 

 

05 Lampahan Manik Maya (Jagad Ginelar) - 05
= 05 / 05 =

ADEG ing Kahyangan Junggríngsalåkå. Bathårå Guru lêlênggahan kaliyan garwå Bathari Umå.
Rêraósan manawi ing sapunikå bumi pulo Jawi sampún råtå bótên gonjíng. Sartå karsanipún Hyang kang Måhå Kawåså, pårå Déwå lan gólónganipún sami bótên kéngíng
    ing pêjah. Bathara Guru lajêng nyiptå Déwa pitu ingkang ngrêkså lan
    nyanggå bumi,
    1. Dèwi Pratiwi, ngrêksa bumi sap kapisan.
    2. Bathårå Kusikå, ngrêkså bumi sap kapíng kalíh.
    3. Bathårå Ganggang, ngrêkså bumi sap kaping tigå.
    4. Bathårå Sindhulå, ngrêksa bumi sap kapíng sêkawan.
    5. Bathårå Dharampalan, ngrêkså bumi sap kapíng gangsal.
    6. Bathårå Manikêm, ngrêkså bumi sap kapíng nêm, lan
    7. Bathårå Antabogå, ngrêksa bumi sap kapíng pitu, sagêd malíh
        warni någå agêng mawi swiwi.
    Sasampunipun punikå, Bathara Guru lajêng mranåtå Déwå cacah
    sangå, minångkå kanggé paugêraníng manungså, inggíh punikå.
    1. Bathårå Mahadéwå,
        garwanipún nama Bathari Mahadèwi, nguwaósi jagad wétan,
        pêkênanipún Lêgi, kithanipún salåkå, sagantênipún santên,
        pêksinipún kúntúl, aksaranipún hå nå cå rå kå.
    2. Bathårå Sambo,
        garwanipún nåmå Bathari Siwagnyånå, nguwaósi jagad kidúl,
        pêkênanipún Paing, kithanipún têmbagi, sagantênipún rah,
        pêksinipún wulúng, aksaranipún då tå så wå lå.
    3. Bathårå Kåmåjåyå,
        garwanipún nåmå Bathari Ratíh, nguwaósi jagad kidúl,
        pêkênanipún Pón, kithanipún mas, sagantênipún madu,
        pêksinipún kêpodhang, aksaranipún på dhå jå yå nyå.
    4. Bathårå Wisnu,
        garwanipún nåmå Bathari Sri, nguwaósi jagad lèr, kithanipún
        tósan, sagantênipin nilå, pêkênanipún Wagé, pêksinipún gagak,
        aksaranipún må gå bå thå ngå.
    5. Bathårå Bayu,
        garwanipún nåmå Bathari Sumi, nguwaósi jagad têngah,
        pêkênanipún Kliwón, kithanipún prunggu, sagantênipún wédang,
        pêksinipún gogík, aksaranipún ångkå wicalan sadåså, 1 2 3 4 5 6 7
        8 9 0.
    6. Bathårå Pritånjålå,
        nguwaósi jagad lèr wétan, aksaranipún Byå-byå.
    7. Bathårå Kuwóra,
        nguwaósi jagad lèr kilèn, aksaranipún Nåråsunyå.
    8. Bathårå Siwah,
        nguwaósi jagad kidúl kilèn, aksaranipún Nirwitri, lan
    9. Bathårå Mahayêkti,
        nguwaósi jagad kidúl wétan, aksaranipún Ganyå.
    Sadåyå punika lajêng dipún wastani Sastrå Undhagi, Sastrå Wrêkså,
    inggíh nama Sastrå Kalang, kanggé paugêran damêl wísmå, lan
    wêwatón sanès - sanèsipún, amríh kalís ing pitunå lan sambékålå.
    Bótên watawís dangu katungkå sowanipún Bathårå Patúk lan Bathara
    Tamburu, atúr uningå, wóntên dênåwå ngamúk ngrisaki kawóntênan,
     margi sami bótên narimahakên tugêlíng jangganipun Dityå Kålå Rau.
    Pårå Déwå kadhawuhan nyirnakakên pårå dênåwå ingkang sami
    damêl rêsah. Pårå Déwa sami matúr sandikå, lajêng bidhal.
    Wóntên ing pabaratan, pêrangipún pårå Déwa lan pårå dênåwå
     ingkang dipún dombani Bathårå Antågå. Wêkasan pårå dênåwå sami
     kasór sírnå larút. Bathårå Bayu tayungan, lajêng sami wangsúl
     dhatêng Kahyangan.
9. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru dipún adhêp
    pårå Déwå pêpak. Sadåyå sami sukå - sukå langên lénggót båwå,
    déné jagad ginêlar sampún kalís ing sambékålå.

Tancêb Kayón.

sastra_wreksa
Sastra Wreksa


 kds penutup
wangsul-manginggil

казино еленакосметичка дорожнаяалександр лобановский супермаркет класс

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9897144
  Hari ini     :  Hari ini :628
  Kemarin     :  Kemarin :1497
  Minggu ini   :  Minggu ini :6227
  Bulan ini   :  Bulan ini :41925
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang