Ramayana - 
 
6. ANOMAN KAUTUS RÅMÅ NUWÈNI DÈWI SINTA DHATÊNG NGALÊNGKÅ

Sarêng sampún numpak mångså katigå, Prabu Sugriwå bótên dhatêng íng rêdi Maliawan. Råmå lajêng angutús Radèn Laksmånå, kakarsakakên animbali Prabu Sugriwå.
Prabu Sugriwå énggal mangkat sabalanipún. Sadhatêngé íng ngarsanipún Råmå, lajêng anyuwún pangapuntên awít kasupèn íng Ubangginipún, anuntên Råmå anyarah sapamrayoginipún Prabu Sugriwå, bab badhé panglúrúgipún dumatêng nagari íng Ngalêngkå. Prabu Sugriwå lajêng andhawahkên paréntah dhumatêng Anóman, kapuríh lumampåå dhumatêng nagari íng Ngalêngkå, anjêjêpå Dèwi Sinta, wóntên íng Ngalêngkå akaliyan bótênipún.
Råmå ambêktani sêsupé dumatêng Anoman, minångkå pratåndhå, yèn saèstu utusanipun sampún ngantós kapaibên dhumatêng Dèwi Sinta.
Anoman lajêng mangkat akanthi Anggådå, Anilå såhå Kapi Jêmbawan, sami ambêktå prajúrít nyakêthi. Lampahipún sami mêdal íng ngawang awang.
Sarêng Anoman sampún mangkat Prabu Sugriwå lajêng andhawahakên paréntah dhumatêng bupati kêthèk sakawan, kakarsakakên angupadósi Dèwi Sinta. Bupati sakawan wau énggal mangkat ambêkta bålå nyatús kêthi. Lampahipún sami pêpérangan.
Lampahipún Anoman sakåncå såhå balanipún dumugi íng rêdi Warawindu. Wóntên íng ngriku sami aningali guwå lajêng dipún lêbêti.
Íngkang wóntên salêbêtíng guwå wau tiyang èstri satunggíl. ayu taksíh prawan anåmå Sayêmpråbå. Punikå apitakén dhatêng bålå kêthèk, mênggah íng damêlipún lumêbêt dhatêng íng guwå.
Íngkang tinakénan amangsuli, yén kautús íng ratunipún dumatêng nagari íng Ngalêngkå, angupadósi Dèwi Sinta.
sayemprabaDèwi Sayêmpråbå wau putranipún ratuníng danåwå, anåmå Wisåkarmå, patutan sakíng Dèwi Mèru. Wóndéníng guwå íngkang dipún ênggèni íng Dèwi Sayêmpråbå, kålå waunipún kadatón, yasanipún Prabu Wisåkarmå wau, anåmå kadatón Upårênggå. Milå salín warni, awít Prabu Wisåkarmå kadukan dumatêng bathårå Éndrå, sabab déníng pasangrakít punåpå déné rêrêngganíng kadhatón íng Uparênggå wau, anyamèni kadhatón íng swargå. Sakíng sangêtíng dukanipún bathårå Éndrå, kadhatón íng Uparênggå kalêpasan jêmparíng barat, lajêng salin warni dadós guwå.
Dèwi Sayêmpråbå sarêng sumêrêp sakíng pratélaníng bålå kêthék, yèn sami kautús dhumatêng íng Ngalêngkå lajêng sumêdyå anyupêt lampahipún, sampún ngantós sagêd dumugi nagari íng Ngalêngkå. Sawarniníng kêthék dipún paékå, kapuríh sami mêdalå sakíng guwå, badhé winulang isaratipún, supadós énggalå dumugi íng nagari íngkang sinêdyå.
Sakathahíng kêthék sami sukå bingah sami mêdal sakíng guwå, lajêng kapuríh mêrêma sadåyå, inggíh punikå isaratipún sagêd énggal dumugi nagari íng Ngalêngkå. Sarêng linampahan wulangipún, sawarniníng kêthék lajêng cadhók, andadósakên sangêt íng prihatósipún.
Bótên antawís dangu lajêng wóntên pêksi agêng dhatêng íng panggénanipún kêthék íngkang sami cadhók wau, anåmå Sampati, sadhèrèkipún sêpúh Jathayu. Sarêng sumêrêp yèn Anoman sakancanipún utusanipún Råmå, lajêng kasírnakakên mêmalanipún, dalasan balanipún inggíh kawaluyakakên sadåyå. Anuntên Sampati anyêrêpakên dhumatêng Anoman, margi íngkang dhumatêng nagari íng Ngalêngkå. Anoman sabalanipún mangkat.
