Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

(04) Kaca 16 - 31

 

( Sultan Agung nimbali Pangeran Pêkik )

4. Sultan Agung nimbali Pangeran Pêkik ing Surabaya, lajêng kadhaupakên kalihan Ratu Pandhansari, rayi Sultan Agung.
Pangeran Pêkik kadhawuhan nêlukakên Giri, lajêng bidhal dalah garwa. Rèhning Sunan Giri botên purun nungkul, dados pêrang Surabaya mêngsah Giri.
Sunan Giri ngêndêlakên murid sarta putra-angkatipun, satunggaling prajurit Cina Islam nama Endrasena.
Nalika rame-ramening pêrang, putra Giri saking ampeyan ingkang wasta Radèn Jayèngrêsmi atur panrayogi supados ingkang rama botên lumawan Sultan Agung.
Aturipun botên dipun paèlu, putra lajêng lolos kadhèrèkakên santri Gathak lan Gathuk.

Kaca 16 - 31

Jilid 1 - Kaca : 16

6 Pangkur

13.
Wus sêpuh Jêng Sunan Arga |

praptèng ngarsa jêng sunan ngandika ris |
dhuh babo atmajaningsun |
paran kang dadya karsa |
dene padha tumêka ing ngarsaningsun |
apa na karya kang gatya |
Jêng Pangeran Surawèsthi ||

