Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

(05a) Kaca 32 – 41

 

( Wadya Surabaya kalindhih )

5. Wadya Surabaya kalindhih, nanging lajêng pêpulih dipunsenapatèni Ratu Pandhansari.
Kocap, tiga putra-putrinipun Sunan Giri sami lolos nalika rame-ramening pêrang R. Jayèngrêsmi kadhèrèkakên abdi lan R. Jayèngrêsmi tuwin rayi Nikèn Rancangkapti ugi kadhèrèkakên santri.
Lampahipun beda-beda mila tansah upados-ingupadosan.
Ing payudan, prajurit Surabaya unggul.
Andêl-andêling Giri Endrasena kapupu.
Sunan Giri têluk, kaboyong dhatêng Mataram sakulawarga dalah rajabrananipun.
Kaca 32 - 50

Jilid 1 - Kaca : 32

12 Asmaradana

14.
Kalih atus winatawis |

samya asikêp sanjata |

nyothe sêking (ng)gendhong towok |

panganggene sarwa pêthak |

wus samya masuk Islam |

sabilollah unènipun |

ing wuri sang Endrasena ||

15.
Sanjatanira pinundhi |

pistul kalih sinangkêlang |

nganggar sabêt Karaloke |

nèng kiwa têngên curiga |

abire anèng wuntat |

tinrapan bandera pingul |

tinulis asma Pangeran ||

16.
Pujinira andrêmimil |

nyêbut asmaning Pangeran |

sabilolah sênggakane |

nulya pra kaum ngulama |

katib modin santana |

myang wadya Giri sadarum |

panganggene sarwa pêthak ||

17.
Sayuk samya ambêg pati |

wus samya ayun-ayunan |

wadya Giri Surèngkewoh |

natap têngaraning yuda |

bêdhug bêndhe myang trêbang |

suraking wadya gumuruh |

kadya bêlahing prawata ||

18.
Rame campuh ing ngajurit |

tambuh mungsuh tambuh rowang |

wong Giri ampuh yudane |

mawantu-wantu nyanjata |

wadya ing Surabaya |

ing prang tan pati pakantuk |

satêmah barise rusak ||

19.
Endrasena mobat-mabit |

ngiwut kadya Radèn Seta |

mlantrah pisah lan wadyane |

singa kang katrajang bubar |

lumayu asasaran |

kang cêlak-cêlak linampus |

tan ana mangga puliya ||

20.
Prajurit ing Surawèsthi |

tan bisa namakkên gaman |

pating bilulung solahe |

rumangsa kawratan mêngsah |

wong Giri pamukira |

lir andaka nandhang tatu |

ambêg pêjah sadayanya ||

21.
Dumadya kang mêngsah giris |

tan ana kawawa nyangga |

wadya Giri pangamuke |

parjurit ing Surabaya |

kathah ingkang kabranan |

tanapi tumêkèng lampus |

wadya Giri sru gambira ||

22.
Kang pêjah mung sawatawis |

yata wadya Surabaya |

sadaya wus kraos cape |

undurira alon-lonan |

ywa nganti kawistara |

wadya Giri sru mangêsuk |

lir ngrabasèng sinoming dyah ||

13 Sinom

1.
Dènnira aprang sadina |

kasoran wong Surawèsthi |

mundur tansah tinututan |

apan ta saputing ratri | wong Giri kang nututi |

wus samya wangsul sadarum |

wong Giri giyak-giyak |

angklung ngênthir angalètèr samya emprak ||

Jilid 1 - Kaca : 33

2.
Endrasena saha wadya |

miwah para wadya Giri |

wus sowan ngarsanira sang |

pandhitaraja ing Giri |

manêmbah tur udani |

lamun wadya Surèngkewuh |

wus mundur palarasan |

tan ana kang mangga pulih |

kathah pêjah gustine datan karuwan ||

3.
Wau sang rajapandhita |

langkung sukanirèng galih |

kalimput ing tyas angrêda |

ngraos karilan ing Widdhi |

