Makalah Komisi - A (#06) |
Ngrembakakaken Prangkat Pamucalan Basa Jawi Ingkang Adhedhasar Pendhidhikan karakter Bangsa Abstrak Salah satunggalipun upaya kangge mujudaken lingkungan strategis wonten donyaning pendhidhikan ingkang dados program pamarentah ngrembakakaken Pendhidhikan Karakter Bangsa. Ingkang ndhasari Pendhidhikan Karakter Bangsa menika raos prihatin sesambetan kaliyan era globalisasi ingkang mangaribawani dhateng tingkah laku lan kapribadenipun generasi mudha, kadosta tansaya mindhaking tindak kekerasan, tumindak (perilaku) ngrusak dhiri (ngginaken narkoba, seks bebas), boten jujur, andhaping raos tanggel jawab individu lan warga nagara. Pendhidhikan karakter mujudaken pendhidhikan nilai, budi pekerti, akhlak, moral, watak ingkang tujuanipun ngrembakakaken kawasisanipun para siswa salebetipun milah kaputusan sae lan awon, lan saged ngetrapaken samubarang ingkang sae ing salebitipun gesang saben dintenipun kanthi tumemen, minangka asil olah pikir (cerdas), olah hati (jujur), olah rasa lan karsa(peduli), sarta olah raga (tangguh) sawenehing pawongan utawa saklompok tiyang. Pendhidhikan karakter boten namung mucalaken babagan pamilahing tumindak ingkang leres lan lepat, ananging langkung munjeraken nanemaken kabiyasaan (habituation) babagan ingkang sae lan leres, saengga para generasi mudha dados paham (kognitif) ngengingi bab ingkang leres lan lepat, saged ngraosaken pundi ingkang leres lan lepat (afektif), sarta saged ngetrapaken (psikomotor) babagan ingkang sae lan leres menika wonten ing gesangipun Amargi pendhidhikan karakter mujudaken kabiyasan, pramila pambangunipun karakter satunggaling pawongan menika mbetahaken communities of character ingkang dumados saking kulawarga, sekolah, institusi keagamaan, media, pamarentahan, lan sedaya pihak ingkang saged mangaribawani nilai-nilai karakter tumrap generasi mudha. Sedaya communities of character kasebat kedah saged maringi patuladhan, intervensi lumantar proses pamucalan, pambiyasan lan latihan ingkang dilampahi kanthi konsisten, lan ugi maringi panguwatan. Ngengingi wigatosaken pendhidhikan karakter tumraping generasi mudha kalawau, salah satunggalipun wujud intervensi pendhidhikan karakter ing proses pamucalan kedah dilebetaken ing sedaya mata pelajaran (mapel). Pendhidhikan karakter kedah kaandharaken lumantar pangrembakan prangkat pamucalan, kadosta awujud silabus lan RPP. Sesambetan kaliyan andharan ing nginggil, underaning prekawis ingkang badhe kawedharaken ing makalah menika, inggih menika: 1. Menapa ta pendhidhikan karakter menika?; 2. Menapa ta peranipun guru ing salebetipun pambangunan karakter