14.
Myang Dipati Singasêkar |

matur nêmbah mring Kangjêng Sunan Giri |

apuntên dalêm sang wiku |

amba myang para kadang |

wus sarêmbag arsa ngrabasèng Mantarum |

nyuwun idi sang pandhita | miwah pangestu basuki ||

15.
Jêng sunan aris ngandika |

ing samêngko pan durung mangsa kaki |

para bupati umatur |

kang amrih lêgawèng tyas |

ngidènana sang wiku paring pangestu |

jêng sunan aris ngandika |

mokal bêdhaha Mêntawis ||

16.
Ing samêngko wong bang-wetan |

malah padha ngungsia kang prayogi |

tan wurung binoyong besuk |

marang nagri Mantaram |

Pangran Surawèsthi tan kêndhak tyasipun |

myang sagunging pra dipatya |

wusing ngujung ing sang rêsi ||

17.
Ngandika sang wiku raja |

yèn mangkono padha karsanirèki |

dèn angati-ati kulup |

ingsun pasrah Hyang Suksma |

lêgi pait ing têmbe pasthi katêmu |

sanggyaning para dipatya |

wusing ngujung sang arêsi ||

18.
Bidhal saha wadyakuswa |

tan cinatur solahirèng ngajurit |

wasananira kaplayu | ungguling Ngèksiganda |

wong agunge Mantaram tan ana sêgu |

para bupati bang-wetan |

palarasan undurnèki ||

19.
Ana kang tumêkèng pêjah |

ana kanin ana kang nungkul aris |

ing Mantaram saya mashur |

kadibyane sang nata |

kasêktène para punggawa nung-anung |

winongwong karatonira |

kinasiyan ing Hyang Widdhi ||

20.
Gêmah ripah tur raharja |

tata têntrêm sagunge wadya alit |

lumintu ganjaran prabu |

sagunge pra dipatya |

tyas raharja datan ana kang sakuthu |

ajrih asih mring narendra | samya tuhu lair batin ||

Jilid 1 - Kaca : 17

21.
Nahan raharjaning praja |

yèn ginunggung sawêngi datan uwis |

ing mangkya pinurwèng kidung |

Narendra ing Mantaram |

Sultan Agung Sri Anyakrakusumèku |

lagya miyos siniwaka |

pêpak ingkang samya nangkil ||

22.
Wadyabala myang santana |

Panêmbahan Purbaya munggèng ngarsi |

tan pêgat tinantun-tantun |

jêng sultan ris ngandika |

inggih uwa Purbaya pawartosipun |

Pangeran ing Surabaya |

ing mangke pan sampun lalis ||

23.
Kang kantun mung anakira |

Ki Mas Pêkik pambajênge kang siwi |

uwa punika karsèngsun |

timbali mring Mantaram |

ingsun arsa uninga ing warninipun |

panêmbahan aturira | punika langkung utami ||

24.
Ulun umiring sakarsa |

sri narendra pangandikanya aris |

Alap-alap ingsun utus |

marang ing Surabaya |

timbalana Pangran Pêkik Surèngkewuh |

têlas ingkang pangandika |

jêngkar anggambuh tinangkil ||

7 Gambuh

1.
Wus lêpas lampahipun |

Alap-alap praptèng Surèngkewuh |

laju maring Ngrarêmpah dhukuhirèki |

Pangran Pêkik gupuh-gupuh |

amêthuk carakèng katong ||

2.
Wus ingancaran lungguh |

Pangran Pêkik awacana arum |

paman ulun atur pambagya basuki |

Alap-alap matur nuwun |

(n)dhawuhkên timbalan katong ||

3.
Jêng pangran sowan ulun |

pan ingutus rakanta sang prabu |

Gusti Kangjêng Sultan Agung ing Mantawis |

maringakên kang pangèstu |

mring andika sakaloron ||

4.
Jêng pangran matur nuwun |

sasampuning maringkên pangèstu |

dhawuh nata paduka dipun timbali |

sagarwa putra myang wadu |

ulun ingkang kinèn (m)boyong ||

Jilid 1 - Kaca : 18

5.
Jêng pangran aturipun |

adhuh paman kamayangan tuhu |

de jêng sultan karsa nyaruwe wong pêkir |

ina papa anèng dhukuh |

datan supêna sajingklong ||

6.
Tan suwala ragèngsun |

kadyangganing sarah anèng laut |

ing sakarsa jêng sultan ulun umiring |

tan nêdya sawalèng kayun |

lumuntur dhawuhing katong ||

7.
Ki tumênggung duk ngrungu |

ing ature manis amlas ayun |

angrêsing tyas gya umatur ing sang Pêkik |

bilih marêngkên sang bagus |

benjing-enjing lajêng bodhol ||

8.
Jêng pangran wacana rum |

sakalangkung prayogi man mênggung |

ulun lajêng tata-tata sapuniki |

paman sakanca sadarum |

prayogi rèrèh nèng pondhok ||

9.
Jêng pangran gya dhadhawuh |

marang garwa sakulawargèku |

kinèn samya pradandosan sadayèki |

yun sumiwèng mring Mantarum |

