Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

(20) Kaca 282 – 300

 

( Ing Banyuwangi ningali candhi Sela Candhani )
6. Ing Banyuwangi ningali candhi Sela Candhani ingkang miturut dêdongengan ing kinanipun panêpènipun Prabu Menakjingga ing Blambangan, rumiyin nama candhi Macan-putih.
Lajêng dhatêng griyanipun Ki Menak Luhung juru kuncinipun candhi kasbut. Wontên ing ngrika kapanggih Ki Hartati, juragan saking Pêkalongan ingkang nêmbe dhatêng saking Bali. Ki Hartati botên kagungan putra, mila R. Jayèngsari lan Nikèn Rancangkapti lajêng kapundhut putra, kaboyong dhatêng Pakalongan.
Putra kêkalih katanpi dening Nyi Hartati kanthi suka rênaning manah lan kawulang kawruh warni-warni, kadosta bab petangan wilujêngan tiyang tilar donya lan wêrdinipun driji gangsal. Nyi Hartati tilar donya. Kalêrês sèwu dintênipun kasusul dening Ki Hartati ...

Kaca 282-300

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 1 - Kaca : 282

78 Mêgatruh

14.
Iya Buras mêngko tutura maringsun |

wau ta lampahirèki |
saking ing arga tumurun |
Jayèngsari Rancangkapti |
laminya tan winiraos ||

15.
Sampun prapta talatahe Toyaarum |

ngambah wana agung wêrit |
anèng pasisiring laut |
supitanning pulo Bali |
Ki Buras kalangkung ngorong ||

16.
Angupaya toya tawa wus pikantuk |

sumbêr agung langkung wêning |
cakêt sela agung-agung |
tumpukan saking ing wukir |
Buras tuwuk ngombe ngokop ||

17.
Tandya wangsul umatur bandaranipun |

wontên toya tawa wêning |
mêdal sêlaning kang watu |
tumpukan saking ing wukir |
sangandhaping gurda ayom ||

18.
Payo kakang aku sumuk arêp adus |

lajêng lampahira prapti |
sêndhang gya siram sang ayu |
wusnya siram ngaring-aring |
nèng ngandhapping gurda ayom ||

19.
Ana janma tumurun saking parau |

ngupaya mina jaladri |
maring sêndhang nyangking buyung |
sawussira ngambil warih |
kagyat anon kang wiranom ||

20.
Ki Pandaya alon wau aturipun |

dhuh sang katêmbe kaèksi |
mugi sampun dangu-dangu |
rèrèh wontên sêndhang ngriki |
pangampiran tiyang awon ||

21.
Bajaglaut aru-biru karyanipun |

rahadyan ngandika manis |
bangêt panarimaningsun |
kisanak asung pêpeling |
rahayune kang lalakon ||

22.
Buras gugup pandirangan asru matur |

sumangga amentar aglis |
laju linggar kalihipun |
sang dyah lumampah ing ngarsi |
anon tapaking kang gogor ||

23.
Kakang iki tapak apa dene agung |

dhapure lir tapak kucing |
yayi tapak macan iku |
êndi macane tan kèksi |
yayi wus umpêtan adoh ||

24.
Lampahira lajêng praptèng Toyaarum |

karênan miyat arjaning |
karajan myang dhusun dhukuh |
sumbêr sêndhang umbul alit |
tan petungan wenya nyarong ||

Jilid 1 - Kaca : 283

25.
Larèn alit binatur ing sela pingul |

angrêmbaka taru rêsmi |
ayom samya subur-subur |
saking saene kang siti |
kawuryan têntrêm sakèh wong ||

26.
Arjaning kang praja kalanirèng dalu |

tan ana kang tutup kori |
aglar rajakayanipun |
nora nana dènkandhangi |
tan ana wong sêdya nyolong ||

27.
Banyuwangi pinuju pasarannipun |

lagya tumawon kang wanci |
kumandhangira kumruwuk |
sakaliyan nulya manjing |
raryan sorring kamal ayom ||

28.
Buras tanggap ngrampêt dènnira tutuku |

gobog kalih wira-wiri |
binêktèng ngarsa sang ayu |
ngirid tyang wade wi lêgi |
kalawan jagung ginodhog ||

29.
Ngrogoh kanthong gobog kakalih jinupuk |

pinirsakkên mring sang putri |
nulya tinumbaskên gupuh |
wi lêgi saêndhas maling |
nulya malih ngrogoh kanthong ||

30.
Maksih wutuh kalih tinumbaskên jagung |

sinukanan rolas iji |
Buras latah namplèk pupu |
ngêlungkên rong gobog malih |
tampa jagung pat-blas ontong ||

31.
Mèh saasta panjange jajanggêlipun |

sêmbada bêntêt kang isi |
sakêmlaka gênging jagung |
kumupat gurih tur manis |
alus tipis kang kalobot ||

32.
Sang dyah (n)dangu Ras apa isih gobogmu |

rinogoh kanthongan maksih |
arta gobog kalih wutuh |
têmên dhawuhe dyah rêsi |
gobog datan kêna kalong ||