Pamedharing prekawis ing nginggil anggadhahi tujuan ngindhakaken pendhidhikan ingkang langkung sae lan nggadhahi daya saing ingkang kawujudaken lumantar lulusan utawi output-ipun. Siswa nggadhahi kompetensi ingkang unggul ing babagan kognitif, psikomotor, lan afektif, saengga dados generasi mudha ingkang nggadhahi kapribaden lan tansah njunjung jatidhiri bangsa Indonesia. Guru kagungan peran nanemaken pendhidhikan karakter dhumateng siswa lumantar proses pamucalan lan prangkat pamucalan ingkang dipuntindakaken. Prangkat pamucalan ingkang adhedhasar pendhidhikan karakter nggadhahi titikan bilih tumindak karakter kedah kawedharaken wonten indikator afektif, inggih menika perilaku berkarakter lan ketrampilan sosial lan ugi kaandharaken wonten langkah-langkah pamucalan. Ing babagan menika, para guru kantun nindakaken rekonstruksi saking prangkat pamucalan ingkang sampun kaserat, boten nyerat saking wiwitan malih. 1. mindhakipun tumindak kakerasan ing kalanganipun para mudha (
Menapa ingkang dipunwastani karakter? Salah satunggaling definisi karakter inggih menika tabiat, watak, sifat-sifat kejiwan, akhlak, utawi budi pekerti ingkang mbentenaken satunggaling pawongan kaliyan pawongan sanesipun (KBBI, 2008). Pendhidhikan karakter mujudaken satunggaling upaya kangge ndhidhik lare-lare supados saged mendhet kaputusan ingkang wicaksana lan ngetrapaken ing salebetipun gesang saben dinten, saengga saged maringi kontribusi ingkang positif tumrap lingkunganipun (Megawangi, 2004). Kebijakan Nasional Pembangunan Karakter Bangsa Tahun 2011-2025 ngandharaken pendhidhikan karakter mujudaken “usaha sadar dan terencana untuk mewujudkan suasana serta proses pemberdayaan potensi dan pembudayaan peserta didik guna membangun karakter pribadi dan/atau kelompok yang unik-baik sebagai warga negara” 1. Cinta Tuhan dan segenap ciptaan-Nya; 2. Tanggung jawab, Disiplin dan Mandiri; 3. Jujur/amanah dan Arif; 4. Hormat dan Santun; 5. Dermawan, Suka menolong, dan Gotong-royong; 6. Percaya diri, Kreatif dan Pekerja keras; 7. Kepemimpinan dan adil; 8. Baik dan rendah hati; 9. Toleran, cinta damai dan kesatuan.
Kanthi makaten, tiyang ingkang nggadhahi 9 karakter kalawau dipunwastani tiyang ingkang sae. Sesambetan kaliyan babagan ing nginggil, satunggaling pawongan nindakaken pakaryan ingkang sae menika amargi 3 prekawis, inggih menika 1. competence, 2. will, lan 3. habit. Tigang prekawis menika kedah kawedharaken dados nilai-nilai utami ingkang kedah dipuntanemaken dhumateng para siswa kanthi cara nglatih siswa mangertosi, nresnani, lan nggadhahi pepenginan ngetrapaken babagan kasaenan. Nintingi wigatosipun pedhidhikan karakter menika katrapaken kanthi mandhiri lan dipunlebetaken (terintegrasi) salebetipun kurikulum sekolah, pramila mbabaraken 6 pilar sinau rumusan Badan Dunia UNESCO ingkang kedah dipuntranformasekaken dhateng saindhenging donya (Yustina dan Sudrajat, 2003), inggih menika: 1. learning to know (nguwaosi konsep, pamahaman ngengingi
Katilik saking wujud praktisipun, pendhidhikan karakter wonten ing lingkungan pendhidhikan formal kawedharaken lumantar integrasi keilmuan. Kangge mujudaken pendhidhikan karakter tumrap para siswa dipunbetahaken wontenipun integrasi ingkang sawetahipun, antawisipun IQ (intelligence quotient), EQ (emotional quotient), SQ (spiritual quotient), lan AQ (action quotient). Sekawan nilai dhasar menika dipunrembakakaken saking sikap olah pikir, olah hati, olah rasa lan karsa, lan olah raga. Babagan menika saged dipunpirsani wonten tabel ing ngandhap menika.
