Puspåwarnå - ᭙

53 Ndhudhah Sastra Jawa ngenani  Sila-sila ana ing Pancasila

Pancasila lair ana ing dina Jumat Wage tanggal siji sasi Juni taun sewu sangang atus patang puluh lima. Menawa ditlusuri ana ing primbon lan pawukon, tanggal siji Juni sewu sangang atus patang puluh lima  wukune Kuningan, dewane Bethari Sri sing duwe watak asih lan welasan. Dina Jumat Wage ing wuku iku duwe watak kukuh, santosa, sumuci, saba-rang gawe kudu becik, resik lan liya-liyane. Sapa wae sing lair ana dina iku (umume) duwe watak apik sanadyan nduweni sengkala utawa kekurangane. Bab watak manungsa, menawa ana sing kurang utawa gothang, ya ora apa-apa; amarga ana ing donya iki ora ana sing sempurna. Sing (maha) sempurna ya mung Gusti Allah Sing Maha Kawasa.

Tanggal siji sasi Juni tahun sewu sangang atus patang puluh lima bisa dianggep kanugrahan saka Gusti Allah. Ana dina iku Bung Karna njlentrehake ngenani Pancasila minangka dhasaring nagara utawa pondasine nagara. Negara didegake lelandhesan Panca-sila. Manawa ditliti Pancasila nduweni nilai-nilai (values) sing akeh banget, jumbuh, lan trep karo jati-dhirine Bangsa Indonesia sing pluralistik. Ewoning pulo kawengku ing bumi Nuswantara. Atusan suku sing nduweni basa ibu utawa basa etnis nambahi tamansari Indonesia luwih  edhi lan asri Kabeh mau paringane Gusti Allah sing Maha Murba lan Masesa jagat sing prelu disyukuri. Apamaneh lumantar Bung Karno, bebarengan karo akehing paraga padha bebadra ngedegake Negara, trus merdika sing adhedhasar Pancasila. Kanugrahan sing prelu disyukuri ing saben wektu.  Gegayutan karo sila-sila ana ing Pancasila sing dadi dhasaring negara, akeh banget wulang Jawa sing prayoga di dhudhah lan dingerteni.