ribut samya dandos-dandos ||

10.
Ki Alap-alap gupuh |

nuding wadu nimbali tumênggung |

Surabaya Ki Sapanjang kang wawangi |

tan dangu anulya rawuh |

Ki Sapanjang dhawuh katong ||

11.
Jêng pangran sowanipun |

mring Mantaram bidhal sesuk-esuk |

jêngandika sawadya kinèn umiring |

sarta rumêksa ing pungkur |

kacêkape kula borong ||

12.
Ki Sapanjang agupuh |

paparentah mring sakèhe wadu |

abusêkan sakèh wadya Surawèsthi |

wus mirantos sadayèku |

enjinge anulya bodhol ||

13.
Lon-lonan lampahipun |

ing lamine lampah tan winuwus |

praptèng dhusun Butuh arèrèh saratri |

kangjêng pangran dalu ngujung |

marang ing astana Butoh ||

14.
(n)Dêdagan amanêngkung |

palaling Hyang wanci lingsir dalu |

Pangran Pêkik miyarsa swara dumêling |

ujaring swara sung tuduh |

lah Ki Pêkik karsèng Manon ||

15.
Wruhanta sira besuk |

darbe putu jalu tur binagus |

amandhirèng nata gung ing tanah Jawi |

ngrèh wadya bacingah agung |

nanging angalih kadhaton ||

Jilid 1 - Kaca : 19

16.
Mring tanah Pajang iku |

sakulone kutha prênahipun |

aran dhukuh Wanakarta têmbe dadi |

praja Kartasura mashur |

dene jujuluking katong ||

17.
Jêng Susuhunan Mangku |

-rat Senapati ing Ngalagèku |

Ngabdurahman Sayidin Panatgami |

cêpping swara kagyat wungu |

ing wanci awaling Suboh ||

18.
Miyose wus pinangguh |

lawan juru kunci têngga pintu |

Pangran Pêkik wawartos mring jurukunci |

dènyantuk wangsit ing dalu |

ki jurukunci anjomblong ||

19.
Sinêmbah saha matur |

sakalangkung bingahe tyas ulun |

sukur sukur alhamdulillahi rabil |

Hyang Surya wus mungub-mungub |

jêng pangeran lajêng bodhol ||

20.
Datan kawarnèng ngênu |

wus angancik ing kitha Mantarum |

ki tumênggung Alap-alap ngrumiyini |

atur uninga sang prabu |

sigêg gantya winiraos ||

21.
Sang prabu ing Mantarum |

ri tinangkil munggèng siti luhur |

Panêmbahan Purubaya wus sumiwi |

myang wadya bala supênuh |

munggèng ngabyantara katong ||

22.
Datan antara dangu |

ki tumênggung Lap-alap mangayun |

nêmbah matur ulun kinèn animbali |

Pangran Pêkik Surèngkewuh |

mangkya wus sumiwèng katong ||

23.
Sagarwa putranipun |

Ki Sapanjang sawadya tut pungkur |

suka ing tyas sang prabu ngandika aris |

lah uwa Purubayèku |

kadipundi kang linakon ||

24.
Mangke sadhatêngipun |

dhimas Pêkik napa bêkti ingsun |

utawine piyambake ingkang bêkti |

Purubaya nêmbah matur |

kinanthèt lawan suraos ||

Jilid 1 - Kaca : 20

8 Kinanthi

1.
Sangking ing pamanah ulun |

pangeran ing Surawèsthi |

ingkang layak ngabêktiya |

ing pada dalêm sang aji |

kawon luhur kang darajat | panjênêngan dalêm aji ||

2.
Mandhirèng prajèng Mantarum |

ing rat Jawi mung satunggil |

kalihdene tinimbalan |

datan sawala ing kapti |

sampun kalampahan sowan | ing ngabyantara narpati ||

3.
Asrah jiwa raganipun |

kangjêng sultan duk miyarsi |

aturipun ingkang uwa |

kalangkung trustha ing galih |

nahan Pangran Surabaya |

sagarwa sampun sumiwi ||

4.
Pepe kidul wringin-kurung |

sasolahe amlasasih |

duk uninga sri narendra |

dhawuh kinèn animbali |

anggandhèk tundhuk pangeran |

ingirit minggah sitinggil ||

5.
Andhadhap amundhuk-mundhuk |

cingak kang samya ningali |

miyat warnanya pangeran |

mirit kangjêng sri bupati |

kantun sênêne kang cahya |

kantun sêmu kantun sigit ||

6.
(n)Dungkap praptèng ngarsa prabu |

cakêt dènnira sumiwi |

tumungkul konjêm pratala |

ri wusira mangênjali |

wangkingan sinèlèh kanan |

gya mangraub pada aji ||

7.
Saha matur arawat luh |

pêgat-pêgat winor tis-tis |

dhuh gusti kalêngkaning rat |

musthikaning tanah Jawi |

patut pinundhi sinêmbah |

jumênêng kalipah Widdhi ||

8.
Ambêg pinandhita tuhu |

santa budi mirah asih |

mardikèng rat tyas kumala |

ngecani manahing dasih |

mrih arja ayu tan pêgat |

kasudarman winor manis ||

9.
Santana wadya lit agung |