33.
Saking pêkên lampahira laju ngidul |

wanci rarya samya (ng)giring |
praptanya ing Nglicin dhusun |
ing pucaking arga Ijèn |
sênênging tyas sakaroron ||

34.
Myat laut ing karajan dhusun lan dhukuh |

myang laut supittan Bali |
baita kang samya labuh |
pulo lan ardi ing Bali |
lawan Laut Kidul katon ||

35.
Ardi Banyuwangi katingal sadarum |

wèh sênêng kang nêmbe uning |
cêtha kang samya kadulu |
Hyang Rawi tumamèng wukir |
wulan purnama gumantos ||

Jilid 1 - Kaca : 284

36.
Anyunari isining jagad sawêgung |

enggar tyasira kakalih |
dadya tan sipêng ing dhusun |
saratri tan ana guling |
wanci sata samya pêtok ||

37.
Pangkat saking Nglicin andarung mangidul |

eca kang samya lumaris |
marga kayoman ing taru |
rapêt padhanging Hyang Rawi |
tan ana ingkang tumlorong ||

38.
Kalèn wêning mili angapit dêlanggung |

sinalisir sela langking |
nahên lampahira rawuh |
ing candhi Selacêndhani |
gagandhengan asri tinon ||

79 Kinanthi

1.
Radyan myang ari sang ayu |

kèndêl sorring nagasari |
Buras ngaturakên boga |
wus samya dhahar sakêdhik |
sêngsêm mulat candhi pêthak |

ingukir kinêmbang rêmit ||

2.
Sang dyah matur mring sang bagus |

kakang iku apa candhi |
dene warnane kok pêthak |
kang di-(ng)go watu cêndhani |
iya candhi iki rara |
nanging lagi tumon iki ||

3.
Ana candhi watu pingul |

wangun bagus angrêrêmit |
sapa baya kang atilas |
patute yasan narpati |
kèndêl dènnya raraosan |
ana janma sêpuh prapti ||

4.
Pêthak mêmplak ingkang rambut |

têkèng githok akalimis |
brêngos gathuk imba pêthak |
brewok agung têpung putih |
sarira anggalês krêsna |
cawêtan mawi kulambi ||

5.
Sarigak amundhuk-mundhuk |

kadya sata amèmèti |
nyakêti kang samya lênggah |
makidhupuh praptèng ngarsi |
amung silanira tumpang |
umatur marang sang pêkik ||

6.
Kula nama Menakluhung |

kang minangka jurukunci |
ing candhi pêthak punika |
rawuh paduka ing ngriki |
atur basuki pambagya |
sintên sinambating kang sih ||

7.
Kaki atanya maringsun |

akakasih Jayèngsari |
niki aringong wanudya |
aran Nikèn Rancangkapti |
Buras nambung kula Buras |
kang abdi bandara kalih ||

Jilid 1 - Kaca : 285

8.
Ki Menak-malih umatur |

punapi arsa nênêpi |
punapa mung ayun pirsa |
radyan amangsuli angling |
ulun amung yun uninga |
kacaryan myat candhi putih ||

9.
Umatur Ki Menakluhung |

cariyossipun ing nguni |
jaman kraton Majalêngka |
ingriki klêbêt cêpuri |
kadhaton ing Balambangan |
ingkang jumênêng Narpati ||

10.
Menakjingga sang aprabu |

inggih Prabu Urubisma |
ingkang (n)darbèni wasiyat |
wêsi kuning dhapur bindhi |
ampuhe kagila-gila |
singa katiban babar ji ||

11.
Nir daya kang têguh timbul |

katiban ing wêsi kuning |
dene candhi sela pêthak |
punika panêpènnèki |
sang aprabu Urubisma |
wasta candhi Macanputih ||

12.
Suwawi yèn badhe ayun |

uninga amba kang ngirid |
katiga wus samya linggar |
saking soring nagasari |
angubêngi candhi pêthak |
tapis dènnira ningali ||

13.
Agcaryambêg sang abagus |

myat papan jêmbar waradin |
myang lohing kang palêmahan |
Menak matur duk rumiyin |
arjaning praja babasan |
loh jinawi pasir wukir ||

14.
Gêmah ripah panjang punjung |

nagri ngungkurrakên wukir |
ngajêngakên palabuhan |
kanan bandar kering sabin |
toya wêning langkung kathah |
tan karya sangsayèng nagri ||

15.
Katêlah samangkenipun |

wontên babasan sring-asring |
lumintu para nangkoda |
samya kampir dhatêng ngriki |
mondhok padhêkahaningwang |
malah ing samangke taksih ||

16.
Kang wontên ing wisma ulun |

mandhap saking nagri Bali |
nangkoda ing Pangangsalan |
nama Kiyai Hartati |
wawi yèn parêng ing karsa |
sarju kampir wisma mami ||