Ketuhanan Yang Maha Esa

Wiwit jaman kuna suku bangsa ing bumi Nuswantara precaya ananing Dhat sing nyipta, mranata, murba lan masesa. Sing prelu digegem, diregem lan diprecaya lair tumus ing batin yakuwi anane Gusti Allah Sing Maha Murba lan Masesa mobah mosike jagat (saisine) iki. Ngenani bab iki, dening Bung Karno dipilih dadi sila utawa dhasar sing sinebut Ketuhanan Yang Maha Esa. Sabanjure dipapanake dadi sila sing nomer siji.
Ana ing serat Wulang Reh tinemu wulangan sing muni: ’...kaping lima dununging sembah punika mring Gusti kang murba ing pati kalawan urip, miwah sandhang lawan pangan...’.
Ana ing pupuh sabanjure tinulis: ’..padha netepana ugi, kabeh parentahe sarak, trusna lair batine, salat limang wektu, tan kena tininggalan...’.
Methik saka serat Wulang Reh akeh wulangan sing bisa dadi landhesan lan gujengan supaya pada precaya lan nindakake dhawuhe Allah. Kabeh tumuju supaya tansah nyembah, manembah lan ngabekti marang Allah sing Maha Welas lan Maha Asih.
Ana ing Serat Wedhatama tinemu wulangan: ’.. sembah katri kang sayekti katur mring Hyang Suksma suksmanen saari-ari, arahen dipun kacukup...’. Ana ing pupuh sabanjure sinebut: ’..sembah raga puniku, pakartine wong amagang laku, sucine akarana warih, kang wus lumrah limang wektu..’. Ana maneh sing jinejer ana ing Wedhatama: ’..mangkono ingkang tanamtu, tampa nugrahaning Widhi, marma ta kulup den bisa basuki ujar ing janmi..’.; ’.. pasamuan ing gaibing kang Maha Suci kasikep ing tyas, kacakup kasat mata lair batos..’ Sabanjure ana ing Serat Dewaruci, unine: ’..nanging aywa darbe sireki, pakareman liyanira, sarta ing Hyang Agung..’. Ana uga kang kasebut ing Serat Partawigena: ’..aja pegat manu-ju, barang prakarane bumi, atasena maring Hyang Jagad Pratingkah..’.
Wewaton cuplikan ana ing serat-serat Wulang Reh, Wedhatama, Dewa Ruci, lan Partawigena, nilai-nilai sing kacakup ana sila Ketuhanan Yang Maha Esa akeh banget. Apamaneh yen njingglengi bukune (suwargi) Rama Doyosantosa sing asesirah ’Unsur Religius dalam Sastra’, akeh banget wulangan sing bisa nuntun sapa wae supaya pada luwih iman lan taqwa marang Gusti Allah Sing Maha Agung lan Maha Kawasa. Akeh banget sastra Jawa sing bisa diwaca, dijingglengi, dirasakake, ditindakake, dicakake, dia-malake supaya luwih ngreti, eling, ngibadah lan ngabekti  marang Gusti Allah Sing Maha Agung. Menawa kepengin sing luwih jero, bebles, cu-bles, dhuwur lan luhur bisa maca ana ing sastra Jawa ngenani bab sangkan paraning dumadi, bab awang-awang uwung-uwung, ananing dhat, wahana-ning dhat, bab ke-Allahan, kajiwan lan liya-liyane sing dianggit ora mung para pujangga, sarjana (sujana) saka tanah Jawa nanging uga tinulis dening sarjana saka mancanagara.
Buku sing njlentrehake bab-bab sing magepokan karo sila Ketuhanan Yang Maha Esa tinemu akeh banget, ora mung atusan malah kepara luwih. Ana ing tulisan ringkes iki dipilih sing baku wae.  Tuladhane, suwargi Raden Ngabehi Ronggowarsito ana ing buku ’Wirid Hidayat Jati’ sing rupa tembang terus dijlentrehake dadi buku andaran utawa wedharan. Kajaba saka iku, akeh sarjana walanda, yakuwi Rama Zoet-mulder sing nganggit buku ’Manunggaling Kawula lan Gusti’,  J Bakker ana ing buku Agama-agama Asli di Indonesia lan liya-liyane.
Pak Poeh nulis buku sing irah-irahane  ’Sangkan Paran’,  Bapa Sunarno Sisworahardjo ana ing buku ’Sastra Djendrayuningrat’ lan liya-liyane. Iku durung buku-buku kuno sing cacahe akeh banget. Sabanjure, methik ana ing serat ’Musa-waratanipun Para Wali’ ngemot 13 pupuh sing rinakit ana ing  tembang Asmara-dana,  Sinom, Dhandhanggula, Masku-mambang, Durma, Kinanthi, Pucung, Gambuh, lan Pangkur, akeh banget wulangan ngenani ’ngelmu lan laku’ sing tumuju marang Allah Sing Maha Agung. Dhudhah-dhudhah ana ing sastra Jawa sing ngemot babagan sangkan paraning dumadi, babagan sing lungid lan rumit tinemu akeh banget. Pepindhane sumur sing bening banyune ora bakal entek yen ditimba. Mula ana tetembungan sing unine ’karkating tyas katuju jibar-jibur adus banyu wayu’ sing bisa nambahi nyes, anyes lan nyenyeger cipta rasa karsa. Kejaba saka iku lelumban ana ing jagading sastra Jawa sing ngemot babagan keIllahian bisa dadi sarana kanggo resik-resik ati (qalb). Malah ana sing kandha bakal bisa nambahi premana, waskitha, jiwa lan raga, awak lan tumindak utama.
Ngadhepi kaanan bangsa wektu iki, anane  musibah alam sing werna-werna sila nomer siji  Ketuhanan Yang Maha Esa prelu dadi kiblat lan underaning laku. Eling, dzikir lan nyembah marang Pangeran prelu dadi laku sing tlaten, atul lan taberi. Niat, krenteg lan laku  supaya tansah dedonga lan ngibadah marang Gusti Allah kanthi luwih becik prelu dilaksanakake rina kalawan wengi. Laku manembah lan ngibadah marang Gusti Allah prelu ditambahi nganggo laku amaliah marang sapa wae sing lagi nandhang susah. Sesanti ’mamayu hayuning sasama’ prelu dadi landhesan lan gujengan. Ngenani bab iki tinemu ana ing ranah sila nomer loro yakuwi ’Kemanusiaan yang Adil dan Beradab’.

