Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 6

Kontak Admin.

email-kidemang

(05b) Kaca 42 – 50

 

( Wadya Surabaya kalindhih )


Jilid 1 - Kaca : 41

16 Maskumambang

1.
Ingkang sêpuh kakasih Dyan Jayèngrêsmi |

ramening ngayuda |

ngupadosi rayi kalih |

Jayèngsari Rancangkaptya ||

2.
Karsanira ri kalih binêkta ngungsi |

nanging jro kadhatyan |

ingubrês wus tan kapanggih |

rahadyan sangêt sungkawa ||

3.
Lolos saking Giri madosi kang rayi |

tambuh kang sinêdya |

tan ana kang ngudanèni |

lêpas lampahe rahadyan ||

4.
Kawarnaa wau Radèn Jayèngsari |

tan pisah kalawan |

rinta Nikèn Rancangkapti |

ngupadosi ingkang raka ||

5.
Tan kapanggya santri Buras atur uning |

dhuh lae bêndara |

ing Giri apês ing jurit |

tan wande dadya tatawan ||

6.
Pan binoyong maring nagari Mantawis |

rakanta Rahadyan |

Jayèngrêsmi sampun anis |

nir dasih kang atut wuntat ||

7.
Duk miyarsa ature ki Buras santri |

Radèn Jayèngsêkar |

ngandika waspa drês mijil |

yayi paran karsanira ||

8.
Nikèn Rancangkapti matur èsmu tangis |

kakang nora bêtah |

yèn pisah lawan sirèki |

saparan aku tut wuntat ||

9.
Saya ribêt tyasira Dyan Jayèngsari |

yayi karsaningwang |

anglut kangmas Jayèngrêsmi |

mati urip aywa pisah ||

10.
Buras matur kalilana ingkang abdi |

tumutur saparan |

sumangga nuntên lumaris |

sêlak têbah rakapara ||

11.
Payo yayi nuli pangkat ing saiki |

kang rayi turira |

kakang aku dandan dhisik |

karo nglumpukke dolanan ||

12.
Mêngko Buras gawanên dolanan mami |

bèsèk têmantènan |

ambèn cilik rana cilik |

bagor isi dhuwit wingka ||

Jilid 1 - Kaca : 42

13.
Cowèk wajan anglo kêrên kêndhil kwali |

irus rok-erokan |

solèt wilah susuk cilik |

bagor cilik isi bêras ||

14.
Tenong cilik isi bumbu aja cicir |

lan cuwilan bata |

kêmbang jambu ampas krambil |

kunir ênjêt angus wajan ||

15.
Buras matur lèhe (m)bêkta kadi pundi |

iya kanthongana |

mèh bae dhakone lali |

kêcik klungsu anèng kêba ||

16.
Mantènaku bêcik dak gendhong pribadi |

aja sira gawa |

mêngko mundhak kok colongi |

kateku gawanên pisan ||

17.
Ko nèk kêsêl aku (n)juk gendhong sirèki |

Buras tobat-tobat |

dhuh bêndara napa malih |

kari pêturon bênètan ||

18.
Payo Buras ewangana anjupuki |

Radèn Jayèngsêkar |

myarsa surak (ng)gêgêtêri |

kang rayi nulya cinandhak ||

19.
Gya ginendhong santri Buras anèng wuri |

kakang udhunêna |

pasaranku isih kèri |

nèk dak tinggal mundhak ilang ||

20.
Buras matur sêdaya tan ana kèri |

wus pinikul bêrah |

êndi mantènaku kêcik |

karo cukiku nèk ilang ||

21.
Sampun lêpas lampahe Dyan Jayèngsari |

umanjing mring wana |

tumurun ing jurang trêbis |

gantya ingkang winursita ||

22.
Kangjêng ratu lawan garwa sang dipati |

minggah marang Arga |

jinajaran pra prajurit |

ingurung-urung sêntana ||

23.
Kawarnaa garwanya sang maha rêsi |

miyos saking pura |

lumajêng atawan tangis |