17.
Karasèng tyas sang abagus |

dhawuhing sang maha yêkti |
Sèh Wadat ing Argapura |
parmaning Hyang baya iki |
kang angukup raganingwang |
wasana ngandika aris ||

18.
Kaki kalangkung panuju |

Ki Menak sukanya ngênting |
umatur suwawi linggar |
sadayanya sampun kerit |
dupi wus prapta ing wisma |
Ki Menak bebeja maring ||

Jilid 1 - Kaca : 286

19.
Ki Hartati nangkoda gung |

yayi kula (m)bêkta tami |
jalu Jayèngsari nama |
lawan arinya pawèstri |
Nikèn Rancangkapti aran |
kalangkung kawêlasasih ||

20.
Lah punika ingkang lungguh |

anèng sajawining panti |
Ki Hartati duk umiyat |
marang raja putra-putri |
wênês sênênning kang cahya |
tangèh bèbèling ngacêplik ||

21.
Martrênyuh tyas arawat luh |

asêrêt wijiling angling |
anggèr di kaparèng ngarsa |
lungguha cakêt lan mami |
sakaliyan wus alênggah |
cakêt lawan Ki Hartati ||

22.
Gya umatur mring sang bagus |

pamintèngong ingkang mugi |
aywa dadi ing tyassira |
(ng)gonmanira nora krami |
awit ing pangrêngkuh-ingwang |
wus kadya suta pribadi ||

23.
Ingsun boya darbe sunu |

ing jroning tyas sun prihatin |
mangka wus anyingkir mangsa |
nyai wus tan (ng)garapsari |
paran marganira bisa |
samya andarbeya siwi ||

24.
Kamurahanning Hyang Agung |

mau bêngi ingsun ngipi |
antuk dhara lan jagowan |
banjur ingsun-gawa mulih |
maring nagri Pakalongan |
lêstari pangingumami ||

25.
Narik ing kamulyan agung |

babasane ngrêjêkèni |
satanginingsun anendra |
datan bisa guling maning |
katongton ing jro supêna |
paran wahananirèki ||

26.
Ing sapraptanira kulup |

yêkti wahananing ngipi |
punapinggih makatênna |
ki raka kadi punapi |
wahananing kang supêna |
Menakluhung lingira ris ||

27.
Yayi supêna puniku |

wahananira kêpanggih |
èngêt-ulun kawan pangkat |
ingkang sapisan kapanggih |
nênggih saking pipiridan |
ping kalih kêpanggih saking ||

28.
Tuturutan katrinipun |

apan ta kêpanggih saking |
ing wawangsulan punika |
kaping sakawan kapanggih |
nênggih saking pasêmonan |
dene ta ingkang kêpanggih ||

29.
Saking piridan puniku |

kadi ta supêna uning |
ing urubing kang dahana |
wahananipun aruntik |
latu dadya pipiridan |
ing duka sasaminèki ||

Jilid 1 - Kaca : 287

30.
Wahananing supênèku |

pan ingkang kêpanggih saking |
tuturutan upaminya |
tiyang asupêna ngising |
pinanggih ing wahananya |
dadya kelangan sayêkti ||

31.
Karana ing pisahipun |

susukêr punika dadi |
tuturutannipun ical |
wahananing supênèki |
panggih saking wawangsulan |
kadi ta supêna manggih ||

32.
Sungkawa wahananipun |

amanggih suka sayêkti |
karana sungkawa ing tyas |
wangsulannya sukèng ngati |
wahanane kang supêna |
dadya pasêmon puniki ||

33.
Ngipi rêbah wismanipun |

pinanggih wahananèki |
dadya kapêjahan somah |
sasaminira puniki |
mênggah ipèn ingkang dadya |
pasêmone supênaning ||

34.
Tyang walaka têgêssipun |

janma kang tan nandhang sakit |
miwah tan ngêmu sungkawa |
supêna kang wahananing |
pinanggih dadya wangsulan |
tyang sayah supênanèki ||

35.
Ipèn kang wahananipun |

dadya tuturutan yêkti |
supênaning janma roga |
ipèn kang wahananèki |
apan dadya pipiridan |
supênaning tyang prihatin ||

36.
Yayi supênanirèku |

wahana sungkawèng galih |
dènnira tan asusuta |
asru miminta ing Widdhi |
dumadya supênanira |
angsal dhere sawung adi ||

37.
Ing wasananipun antuk |

atmaja jalu lan èstri |
Ki Hartati duk miyarsa |
suka amarwata siwi |
manis wijilling wacana |
kulup lan arinirèki ||

38.
Yêkti ingsun ambil sunu |

ing dunya praptaning ngakir |
tak gawa mring Pakalongan |
yèn ingsun tumêkèng lalis |
samuwaning rajabrana |
sira karo kang (n)darbèni ||

39.
Sinaksènna ing Hyang Agung |

lawan (n)Jêng Nabi sinêlir |
sakarone sutaningwang |
aywa padha ana krami |
katon rumakêt mring bapa |
mangkana dhuh Jayèngsari ||