dènnya ayun mêngkoni |

ing tanah Jawa sadarum |

sumêngah ujubriya |

kibiring tyas uwus kengis |

kapandhitan sirna gunging kamelikan ||

4.
Wasana aris ngandika |

sukur alkamdulillahi |

hèh ta kulup Endrasena |

iki ngalamate dadi |

angèl wong mijêt ranti |

rêkasa wong (n)jara timun |

kuciwa tan kacandhak |

Jêng Pangeran Surabanggi |

kacêkêla miris tyase wong Mantaram ||

5.
Endrasena matur latah |

rèh wau kasaput ratri |

wadya dalêm sampun sayah |

saha rêbat wêktu Mahrib |

ing dintên benjing-enjing |

tamtu kabanda dèningsun |

mlajênga mring Mantaram |

ulun datan nêdya ajrih |

sukur bage ing aprang tan mindho karya ||

6.
Babarpisan ulun bêkta |

dadya datan wira-wiri |

Pangran Pêkik kangjêng Sultan |

sumewa ngarsa sang yogi |

sang wiku ngandika ris |

iya sun dongakkên kulup |

yèn isih jênêngingwang |

sira kaki ywa kuwatir |

ing samêngko ing Giri sun wèhi aran ||

7.
Iya nagri Sokaraja |

pra wadu matur nêksèni |

ratri mêngko kasukana |

maulud dhikiran singir |

(m)bungahna wadya alit |

ganjarên sapantêsipun |

kang padha mêntas yuda |

dimène tambah kuwanin |

nanging kulup aywa atinggal waweka ||

8.
Manawa ing benjang-enjang |

mungsuhmu kawawa bali |

Endrasena saha wadya |

sarêng matur ing sang rêsi |

sadaya wus malêncing |

miris datan nêdya wangsul |

gustine tan kantênan |

rowange kathah ngêmasi |

benjang katon sarêng nungkule jêng sultan ||

Jilid 1 - Kaca : 34

9.
Ing ratri samya bujana |

wadya Giri suka ngênting |

gantya wau kang winarna |

ingkang kaplajêng ing jurit |

Jêng Pangran Surèngwèsthi |

lawan garwanya jêng ratu |

wus kumpul wadyanira |

jêng pangran anglês ing galih |

sungkawèngtyas miyat rusaking kang wadya ||

10.
Ki Sapanjang lajêring prang |

umatur marang sang Pêkik |

gusti atur pêjah gêsang |

abdi dalêm Surèngwèsthi |

satuhu (ng)gigirisi |

Endrasena yudanipun |

miwah prajurit Ngarga |

naracak kêndêl ing jurit |

ambêg pati ngamuk lir banthèng katawan ||

11.
Abdidalêm Surabaya |

sadaya turipun sami |

ngraos sampun botên bangkat |

tan anêdya pulih gêtih |

ing tyas wus samya wingwrin |

kanthi miris sakalangkung |

jêng pangran duk miyarsa |

ature punggawanèki |

saya anglês ing galih datan ngandika ||

12.
Mangkana Jêng Ratu Pandhan |

miyat garwanya prihatin |

sumpêk ing tyas tan kawêngan |

minggu datan kêna angling |

jêng ratu matur aris |

ngrarêpa mring garwanipun |

dhuh guru lakiningwang |

lamun makatên ngajurit |

rusaking prang amba nyuwun lilah tuwan ||

13.
Bilih kenging dinandosan |

kula ingkang andandosi |

kagyat Pangran Surabaya |

mirêng ature kang rayi |

patanyanira aris |

dhuh babo pupujaningsun |

ratuning amrakatya |

ratuning manis sabumi |

kadiparan kang dadya ing karsanira ||

14.
Wadyanira wus kèh pêjah |

kang kari wus padha wingwrin |

jêng ratu manis turira |

sok ugi kangmas nglilani |

manawi ta manawi |

sagêt mulihakên purun |

mangkana duk miyarsa |

jêng ratu rinangkul aglis |