Kemanusiaan yang Adil dan Beradab

Sila sing nomer loro ana ing Pancasila yakuwi ‘Kemanusiaan yang adil dan beradab’. Ana nilai-nilai ing sila iki yakuwi  ngakoni anane manungsa sing cinipta dening Gusti Allah. Sawise cinipta prelu ngawula, kumawula, ngibadah, lan manembah marang Gusti Sing Maha Kawasa. Mula sila sing nomor  loro ora bisa dipisahake  karo sila sing nomer siji. Ana Gusti ana kawula, ana kawula ana Gusti. Ana  alam donya iki, manungsa ora bisa urip ijen, mbutuhake manungsa liyane. Karana iku nduweni hak lan  kuwajiban ana ing bebrayan. Wiwit brayan cilik ing kulawarga, lingkungan, RT, RW, kalurahan, tekan tataran nagara lan donya. Tebane wiwit tataran lokal tekan brayan global. Kejaba kuwajiban sing prelu ditengenake, manungsa nduweni hak sing kudu diakoni, diurmati, lan dilindhungi. Apamaneh hak sing asipat asasi, tuladhane ngenani karagan (wareg, waras, wasis, wutuh, sandhang, papan lan ke- makmuran), bab kajiwan, kaslametan, katentreman lan liya-liyane.
Hak lan kuwajiban ora bisa dipisahake. Babagan loro ning siji, babagan siji ning sejatine loro.
Mula ana tembung manca sing digunakake yakuwi mono-dualistik utawa loro-loroning atunggal. Pepindhane kaya suruh lumah lan kurepe yen sinawang beda rupane yen ginigit padha rasane.  Bab iki dadi penting amarga nagara sing adhedhasar Pancasila prelu njamin wargane supaya dadi (luwih) adil, makmur, tata, tentrem, ayem, lair batin, donya tekan akherat. Mula trep karo kaanan sing sinebut beradab, ‘kemanusiaan yang adil dan beradab’.
Hak lan kewajiban prelu lumaku bebarengan lan kudu timbang. Mula nyambung karo bab adil supaya dadi warga sing bisa tinata supaya tumata. Kanggo mujudake bab iku prelu pranatan utawa hukum sing tinulis (Undang-undang) lan hukum sing ora tinulis, arupa angger-angger utawa paugeran. Laku jantrane nagara kudu njunjung lan njejegake undang-undang. Hukum dipapanake ana ing papan luhur sing sinebut supremasi hukum.  Hukum, pranatan lan paugeran dadi sarana kanggo mujudake  keadilan tumrap warga bangsa supaya uripe ‘beradab’. Sawijining kaanan sing apik ora ana warga sing bodho, mlarat, nganggur, ngemis, lara, papa, sengsara, lan liya-liyane. Menawa wektu iki isih ana kaanan sing durung apik prelu ditanggulangi.  K 3 (kebodohan, kemiskinan dan ketidakadilan) kudu ditanggulangi. Nagara duwe kuwajiban merangi K3, lan  mbudidaya mujudake kaanan sing luwih adil makmur. Kabeh elemen masyarakat duwe kuwajiban mujudake kaanan iki. Bebrayan sing rupa paguyuban, paheman, LSM, asosiasi, perkumpulan, perhimpunan, partai politik lan liya-liyane  uga duweni kuwajiban mujudake kaanan sing luwih apik, luwih adil lan makmur.
KKN (korupsi, kolusi, lan nepotisme) sing gawe rugine nagara kudu diperangi, amarga dadi pepalang sing ngrendhet-ngrendheti laku kanggo mujudake kaanan mau.
Mlebune faham demokrasi sing  bebas uga dijamin, nanging kudu tetep landhesan hukum lan undang-undang. Bebas kena wae, nanging aja kebablasen. Ana ing nagara sing adhedhasar Pancasila kudu  wewaton undang-undang utawa pranatan. Kabeh warga nduweni kebebasan nanging ora bisa tumindak sakarepe dhewe. Kaanan prelu ditata supaya nilai-nilai sing kacakup ana ing sila ’kemanusiaan yang adil dan beradab’ bisa lan kasil diwujudake. Gegandhengan karo bab iki, akeh banget wulang Jawa sing bisa dadi referensi kanggo mujudake kaanan sing jumbuh karo sila sing nomer loro iki. Ana ing andharan iki, amarga papan utawa kolom sing rupak, ana wulang rupa pethilan-pethilan saka serat Wulang Reh, Wedhatama, Partawigena, lan liya-liyane.