40.
Lêjaring tyas suka sukur |

aturnya nyênyês mrakati |
dhuh rama wong tuwaningwang |
ulun lan putranta yayi |
atur prasêtya prasaja |
ing lair têrussing ngati ||

Jilid 1 - Kaca : 288

41.
Nganggêp sudarma satulus |

ing dunya praptaning ngakir |
sakarsanta aywa wangwang |
pangrèhira marang mami |
aywa kang tumêkèng lara |
tan tambuh prapta ing pati ||

80 Gambuh

1.
Ki Hartati gya gupuh |

ngrangkul gapyuk marang kalihipun |
sarwi angling sing ora-ora kawijil |
dhuh babo jantung-atiku |
pasiyane Hyang sayêktos ||

2.
Tan wus lamun kawuwus |

kang sih-sinihan kalawan sunu |
radyan matur mring Menakluhung kiyai |
uwa bab supêna wau |
paran pardikane reko ||

3.
Ingkang kawasitèku |

kalih ingkang kacakrabawèku |
kaping tiga anênggih kadaradasih |
kadarsana kaping catur |
(ng)guguk wangsulannira lon ||

4.
Ipèn papat prakarèku |

nora kêna pinardika iku |
kaya dene ipèn kang kawasitèki |
têgêse apan katayuh |
iku ipènne kang uwong ||

5.
Antuk wangsit satuhu |

upamane janma nuju tunggu |
uwong lara sing tunggu turu angipi |
iku tambanana anu |
linaksanan waras yêktos ||

6.
Pan wangsiting Hyang tuhu |

ipèn kang kacakrabawa iku |
kacipta ing wicara duk durung guling |
kang rarasan barêng turu |
supênanira pan cocok ||

7.
Lawan rarasanipun |

nalikane mêlèk durung turu |
ipène kang kadaradasih pinardi |
têrus lan wahananipun |
pama ngipi wruh sotya byor ||

8.
Barêng tangine turu |

uga wêruh ing sotya byor mau |
ipèn ingkang kadarsana têgêsnèki |
katulat upaminipun |
sadurunge turu wêroh ||

9.
Taksaka langkung agung |

barêng turu angipi wong iku |
wruh taksaka agung sasaminirèki |
ipèn pat prakara iku |
tan kêna winardèn yêktos ||

Jilid 1 - Kaca : 289

10.
Krana wahananipun |

ana tingkah ana dadya jumbuh |
cuthêl kaki bab ipèn kang dak kawruhi |
suka ing sadayanipun |
Buras matur sumalonong ||

11.
Lir dongèng Andhelumut |

mawi maring pêkên tuku kacu |
cukacuthêl mak kalakêp tan na maning |
bok malih jênge tan ngantuk |
kula karêm ngarsa omong ||

12.
Mèsêm Ki Menakluhung |

kacung Buras dhasar mêncul tutuk |
wong wis êntèk apa kang winêdhar malih |
lah iki wus wancinipun |
prayoga sami lêlêson ||

13.
Ambanjêng munggèng salu |

Ki Hartati cakêt lan kang sunu |
datan guling lawan Radyan Jayèngsari |
Ki Hartati tatanya rum |
kulup jarwaa sayêktos ||

14.
Kang ayoga sirèku |

myang sêdyanta ywa kumbi nakingsun |
radyan matur purwa madya wasanèki |
ginêlarakên sadarum |
sarta waspanya drês miyos ||

15.
Hartati duk angrungu |

prasajane Radyan Jayèngsantun |
saya mantêp dènnira angaku siwi |
mangkana wus wanci bangun |
sakaliyan waktu Suboh ||

16.
Ki Menakluhung sampun |

asasaji pasugatanipun |
dhaharan jang-enjangan wedang kopi |
samapta lumadyèng ngayun |
winantu ing sabda alon ||

17.
Yayi sawontênnipun |

nyumanggakkên sakaparêngipun |
Ki Hartati myang atmajanya kakalih |
rêsêp bukti samya kêmbul |
wus dumugi Buras nglorot ||

18.
Ki Hartati lingnya rum |

dhuh kiraka ulun sangêt nuwun |
marganing kang antuk kanugrahan Widdhi |
kadugèn osiking kalbu |
ingkang anjalari rawoh ||

19.
Saking kiraka tuhu |

pan rumaos tan sagêd rinipun |
amamalês kang timbang raossing ngati |
Ki Menak umanggut-manggut |
tuhune mung darmi ingong ||

20.
Panuju wêkdallipun |

kêparênge ing Hyang Maha Luhung |
dak badhene si adhi kêsusu mulih |
wus wayahe wong kêmaruk |
Hartati latah lingnya lon ||

Jilid 1 - Kaca : 290

21.
Kiraka yêktosipun |

(ng)gih makatên bêbêg kêdah mantuk |
têka mangke amung panti kang kaèksi |
daya-daya praptèng sudhung |
kèndêl dagang muhung momong ||