Lampahipún Anoman kèndêl wóntên sapinggiríng sagantên. Rêmbagipún Anggådå, Anoman kapuríh lajêngå dhumatêng nagari íng Ngalêngkå. Anggådå sakancanipún badhé angêntósi wóntên íng pinggiríng sagantên.
Anoman amrayogêkakên, lajêng mangkat angambah awang awang. Wóntên íng margi kapêthúk kaliyan danåwå agêng, anåmå Katakini, padamêlanipún gogo. Anoman lajêng kauntal. Anangíng sarêng sampún wóntên íng wadúk, Anoman mêlar, anyuwèk wêtêngipún Katakini. Anoman mêdal sakíng wêtêng, Katakini pêjah dhawah íng sagantên.
Anoman andumugèkakên lampah. Aningali pulo wóntên satêngahíng sagantên, anåmå pulo íng Ménåkå. Akathah tanêmanipún wówóhan warni warni.
Pulo wau anyuwårå såhå angampirakên Anoman, kapuríh kéndêlå sakêdhap. Anoman anuruti. Sasampuníng anêdhå wówóhan pasêgahipún Ménåkå, lajêng mangkat. Lajêng kapêthúk akaliyan danåwå satunggíl, tanganipún panjang, anåmå Wikataksini, padamêlanipún gogo dhumatêng sagantên. Sarêng aningali Anoman lajêng anyandêr. Anoman dipún cêpêng badhé kauntal, sampún kalêbêt íng gulu. Anoman énggal anyuwak gurungipún Wikataksini, dadós íng pêjahipún.
Lampahipún Anoman sampún anglangkungi sagantên. Dumugi íng rêdi Suwélå, aningali danåwå katah sami alêlédhang. Anoman lajêng anyalimpêt, angêntósi sêrapíng srêngéngé anggènipún badhé lumêbêt dhatêng nagari íng Ngalêngkå. Sarêng sampún pêtêng, Anoman lumêbêt dhatêng íng kadhatón. Dangu mubêng mubêng angupadósi panggénanipún Dèwi Sinta, anangíng bótên pinanggíh. Anuntên Anoman amalíh warni danåwå, supadós sampún pakèwêd anggênipún anjajah salêbêtíng kadatón, angupadósi Dèwi Sinta.
Sarêng sampún dangu anggènipún analasah, wusånå dumugi íng gêdhóng pasaréyanipún Prabu Dåsåmukå. Sang nåtå sawêg saré. Íng ngriku Dèwi Sinta kaupadósan inggíh bótên wóntên. Anoman lajêng mêdal, anjóg dhatêng patamanan, anåmå Tamansokå.
Wóntên íng Tamansokå Anoman singidan íng uwít agêng. Pangangkahipún yèn sampún dalu badhé lumêbêt malíh dhumatêng kadatón, andumugèkakên anggênipún angupadósi Dèwi Sinta.
Bótên antawís dangu mirêng swaranipún tiyang êstri asêsambat Råmå. Anoman malumpat dhatêng íng uwít Någåsari, aningali íng ngandhap wóntên tiyang èstri ayu kêrå, såhå sawêg anangís. Cíptanipún inggíh punikå Dèwi Sinta.
Anuntên Prabu Dåsåmukå rawúh íng Tamansokå, angaríh aríh Dèwi Sinta, supadós dhanganå anglampahi karsanipún. Anangíng Dèwi Sinta bótên kégúh íng mêmanisipún sang nåtå, malah sangêt anggènipún anguwús uwús, ngantós adamêl lingsêm såhå dukanipún Prabu Dåsåmukå.
dewi-sintaSang nåtå angunús candråså, angajrih ajrihi dumatêng sang Dèwi, Anangíng Dèwi Sinta tatag. Anuntên sang nåtå kondúr, sartå andawahakên paréntah dhumatêng danåwå tigangatús, kapuríh anggêgiriså dhumatêng Dèwi Sinta.