Ana ing serat Wulang Reh tinulis: ’...dipun sami ambanting sariranira, cegah dhahar kalawan guling, darapon sudaa, nepsu kang ngambra-ambra, lerema ing tyasireki..’ Ana ing pupuh iki, meper hawa nepsu utawa ’pengendalian diri’ dadi perangan sing wigati. Nepsu-nepsu sing rupa apa wae prelu dikendhaleni, aja diumbar ana ngendi-endi.
Ana ing pupuh sabanjure sinebut:’.. aja sira niru tindak tan becik, nadyan wong liya, lamun pamuruke becik, miwah tindake prayoga, iku pantes sira tirwa ..’. Tumindak becik lan patuladhan dadi welingan sing prelu dibundheli. Ana ing kene nilai-nilai tembung utawa konsep ’aja dumeh’ uga wis kacakup. Sabanjure ana ing pupuh liyane tinulis: ’..ana ta silih bebasan, padha sinauwa ugi, lara sajroning kepenak, lan suka sajroning prihatin....’. Ana ing pupuh liyane sinebut: ’..sabarang gawe dipun eling, nganggowa tepa salira, parentah kang sabenere, aja anggep kumawasa, amrih den wedenana, dene ta wong kang luhung, nggone mangku marang bala..’ Ana ing kene,  tepaslira dadi watak sing prelu dicakake ana ing bebrayan. Manawa lagi kuwasa aja kumawasa, lamun duwe wewenang aja sawenang-wenang, sing bisa ’momong, momor lan momot’ marang sing dipimpin.
Sabanjure ana ing Serat Wedhatama tinulis: ’..sabarang tindak tanduk, tumindake tan sakadaripun, den ngaksama kasisipaning sasami..’
Banjur katerusake ana ing pupuh liyane: ’...nanging janma ingkang waspadeng semu , sinamun ing samu-dana sasadon ingadu manis..’ Ing pupuh iki  ana welingan supaya tansah eling, waspada, ngreti, lan tanggap ing semu. Tembunge liya, sing bisa memangun karyenak tyasing sasama. Yen landhep aja natoni, yen pinter aja minteri.
Sabanjure ing serat Partawigena ana pupuh sing unine: ’..sedya ambeg rahayu, budi sarta asih sesami..’ Asih ing sesami ana ing pedhalangan utawa pewayangan ana pepindhan sing unine: ’aweh pangan marang wong kaluwen, aweh sandhang marang wong kawudan, aweh payung marang wong kodanan, lan menehi teken marang wong kalunyon’. Sabanjure ana ing pupuh liyane tinulis: ’..lawan aja galak sireng lathi, anggung duduka tan pangapura, mimisuh saru wuwuse..’ Bab adil uga kasebut ing pupuh sing muni: ’.. babon ingkang marang kaluhuran, apura parikramane, adil pan suku bau..’ Ana ing pasrawungan ana tetembungan ’aja emban cindhe emban siladan’, sing warata, sing adil, sing murakabi kabeh.
Ana maneh ing pupuh sabanjure, unine: ’..salah muna lawan muni, sineksen liringing ulat, yekti trusa jroning budi..’ Ana ing kene, niyat lan tekat ’mamayu hayuning sasama’, rukun, lan ngurmati  liyan dadi bab sing wigati banget. Urip ana tengahing bebrayan prelu njaga kaanan sing selaras, serasi lan timbang. Aja sapa sira sapa ingsun. Menawa ngucap aja nandhes lan gawe larane ati. Sing padha rukun lan aja cecongkrahan. Mula ana unen-unen yakuwi: ’rukun agawe santosa crah agawe bubrah’.
Ana ing wektu iki mujudake kaanan rukun ora gampang, malah kapara angel. Andharan bab rukun malebu ana ing ranah sila nomer telu, yakuwi Persatuan Indonesia.