tan ana kataman bêngis |

winor ing sakarsanira |

kinajrihan lair batin |

pra wadya ing Ngèksiganda |

winêngku paramarta ji ||

Jilid 1 - Kaca : 21

10.
Kasujanan ambêg sadu |

linangkung kasusrèng bumi |

sumbagèng rat pinasthika |

waskitha ngrèh ing patitis |

kongas ing ganda angambar |

kinasihan ing Hyang Widdhi ||

11.
Sudibya prawirèng kewuh |

kinajrihan kanan-kering |

ngagêm agama minulya |

sasat jêngandika Nabi |

Muhakammadin angajawa |

ngrênggani nagri Mantawis ||

12.
Dhuh jêng gusti sang aprabu |

sowanipun ingkang abdi |

angaturkên pêjah gêsang |

awit rumaos gêng sisip |

katungkul ing kawiryawan |

labêt mudha punggung yêkti ||

13.
Dama kalimput tan emut |

ing kanugrahaning narpati |

tumêrah jiwangga mulya |

kaecan nadhah myang guling |

saanak rayat myang warga |

tan lyan barkahing narpati ||

14.
Lumintu salaminipun |

tangèh manawi kang abdi |

sagêd ngaturi minangka |

bêbêkti ingkang martasih |

o gusti satuhu mudha |

cêplik tangèh wruh ing bêcik ||

15.
Manawi kangjêng pukulun |

tan paring aksamèng dasih |

yêkti têmah anggung papa |

druwaka salaminèki |

ing mangke amba sumangga |

sakarsa jêng sri bupati ||

16.
Mangkana kangjêng sinuhun |

ngandika sajroning galih |

wong iki bagus prasaja |

ing wicara tatas titis |

têtêg tyas sura lêgawa |

pantês tan sinungan lamis ||

17.
Têka rêsêp atiningsun |

dadya condhonging tyasmami |

pantês rewanga wibawa |

(n)darahkên sri tanah Jawi |

madhahi kanang nurbuwat |

wasana ngandika aris ||

18.
Wis lungguha ariningsun |

iya apa kang pinikir |

dhuh yayimas Surabaya |

marma sira sun timbali |

sumiwi ing ngarsaningwang |

wus pasthi karsaning Widdhi ||

19.
Sosotyadi apan kudu |

tumrap ingêmbanan rukmi |

upama ingsun pancuran |

sira talaga nadhahi |

yayi kang minangka wadhah |

ingsun kang minangka isi ||

20.
Pasêmon kang ingsun wuwus |

têgêse uwus ginaris |

yèn sira bakal tan pisah |

mèlu nurunake benjing |

para ratu tanah Jawa |

yayi ingkang urun èstri ||

Jilid 1 - Kaca : 22

21.
Manira kang urun kakung |

ing samêngko karsa mami |

sira wisma na Mantaram |

ana sawetaning puri |

sisihan lan kadipatyan |

mungguh nagri Surawèsthi ||

22.
Ingsun paringake wangsul |

marang pakênira yayi |

wênang anguwasanana |

kadi ingkang uwis-uwis |

si Sapanjang mung rumêksa |

tata têntrêming nagari ||

23.
Sira ana ing Mantarum |

aywa taha-taha yayi |

ing panganggêp dipun padha |

ya Mantaram Surawèsthi |

Pangran Pêkik lêjar ing tyas |

trusaning supenanèki ||

24.
Gya sujud nêmbah umatur |

dhuh pukulun sang dewaji |

pun patik atur sandika |

mundhi timbalan narpati |

kadya kabanjiran kelang |

kagunturan madu gêndhis ||

9 Dhandhanggula

1.
Nulya jêngkar kangjêng sri bupati |

abibaran kang samya sumewa |

pangran sagarwa-putrane |

santana wadyanipun |

wus pinarnah pakuwonèki |

karan ing Surabayan |

jêng pangran lastantun |

mukti wibawèng Mantaram |

datan ana sinangsaya ing panggalih |

wus lami antaranya ||

2.
Sang aprabu lêstantun gunging sih |

Pangran Pêkik nulya tinariman |

rayi dalêm sang pamase |

tunggil sayayah ibu |

Ratu Pandhansari wawangi |

agêng ingkang bawahan |

nahan ta cinatur |

dènnira apalakrama |

atut runtut sih-siniyan siyang ratri |

lir mimi lan mintuna ||

3.
Wusing antuk kawan dasa ari |

Kangjêng Sultan Agung Ngèksiganda |

lênggah anèng dalêm gêdhe |

ngandika sang aprabu |

hèh ta lara mênyanga aglis |

marang ing Surabayan |

kêtêmu riningsum |

kalamun sambadèng karsa |

rabinira dhiajêng ingsun timbali |

warahên ingsun gêrah ||

Jilid 1 - Kaca : 23

4.
Nulya mentar utusan narpati |

sampun praptèng ing Kasurabayan |

jêng pangeran sagarwane |

mijil sing dalêm gupuh |

samya lênggah paningrat jawi |

parêkan matur nêmbah |

amba pan ingutus |

raka dalêm sri narendra |