2. Cerdas 3. Tangguh 4. Peduli
1. aspek filosofis, pambangunan karakter bangsa mujudaken
Kalenggahan Pancasila minangka dhasaring nagari mahanani konsekwensi bilih sedaya tata laksana kenegaraan lan tatalaku pranatanipun negara kedah adhedhasar Pancasila. Minangka sistem filsafat nagari, Pancasila nggadhahi konsep ngengingi nagari lan kadospundi nagari kasebat kedah dipuntata lan dipunbangun. Sedaya aspek kehidupan kenegaraan, salebetipun bidhang politik, ekonomi, sosial, lan budaya kedah adhedhasar konsep filsafat Pancasila. Adhedhasar tataran konteks makro, program pendhidhikan karakter bangsa saged dipungambaraken kados ing ngandhap menika: 1. Desain berbasis kelas, ingkang munjeraken relasi guru minangka PERANIPUN GURU ING SALEBETIPUN PAMBANGUNAN KARAKTER BANGSA (1) lingkungan kulawarga; Menapa malih kanthi sistem amongipun ingkang wujud sesanti “ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani”. Sesanti menika maringi panuntun lan pandom tumrap pribadhi guru lan tiyang diwasa sanesipun ingkang nggadhahi jejibahan ndhidhik putra lan siswa tumuju tataran kadiwasan. Tiyang diwasa kedah saged dados patuladhan, dados kanca rembagan, lan dados panjurung ingkang tansah maringi motivasi tumrap putra/ siswa ing salebetipun napaki gesang ing bebrayan. Kirangipun kawigatosan tumrap salah setunggalipun ndadosaken pambangunan pendhidhikan boten salaras lan boten satimbang, ingkang ugi mangariwabawani tumrap pambangunipun karakter pribadhinipun siswa. 1. kompetensi pedagogik (kompetensi kangge mranata proses
Menawi sedaya kompetensi sampun dipungadhahi para guru, mliginipun kompetensi kepribaden lan sosial, sejatosipun para siswa kanthi boten langsung sampun pikantuk pendhidhikan karakter. Pramila kados pundi jatidhiri guru kaandharaken “mediocre teacher tells, good teacher explains, great teacher inspires”, ingkang artosipun guru biyasa limrahipun biyasa ngandharaken , guru ingkang sae kedah saged maringi tuladha lan mraktekaken, guru ingkang limpad lan hebat saged maringi inspirasi siswanipun.
Kriteria kangge ngukur tenaga pendhidhik ingkang profesional saged kapirsanan wonten ing UU Guru dan Dosen Bab III Pasal 7 ingkang ngandharaken sangang (9) prinsip profesionalisme, inggih menika 1. Kagungan bakat, minat, panggilan jiwa, lan idealisme; 2. Kagungan komitmen kangge ngindhakaken mutu pendhidhikan,
Guru ingkang jarwodhosokipun “ digugu lan ditiru” sejatosipun minangka jiwa ing salebetipun mbangun kapribaden lan karakteripun siswa. Guru dados patuladhan tumrapipun siswa. Kangge dados pawongan ingkang dados patuladhan boten gampil. Nilai-nilai keteladhanan ingkang kedah dipunrembakakaken: kapisan, guru kedah konskuen kaliyan menapa ingkang dipunwucalaken. Saderengipun medharaken lan mucalaken nilai-nilai ingkang sae dhumateng siswa, guru kedah saged nindakaken refleksi menapa guru sampun nindakaken nilai-nilai menika ing saben dintenipun. Kaping kalihipun, guru boten main topeng. Boten sekedhik guru ingkang main topeng ing sangajengipun siswa. Guru kedah latihan nampi kawontenan dhiri pribadi bilih guru boten sampurna, nggadhahi kekirangan lan kalangkungan. Pramila boten wonten awonipun guru ngakeni kalepatan manawi pancen lepat wonten sangajengipun siswa. Guru menika manungsa limrah, boten sedaya babagan dipungertosi, pramila sampun dados pribadi ingkang rumaos mangertosi sedayanipun. Guru sageda dados pawongan ingkang “ bisaa ngrumangsa, lan aja rumangsa bisa”. Kaping tiga, sinau terus tanpa mandheg (life long education). Tugasipun guru mbiyantu siswa ngrembakakaken potensi lan kawasisanipun, pramila guru kedah terus sinau. Kanthi terus sinau, guru tansaya wiyar lan jembar wawasan lan pangertosanipun, saengga saged nularaken kawruhipun dhumateng siswa. 