Persatuan Indonesia

Sila katelu ana ing Pancasila yakuwi Persatuan Indonesia. Indonesia sing siji, nyawiji, lan manunggal. Indonesia dumadi saka ewoning pulo kayata  Sumatra,  Riau, Jawa, Bali, Lombok, Kalimantan, Sulawesi, Maluku, Irian (Papua), lan liya-liyane, sing mapan wiwit saka Sabang tekan Merauke. Kajaba saka iku, Indonesia kadaden saka atusan suku bangsa sing banjur merdika adhedasar Pancasila. Amarga kedaden saka atusan suku mula duwe gegebengan sing tinemu beda. Ana sing ngrasuk agama Islam, Kristen, Katholik, Hindu, Budha, Kong Hu Cu, aliran kajiwan lan kepercayaan liyane. Bab basa (etnis) tinemu atusan. Sing akeh penuture yakuwi: Aceh, Batak, Minang, Jawa, Sundha, Betawi, Medura, Bali, Banjar, lan liya-liyane.  Kajaba saka iku, ana ing bumi Nuswantara uga tinemu  adat istiadat, tradisi, seni lan budaya sing beda-beda. Ing bumi Jawa wae tinemu seni lan budaya Pasundhan, Betawi, Cirebon. Pesisiran (perangan kulon tekan wetan), Banyumasan, Surakartan, Ngayogyakartan, Surabayan, Meduran, Banyuwangen, lan sateruse. Babagan wewangunan uga tinemu maneka warna, rupa  mesjid, greja, klentheng, pura, candhi (Shiwa, Hindhu, lan Buda), lan liya-liyane. Ana maneh sing rupa omah wangun joglo, limasan, srotong, trojogan, klabang nyander, lan liya-liyane. Ana sing rupa Karaton utawa petilasan karaton sing cacahe akeh, kurang luwih suwidak iji.
Kaanan ing Indonesia sing maneka warna  mau prelu disyukuri, amarga peparingane Gusti Allah, Gusti sing Maha Murba lan Masesa Jagad. Kabeh kawengku ana sajroning nagara Indonesia sing merdika adhedhasar Pancasila. Karana iku trep banget manawa duwe sesanti ’Bhineka Tunggal Ika’. Beda-beda ning siji, siji ning beda-beda. Mpu Tantular ngripta sesanti sing ngedab-edabi, yakuwi ’Bhineka Tunggal Ika tan Hana Dharma Mangrwa’. Sesanti sing  esensi-ne jumbuh karo kaanan ana ngendi wae, kalebu ing bumi Nuswantara iki. Kaanan sing sipat bhineka mau winengku dening Gusti Allah sing Maha Kawasa. Wis dadi pepesthen manawa bumi Nuswantara iki pluralistik. Mula prelu ditampa manawa kaanan sing  pluralistik iku  berkah, rahmat, lan paringane  Gusti Allah sing Maha Welas lan Maha Asih. Karana iku  prayoga  ditampa, disyukuri, disenengi, lan  ditresnani. Sila nomer telu ana ing Pancasila nyurung supaya duwe  pemandeng ’Wawasan Nusantara’. Wawasan sing nuntun supaya mandeng Indonesia sing wutuh, ora prethil-pretil (parsial).
Gegandhengan karo sila Persatuan Indonesia, ana wulang Jawa sing prelu didhudhah. Ana ing serat Tripama ana paraga wayang sing pantes dadi patuladhan, yakuwi Sumantri (Patih Suwondo), Basukarna lan Kumbokarno. Kasebut ana ing tembang dhandhanggula sing muni:
’..aran patih Suwanda, lelabuhanipun, kang ginelung tri prakara, guna kaya purune den antepi, nuhoni trah utama ...”. Ana ing pupuh liyane, kasebut:
’..Kumbakarna kinen mangsah jurit, mring raka sira tan nglenggana, nglabuhi kasatriane, ing tekad datan purun, amung cipta labuh nagari, punagi mati ngrana’. Ana ing pupuh sabanjure, kasebut: ’...Suryaputra narpati Ngawangga, lan Pandhawa tur kadange,  neng nagri ngastina, kinarya gul-agul, Bratayuda ingedekken senapati, den mungsuhken lan kadang pribadi..’.
Wewaton serat Tripama, akeh banget wulangan ngenani lelabuhan kanggo nagara sing nengenake ’kepentingan’ nagara katimbang kepentingane pribadi, utawa sedulur. Paraga telu mau duwe watak lan spirit nasionalisme sing gedhe banget. Kepentingan nasional dipapanake ana papan sing luwih dhuwur.
Sabanjure ana ing serat Partawigena uga kasebut: ’... lehing watakingsun, manuna utameng praja, amikira kamuktin, iku bae payoga, ..’. Ana ing pupuh liyane kasebut:’.. asrining prajanira, gumantung aneng mas manik, saregepa ambeciki prajanira,.’. Ana maneh:’..aja bot ing patinira, nglabuhi slameting nagri, ..’, ..sanadyan tiwas, sira matiya neng madyaning jurit, iku wis wajibipun, ..’. Wulang Jawa ana ing serat Tripama lan Partawigena  nuntun prajurit lan para nayaka praja supaya padha tresna lan labuh nagara. Menawa prelu ditohi pati. Labuh nagara dipapanake ana sakdhuwure kepentingan pribadi.
Naliti serat-serat sing rinipta dening Sri Mangkunagara akeh  wulangan sing nyurung semangat kabangsan. Malah ora mung tinemu ana ing sastra tinulis nanging ana kang ora tinulis. Tuladhane unen-unen sing diripta dening Sri Mangkunagara I, yakuwi ’..rumangsa melu handarbeni, wajib melu hangrungkebi, mulat sarira hangrasa wani.’  Ana maneh arupa  tutur kang tinular, yakuwi pangandikane Pangeran Sambernyawa nalika kaseser tekan desa Pule (kumpule?) Wonogiri. Pangandikane: ’.wis-wis ngger, mangan ora mangan waton ngumpul, tiji tibeh, mati siji mati kabeh, mukti siji mukti kabeh’. Menawa dijingglengi, ana nilai-nilai  utawa values sing  antep sing nyurung semangat karukunan lan kabangsan. Ngenani bab iki jumbuh karo pepiridan rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Pangandikane Pangeran Sambernyawa bisa dadi tuladha sing nggugah semangat nasionalisme, watak tresna lan mbelani nagara, semangat ’Persatuan dan Kesatuan Bangsa’. Kabeh bab kang ana ing sila katelu Persatuan Indonesia prelu luwih didayakake kanggo ngadhepi kaanan wektu iki. Nilai-nilai ana ing sesanti Bhineka Tunggal Ika prelu didayakake maneh.

