Puspåwarnå - ᭙

54 Nggugah rasa eling mring Pancasila

Paham kabangsan kang uga diarani nasionalisme wiwit lair ana ing abad rong puluh ing jaman kolonialisme Walanda. Satus taun kapungkur, presise tanggal 20 Mei taun 1908 lair paguyuban kang sinebut Boedi Oetomo (BO).  Minangka pangarsa dipandhegani dening dr Wahidin Soediro Hoesodo. Watak perjuwangan wektu iku nengenake babagan sosial lan pendhidhikan kawiwitan anane studie fonds utawa beya siswa kanggo murid sing ora mampu. Lumantar majalah Retno Doemilah lan Goeroe Desa dibiwarakake prelune pendhidhikan lan kesehatan. Program perjuwangan sabanjure disengkuyung dening dr Soetomo, dr Tjipto Mangoenkoesoemo, lan para murid STOVIA liyane. Faham kabangsan wiwit ngrembaka kasurung anane cabang-cabang BO ing kutha-kutha tlatah liyane. Para kawula mudha kang ana ing organisasi Jong Java, Jong Pasoendhan, Jong Islamieten Bond, Jong Soematranen Bond, Jong Celebes, lan liya-liyane padha ngukir sujarah ngadani Soempah Pemoedha.

Wos kang ana ing sumpah cacahe ana telu, yaiku: bertanah air satoe tanah air Indonesia, berbangsa satoe bangsa Indonesia, menjoenjoeng bahasa persatoean bahasa Indonesia.  
Wiwit anane sumpah iki paham kabangsan dadi ngrembaka ing bumi Nuswantara. Abad rong puluh dadi tetenger ngrembakane rasa tresna marang banyu (her) lan bumi (bantala) Nuswantara, kang uga sinebut Nasionalisme Indonesia.  
Paham kabangsan sansaya ngrembaka ana ing alam kamardikan. Ana ing sasi Juni 1945 lair falsafah bangsa Indonesia kang sinebut Pancasila. Punjering Nasionalisme Indonesia bisa diarani ana ing Pancasila. Ing wektu iku falsafah bangsa Pancasila lair ana ing swasana penjajahan Jepang. Falsafah Pancasila diteter ana satengahing perang kamardikan tekan tanggal 17 Agustus 1945.  
Sabanjure ing tanggal 18 Agustus 1945, Pancasila dikukuhake dadi dhasar nagara. Paham kabangsan kang sinebut Nasionalisme Indonesia digembleng karo kahanan ing sasi November 1945. Jiwa lan rasa kabangsan ditengeri akehe pahlawan kang gugur ana ing perang kamardikan. Manawa dietung ana yutan kusuma bangsa kang gugur ngrungkebi lan mbela bumi nuswantara.  
Kebangkitan Nasional kang lair ing taun 1908 tumeka ing jaman kamardikan dadi tenger lair lan diwasane faham kabangsan Indonesia. Ana ing jaman kamardikan akeh banget nilai (values) kang bisa dadi tuntunan, wulangan lan kaca brenggala. Mustikaning paham kabangsan Indonesia kang rupa pangurbanan jiwa raga dadi bukti gedhene rasa tresna tumrap bangsa lan nagara. Merdika utawa mati dadi tekad nglawan kolonialisme Walanda kang lumaku telung atus taun lawase.  
Sawuse Indonesia merdika nganti tumeka taun 2008 iki, lumakune paham lan semangat kabangsan tinemu geseh lan beda karo tujuwane sakawit.

Ana ing perangan jaman kang sinebut Orde lama, Orde baru, lan Orde reformasi kang tumapak wiwit 1998 nganti tumeka ing taun 2008 iki, paham kabangsan ngalami owah gingsir. Kahanane tinemu beda lan adoh karo semangat kabangsan ing jaman kamardikan.

Cita-cita Proklamasi kamar-dikan durung bisa diwujudake. Masyarakat kang adil, makmur, lan ayem tentrem karasa malah adoh sungsate.  
Bangsa Indonesia wektu iki lagi nandhang krisis ing babagan ekonomi, pangan, hukum, energi, lan lingkungan. Korupsi lan kolusi akeh tinemu ing ranah birokrasi, bebadan eksekutif lan yudhikatif. Akeh kahanan kang mrihatinake lan nyusahake tumrap wong miskin. Rega-rega padha munggah kena dhampak anane undhakan rega BBM kang ditetepake pamarentah. Cacahe kawula mudha kang nganggur saya akeh, dhemo tinemu ana ngendi-endi, anane tumindak anarkis, bebaya Narkoba, pergaulan bebas, pornografi, ruda paksa seksual, raja pati, lan tumindak kriminal liyane.  
Ing babagan pendhidikan isih tinemu anane wuta aksara, lan akehing kawula mudha kang ora bisa tutug anggone sekolah amarga cupet wragade. Ana ing perangan kesehatan tinemu kehe bocah kang nandhang lara demam berdarah dengue, kurang gizi, lumpuh layuh, lan liya-liyane. Ing babagan pulitik tinemu kahanan kemaruk (ephoria), kehe elit pulitik padha dredah rebut ngarep, Pilkada kang banjur nuwuhake prekara, lan liya-liyane. Rasa lan jiwa kabangsan wektu iki lagi kagubel anane prekara ing ranah pulitik, ekonomi, hukum, sosial, pendhidhikan, kesehatan lan liya-liyane. Paham kabangsan wektu iki uga kadayan anane ombak globalisasi. Globalisasi kang kesurung dening majune teknologi infor-masi nggawa faham kang ora kabeh becik. Paham kang sinebut liberalisme, kapitalisme lan individualisme karasa ndhesek lan ndayani nasionalisme Indonesia. Semangat kabangsan karasa lan katon luntur kadayan isme-isme kasebut.  
Akeh kawula mudha kang banjur padha lali marang Pancasila. Mindeng kahanan wektu iku prelu anane ayahan nggugah jiwa lan semangat kabangsan. Ana ing pengetan 100 taun Kebang-kitan Nasional prelu ayahan nggugah rasa eling marang Pancasila.  
Tri Dharma anggitane Sri Mangkunagara I kang unine: rumangsa melu handarbeni, wajib melu hangrungkebi, mulat sarira hangrasa wani prelu dadi landhesan lan wulangan kanggo nggugah rasa lan jiwa kabangsan.


Déníng : Sutadi
Pangarsa Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

поиграть в покерформы для куличей купитькухня nikas

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7589864
  Hari ini     :  Hari ini :781
  Kemarin     :  Kemarin :1068
  Minggu ini   :  Minggu ini :7388
  Bulan ini   :  Bulan ini :19599
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 31

Kontak Admin.

email-kidemang