tuhu yayi jajimating Surabaya ||

15.
Lah apa sakarsanira |

ingsun tan sawalèng kapti |

ing samêngko muhung darma |

magondhal ing sira yayi |

sakarsa-karsa dadi |

wus pasrah jiwa ragèngsun |

ing dalu tan winarna |

kunêng kawuwusa enjing |

Ratu Pandhan pinarak lawan kang garwa ||

16.
Anèng tarub wawangunan |

andhèr wadya Surèngwèsthi |

jêng ratu arum ngandika |

hèh sakèhe wadya mami |

(ng)gèningsun mangun jurit |

ingutus jêng raka prabu |

sinangon busanarta | reyal

wolung èwu luwih |

busana kèh endah-endah warna-warna ||

Jilid 1 - Kaca : 35

17.
Iku sun ganjarkên sira |

pandumên ingkang waradin |

pra wadya ing Surabaya |

sadaya wus samya tampi |

arta busana adi |

sumaringah netyanipun |

bombong tyasnya sadaya |

jêng ratu ngandika malih |

wadyaningsun kabèh kang tampa ganjaran ||

18.
Wus katongton antêpira |

tuhu ring gusti kaèsthi |

mèlu lalana andon prang |

sêdya sadu ing rèh ririh |

saparan datan kèri |

papa rêkasa ing laku |

tan ana mawèh marta |

lantarane ing kamuktin |

dak walêsa satus mene durung mandra ||

19.
Yayah mamriha wiryawan |

pamalêsku mung papèki |

paran minangka mulyakna |

tan ngupakara mring abdi |

gung awèh kawlasasih |

asor timên jiwaningsun |

bocah ing Surabaya |

kulina wibawa nagri |

gung ginawa ina papa kasangsara ||

20.
(m)Barêngkut kadya babêrah |

nglabuhi Gusti kaswasih |

kasurang pan kasangsaya |

ragèngsun paran pinanggih |

(ng)gagawa mring tan bêcik |

durmala bae ragèngsun |

bagya wirya ing praja |

sênêng mulat anak-rabi |

têka (n)dadak dakajak panggawe papa ||

21.
Satêmah amanggih susah |

angadoni jayèng jurit |

pira papati tan ketang |

sangking drêng kadêrêng ing sih |

yun malês maring gusti |

tan tiwas sangking sirèku |

ingsun lan kakangêmas |

iku dununge kang sisip |

pira-bara muwuhi ing kawiryawan ||

22.
Mungguh ing panyaurira |

wus kalakon tur ngêlêbi |

ingsun ingkang kapotangan |

kacihna nalika jurit |

campuh lan santri brai |

akanthi prajurit punjul |

Cina samya mualap |

prabawane angungkuli |

parabaku prajurit ing Surabaya ||

23.
Kêna prabawa arêbah |

rumaras tipis kang ati |

tan luput saka ing sira |

manawa wus karsèng Widdhi |

ing mêngko Surèngwèsthi |

ginawe beda lan dangu |

nguni ing sa-bangwetan |

pangaubaning prajurit |

manggalèng prang prajurit ing Surabaya ||

24.
Tyas ambêg satya-susatya |

tan angeman lara pati |

wantêr tatag ing ngayuda |

têguh datan pilih tandhing |

babanthèng tanah Jawi |

mundur aran sukanipun |
iku dhèk jaman kuna |
sarèhning waktu saiki |

akèh mungkur lalabuhan kuna-kuna ||

Jilid 1 - Kaca : 36

14 Pangkur

1.
Lah sagung pra wadyaningwang |

dadi luwih bêcik lalakon iki |

tur tan sumêlang yèn lampus |

kataman ing gagaman |

nadyan kucêm nanging isih mamah-mumuh |

nora keguh ing rarasan |

waton (n)dêrbala lêstari ||

2.
Payo lah padha bubaran |

ingkang agung apuranira sami |

marma mêngko sadayèku |

padha nuli muliya |

mring wismamu dene ta ganjaranipun |