1. Pekerja sosial (social worker), inggih menika pawongan ingkang Sesambetan kaliyan kawontenan piwucalan sakmangke, guru anggenipun nindakaken proses pamucalan kanthi ngetrapaken PAIKEM (pembelajaran aktif, inovatif, kreatif, efektif, menyenangkan) lan boten nindakaken PAIJO (pembelajaran apatis inosen, jemu, ora mutu). Guru boten dados satunggaling pawongan ingkang paling well informed tumrap sedaya informasi lan kawruh ingkang tansah tuwuh ngrembaka sesambetan kaliyan ngrembakanipun manungsa ing ngalam donya. Peranan guru boten dados pawongan ingkang langkung onjo wonten satengahing para siswa, nanging antawisipun guru lan siswa mujudaken mitra kangge dhiskusi ngrembag sedaya kawruh. Proses piwucalan boten teacher centre, nanging langkung munjeraken dhateng siswa (students centre) minangka subjek dhidhik. ADHEDHASAR PENDHIDHIKAN KARAKTER
1. Berkelanjutan, ingkang artosipun proses pangrembakanipun
Pendhidhikan karakter ingkang kagem pandom lan panuntun ing proses pamucalan adhedhasar proses olah hati (jujur), olah pikir (cerdas), olah rasa/ karsa (peduli), lan olah raga (tangguh) kados ingkang sampun kaandharaken saderengipun. Pendhidhikan karakter dipunlebetaken wonten saben mata pelajaran boten namung wujud materinipun, nanging ugi kaserat lan kalebetaken wonten pangrembakanipun prangkat pamucalan, kadosta silabus lan RPP. Peraturan Pemerintah Nomor 19/2005 Pasal 20 ngandharaken “perencanaan proses pembelajaran meliputi silabus dan rencana pelaksanaan pembelajaran yang memuat sekurang-kurangnya tujuan pembelajaran, materi pembelajaran, metode pembelajaran, sumber belajar, dan penilaian hasil belajar”. 1. afektif ingkang kawedharaken lumantar kualitas keimanan,
Menapa prangkat piwucalan ingkang sampun kasusun para guru nedhahaken pendhidhikan karakter? Sejatosipun prangkat pamucalan ingkang sampun kasusun guru sampun nggambaraken pendhidhikan karakter sacara implisit. Guru anggenipun ngrumusaken tujuan pamucalan adhedhasar pandom taksonomi Bloom ingkang nyakup ranah pengetahuan (kognitif), ketrampilan (psikomotor), lan nilai lan sikap (afektif). Ranah kognitif lan psikomotor limrahipun sampun kaandharaken sacara eksplisit utawi karumusaken minangka tujuan pamucalan (instructional effect /tujuan pembelajaran), dene ranah afektif minangka tujuan tambahan (nurturant effect / tujuan sampingan) boten kaserat eksplisit. Wonten ing prangkat pamucalan ingkang adhedhasar pendhidhikan karakter, nilai-nilai karakter kawedharaken secara eksplisit wonten ranah afektif. Adhedhasar pandom ingkang wonten, babagan substansial ingkang mbentenaken prangkat pamucalan ingkang sampun kaserat para guru kaliyan prangkat pamucalan karakter kaandharaken ing ngandhap menika:
a. jenis/teknik penilaian (kaperang kangge ranah kognitif, psikomotor,
Sedaya aspek ingkang kaserat wonten indikator, kognitif, psikomotor, lan afektif kedah dipundamelaken penilaian kanggo ngukur kagayuhipun KD. Penilaian ingkang adhedhasar pendhidhikan karakter kawedharaken lumantar 2 wujud, inggih menika Lembar Kerja Siswa (LKS) lan Lembar Penilaian (LP). LKS saged dipunsinaoni lan dipunrembag wonten salebetipun proses piwucalan, dene LP minangka alat kangge ngukur kagayuhipun Kompetensi Dasar. Tuladhanipun: 1. Tes Tertulis 2. Siswa dikenai kuis individual dengan LP: Kognitif: Produk yang 5. LP : Format Pengamatan Keterampilan Sosial.
1. Pendhidhikan karakter mujudaken pendhidhikan nilai, budi pekerti, Sumber Kapustakan ♦ Lickona, T. 1992. Educating for Character, How Our Schools Can ♦ _________. 1994. Raising Good Children: From Birth Through the ♦ Megawangi,R. 1999. Membiarkan Berbeda? Sudut Pandang Baru ♦ Megawangi, Ratna. 2003. Pendidikan Karakter untuk Membangun Kemendiknas. 2010. Pembinaan Pendidikan Karakter di Sekolah ♦ Usman, Moh. Uzer. 1989. Menjadi Guru Profesional. Bandung: ♦ Zuriah, Nurul. 2007. Pendidikan Moral & Budi Pekerti dalam
BIOGRAFI/ RIWAYAT HIDUP
1. Nilai Didaktis dalam Lagu Anak-Anak Pasca Tahun 90-an (Makalah b. Buku : 1.Pengantar Jurnalistik: Tuntunan Menulis Untuk Media Massa (Buku Ajar, 2005)
c. Laporan Penelitian:
1. Media Massa Berbahasa Jawa Di Jawa Timur (Analisis Wacana Surabaya, Nopember 2011 |