miyat baris kang nèng ngarsa ||

24.
Praptèng ngarsa mêndhak-mêndhak mangênjali |

anungkêmi pada |

matur mlasasih wor tangis |

lae gusti pundhèn amba ||

25.
Karsa rawuh anèng padhêkahan Giri |

sèwu kanugrahan |

pindha kêdhawahan sari |

wijile nata minulya ||

Jilid 1 - Kaca : 43

17 Mijil

1.
Datan (n)dimpe musthikaning bumi |

rawuh sakarongron |

apuranên punika dasihe |

abdi dalêm pandhita ing Giri |

ywa tumêkèng lalis |

sru panuwun ulun ||

2.
Sèstunipun putranta ing Giri |

katarik wiraos |

kêni bujuk rum manis têmbunge |

anglimputi utamaning rêsi |

têmah (m)bêbayani |

tiwas ing tumuwuh ||

3.
Endrasena eblis angêjawi |

rêraton nèng dhepok |

têka badhe ngêmbari dhèwèke |

ing sang ulun kang mêngku rat Jawi |

satêmah ngêmasi |

(ng)gêgawa sang wiku ||

4.
Putra tuwan saèstune sêpi |

balela ing katong |

lah punapa kang dèn andêlake |

dhuh jêng gusti saèstu tur mami |

dèn pracayèng galih |

Gusti atur ulun ||

5.
Pangran Surawèsthi ngandika ris |

aywa walangatos |

lamun mêngko wus eling atine |

gêlêm nungkul marang ing Mantawis |

atur pati-urip |

mring Jêng Sultan Agung ||

6.
Yèn miturut nora sun patèni |

lamun mêksa wangkot |

kari aran sak bojo anake |

tumpês tapis ing Giri sun radin |

papak lawan siti |

aja na mandhukul ||

7.
Nora nyana nora ngira mami |

yèn dadi prang popor |

sadurunge kalakon mangkene |

akèh-akèh manira nuturi |

têka tan ginati |

minggu datan muwus ||

8.
Aturana lakimu dèn aglis |

yèn sandeyèng batos |

isih kêncêng kang dadi karêpe |

isin mundur nglabuhi si eblis |

nora ngeman pati |

suka tumpês lêbur ||

9.
Baya namung sagêbyaring thathit |

ing Giri wus luloh |

mênèk uwus rumangsa lupute |

gêlêm nungkul marang ing Mantawis |

nuli konên mijil |

aja nganggo dhuwung ||

10.
Nêmbah mundur sang dyah pramèswari |

jêng ratu angantos |

anèng jawi kalawan garwane |

yata wau pramèswari Giri |

nungkêmi padaning |

risang raja wiku ||

Jilid 1 - Kaca : 44

11.
Aturira dahat mamalatsih |

dhuh jawataningong |

rama tuwan kalawan garwane |

Gusti Kangjêng Ratu Pandhansari |

rawuh wus nèng jawi |

(m)bêkta prajurit gung ||

12.
Dhawuhipun dhumatêng pun patik |

gusti wantos-wantos |

ywa kadaut paduka kasupèn |

bilih karsa nungkul mring Mantawis |

tanggêl Pangran Pêkik |

ing rahayunipun ||

13.
Slira tuwan sagarwa putrabdi |

tulus angadhaton |

anèng Giri saturun-turune |

bilih datan makatên wus pasthi |

risak prajèng Giri |

tumpêsan sadarum ||

14.
Jêng paduka tinimbalan mijil |

dangu wus ingantos |

yèn taledhor bok dados dukane |

pan dinalih ngrungkêbi si eblis |

mangga sowan gusti |

sampun ngagêm dhuwung ||

15.
Sunan Giri wèntèh angèngêti |

tyasira sumêdhot |

gugup tanggap ngrasuk busanane |

datan ngagêm curiga wus mijil |

atatêkên êcis |

mangsah mundhuk-mundhuk ||

16.
Dupi prapta ngarsanya sang Pêkik |

sasalaman gupoh |