gawenên sangu nèng marga |

ingokna mring anak-rabi ||

3.
Ingsun mulih mring Mantaram |

munjuk marang kakang prabu Mantawis |

ngaturkên pati-uripku |

lan kangmas adipatya |

tiwas ing prang mungsuh wiku tuwa pikun |

biniyanton wong mualap |

Cina nênêka ngajawi ||

4.
Gagamane mung salumrah |

santri mêri tarêbange tinitir |

têka wèh uwasing kalbu |

angêdirkên kasuran |

têmah ura datan tumama tumangguh |

akèh wutahing ludira |

nandhang brana têkèng lalis ||

5.
Kang kari tyase garowah |

lir kinêbat kawanènira ênting |

kèh-kèhe ingsun kang luput |

anandhang kawirangan |

lara-pati ingsun lan kangmas tumangguh |

aywa mèlu-mèlu padha |

lah uwis andum basuki ||

6.
Kunêng jêng ratu lingira |

para mantri umatur sadayèki |

pan sarya drês wêtuning luh |

dhuh gusti pundhèningwang |

sampun age paduka nêmahi kundur |

tontonên wadya paduka |

bêktine wong Surawèsthi ||

7.
Lawan pamriye pra wadya |

angantosa yèn mêngko tuhu sêkti |

didimèn têlas pukulun | sagung wong Surabaya |

têkèng pêjah wadyanta ing Surèngkewuh |

datan ngrêmpêlu sadaya |

yèn ngeman-emana pati ||

8.
Kalakyaning karsa tuwan |

yèn kacuwan luwung tumpêsing jurit |

urip apa karyanipun |

tan pêcus karya rêna |

ing karsane jêng gusti têka tan dhaup |

yèn uripa kêna ngucap |

dhasar manungsa tan yukti ||

Jilid 1 - Kaca : 37

9.
Ewa kabèh kang tumingal |

jêr wong Surawèsthi kang (n)jêjêmbêri |

apan nisthane kalangkung |

kawruhe nora nana |

mung mangkono bobote aduwe ratu |

wali kalipahing Allah |

prandene nora nglabuhi ||

10.
Ya endah apa wong kompra |

cêplik tangèh wêruha marang bêcik |

sadaya pating salênggruk |

punggawèng Surabaya |

ki tumênggung Sapanjang matur dhuh-adhuh |

anjanmaa kaping sapta | kawulakna sadayèki ||

11.
Pêjah gêsang aywa pisah |

ing jêng pangran kang mêngku Surawèsthi |

wadya tumpêsa karuhun | sampun age paduka |

kundur ngunjukakên yuswanta pukulun |

pra wadya ing Surapringga |

yèn tiwas ngayahan jurit ||

12.
Aywa na kantun satunggal |

tinumpêsa mring Sunan Giri aglis |

yèn paduka prapta kantun |

dhatêng ing kalanggêngan |

nyuwun wartos kewala solah pukulun |

Sunan Giri kang (m)balela |

pinanggiya jroning pati ||

13.
Taksiya satru kawula |

saturune (n)janmaa dhatêng pundi |

têtêpa dumados satru |

yèn dèrèng kalampahan |

pulih awon dhatêng paduka gustiku |

Jêng Ratu Pandhan myang garwa |

suka ing tyas duk miyarsi ||

14.
Ature para punggawa |

samya madêg kasuranirèng galih |

prasêtyanira trus kalbu |

datan lamis ing ujar |

sru kumruwuk nyuwun lilah magut pupuh |

mangrurah kraton Prawata |

rampung ing sadina mangkin ||

15.
Sunanne dadya tawanan |

amboyongi dunyarta garwa siwi |

Ratu Pandhan ngandika rum |

yèn sira magut ing prang |

ingsun arsa uning tingkahing apupuh |

yèn têtêp asoring yuda |

padha barêng angêmasi ||

16.
Para wadya matur nêmbah |

dèn pitados risaking kraton Giri |

prayogi jêng gusti kantun |

wontên ing pasanggrahan |

nyakecakkên sarira dalêm pukulun |