ingkang garwa kangjêng ratu dèntimbali |

sarênga lampahamba ||

5.
Kangjêng sunan lagya gêrah mangkin |

ingkang wêling raka dalêm nata |

manawa awèh lakine |

malêbu ing kêdhatun |

atinjoa ing gêrah mami |

yèn lakine tan suka |

poma ywa lumaku |

adipati Surapringga |

têbah-jaja sumangga ing asta kalih |

tan kenging lêngganaa ||

6.
Dhuh jiwaku umarêka aglis |

sampun kerit praptèng ngarsa sultan |

manêmbah ngraub padane |

Ratu Pandhan umatur |

kakang prabu dene wigati |

nimbali aripara |

kalangkung kumêpyur |

manahulun tarataban |

sru gumêtêr ênar-ênir sênik-sênik |

kangmas gêrah punapa ||

7.
Kangjêng sultan angandika aris |

dhuh riningsun luwih sangking lara |

ana ing ati ênggone |

sakèh usada wangsul |

yèn sun rasa saya ngranuhi | dene ana pandhita |

ing Giri dumunung |

durung gêlêm nungkul mringwang |

iya iku kang dadi laraning ati |

tambane durung ana ||

8.
Liya Giri wong satanah jawi |

nora ana barênjul mêrêngkang |

padha ngidhêp mring sun kabèh |

amung ing Giri iku |

ingkang durung ingsun putusi |

amukul kalawan prang |

wit wêcaning dangu |

kang bisa ambengkas karya |

mung lakimu jalarane mênang asli |

luhur trah Ngampèldênta ||

9.
Lah wis yayi dak lilani mulih |

dèn abisa matrapakên karya |

marang lakinira mangke |

sêlak dènayun-ayun |

Ratu Pandhan mèsêm turnya ris |

dhawuh dalêm kakangmas |

sandika tur ulun |

nulya lèngsèr sangking ngarsa |

dhinèrèkkên sagunging parêkan cèthi |

lampahnya wirandhungan ||

10.
Pangran Pêkik nganti nèng pandhapi |

sarawuhe sang ratu pinapak |

binêkta mring dalêm age |

jêng ratu ngraub suku |

sang pangêran (ng)garjitèng galih |

lah yayi ana paran |

têka rada suntrut |

paran gêrahing sang nata | Ratu Pandhan tumungkul

minggu tan angling | jêng pangran anggarjita ||

Jilid 1 - Kaca : 24

11.
Baya nora gêrah sri bupati |

bokmanawa ana panggaliyan |

dadya sêkêle pamase |

jêng ratu gya sinambut |

binêkta mring ing jinêm wangi |

langêning karasikan |

apan tan winuwus |

ing sawungunira nendra |

Ratu Pandhan matur ing raka bibisik |

kang dadya karsa nata ||

12.
Amêdharkên dhawuhe sang aji |

Pangran Pêkik madêg suraning tyas |

ngêlus-êlus gumbalane |

alon ngandikanipun |

lamun ingsun wêruha dhingin |

karsane kangjêng sultan |

mundhut rusakipun |

ing Giri sunanne seba |

baya uwus dak cangking ing nguni-uni |

sebaku mring Mantaram ||

13.
Pan ing Giri wus nèng asta mami |

yayi ingsun ingkang maluyakna |

rakanta nahan rêntênge |

sèwu wirang satuhu |

yèn tan bisa ngrabasèng Giri |

isin anon baskara |

nèng donya tan arus |

apa kang dak walêsêna |

ing sih nata kajaba murdaku yayi |

kunjuk dadya timbangan ||

14.
Payo yayi sowan marang puri |

nyuwun pamit ing rakanta sultan |

mangkat ing sadina kiye |

sarimbit nulya laju |

sowan maring sajroning puri |

sang nata duk tumingal |

pangran sowanipun |

sarimbit lawan kang garwa |

gya ingawe lênggah cakêt lan sang aji |

makidhupuh jêng pangran ||

15.
Kangjêng sultan angandika aris |

yayi Surabaya kadiparan |

kang dadya karêpmu mangke |

ing Giri durung nungkul |

nora sarju nêmbah mring mami |

ingsun borong adhimas |

ing prakara iku |

Pangran Pêkik matur nêmbah |

dhuh pukulun amba sandika nglampahi |

amundhi dhawuh nata ||

16.
Nadyan minta sraya Sunan Giri |

andhatêngkên para raja sasra |

kêbut sawadya balane |

tan ajrih manahulun |

datan nêdya ngucirèng jurit |

kalamun tan kalakyan |

Giri bêdhaipun |

suka matiya palagan |

nuwun gusti ingkang abdi nuwun pamit |

bidhal ing sapunika ||

Jilid 1 - Kaca : 25

17.
Botên langkung ingkang amba pundhi |

pangèstu sang nata binathara |

kalampahana karsane |

namung rayinta prabu |

amba tilar anèng Mantawis |

rèh ayun mangun aprang |

ing tyas langkung gidhuh |

keron-keron ing satêmah |

têmpuh ing prang èngêt rayi dalêm gusti |