wusing salam angraup padane |

marikêlu mêpês anèng ngarsi |

lir konjêm mring siti |

ajrihe kalangkung ||

17.
Angandika Jêng Pangeran Pêkik |

pungkasaning lakon |

kadiparan karêpmu ing mangke |

kêkêtogan aywa mindho kardi |

êndi kok antêpi |

mati apa nungkul ||

18.
Lamun nungkul dak gawa saiki |

marang nagriningong |

sabojomu myang anakmu kabèh |

rajabrana saisining Giri |

sawadyanirèki |

aja na kang kantun ||

19.
Sabanjure angidêpa maring |

jêng sultan kinaot |

ingsun ingkang bakal nyebakake |

sang pandhita aturira aris |

tan lênggana gusti |

andhèrèk sakayun ||

20.
Sampun ingkang dhumatêng ing sakit |

nadyan praptèng layon |

tan gumingsir sumarah abdine |

muhung nyadhong parênging narpati |

amba angèngêti |

wawêca ing dangu ||

21.
Karsaning Hyang buwana binalik |

luhur dadya asor |

nanging datan ngicalkên lajêre |

kadi paran (ng)gèn amba sumingkir |

pangran duk miyarsi |

angrês galihipun ||

Jilid 1 - Kaca : 45

22.
Ngandika lon hya sumêlang kapti |

ingsun kang tumanggoh |

dèn pracaya marang Sang Murbèng rèh |

lah ta mara pradandana aglis |

lèngsèr Sunan Giri |

pradandosan sampun ||

23.
Wus samêkta tan ana kang cicir |

jêng pangeran bodhol |

ingkang rayi wahana joline |

Sunan Giri tinandhu nèng ngarsi |

lan garwa myang siwi |

jinagan wadya gung ||

24.
Wadya Surawèsthi abibisik |

marang sang wiranom |

prayogine Sunan Giri mangke |

yèn sambada ing karsa jêng gusti |

rèh karya papati |

anggambuh prang pupuh ||

18 Gambuh

1.
Kalakyan aprang pupuh |

dados damêl kapitunan agung |

aminihi kasangsarane tyang alit |

(ng)gorêkkên praja sawêgung |

abdidalêm kathah layon ||

2.
Têtela sampun kosus |

sinangsaya tumêkèng ing lampus |

tinumpêsa sampun botên milalati |

imane sampun têkiyur |

ical sumungkêm ing Manon ||

3.
Mumpuni kajêngipun |

jawi lêbêt sêdyanya rinangkut |

tan rumaos kungkulan dhampar narpati |

wikuning antigan èstu |

pathaknya jawi kemawon ||

4.
Ing mangkya mupung ngumpul |

wontên ngajêng kadrèl sangking pungkur |

Pangran Pêkik gumujêng ngandika aris |

bênêr kabèh ing aturmu |

wus kosus tinumpês mangko ||

5.
Ananging saka dhawuh |

dalêm Gusti Kangjêng Sultan Agung |

ingsun nora winênang lamun matèni |

pan dudu bubuhaningsun |

luwih karsane sang katong ||

6.
Wirayate pra luhung |

yèn samêngko durung waktunipun |

besuk ana kang ngrêmêg kadhaton Giri |

darahe Jêng Sultan Agung |

campur lawan darahingong ||

7.
Sadaya para wadu |

samya (n)dhêku langkung cuwèng kalbu |

marêming tyas têmbe kalakon sêdyèki |

yata lajêng lampahipun |

wus prapta ing Surèngkewoh ||

Jilid 1 - Kaca : 46

8.
Pinêrnah pondhokipun |

Sunan Giri sawadya kinumpul |

myang jinagan ing prajurit Surèngwèsthi |

kangjêng ratu karsanipun |

benjang enjang dènnya bodhol ||

9.
Cinacahakên sampun |

baboyongan jarahan brana gung |

Sunan Giri matur mring Jêng Pangran Pêkik |