jêng ratu aris ngandika |

palimarmanta mring mami ||

Jilid 1 - Kaca : 38

17.
Abangêt tarimaningwang |

sun tatêdha winalêsa ing Widdhi |

nanging kêncênge tyasingsun |

tan kêna sinayutan |

para wadya sadaya samya andhêku |

jêng ratu malih ngandika |

mêngko yèn wis praptèng Giri ||

18.
Mungguh gêlaring ngayuda |

bocahingsun sikêp ing Surawèsthi |

nganggoa gagaman pupuh |

ana ing ngarsaningwang |

kang minangka titindhih kangmas lan ingsun |

kabèh padha singitana |

lamun wus têmpuh ing jurit ||

19.
Ingsun aparing têngara |

yèn pistulku wus muni kaping katri |

sêdhêng kuwuring ngapupuh |

aglis sira trajanga |

poma padha èstokna pituturingsun |

pra wadya matur sandika |

mundur anata kang baris ||

20.
Pra wadya asuka-suka |

giyak-giyak marlêsunira ênir |

pulih kapurunanipun |

sarêng surak gumêrah |

nora nana kang alit ing manahipun |

sadaya samyambêg pêjah |

gambira wong Surawèsthi ||

21.
Sampun anêmbang têngara |

bidhalira wadya ing Surawèsthi |

kuli minangka panganjur |

binusanan mawarna |

abang kuning irêng putih ijo wungu |

mandhi watang nganggar criga |

tinon lir panjrahing sari ||

22.
Jêng Ratu Pandhan nèng wuntat |

nitih joli jêng pangran datan têbih |

wahana turangganipun |

ingurung-urung wadya |

magêrsari prajurit wuri sumambung |

solahe lir singa krura |

tan nêdya mundur ing jurit ||

15 Durma

1.
Lampahira ing ngênu datan winarna |

wadya ing Surawèsthi |

wus ngancik jajahan |

ing Giri kagègèran |

prajurit kang anèng wuri |

lampahnya nyimpang |

singitan tan katawis ||

2.
Kawarnaa Jêng Susunan ing Prawata |

lagya eca tinangkil |

lan sang Endrasena |

ingadhêp para wadya |

tan liyan ingkang ginupit |

jayaning aprang |

jêng sunan ngandika ris ||

Jilid 1 - Kaca : 39

3.
Endrasena kadiparan mungsuhira |

apa tan nêdya bali |

matur Endrasena |

pukulun kintên amba |

kalajêng dènnya malêncing |

botên kuwagang |

nadhahi yuda mami ||

4.
Lamun purun wangsul nêtêpi bêbasan |

lir sulung lêbu gêni |

nadyan kangjêng sultan |

Mantaram yèn miyarsa |

tandang ulun ing ngajurit |

kasêktèn amba |

sayêkti lajêng miris ||

5.
Dèrèng dangu dènnira imbal wacana |

kasaru gègèr jawi |

alok mungsuh prapta |

anganggo mancawarna |

tindhihipun nitih joli |

munggèng ing wuntat |

gugup Susunan Giri ||

6.
Kulup payo padha nêmbanga têngara |

mungsuh (n)dadak nêkani |

kaki dèn prayitna |

sun dongakkên raharja |

Endrasena mundur aglis |

nêmbang têngara |

busêkan wadya Giri ||

7.
Pradandanan ngrasuk kapraboning ngaprang |

sangking kitha wus mijil |

sangking rananggana |

sampun ayun-ayunan |

têngara paguting jurit |

bêdhug tinatab |

surak manêngkêr langit ||

8.
Sarêng tandang wadya Giri Surapringga |

caruk asilih ungkih |

tambuh mungsuh rowang |

sanjata barondongan |

wadya Giri ngidak wani |

pangamukira |

lir banthèng nandhang kanin ||

9.
Wadya Surapringga kadya singa krura |

manggalak (ng)gêgirisi |

samyambêg palastra |

kang pêjah ingidakan |

