Puspåwarnå - ᭙

52 Tembang Dolanan  Wonten Satengahing Globalisasi

Wekdal samangke kathah lare ingkang mboten mangertos utawi ngiwakaken lelagon utawi tembang dolanan. Tembang dolanan ing kitha lan saperangan ing tlatah padesan wonten ingkang dipun lirwakaken, amargi kadayan lagu Indonesia, tembang pop, ndhang-ndhut, tuwin lagu saking manca nagari sanesipun. Dayanipun lagu pop lan ndhangdhut ageng sanget lajeng ndhesek lan minggiraken tembang utawi lelagon dolanan.

Lare-lare samangke, mliginipun ing kutha-kutha sampun awis-awis nembang lelagon dolanan. Kawontenan makaten benten sanget kaliyan kawontenan sasampunipun kamardikan. Wonten ing pamulangan Sekolah Rakyat (SR), Sekolah Guru Bawah (SGB), dalah Sekolah Guru Atas (SGA), tembang dolanan dipun wulangaken kanthi saestu. Calon guru dipun siapaken kanthi saestu supados mumpuni nembang utawi nyekar. Tujuwanipun supados mangkenipun lare-lare ingkang dipun wulang saget pinter tuwin baut nembang.

Kathah sanget tembang dolanan ingkang kala samanten dipun wulangaken wonten sekolahan-sekolahan tataran andhap. Wewaton buku ingkang irah-irahanipun ’Mbombong Manah’ anggitanipun R. Tedjo Hadisumarto (sampun sawargi), wonten atusan tembang ingkang kapacak. Cakupanipun nglimputi lagu dolanan, sekar macapat, sekar tengahan, sekar ageng, lan gendhing. Isi lan cakupanipun kathah ingkang sesambetan kaliyan jagad pamulangan.

Maos tuwin migatosaken buku ’Mbombong Manah’  mliginipun lelagon dolanan kathah bab ingkang migunani tumrap lare-lare. Lumantar lagu dolanan, lare-lare dipun kenalaken kaliyan sato kewan, sato iwen, thethukulan, tetaneman, bebrayan, lingkungan alam, lan sanes-sanesipun. Lare-lare lajeng seneng, bingah, sigrak, nggadhahi raos bombong,  tuwin saged kagigah manahipun. Kawontenan ingkang makaten saged mimbuhi  lan njurung kawontenan ingkang sae tumrap kajiwan. Babagan kajiwan dipuntengenaken tuwin dipunpapanaken wonten ing tataran ingkang wigatos ing jagad pamulangan.

Sasampunipuan lare-lare wonten ing pamulangan nguwaosi tembang utawi lelagon dolanan, kalajengaken tataran sinau sekar macapat. Kasebat sekar macapat amargi anggenipun nyekaraken kapedhot sekawan-sekawan wanda. Kathah sanget sekar macapat ingkang wosipun piwulang ing babagan tatakrami, udanagari, watak, tuwin budi pakarti.

Majenging jaman ingkang kasurung dening teknologi informasi dados pepalang lampahipun tembang dolanan tuwin sekar-sekar sanesipun. Dayanipun moderniasi lan globalisasi sakalangkung ageng mboten namung minggiraken lelagon dolanan. Sadaya unsur budaya Jawi kadayan ombak globalisasi. Lumantar media televisi daya pengaruhipun langkung cepet. Giyaran televisi ingkang rinten dalu mboten wonten pedhotipun,  ndayani  sadaya  unsur budaya  ingkang wonten.  Unsur-unsur  budaya  Jawi

ingkang arupi lelagon dolanan, tembang macapat, dolanan lare, dedongengan, wayang wong, kethoprak, lan sanes-sanesipun kadayan dening globalisasi.

Wonten perangan ingkang kasilep, kalindhes, utawi ical, namung inggih wonten perangan ingkang taksih lestari.

Kawontenan ing tlatah padesan pinanggih benten kaliyan ing kitha. Taksih kathah perangan budaya ing padesan ingkang taksih gesang tuwin dipun lestarekaken. Kalebet ing ngriki tembang dolanan ingkang taksih dipun uri-uri. Lelagon ingkang caket lan raket kaliyan donyanipun lare taksih dipun tembangaken. Lelagon ingkang taksih wonten pigunananipun lajeng nuwuhaken krenteg memetri. Underanipun prekawis wonten ing pigunanipun tembang tumrap lare-lare. Manawi wonten tembang dolanan ingkang sampun tebih kaliyan donyanipun lare-lare inggih lajeng dipun kiwakaken.

Tembang dolanan lare mboten saged dipun pisahaken kaliyan basa ingkang dipun pigunakaken. Kanthi menika prekawis ingkang nemah basa Jawi lajeng ndayani lelagon dolanan. Manawi basa Jawi kirang dipun remeni amargi karaos angel, lajeng ndayani dhateng tembang dolanan. Prekawis ingkang nemah basa Jawi lajeng ndayani lare-lare anggenipun nembang lelagon dolanan. Wewaton tetimbangan menika, basa Jawi dados babagan ingkang wigati. Pasinaon basa Jawi ing sekolahan prelu dipun tata malih. Wonten ing ngriki tembang utawi lelagon dolanan prelu dipunwulangaken.

Lelagon utawi tembang dolanan mboten saged dipun pisahaken kaliyan babagan seni. Nges lan saening lelagon manawi dipun iringi gamelan utawi gangsa. Kajawi menika wonten lelagon dolanan ingkang prelu dipun  tembangaken kaliyan njoged.  Piwulangan karawitan lan seni tari  prelu dipun wulangaken sesarengan kaliyan tembang dolanan. Tembang dolanan karaos kirang jangkep manawi mboten wonten tari lan ungeling gangsa.

Salajengipun, kangge ngadhepi ombak globalisasi dipun betahaken apresiasi lan piranti teknologi kangge nggarap tembang dolanan. Rekaman tembang  dolanan lumantar kaset lan compact disk prelu dipun damel langkung kathah. Giyaran ngengingi tembang  dolanan wonten televisi inggih prelu dipun  jadwal kanthi teratur.  Kajawi menika, lomba utawi festival lagu dolanan inggih prelu dipun wonteni saben taun. Kanthi menika, lelagon utawi tembang dolanan mboten badhe kesilep ombak globalisasi.


Déníng : Sutadi
Pangarsa Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет Москвапосудалобановский депутат

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7589856
  Hari ini     :  Hari ini :773
  Kemarin     :  Kemarin :1068
  Minggu ini   :  Minggu ini :7380
  Bulan ini   :  Bulan ini :19591
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 19

Kontak Admin.

email-kidemang