kauningana pukulun |

kirang tiga anak ingong ||

10.
Jayèngrêsmi kang sêpuh |

miwah Jayèngsari arinipun |

wuragile wasta Nikèn Rancangkapti |

ramening prang sami mirut |

lolos sangking ing kadhaton ||

11.
Tan wontên sanjang ulun |

duka dalêm mênggah purugipun |

tunggil biyang tiga pisan sangking wingking |

jêng pangran nulya dhadhawuh |

marang wadya Surèngkewoh ||

12.
Hèh bocah dèn agupuh |

upayanên atmaja sang wiku |

Jayèngrêsmi Jayèngsari Rancangkapti |

kalamun uwus kapangguh |

rihrihên dèn nganti klakon ||

13.
Sebakna mring Mantarum |

yèn ambandakalani tan purun |

aywa wangwang (ng)gonira anyantosani |

yèn abota sangganipun |

matura ing jênêngingong ||

14.
Ki Sapanjang wus ngutus |

wadya Surèngkewuh ingkang ngruruh |

pan sinêbar ing paran datan anunggil |

sigêgên dènnya angruruh |

enjinge dènnya yun bodhol ||

15.
Sowan maring Mantarum |

wus samêkta punggawa nung-anung |

myang boyongan jarahan sampun miranti |

tinêngêran bêndhe ngungkung |

gumuruh kanang kêndhang gong ||

16.
Enjang budhal gumuruh |

giyak-giyak tandha jayèng pupuh |

kangjêng ratu nèng ngarsa anitih joli |

jêng pangeran tansèng pungkur |

nitih turangga binarong ||

17.
Ingayap wadyanipun |

jinajaran myang dèn urung-urung |

kang sumambung ing wuri jêng Sunan Giri |

sagarwa putra tinandhu |

brana jarahan tan adoh ||

18.
Jinagan pra mantri nung |

jinajaran myang dèn urung-urung |

ginarubyuk prajurit ing Surabanggi |

samya prayitna ing kewuh |

samarga-marga tinonton ||

Jilid 1 - Kaca : 47

19.
Ing ngênu tan winuwus |

wus angancik nagari Mantarum |

orêg ingkang samya ayun aningali |

kondurira kangjêng ratu |

ungguling prang ambaboyong ||

20.
Sunan Giri pinikut |

sagarwa putra santananipun |

jajarahan gusis rajabrana Giri |

wong nonton jêjêl supênuh |

samya ngucap ting calêmong ||

21.
Sing êndi warnanipun |

Sunan Giri kang mbalèlèng ratu |

rowangira nauri atuding-tuding |

kae lo lo anèng tandhu |

kang wus pikun kêmpong perot ||

22.
Lo dene uwus thuyuk |

apa ingkang dèn andêlkên iku |

ah wong wiku manawa dongane mandi |

lan duwe saraya jadhug |

Cina mualap sabagor ||

23.
Ing mêngko wus kinrucuk |

ing jêng ratu kagêm sambêl wandu |

pinakakkên maring sakèhe wong Giri |

satêmahe padha mupus |

rajane kêna binoyong ||

24.
Wau ta lampahipun |

kangjêng ratu prapta ngalun-alun |

Pangran Pêkik sawadya myang Sunan Giri |

kèndêl nèng taratag agung |

jêng ratu (n)dhandhang kadhaton ||

19 Dhandhanggula

1.
Kawarnaa jêng sultan Mantawis |

apan sampun ingaturan wikan |

Jêng Ratu Pandhan rawuhe |

saha ungguling pupuh |

Sunan Giri sampun jinodhi |

binêkta mring Mantaram |

mangkana sang prabu |

miyos madyaning pandhapa |

ginarêbêg sagunging pawongan cèthi |

sampêt pacarèng nata ||

2.
Tan pantara kang rayi kaèksi |

kangjêng sultan gupuh dènnya mapak |

tundhuk pinêngkul janggane |