milalu wande aprang ||

18.
Sri narendra mèsêm ngandika ris |

karsaningsun yayi garwanira |

para gawaa ing mangke |

apan ta sêdyaningsun |

rabinira sadulur mami |

pêjah gêsang hya pisah |

lawan lakinipun |

wus wiyahe wong andon prang |

rêbut pati manawa kasoran jurit |

wadone binoyongan ||

19.
Pangran Pêkik gumujêng turnya ris |

rayi dalêm gêgeyongan amba |

têmbe sarênga pêcate |

dhawuh dalêm pukulun |

tan langgana darmi nglampahi |

sarimbit wus pamitan |

amangraub suku |

kangjêng sultan angandika |

lah ta yayi poma sira hya gumingsir |

sungkêmu marang priya ||

20.
Kangjêng sultan (n)dêdonga ing Widdhi |

salamête myang ungguling yuda |

sarimbit anulya lèngsèr |

sangking ing ngarsa prabu |

pinaringan sangu mawarni |

dunya arta busana | sampêt sadayèku |

wus prapta ing Surabayan |

lajêng ngrakit brokoh tundhan tandhu joli |

myang gagamaning ngaprang ||

21.
Sawusira rampunging pangrakit |

nulya budhal sangking ing Mantaram |

brokoh nèng ngajêng lampahe |

datan kawarnèng ngênu |

lampahira sampun dumugi |

ing nagri Surabaya |

Ki Sapanjang mêthuk |

wusing lêrêm sawatara |

kangjêng pangran pinarak anèng pandhapi |

andhèr para punggawa ||

22.
Pangran Pêkik ngandika mring dasih |

hèh sakèhe bocah Surabaya |

padha piyarsakna kabèh |

dhawuh dalêm sang prabu |

mula ingsun linilan mulih |

marang ing Surabaya |

lawan garwaningsun |

ingutus kinèn magut prang |

angadoni bandawala rêbut pati | mangrurah satru tama ||

Jilid 1 - Kaca : 26

23.
Panungkule Susuhunan Giri |

pinasrahkên marang jênêngingwang |

nanging karsaningsun mangke |

anakmas Giri iku |

lamun kêna nungkula aris |

sumewa sri Mantaram |

tan rêkasèng laku |

slamêt tan ana pêpêjah |

lamun wangkot sayêkti rarêmpon jurit |

akèh pêgating atma ||

10 Mêgatruh

1.
Para wadya manêmbah saha umatur |

dhawuh paduka sang Pêkik |

mangayubagya sadarum |

muji nungkulira aris |

ywa nganti aprang rêrêmpon ||

2.
Bilih Susuhunan Giri tan sarêju |

nungkul karananing aris |

tan kêna kinarya ayu |

yuwana sumiwèng aji |

kêkah dènnya karsa mirong ||

3.
Ingkang abdi kewala pan sampun rampung |

ngrabasèng karaton Giri |

amboyong susunannipun |

bilih tan sagêt mungkasi |

suka lêbur aprang pupoh ||

4.
Nanging ulun mirêng pawartos satuhu |

ing mangkya Jêng Sunan Giri |

kêndho kawalènanipun |

saprapat yun animbangi |

kalipah Mantaram katong ||

5.
Darbe murid nagri Cina aslènipun |

kabar maksih trah narpati |

ing mangkya pinundhut sunu |

sampun sinungan kakasih |

Endrasena tuhu katong ||

6.
Têguh timbul wantêr wêgig ing prang pupuh |

kalih atus wadyanèki |

kang ginala aprang pupuh |

punika ingkang ngêncêngi |

pinrih (m)balela ing katong ||

7.
Inggih ta lah kang binujuk têka purun |

istijrate eblis kapir |

ngalimputi tyas rahayu |

ngandêl kumandêl mring eblis |

setan ngajak arêrêmpon ||

Jilid 1 - Kaca : 27

8.
Nadyan (n)dhatêngêna malih rajèng kluwung |

pra abdi datan gumingsir |

Pangran Pêkik ngandika rum |

kabèh aturira sami |

bangêt ing panrimaningong ||

9.
Karuhane lamun ingsun wus pinangguh |

pribadi lan anak Giri |

wurung sidaning prang pupuh |

sawuse ingsun pinanggih |

apa anane ing kono ||

10.
Balik padha sadhiyaa ing prang pupuh |

kêrigên sawadya mami |

manawa dadi prang pupuh |

gustimu sêdya (n)jênêngi |

jurite wong Surèngkewoh ||

11.
Pangran Pêkik wus kundur mring dalêm agung |

bibar kang samya anangkil |

bakda Ngisa wancinipun |

jêng pangeran arsa nyilip |

para wadya tan ana wroh ||

12.
Laju maring Giri lumêbèng kadhatun |

wau ta Susunan Giri |

lênggah ingadhêp pra wadu |

Endrasena tansah ngarsi |

jêng sunan ngandika alon ||

13.
Hèh ta kulup kabare sultan Mantarum |

utusan mring jênêng mami |

pinrih nungkul Sultan Agung |

yèn bangga ginêpuk jurit |

ngrusak ing Giri Kadhaton ||

14.