22.
Iba ta sukanipun |

rayi (n)dika wus aliman ulun |
kalilana mancal jong enjing puniki |
(ng)gih yayi antuk rahayu |
wit mancal praptaning laboh ||

23.
Kakalih sutaningsun |

ulun asung pamuja rahayu |
wus samapta bidhal saking Ragajampi |
Menakluhung atut pungkur |
ing palabuhan wus anjog ||

24.
Ki Hartati pan asung |

titilaran mring Ki Menakluhung |
baranarta sinjang lêlêmês mawarni |
kathahe tan kênèng ngetung |
wusnya andum karahayon ||

25.
Layar binabar mamprung |

antuk angin lampahe kang prau |
marmaning Hyang kadi larapping jêmparing |
tan winarna laminipun |
ana ing laut wus rawoh ||

26.
Pakalongan wus rawuh |

saking baita tandya tumurun |
atmaja dwi kinanthi anganan-ngering |
pra lêskar (ng)garubyug pungkur |
myang ngerid barang ginotong ||

27.
Cingak kang samya (n)dulu |

de katêmbèn ki sudagar rawuh |
nganthi rarya kakalih sami linêwih |
kang jalu bagus jatmika |
kang èstri ayu mancorong ||

28.
Tanya mring lêskaripun |

winangsulan iku ingkang sunu |
nyi sudagar swaminya ing Banyuwangi |
mangkya ngajal milanipun |
kalihe samya binoyong ||

29.
Apan ta wus angumum |

kang miyarsa pracaya ing kalbu |
dupi prapta ing wisma Nyai Hartati |
gurawalan dènnya mêthuk |
tundhuk radyan sakarongron ||

30.
Mangraup suku gapyuk |

angabêkti turrira mlasayun |
aywa kaduk ing tyas abela panampi |
ulun putranta satuhu |
Jayèngsari araningong ||

31.
Lah iki ariningsun |

Rancangkapti sayayah saibu |
mijil saking garwa kang nèng Banyuwangi |
mangkya ibu uwus surud |
milane ulun binoyong ||

Jilid 1 - Kaca : 291

32.
Nyi Hartati tan muwus |

lingak-linguk nanging uwus runtuh |
trêsna asih wêlas mring atmaja kalih |
Kiyai Hartati (ng)guguk |
wusana ngandika alon ||

33.
Wis nyai jakên mlêbu |

marang panti kakalih anakmu |
seje dina bae kowe dak wartani |
lalakone atmajamu |
sawusira aso gupoh ||

34.
Nindakkên gramènnipun |

kadya saban Nyi Hartati sampun |
jinatènan anane kakalih siwi |
uwus ingandhar sadarum |
nyai sudagar cumêplong ||

35.
Tan seos kadya kakung |

dènnya ngrêngkuh mring kakalih sunu |
alêstantun tan ana winalangati |
nyai kyai saya sêpuh |
myang karênan dènnira mong ||

36.
Babasannya satuhu |

sugih singgih dènnya dagang mantun |
sakèh potang tan ana ingkang tinagih |
suprandene malah wuwuh |
rijêkine ingkang rawoh ||

37.
Mêmpêng ngibadahipun |

datan towong myang kakalih sunu |
tan kêna sah kadya wade dènnya ngêmpit |
lininging jinuju wuruk |
mrih mungkur pakarti awon ||

81 Pangkur

1.
Ki Hartati mêdhar sabda |

dhuh sutèngsun sêdhêng sira ngawruhi |
witting kabungahan iku |
kang dadi pangèsthinya |
ing manungsa pitung prakara kèhipun |
ingkang sapisan kasuran |
wardi kawantêran nênggih ||

2.
Amrihira kineringan |

wignya saking kasaktèn iku kaki |
dene ta kalakonipun |
saka acêgah mangan |
de dadine saka santosaning kalbu |
kang dadi sambekalanya |
lamun anjajadha tuwin ||

3.
Anganiaya sasama |

kapindhone kagunan têgêsnèki |
kapintêran pamrihipun |
kinêdhèpan sasama |
wiwittira saka puruita kulup |
dene kalakone saka |
têlatèn miwah tabêri ||

Jilid 1 - Kaca : 292

4.
Kang dadi sambekalanya |

yèn sukanan miwah rusuh ing budi |
kabêgjan kang kaping têlu |
têgêse kasugihan |
pamrihipun kinalulutan puniku |
wittira saking (ng)gaota |
dene kalakone saking ||

5.
Sabar tanapi narima |

dumadine saka gêmi nastiti |
angati-ati puniku |
kang dadi sambekala |
lamun lèr-wèh lawan angumpêt puniku |
kang kaping pate kabrayan |
apan wardèn têgêsnèki ||

6.
Sugih putra lawan wayah |

pamrih kopèn kinamulenan nênggih |
saking ing sih wiwittipun |
kalakone pan saka |
mêpêt sabda mênggah kadadeyanipun |
saking mantra myang sarana |
nanging sambekalanèki ||