kinanthi lampahipun |

wusing lênggah cakêt sang aji |

arum wijiling sabda |

adhuh ariningsun |

lakumu myang garwanira |

ingsun utus ngêndhakkên pandhita Giri |

apa padha raharja ||

Jilid 1 - Kaca : 48

3.
Lakinira mêngko ana ngêndi |

kangjêng ratu matur saha nêmbah |

kakang prabu pangèstune |

mundhi dhawuh pukulun |

amba miwah kangmas dipati |

myang wadya Surabaya |

sadaya rahayu | ingutus wus antuk karya |

Sunan Giri ing aprang sampun kapilis |

ing mangkya kula bêkta ||

4.
Laki ulun ngêntosi nèng jawi |

cumadhong ing dhawuh sri narendra |

jêng sultan utusan age |

nimbali ipe prabu |

Pangran Pêkik sampun akerit |

prapta ing palataran |

(n)dhadhab mundhuk-mundhuk |

lênggah konjêm ing pratala |

gya ingawe jêng pangran majêng wotsari |

mangraup pada nata ||

5.
Padha bêcik satêkamu yayi |

dene lagi sawatara dina |

apa baya antuk gawe |

jêng pangran nêmbah matur |

dhuh gustiku kalipah Widdhi |

musthikaning bawana |

kinasih Hyang Agung |

pangèstu dalêm narendra |

kawula myang abdi dalêm Surawèsthi |

sadaya karaharjan ||

6.
Nuwun sampun kawula tinuding |

(n)dhawuhakên timbalan narendra |

dhatêng Sunan Giri Prapèn |

supadi ywa kadaut |

kajêngipun ingkang nalisip |

tan ayun sumuyuta |

ing pada pukulun |

sakawit patik piyambak |

tanpa kanthi pinanggih Susunan Giri |

pinuju pakêmpalan ||

7.
Para kaum andhèr ngarsèng rêsi |

lawan wontên tyang Cina mualap |

kalih atus prajurite |

sampun Islam sadarum |

lurahipun pinêndhêt siwi |

ingaran Endrasena |

saèstu pinunjul |

punika ingkang amawa |

kadauting tyasira sang maha rêsi |

sinantosan tyang Cina ||

8.
Ulun paripih sangkaning aris |

mèh sadalu mêksa botên mêmbat |

gèbès tan wontên ature |

pêgêling tyas kalangkung |

ulun mantuk datanpa pamit |

enjinge mapak yuda |

mèh sadintên muput |

wadya dalêm Surabaya |

pan kasêsêr giris pangamukirèki |

Endrasena prawira ||

9.
Ing sasagêd amba ambolèhi |

mêksa mopo miris ananggulang |

wadya Giri pangamuke |

tyas amba ngrês kalangkung |

sumpêg pêpêt kewran ing pikir |

rayi dalêm duk priksa |

bilih amba minggu |

tan wontên wênganing manah |

ngandika rum dhatêng amba ngasih-asih |
mundhut lilah ngrarêpa ||

Jilid 1 - Kaca : 49

10.
Karsa mulihakên tyasing abdi |

sarêng rayi dalêm angandika |

inggaring tyas amba mangke |

nyumanggakkên sakayun |

mung sadarmi (n)dhèrèk kang abdi |

anulya mundhut reyal |

cacah wolungatus |

busana maneka warna |

pinaringkên dhatêng ing punggawa mantri |

pipikul Surabaya ||

11.
Samya enggar manahipun sami |

prêmbik-prêmbik thukul kasuranya |

jêng sultan asru gujênge |

bacutna ariningsun |

nuwun rayi dalêm jêng gusti |

kathah kang pangandika |

nyênyês manis arum |

kados mêjang ngèlmi nyata |

agêndhagan abdi dalêm botên apil |

panjang angandhar-andhar ||

12.
Abdi dalêm tyang sa-Surawèsthi |

sarêng mirêng ingkang pangandika |