Prabu Dåsåmukå kagungan kapênakan èstri, putranipún Wibisånå, anåmå Dèwi Trijåtå. Punikå íngkang kakarsakakên arumêkså såhå angladósi Dèwi Sinta wóntên ing Tamansokå. Sarêng danåwå tigangatús wau dhatêng ing Tamansokå, badhé anggêgilå Dèwi Sinta, sami dipún dukani sarta kaundúrakên dhumatêng Dèwi Trijåtå. Danåwå sadåyå sami ajríh lajêng mundúr.
Anuntên Dèwi Sinta anyariyosi dhumatêng Dèwi Trijåtå, íngkang dadós bêbukå milå Råmå katundhúng dumatêng íng wånå. Pangandikanipún Dèwi Sinta amilalah pêjah, yèn bótên sagêd kapanggíh malíh akaliyan Råmå. Satêlasíng cariyós, lajêng sami lumêbêt íng gêdhóng asêmadi.
Anoman lajêng ngatingal íng ngarsanipún Dèwi Sinta, apratélå yèn kautús dhumatêng Råmå, angupadósi íngkang garwå, wóntênipún íng nagari Ngalêngkå akaliyan bótênipún. Anuntên Anoman angaturakên bêbêktanipún sêsupé dhumatêng íng Dèwi Sinta, Déwi Sinta anampéni, såhå lajêng pitajêng íng aturipún Anoman, Anoman nuntên nyariyósi dhumatêng Dèwi Sinta, bab lampahanipún Råmå, kalanipún pêpanggihan såhå lajêng manjíng mitra akaliyan ratuníng kêthèk, íngkang ajêjulúk Sugriwå, såhå bab prihatósipún anggéné kaicalan garwå. Satêlasíng cariyósipún, Dèwi Sinta lajêng angulúngakên kancíng ukêl såhå sêrat dhumatêng Anoman, kapuríh angaturnå dhumatêng Råmå, minångkå pratåndå yèn Dèwi Sinta taksíh wilujêng.
Anoman sasampuné anampèni kancíng ukêl akaliyan sêrat, lajêng pamitan dhumatêng Dèwi Sinta, sakalangkúng sukå bingahíng manah, awít lampahipún angsal damêl.
Sawêdalipún sakíng gêdhóng panggènanipún Dèwi Sinta, Anoman sumêdyå adamêl pêpucukíng pêrang. Énggal lumêbêt íng Tamansokå, angrisak sawarniníng têtanêman. Ngantós katúr kauningan íng sang Prabu Dåsåmukå. Sang nåtå énggal andhawahakên paréntah dhumatêng abdi danåwå sakêthi, andikakakên amêjahi kêthèk pêthak íngkang angrisak patamanan.
raden-saksaDanåwå sakêthi wau sadhatêngipún íng patamanan, lajêng sami angangkah nyêpêng dhumatêng Anoman. Anangíng bótên kéngíng, malah danåwå kathah íngkang pêjah déníng Anoman.
Sarêng katúr ing sang Prabu, lajêng anglampahakên danåwå malíh, kathahipún angungkuli íngkang sampún, anangíng inggíh sami tumpês sadåyå déníng Anoman, andadosakên sangêt íng dukanipún sang Prabu. Lajêng adhawah dhatêng putranipún kakúng, íngkang anåmå radén Sakså, kapuríh angiridå danåwå kathah, såhå dumatêngå íng Tamansokå amêjahanå kêthèk pêthak, íngkang angrisak patamanan.
Radèn Sakså énggal lumampah dhumatêng íng Tamansokå, angiríd prajurít danåwå kathah. Sadatêngipún íng patamanan, Radèn Sakså såhå sakathahíng prajurít danåwå sami anglêpasi jêmparíng dhumatêng Anoman, anangíng bótên wóntên íngkang anêdasi. Wusana radén Sakså sabalanipún sami pêjah déníng Anoman.
Sarêng katúr íng sang Prabu Dasamuka bab pêjahíng putrå, såhå tumpêsíng prajurít danåwå, sakalangkúng andadósakên dukanipún. Lajêng andhawahakên paréntah dhumatêng putranipún kakúng, íngkang nåmå radén Indrajít utawi Mégånåndå, kapuríh amêjahana kêthèk pêthak íngkang anggêmpúr Tamansokå. Radén Indrajít lajêng lumampah angiríd bålå danåwå kathah. Sarêng sampún kathah anggênipún anglêpasi jêmparíng, såhå bótên wóntên íngkang tumåmå dhumatêng Anoman, punåpå déné bålå danåwå kathah íngkang pêjah. radén Indrajít lajêng anglêpasakên jêmparíng linuwíh. Kéngíng pupunipún Anoman butúl. Tumuntên kasusulan jêmparíng någå, anggubêd badanipún Anoman. Anoman dhawah íng siti, lajêng kabêktå dhumatêng ngarsanipún Prabu Dåsåmukå.