riwut rukêt ing ngajurit |

tan ana nêdya |

ngucira ing ngajurit ||

10.
Pan karasa paparinge gustinira |

sêdya amalês bêcik |

ngêtohakên pêjah |

wus rukêt ing ngayuda |

larih-linarih ing kêris |

tumbak-tinumbak |

pênthung-pinênthung gênti ||

11.
Ana ingkang prang tangan datanpa gaman |

dadya bithi-binithi |

japa-jinapanan |

sêbul-sinêbul gantya |

umêt-umêt umik-umik |

ngapalkên japa |

pating karêsês sami ||

12.
Endrasena pangamuke saya nêngah |

pêdhange mobat-mabit |

singa kang katrajang |

ngisis datan kawawa |

nanggulang pangamuknèki |

kathah kabranan |

papati tanpa wilis ||

13.
Bubar-bubar ngungsi (ng)gyaning gustinira |

Jêng Ratu Pangran Pêkik |

anudingi wadya |

hèh bocah Surabaya |

sira ayun marang ngêndi |

aturing wadya |

ngaso ing sawatawis ||

Jilid 1 - Kaca : 40

14.
Wusnya ngaso sakêdhap nulya tumandang |

mring pambaratan malih |

risang Endrasena |

sawadya sru gambira |

satuhu ngebat-ebati |

pangamukira |

jêng ratu wlas ningali ||

15.
Matur maring kang garwa Kangjêng Pangeran |

dhuh kangmas adipati |

senapati Cina |

wus wuru ing ngayuda |

sêdhênge tiniban mimis |

manthuk jêng pangran |

jêng ratu ngasta aglis ||

16.
Pistulira winawas mimis lumêpas |

mring Endrasena kanin |

tanganira kanan |

jumbul pêdhange gigal |

ngamuk dhuwung tangan kering |

pinistul sigra |

kabranan tangan kalih ||

17.
Maksih panggah ngamuk (m)bijig (n)jêjêg (n)dhupak |

angêmah-ngêmah kuping |

Ratu Pandhan sigra |

pistulira winawas |

suku Endrasena kêni |

sakala rêbah |

prajurit Surawèsthi ||

18.
Samya mirêng ungêle pistul ping tiga |

sigra angêbyuk jurit |

saking kering kanan |

gugup ingkang tinrajang |

wong Giri tan ana uning |

yèn mêngsah wêwah |

prajurit Surawèsthi ||

19.
Kiranira kantun kang katon kewala |

jroning tyas agung kibir |

dadya tan wêweka |

bujuke wong Mantaram |

wadya Cina anadhahi |

karoban mêngsah |

linambung nganan ngering ||

20.
Endrasena (n)dhoko madyaning ngayuda |

mangkana wadya Giri |

myang prajurit Cina |

tyase wus samya growah |

kêmba tandange ngajurit |

wong Surabaya | sadaya ambêg pati ||

21.
Amangrurah mungsuhe pating salayah |

anglir babatan pacing |

risang Endrasena |

kinrocok tinumbakan |

ajur luluh awor siti |

wadya tumpêsan |

sakantune kang lalis ||

22.
Mawut-mawut lumayu (ng)guwang gêgaman |

samya angungsi urip |

(ng)galundhung ing jurang |

singidan malbèng guwa |

ana ingkang (ng)gêbyur tasik |

minggah ing arga |

sinurak saya giris ||

23.
Wadya Giri siji tan ana katingal |

rêsik lir dèn saponi |

wadya Surabaya |

surak ambal-ambalan |

pratandha ungguling jurit |

Giri kinêpang |

têpung kinubêng baris ||

Jilid 1 - Kaca : 41

24.
Kawarnaa nalika ramening yuda |

putranya Sunan Giri |

kang saking ampeyan |

titiga èstri juga |

tunggil sayayah sabibi |

sru angrêsing tyas |

lir mas timbul ing warih ||

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (04) Kaca 16 - 31
  • (05b) Kaca 42 – 50 >