7.
Para sêngitan sumlangan |

kaping lima kasinggihan winardi |
kaluhuran pamrihipun |
kaajèn kinurmatan |
witting saka tatèki nastapa iku |
kalakone saka puja |
kalawan ing pangabêkti ||

8.
Dadi saka anorraga |

ingkang dadya sambekalanèki |
manawa loba ing kalbu |
lawan angkaramurka |
kaping nênêm kayuswan pan têgêsipun |
apanjang ing yuswanira |
kinandêlan pamrihnèki ||

9.
Witte saka sadubudya |

kalakone saka ing wahdat kaki |
dadya saka sêtyatuhu |
kang dadi sambekala |
lamun dora kalawan cidra puniku |
kang kaping sapta pungkasan |
kawidagdan têgêsnèki ||

10.
Kayuwanan pamrihira |

kinopaman wittipun saking sukci |
klakon saking cêgah nginum |
mungguh kadadèyannya |
saka paramarta lawan utamèku |
kang dadi sambekalanya |
manawa alaku nisthip ||

11.
Kalawan asugih duka |

uwus tamat ingkang pitung prakara |
wau ta Dyan Jayèngsantun |
karênan ing wardaya |
alon matur rama wawarahmu wau |
paran bisane katêkan |
Ki Hartati malih angling ||

Jilid 1 - Kaca : 293

12.
Kulup dadine kang cipta |

kabèh iku manawa dèn-têmêni |
ananing sêdya puniku |
manawa ingantêpan |
katêkane ing karsanira puniku |
lamun têmên linampahan |
ana babasannirèki ||

13.
Dadi ing saciptanira |

apa barang ing sasêdyanirèki |
kalakon sakarsanipun |
nanging ingkang mangkana |
tumrap marang manungsa waskitha putus |
ing sasandining dwi-astha |
manawa manungsa maksih ||

14.
Walaka satuhunira |

wêruhipun kalamun dèntêdahi |
bisane lamun winuruk |
de dadine manawa |
ditandangi wau ta Dyan Jayèngsantun |
wus tampi ing pasang cipta |
kang winêdhar Ki Hartati ||

15.
Condhong suka rênaning tyas |

amung ngungkih matur marang sudarmi |
rama ing sauwusipun |
dak lakoni sadaya |
kaya paran (ng)goningong ngêtrapkên iku |
Ki Hartati angandika |
kulup tan kêna samangkin ||

16.
Durung pinarêng ing mangsa |

radyan minggu asru (ng)gagas ing galih |
katungka ing Mahrib waktu |
wus samya asêmbahyang |
sabakdaning Ngisa nulya dhahar kêmbul |
nutug dènnira bujana |
sadaya samya wawanting ||

17.
Asta rêsik sinarbètan |

Nyi Hartati tatanya mring kang siwi |
rara apa wus sumurup |
arane driji lima |
myang karêpe ing sawiji-wijinipun |
ibu aku durung wikan |
sang dyah gya rinangkul aglis ||

18.
Ingarasan wantya-wantya |

astanira kang kanan dèncêpêngi |
lah èngêta sira masku |
mulane ginawanan |
driji lima punika ta arannipun |
ing sawiji-wijinira |
jêjêmpol ingkang rumiyin ||

19.
Panuduh kaping kalihnya |

kaping tiga panunggul rannirèki |
manis ingkang kaping catur |
jêjênthik kaping gangsal |
kawruhana mungguh sêmune Hyang Agung |
wong wadon wus ginawanan |
dalil panganggoning èstri ||

20.
Iku wajib kinawruhan |

karêppe sawiji-wiji dariji |
mula binêktan sirèku |
jêjêmpol marang ing Hyang |
dèn kaya pol ing tyas yèn angarsèng kakung |
têgêse pol dènagampang |
sabarang karsaning laki ||

Jilid 1 - Kaca : 294

21.
Mula ginawanan sira |

ing panuduh aja akumawani |
anikêl tuduhing kakung |
sapakon lakonana |
pramilane ginawanan kang panunggul |
kakungmu unggul-unggulna |
miwah kalamun paparing ||

22.
Nadyan thithik nora mandra |

unggulêna guna kayaning laki |
marmane sira puniku |
jari manis ginawan |
dèn-amanis ulat atanapi têmbung |
yèn ana karsaning priya |
dhoso (m)basêngut ywa nganti ||

23.
Ing netya dipun sumringah |

nadyan lagi rêngu jro tyasirèki |
yèn ana ngarsaning kakung |
buwangên ywa katara |
marmanira ginawan jêjênthik iku |
dipun athak aithikan |
yèn ana karsaning laki ||

24.
Karêpe athak ithikan |

dèntarampil marang sabarang kardi |
kalamun ngladosi kakung |
dèn-ririh lan dèn-kêbat |
aywa kêbat drêg-drêgan grobyagan iku |
kêbat narutua nistha |
pan rada ngoso ing batin ||

25.
Lamun kok èngêti rara |

ingsun tanggung wus masthi sira manggih |
mulya dunya akiripun |
lan aja manah nyimpang |
dèn-tumêmên dibandhunga patang puluh |
aja gumingsir tyassira |
dèn-trus lair têkèng batin ||