Kang dènutus rama Pangran Surèngkewuh |

nanging tikêl tuwa mami |

amung bapak-bapak awu |

garwa ratu Pandhansari |

mèlu nanggulang pakewoh ||

15.
Kaya priye kulup kang dadi kêncêngmu |

ing mêngko ingsun mung darmi |

miturut kakêncênganmu |

nungkul apik nora apik |

sira kang nyangga bot-repot ||

16.
Endrasena duk tampi timbalan wiku |

karna ro kadya sinêbit |

netra ro andik kumukus |

kamêjot padoning lathi |

matur mring sang wiku gupoh ||

17.
Dhuh jêng rama ingkang minangka satuhu |

pupundhèn ing tanah Jawi |

Waliyolah cucu Rasul |

kang wus linilan Hyang Widdhi |

sadhengah kinarsan klakon ||

Jilid 1 - Kaca : 28

18.
Sultan Agung baya ingkang dèrèng ngrungu |

kalamun karaton Giri |

kanggonan prajurit punjul |

wudhu nèng Cina nagari |

ngajawa andon prang pupoh ||

19.
Têka (n)dadak kongkon bocah isih kuncung |

bojone ginawa jurit |

mêjanani Sultan Agung |

bok iya têka pribadi |

ing kono tandhing lan ingong ||

20.
Sampun sampun kangjêng rama karsa nungkul |

pantês sultan ing Mantawis |

tur bulu bêkti panungkul |

sowan pribadi mring Giri |

kèndêl dènnira miraos ||

21.
Pangran Pêkik uluk salam praptanipun |

sang rêsi kagyat mangsuli |

ngalaikum wasalamu | gupuh mêthuk gya kinanthi |

wus lênggah satata karo ||

22.
Sunan Giri nambrama sarawuhipun |

jêng rama Pangeran Pêkik |

punapa sami rahayu |

jêng pangran wacana manis |

salamêt sapraptaningong ||

23.
Sakalangkung dènnira asuhun-suhun |

sugata lumadyèng ngarsi |

sumangga sawontênipun |

sumapala atur bêkti |

gampil anak tan pakewoh ||

24.
Dhuh jêng rama dene rawuh dalu-dalu |

sawiji tan na umiring |

kagyat ing tyas sakalangkung |

punapi de awit gati | mocung mring Giri Kadhaton ||

11 Pocung

1.
Endrasena myang sagunging para wadu |

kang ana ing ngarsa |

andhêku dènnira linggih |

samya minggu tan ana wani micara ||

2.
Sang pangeran mingsêr ngajêngkên sang wiku |

tan ana katingal |

pinêndir Susunan Giri |

nir wikara nir baya têtêg ing nala ||

3.
Datan ana tinaha ing galihipun |

pangran Surabaya |

yèn sinawang (ng)gigirisi |

wingwrining tyas kadya anon singa krura ||

Jilid 1 - Kaca : 29

4.
Solah ganggas ulat manis têmbungnya rum |

hèh hèh Sunan Arga |

pinarsakna wuwus mami |

Sultan Agung iku ratuning rat Jawa ||

5.
Murdaningrat ing jagat pramuditèku |

ambêg parikrama |

sadu sudibya sinêkti |

putus ing rèh sampeka sura marata ||

6.
Pambêsmining kang samya tan arsa nungkul |

babo praptaningwang |

ing saèstune tinuding |

kangjêng sultan kang pinudya jayaningrat ||

7.
Gustiningsun jêng Susunan Sultan Agung |

hèh Sunan wruhanta |

apa karêpmu kang pasthi |

aprakara kang dadi karya manira ||

8.
Lamun sira satuhu nêdya rahayu |

têtêping karajan |

tulus wibawa nèng Giri |

anêmbaha ing Jêng Sultan Ngèksiganda ||

9.
Lan gawanên garwa putra sawadyamu |

miwah ngaturêna |

donyanira pèni-pèni |

lan sagunge sosotya rêtna kumala ||

10.
Barêng lawan sebaku marang Mantarum |

yèn sira ngèstokna |

ing pituduh ingsun pasthi |

tutug têtêp mulat baskara sasangka ||

11.
Yèn tan anut marang ing pituduhingsun |

apa kang kok arsa |

tanpa sesa praptèng lalis |

nagri Giri sirna dadi karang jingga ||

12.
Gustiningsun Anjayèngbumi satuhu |

marta parikrama |

ing jagad wiryawan iki |

wicaksana santosa ngagêm agama ||

13.
Ing sakèhe kasukanira puniku |

wiryamu nèng dunya |

sami lan gêbyaring thathit |

lah emanên aja nganti kadrawasan ||

14.
Lah matura prasaja ywa nganggo ewuh |

rikuh akakadang |

wêlasasih ywa kapikir |

kêncênging tyas iku kang dadya panutan ||

15.
Sunan Giri (n)dêngèngèk wacana arum |

ya walahualam |

Allah ingkang ngudanèni |

amba Tuwan sumendhe karsa Pangeran ||

16.
Yata wau Jêng Pangeran Surèngkewuh |

rikala miyarsa |

ngandikanya Sunan Giri |

tandya mêdal pasilan ngarsèng pandhita ||

17.