Kerakyatan yang Dipimpin oleh Hikmat Kebijaksanaan
Dalam Permusyawaratan/Perwakilan

Sila sing nomer papat ana ing Pancasila yakuwi ’Kerakyatan yang dipimpin oleh hikmat kebijaksanaan dalam Permusyawaratan/Perwakilan’. Babagan  kerakyatan dipapanake ana ing papan sing wigati.
Ngenani bab iki, Pembukaan UUD 1945 nandhesake anane prinsip nagara sing ’berkedaulatan rakyat’. Prinsip sing dianut wewaton dasar filsafat nagara, yakuwi nagara ora bisa dipisahake karo rakyat, rakyat ora bisa dipisahake karo nagara. Nagara dimerdikakake dening rakyat, ditata dening rakyat lan prelu mujudake  katentreman, kaadilan lan kamakmuran kanggo rakyat.
Ana ing kene prinsip demokrasi dipapanake minangka landhesan (politik)  kanggo ngatur nagara. Filsafat demokrasi mapanake manungsa ana ing papan sing dhuwur (luhur). Manungsa minangka umate Gusti Allah dilungguhake ana papan sing trep karo kalungguhane, harkat lan martabate. Manungsa diakoni lan diurmati pribadhine, pikirane, lan hak-hake. Hak sing paling azasi yakuwi mardika, bebas muni, lan bebas ngudhar gagasan. Nagara demokrasi njamin manungsa padha kumpul, berserikat, ngedegake organisasi, utawa parte politik.  Nagara menehi hak marang rakyate kanggo nyalurake aspirasi-ne ana ing babagan apa wae.
Demokrasi uga ditegesi ’saka rakyat, dening rakyat, lan kanggo rakyat’. Rakyat dipapanake dadi babagan sing wigati. Ana prinsip sing dipepundhi yakuwi ’laku jantrane’ nagara dirembug dening rakyat lan ditata kanggo rakyat. Kabeh kaperluan nagara kanggo rakyat. Rakyat duweni daulat lan hak ngatur nagara lumantar  musyawarah lan mufakat. Institusi utawa bebadan sing makili, mengku, lan mengkoni sinebut Dewan Perwakilan Rakyat, Majelis Perwakilan Rakyat, Dewan Perwakilan Daerah sing dumadi saka wakil-wakli rakyat. Ana ing tataran Provinsi, Kabupaten  lan Kutha, rakyat duweni bebadan sing makili yakuwi Dewan Perwakilan Ralyat Daerah. Bebadan-babadan mau duwe ayahan (tugas), hak lan kuwijaban sing diatur dening Undang-undang.
Wewaton Undang-undang, bebadan mau duwe hak gawe peraturan, duwe hak takon marang bebadan eksekutif, duwe hak anggaran, lan duwe hak-hak liyane sing diatur ana ing Peraturan Tata Tertib.  Ana ing wektu iki (sawise reformasi), cak-cakane prinsip demokrasi saperangan ana sing laras karo kaanan, nanging saperangan ana sing cengkah karo kaanan. Malah kadhang kala ana sing rada kebablasen. Akeh babagan sing isih nggubel lan dadi prekara amarga lagi kemaruk ing babagan politik (ephoria). Cak-cakne ana ing bebrayan ora kabeh wewaton prinsip ’...yang dipimpin oleh ’hikmat kebijaksanaan dalam permusyawaratan/perwakilan’.