samya madêg kasurane |

matur asênggruk-sênggruk |

aprasêtya mawanti-wanti |

sadaya ambêg pêjah |

nadyan lêbur luluh |

tan gumingsir ing ngayahan |

saya suka sang aji ngandika aris |

mara yayi banjurna ||

13.
Enjing lajêng têngara tinitir |

rayidalêm madêg senapatya |

nèng joli mangku pistule |

kawula anèng pungkur |

numpak kapal datan cumuwit |

gêlaripun ngayuda |

garudha maniyup |

kuli binusanan abra |

dadya cucuk rayidalêm dadya têlih |

prajurit Surapringga ||

14.
Kang minangka gêlar nganan-ngering |

alimunan datan katingalan |

amung cucuk mèdhèng-mèdhèng |

surak mawantu-wantu |

wadya Giri lajêng miyosi |

nir baya nir wikara |

gupuh amanêmpuh |

senapati Endrasena |

sawadyanya tyang Cina wira ing jurit |

rame campuhing yuda ||

15.
Pan kapilis wadya Surawèsthi |

ngungsi (ng)gyaning risang senapatya |

rayidalêm timbalane |

lho kathik padha mlayu |

aturipun botên lumaris |

angêncêngi dandosan |

Endrasena anglut |

tandangnya lir Radyan Seta |

rayidalêm mistul tangan têngên kêni |

pêdhangipun wus gagal ||

Jilid 1 - Kaca : 50

16.
Maksih ngamuk dhuwung tangan kering |

gya pinistul tanganipun kiwa |

kabranan tangan kalihe |

kantun suku myang gundhul |

(n)jêjêg (m)bijig lir mênda baring |

gêr ginuyu wong kathah |

ping tri ing pamistul |

sukunipun kang kataman |

lajêng dhawah sarêng kêrbêting suwiwi |

wadya ing Surabaya ||

17.
Angêbyuki sangking kanan kering |

waringutên wadya Surabaya |

kadugèn ing punagine |

angidak ambêg purun |

datan odhil wadya ing Giri |

pêpêjah tan petungan |

lèsèh sungsun timbun |

kantun kêdhik ingkang gêsang |

mawut-mawut samya ngungsi jurang trêbis |

wênèh minggah prawata ||

18.
Endrasena luluh awor siti |

wadya Cina tumpêsan sadaya |

rayidalêm minggah age |

dhumatêng ing kadhatun |

praptèng jawi garwa sang yogi |

umarêg ngraup pada |

asru tangisipun |

nyuwunakên pangaksama |

gêsangipun lakinya pandhita Giri |

sampun pasrah bongkokan ||

19.
Tan suwala sakarsa sang aji |

rajabrana saisining pura |

sadaya dènaturake |

myang anak rabinipun |

amung anak kang sangking sêlir |

titiga èstri juga |

Jèngrêsmi kang sêpuh |

ambêg mawiku sudibya |

nuli Jayèngsari taruna apêkik |

Rancangkapti wanudya ||

20.
Tiga pisan ramening ngajurit |

samya lolos amba wus kèngkènan |

ngupadosi katigane |

ing samangke pukulun |

Sunan Giri saha nak-rabi |

myang sagung jajarahan |

wus nèng alun-alun |

kawula nuwun sumangga |

kangjêng sultan suka amarwatasiwi |

aris wijiling sabda ||

21.
Iya bangêt ing panrima mami |

wiku Giri patut ingapura |

ing samêngko pangwasane |

ing Giri sadayèku |

sun paringkên maring sirèki |

sagunge jajarahan |

dadia darbèkmu |

jêng pangran matur manêmbah |

sakalangkung kapundhi sih paduka ji |

kang dhumatêng patikbra ||

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (05a) Kaca 32 – 41
  • (06) Kaca 51 - 65 >