Sakundure pangeran ing Surèngkewuh |

rêmbag dadining prang |

samêkta ing benjing-enjing |

Endrasena jumênêng sumadilaga ||

Jilid 1 - Kaca : 30

18.
Wus warata dhawuhe sang maha wiku |

mring para sakabat |

siswa katib kaum modin |

para wadya sa-Giri wus amirantya ||

19.
Enjingipun sang pangeran sampun rawuh |

nagri Surabaya |

pinanggih garwa myang dasih |

winartanan tamtu mangun yudabrata ||

20.
Sunan Giri lumuh datan arsa nungkul |

wadya Surabaya |

nèng alun-alun miranti |

baris kêpang jêng ratu nitih jêmpana ||

21.
Angidêri baris mubêng ngantya kêmput |

maringkên ganjaran |

mring kang ayun mangsah jurit |

arta miwah busana awarna-warna ||

22.
Wus waradin kang bêndhe munya angungkung |

panêngran bidhalan |

kang dadya cucuking jurit |

wus lumaku kadya ilining narmada ||

23.
Nulya joli titiyanira jêng ratu |

jêng pangran nèng wuntat |

nitih kuda datan têbih |

ginarubyuk sakèhing kang wadya kuswa ||

24.
Tan petungan datan kawarna ing ngênu |

praptèng Giri pura |

kêpung-kêpang pacak baris |

sêsêking tyas lir pendah ayun asmara ||

12 Asmaradana

1.
Sigêg kang wus pacak baris |

para wadya Surabaya |

angêpung Giri kadhaton |

sanega kapraboning prang |

gantya kang kawuwusa |

wau ta Giri sang wiku |

sampun ingaturan wikan ||

2.
Lamun Kangjêng Pangran Pêkik |

saha garwa ngêpung kitha |

anglir samodra balane |

(m)balabar ngêbêki papan |

tiyang ing Ngargapura |

jalu èstri samya bingung |

kadya gabah ingintêran ||

3.
Jêng Sunan Giri tinangkil |

siniwèng kang wadyabala |

(m)balabar anèng ngarsandhèr |

samya sanega ing yuda |

anganti kang timbalan |

wontên putranya sang wiku |

mijil sangking kang ampeyan ||

Jilid 1 - Kaca : 31

4.
Sinung ran Dyan Jayèngrêsmi |

wotsêkar matur ing rama |

dhuh rama pupundhèningong |

paran têmahaning karsa |

langkung sandeyaning tyas | arsa ngayomi prang pupuh |

mêngsah sultan Ngèksiganda ||

5.
Atur kawula rama ji |

lêpata ing ila-ila |

kamipurunipun lare |

mudha punggung tan wrin gatya |

yèn kaparêng ing karsa |

prayogi sami sumuyut |

mring Sultan Agung Mantaram ||

6.
Sampun ta asalah kardi |

kula amiyarsa warta |

Ngèksiganda sang akatong |

susilèng tyas ambêg santa |

tyas purna angumala |

sayêkti kewala luhur |

prabawa wêninging driya ||

7.
Rahayu parikrama di |

botên eca yèn minêngsah |

mupung ing samangke dèrèng |

kalajêng campuh ing yuda |

prayogi tinututan |

pangintên amba pukulun |

wande ngayoni ngayuda ||

8.
Dene manawi tinampik |

karsane caraka kêdah |

ngatingalkên sudirane |

pan dede sangking paduka |

ingkang miwiti aprang |

yêkti sangking pyambakipun |

datan awrat tinanggulang ||

9.
Ambêkuh Jêng Sunan Giri |

tan keguh aturing putra |

nulya mundur sang wira nom |

samarga arawat waspa |

pinupus ing wardaya |

papasthènira Hyang Agung |

takdir datan kêna selak ||

10.
Saundurira kang siwi |

ngandika raja pandhita |

Endrasena kaya priye |

wong Surabaya wus prapta |

ngêpung ing Giri pura |

Endrasena aturipun |

wadya Giri wus siyaga ||

11.
Ngantos timbalan rama ji |

dhuh sutèngsun Endrasena |

apa kang pinikir manèh |

balik nêmbanga têngara |

budhalna wadyanira |

nglêbur baris Surèngkewuh |

sira mangka senapatya ||

12.
Tur sandika kang sinung ngling |

manêmbah mangaras pada |

dhuh guru panutaningong |

nyuwun pangèstu putranta |

paduka dènpracaya |

undure wong Surèngkewuh |

wus ana ing astaningwang ||

13.
Pinêtêg bunbunannèki |

sinêbul mawantya-wantya |

jaya jaya andikane |

mundur anêmbang têngara |

busêkan para wadya |

gya budhal ingkang rumuhun |
wadyane sang Endrasena ||

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

 
centhini01

 

 kds penutup

Wangsul Manginggil

 

dyan Patah mijil karaos ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (03) Kaca 10 - 15
  • (05a) Kaca 32 – 41 >