26.
Rancangkapti duk miyarsa |

sampun tampi cinancang pulungati |
matur marang renanipun |
dhuh ibu pangèstunta |
muga-muga pinarêngna ing Hyang Agung |
bisa nglakoni kang dadya |
karêpe dariji gati ||

27.
Luwaran dènnya dhaharan |

tan antara nulya amapan guling |
wau ta Dyan Jayèngsantun |
kalawan risang rêtna |
katri Buras wus lami dènnya dudunung |
anèng nagri Pakalongan |
lumintu Kyai Hartati ||

28.
Sung wuwulang mring rahadyan |

Nyi Hartati sung wulang Rancangkapti |
samya ngêtog kawruhipun |
kang nampèni kacêkap |
kawarnaa Nyi Hartati gêrah sêpuh |
pinarêng lan takdirira |
tumêkanira ing jangji ||

Jilid 1 - Kaca : 295

29.
Sang dyah alara karuna |

layonnira kang ibu dènrungkêbi |
mlasasih sasambat ibu |
sapa kang momong ingwang |
dene durung laki têka ibu lampus |
sumaput datan panon-rat |
Rancangkapti lir ngêmasi ||

30.
Gumrah tangis jroning wisma |

Ki Hartati amondhong ingkang siwi |
mèwèk-mèwèk marêbês luh |
dhuh jantung atiningwang |
lah emuta babo nyawa ywa kabanjur |
papas pupussên tyassira |
èngêta yèn wus tinakdir ||

31.
Malah sukura ing Suksma |

susuwunên kamulyaning kajatin |
kang langgêng salaminipun |
anakku Jayèngsêkar |
aku pasrah mungguh layonne ibumu |
wis kono mangsa bodhowa |
pêtakên mring dhusun Sranggi ||

32.
Sang dyah rara wus binêkta |

maring wisma pungkur ing tamansari |
gya wungu saking ing kantu |
anungkêmi kang rama |
Ki Hartati tansah (m)barêbêl kang êluh |
pêgat-pêgat angandika |
wis wungua sira nini ||

33.
Rancangkapti wus alênggah |

rama sira ywa bali marang panti |
èh bocah wadon dèngupuh |
maringa patamanan |
ngundhuhana kêmbang gambir mlathi mênur |
capaka argulo mawar |
salong mênyanga ing panti ||

34.
Patang gêndul lênga mawar |

lawan lênga sêtambul têlung kopi |
jêbadan rong cupu agung |
we mawar myang hèr jamjam |
ngênêm êncèh ratus têlung lodhong agung |
kayu garu têlung rêmbat |
kabèh wêtokêna aglis ||

35.
Aturêna kakangêmas |

lan rimongku kang saka ing Ngarabi |
kêmbang êmas putih biru |
kang têka wingi ika |
kaagêmna luruh bandhosane ibu |
banjur tinumpangan sêkar |
roroncèn anamman kanthil ||

36.
Uga aturna kakangmas |

sampun mundur pra dasih kang tinuding |
sang rêtna angrujit santun |
kang nglayat tan petungan |
jêjêl uyêl ambèr tumêka ing lurung |
kang layon wus binrêsihan |
samêkta rêrênggannèki ||

37.
Jayèngsari gya utusan |

lah ta Buras matura mring Kiyai |
sarèhne iki wus rampung |
wus samêkta sadaya |
kang inganti pra sêpuh wus padha rawuh |
nyuwun lilah banjur mangkat |
Ki Buras umentar aglis ||

Jilid 1 - Kaca : 296

38.
Panggih matur rèh dinuta |

ki sudagar tan angling mung nganthuki |
wus matur marang sang luhung |
nuwun sampun kalilan |
wus umangkat kang dhikiran swara arum |
umyung lir manêngkêr wiyat |
samarga wuwuh kang ngiring ||

39.
Sampun prapta pasareyan |

Jayèngsari ingkang mêtak pribadi |
paragad pamêtakipun |
kang ngiring wus bubaran |
sowang-sowang mantuk maring wismanipun |
radèn mantuk wus kapanggya |
kalawan rama myang ari ||

40.
Rancangkapti Jayèngsêkar |

myang pra santri jalu kalawan èstri |
datan kirang saking satus |
ratri pantara siyang |
samya darus Kur'an tan na kêndhatipun |
praptèng patangpuluh dina |
nulya amung sabên ratri ||

41.
Èstri pitu jalu sapta |

Rangcangkapti wus (n)darus katam kaping |
pitu dene Jayèngsantun |
wus katam ping sadasa |
sampun lêjar kang samya kataman giyuh |
Ki Hartati awidada |
dènnira mong siwi kalih ||

42.
Tulus amukti wibawa |

datan kêndhat sêdhêkah dana mintir |
maring sasamèng tumuwuh |
rupa baranaarta |
pinapantês ing sapangkat-pangkatipun |
janma nagri Pakalongan |
warata kadanan sami ||