Sarêng Anoman kasowanakên íng ngarsanipún Prabu Dasamuka, sang nåtå sangêt dukå. Anoman badhé kapêjahan, anangíng Wibisånå bótên amrayogékakên, awít pamanahipún nísthå yèn panjênênganíng ratu amêjahånå utusan.
Anoman íng batós angalêm dhumatêng Wibisånå. Lajêng anguwús uwús dhumatêng sang nåtå bab nísthaníng kalakuanipún, amargi andhustå dhumatêng Dèwi Sinta. Pamrayoginipún Anoman dhumatêng sang Prabu, Dèwi Sinta kawangsúlnå dhumatêng Råmå, supadós sampún ngantós andadósakên risakipún nagari íng Ngalêngkå.
Prabu Dåsåmukå sarêng amidhangêtakên panguwús uwusipún Anoman, sakalangkúng dukanipún, lajêng andhawahakên paréntah, Anoman kapuríh kabuntêlå íng êdúk sartå kambêngan, tumuntên kasiramå íng lisah, lajêng kabêsmiå.
Dhawahipún sang nåtå kalampahan. Anoman sarêng sampún kabuntêl íng êdúk såhå kambêngan, punåpå déné kasiram íng lisah, tuwín kabêsmi, lajêng mumbúl dhatêng ngawang awang, gódhi kakirigakên rantas. Latu ngrêdå ambêsmi kadhatón íng Ngalêngkå, såhå katah danåwå íngkang pêjah déníng latu. Anoman wilujêng; lampahipún badhé mantúk angampiri Dèwi Sinta sakêdhap. Sasampuníng nyariyósakên panganggêpipún Dåsåmukå, Anoman lajêng mumbúl íng ngawang awang, sumêdyå mantúk såhå sowan íng ngarsanipún Råmå.
Kapanggíh kaliyan kancanipún íngkang angêntósi wóntên pinggiríng sagantên, lajêng anyariyósakên sakathahíng lampah, salaminipún wóntên kadhatón íng Ngalêngkå. Satêlasíng cariyósipún, Anoman sakåncå balanipún lajêng bódhól dhumatêng rêdi Maliawan, sowan íng ngarsanipún Råmå, såhå angaturakên kancíng ukêl, punåpå déné sêrat íngkang sakíng Dèwi Sinta. Sarêng bêbêktan kalíh prakawís wau sampún katampèn dhumatêng Råmå, Anoman amratélakakên sakathahíng lampah, kalanipún wóntên salêbêtíng kadhatón íng Ngalêngkå.
Råmå sakalangkúng sukå pirênå íng galíh, amidhangêtakên pratélanipún Anoman. Lajêng andhawahakên paréntah, andudút jêmparíng íngkang tumancêb wóntên íng pupunipún Anoman.
Anuntên Råmå bidhal sakíng íng rêdi Maliawan, sumêdyå badhé dhatêng nagari íng Ngalêngkå. Prabu Sugriwå sabalanipún andhèrèk. Lampahipún dumugi íng rêdi Maéndrå. Wóntên íng ngriku Råmå amasanggrahan,
Rêdi íng Maéndrå wau inggilipún anglangkungi, amunjuli sawarnining rêdi íng ngalam donyå. Såhå kathah wówóhanipún warni warni, anuwuki sakatahíng bålå kêthék.
Råmå amêng amêng dhatêng íng rêdi Maéndrå akaliyan Anoman, ngantós dumugi íng pucak. Sakíng ngriku nagari íng NgaIêngkå katingal, såhå Anoman anêdhahakên dhatêng Råmå prênahipún Tamansokå, panggénanipún Dèwi Sinta.


 kds penutup
wangsul-manginggil

казино икс casino x регистрациякак выбрать сковородкуооо полигон украина

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9924752
  Hari ini     :  Hari ini :673
  Kemarin     :  Kemarin :1471
  Minggu ini   :  Minggu ini :4898
  Bulan ini   :  Bulan ini :24377
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang