sing ana ing sesanti :  (1) ‘nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake, digdaya tanpa aji, sugih tanpa bandha’ (2) anglurug tanpa bala, tanpa gaman, ambedhah tanpa perang, tanpa pedhang, menang tanpa mejahi, tanpa nyakiti, wenang tanpa ngrusak ayu, tan ngrusak adil, yen unggul, sujud bekti marang sesami’. (3) leladi Sasamining Dumadi, Mamayu Hayuning Sasamining Umat, Mamayu hayuning Jagad, Ngawula Dhateng Kawulaning Gusti, Mamayu hayuning Urip’.

Ana ing babagan manajemen politik sing kalebu angel lan rumit, ana tetembungan sing perlu digatekake, yakuwi: ‘kriwikan dadi grojogan, dhandhang diunekake kontul, kontul diunekake dhandhang, esuk dhele sore tempe, mencla-mencle, cidra ing janji, ujare mbolak mbalik mbulet, njaba putih njero ireng, melik gendhong lali, ana dom sumurup ing banyu, nabok nyilih tangan, mbidhung apirowang’, lan liya-liyane.
Sabanjure ana uga tetembungan sing prayoga di ngreteni lan dirasakake, yakuwi : ‘sepi ing pamrih rame ing gawe’, ‘gotong royong holopis kontul baris’, ‘aja rumangsa bisa, bisaa rumangsa’, ‘tan melik tan nampik’, ‘manembah, manunggal, makarti, makarya, mandhireng’, ‘tepa sarira mulat sarira, eling precaya, tresna, temen, adil, budi luhur, ‘rukun agawe santosa, crah agawe bubrah’, lan liya-liyane.
Kapat, tradisi slametan utawa wilujengan tumrap wong Jawa bisa dadi wulangan. Sadurunge miwiti pakaryan dianani slametan kanthi lambaran panyuwunan supaya kabeh ayahan wiwit purwa, madya, wasana tinemu slamet, hayu, rahayu niskala. Sawise kabeh rampung diadani syukuran sing ujube ngaturake panuwun marang Gusti Allah Sing Maha Kuwasa. Wulangan Jawa tumrap  perencanaan tinemu ana ing ‘tanggap ka’, yakuwi wulangan supaya aja : ‘kedhuwuren, kedawan, kegedhen empyak kurang cagak,  kakehen, kebangeten, kabablasen’ lan liya-liyane. Ana maneh wulangan ana ing unen-unen : ‘kesusu selak apa’, ‘kesuwen ngenteni apa’, ‘alon-alon ning kelakon’, sing rikat ning aja kebat kliwat’, ‘sing gemi nastiti ngati-ati’, ‘aja mindho gaweni’, ‘sing rigen mugen lan tegen’, ‘sing titi, rukti rumanti’, lan liya-liyane.
Drs Darmanto Jatman SU [9] uga ngandharake bab nilai-nilai budaya Jawa sing gayut karo pengawasan, yakuwi prelune ‘mawas diri’ sing unik Jawa minangka proses njingglengi ‘diri pribadi’ (self control, self assesment), lan anane nilai utawa konsep : ‘nuturi, ngandhani, ngelikake’, ‘elik-elik, alok-alok, elek-elek’, ‘ngono ya ngono ning ya aja ngono’ lan liya-liyane.  Drs Sutadi [10] uga njlentrehake bab pengawasan cara Jawa, nganggo cara  laku ‘namur kawula’,  utawa  ngirim  paraga  sing dadi ‘telik sandi’, kanggo ngreteni kaanan sing sanyatane.
Konsep jawa sing gayut karo pengawasan, yakuwi : ‘Desa mawa Cara, Negara mawa Tata’, Sing Sapa salah Seleh’,  Menawa Kasinungan Panguwasa aja Kumawasa, Jejeg jujur iku jejering Manungsa’ , lan liya-liyane. Nilai-nilai etik lan moral sing migunani lan gayut karo pengawasan uga tinemu ana ing : ‘prasetya, janji, ikrar, sumpah, pepali, wewaler’ lan liya-liyane. Basa lan Budaya Jawa akeh sing bisa disinau, dijingglengi lan diteliti supaya bisa disumbangake tumrap manajemen.  Kemajuan babagan ilmu pengetahuan lan teknologi  prelu disinau lan dicakake tumrap manajemen, supaya luwih cepet, rancag, tepat lan akurat.-
------------------------
*)  makalah ana ing Seminar Internasional Basa Jawa ing Suriname 
     26-27 Mei 2005


[1] Koentjaraningrat, Prof Dr, Kebudayaan Jawa,  PN Balai Pustaka, 1984
[2] Sri Hastanto, Dr, Peran Seni Budaya dalam Kehidupan Global, makalah, 2005
[3] JHC Kern,and Rassers, Ciwa dan Budha, Jambatan, 1982
[4] Pusat Bahasa, Sastra Jawa, Suatu Tinjauan Umum, Balai Pustaka, 2001
[5] Sutadi, Drs H lan  RMA Sudi Yatmana, DR,  Blencong 45, Aneka Ilmu, 2005
[6] Hardjono, Prof Mr, Tradisi Sosial, Fakultas Sosial Politik, UGM, 1965
[7] Karkana, Karangan Pilihan KGPAA Mangkunagara IV, Yayasan Centhini, 1992
[8] Sosrokartono, Drs RMP, Kumpulan Renungan Rebo Pahing, 1977
[9] Darmanto Jatman,  Drs SU, Pengawasan Cara Jawa, makalah, 2004
[10] Sutadi, Drs, Pengawasan Menurut Budaya Jawa, makalah, 2004

Déníng : Sutadi
Pangarsa Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

mfx broker бинарные опционыкупить рис для пловабиол

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7589853
  Hari ini     :  Hari ini :770
  Kemarin     :  Kemarin :1068
  Minggu ini   :  Minggu ini :7377
  Bulan ini   :  Bulan ini :19588
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 14

Kontak Admin.

email-kidemang