Bab sing mesthine wewaton ’hikmat kebijaksanaan’, saperangan akeh sing dilalekake. Demokrasi pancen cedhak karo politik. Cak-cakane ora bisa dipisahake karo kepentingan utawa interes politik. Bab iki sing njalari dadi dredah,  ruwet, udreg-udregan, tanding-tandingan. Perang tandhing  akeh sing kedaden amarga arep ngecak-ake prinsip demokrasi. Akeh politisi sing durung ngerti filsafate demokrasi (sejati) sing kudu ngurmati sapa wae, ing bababagan apa wae.
Ndhudhah wulang Jawa ngenani sila sing nomer papat ana ing Pancasila tinemu ana ing Serat Wulang Reh: ’...masaha mamasuh budi, laire anetepi ing reh kasatriyanipun, susila anoraga’. Ana ing kene diprayogakake meper sarira,lan hawa nafsu bisa nindakake darmane, duwe watak lan tumindak kang becik, utawa susila anoraga. Ana ing pupuh liyane: ’...prigen temen ing martanireki, kang bisa ambobot, ing bot repot amrih sujanane’. Ana ing pupuh iku ana wulangan supaya taberi ing ayahan, sing bisa nimbang lan mbobot tumrap apa wae supaya dadi sujana sing watake apik.
Ana ing Serat Partawigena: ’... aja gung gora ing sabda, iku gawe salah surup’. Ana ing kene diprayogakake menawa muni aja banter-banter lan nandhes amarga bisa seling surup lan ndrawasi.  Ana ing pupuh liyane: ’..ana wong kang agawe bungah, wekasan bungah pribadi, iku raden kenger patrap dadi tuna ’.
Ing kene dielingake supaya padha gawe seneng, nanging dudu kanggo awake dhewe, supaya wekasane ora kuciwa.  Wulang Jawa ing babagan demokrasi ora tinemu akeh, nanging tinemu ana ing unen-unen supaya padha duwe  watak sing apik ana ing bebrayan.

Keadilan Sosial bagi Seluruh Rakyat Indonesia

Sila nomer lima ana ing Pancasila, yakuwi ’Keadilan Sosial bagi Seluruh Rakyat Indonesia’. Ana ing sila iki kacakup babagan adil tumrap sapa wae. Nagara prelu lan kudu nyediakake kabeh babagan sing sipat kepentingan umum. Kepentingan kanggo kabeh warga nagara sing ora bisa dibedak-bedakake. Nagara prelu lan kudu adil supaya bisa murakabi kabeh brayan sing ana ing bumi Nuswantara. Ana ing ’Pembukaan UUD 1945’ uga ditandhesake prelune adil ora mung kanggo kepentingan umum, nanging uga kacakup tumrap kepentingan pribadi sing sipate khusus. Warga nagara duweni bab sing sipat pribadi, duwe kulawarga, bab suku (etnis), lan sipat golongan, sing prelu dipikir, direngkuh, lan digatekake kanthi adil. Nagara kudu adil, aja ’emban chindhe emban siladan’. Marang sapa wae kudu dianggep lan disikepi padha, warata, lan paramarta. Watak adil sing sipat paramarta dadi babagan sing prelu dipapanake  dening nagara ana ing papan kang luhur.


Déníng : Sutadi
Pangarsa Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

играть в интернет казинокак правильно нанести тенилобановский александр отзывы

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7715992
  Hari ini     :  Hari ini :718
  Kemarin     :  Kemarin :1134
  Minggu ini   :  Minggu ini :4235
  Bulan ini   :  Bulan ini :22359
Kunjungan Tertinggi
08-22-2016 : 1963
Online : 14

Kontak Admin.

email-kidemang