43.
Babasan tan na kliwatan |

suprandene dunyane Ki Hartati |
nora kalong malah wuwuh |
karya eramming kathah |
ana ngira yèn saka karamatipun |
putra dwi èstri lan priya |
kang cahya apindha sasi ||

44.
Mintir samya lêng-ulêngan |

para tamu myang janma aminta sih |
apa ing sakarsanipun |
sayêkti sinukanan |
saking nagri liyan apan wus misuwur |
Ki Hartati ambêg dêrma |
asih marang ing sasami ||

45.
Anuju ari sajuga |

Ki Hartati salira angalêntrih |
animbali mring kang sunu |
dhuh karo atmajèngwang |
bokmanawa wus cakêt lan maotingsun |
anon sadhengah wus kêmba |
rarasati nikmat êning ||

Jilid 1 - Kaca : 297

82 Mijil

1.
Pêngetungku Jumngah ngarêp iki |

purnama mancorong |
pan kabênêr ing sèwu dinane |
ibunira bokne Rangcangkapti |
radyan awotsari |
paran etangipun ||

2.
Ki Hartati angandika aris |

saking ri duk layon |
kaetang nêm pasaran limane |
sasinira kaundur kakalih |
dene tanggalnèki |
lilima kaundur ||

3.
Duk gêblage iku amarêngi |

ari Akat Êpon |
tanggal kaping rong puluh Surane |
taun Alip Akat etung siji |
Sênèn etung kalih |
Slasa etung têlu ||

4.
Rêbo papat Kêmis limanèki |

Jumungah nêm pantog |
de pasaran Pon siji etunge |
Wage loro Kaliwone katri |
Lêgi papat nênggih |
Paing limanipun ||

5.
Ping rong puluh awit mundur siji |

ping sangalas roro |
ping wolulas têtêlu undure |
ping pitulas papat undurnèki |
jangkêpira kaping |
nêmblas lima mundur ||

6.
Sasi Sura awit mundur siji |

Bêsar jangkêp loro |
dadi ana Jumungah Painge |
tanggal kaping limalas marêngi |
Dulkangidah sasi |
Jimawal kang taun ||

7.
Nyuruhana mitra ngundang santri |

jalu lawan wadon |
ywa kuciwa sugatane nikèn |
maragatta kêbo sapi kambing |
ayam wiwah biri |
bèbèk banyak kalkun ||

8.
Wedang soklat êtèh lawan kopi |

dhaharan sing gamoh |
kang mirasa kang kapara akèh |
barêkatan prantènana kaki |
myang salawat picis |
ywa kuciwèng sêmu ||

9.
Tur sandika mundur suta kalih |

mituhu sapakon |
praptèng ari wus samêkta kabèh |
bakda Ngisa Kiyai Hartati |
pinarak pandhapi |
manggihi pra tamu ||

10.
Kang mapakkên miwah ngacarani |

mrênahkên kang ênggon |
Jayèngsari tan ana kèndêlle |
jroning wisma Nikèn Rancangkapti |
sanggyaning tatami |
pinarnahkên sampun ||

Jilid 1 - Kaca : 298

11.
Santri kaji nangkoda priyayi |

apan datan awor |
Ki Hartati midêr sung pambage |
myang salaman dupi wus waradin |
Radèn Jayèngsari |
mahyakkên ing parlu ||

12.
Têmbung cêtha angrêsêpkên ati |

anorraga alon |
miminta sih marang sadayane |
tamu miwah santri kang miyarsi |
rêsêp sukèng ngati |
sugata lumintu ||

13.
Nulya tapuk sagung para santri |

sapêrlune ngaos |
kang tan ngaos arame gogotèk |
ing jro panti pan mangkono ugi |
Nikèn Rangcangkapti |
tan na kèndêllipun ||

14.
Dènnya (m)bujakrami mring tatami |

rahab ing susugoh |
lan kakungan ing jawi tan pae |
wussing katam kèndêl sawatawis |
tapuk sahman dhikir |
swaranya gumuruh ||

15.
Nglêbêt (n)jawi sarampunging dhikir |

ambêngan lumados |
dinonganan arêmpêk amine |
pragad donga gya bukti dumugi |
brêkatan rinakit |
piring cangkir kriyuk ||

16.
Kètèl mangkok kuwung kêda basi |

grêglèk gêlas bokor |
kêndhi suru lading myang cukite |
dhulang tenong cêthing srêbèt putih |
bakakên si lilin |
glaran batu alus ||

17.
Pakinangannya tunggal miranti |

salawat nèng kanthong |
nyangang reyal pitu tumurune |
gangsal niga maratah nyaringgit |
miwah sadayaning |
kang nèng ngarsanipun ||

18.
Binêktakkên sanggyaning tatami |

waradin sakèh wong |
suka rêna ing tyassira kabèh |
amaratah brêkate wong siji |
ngalih bêktan sami |
ana (ng)gotong têlu ||

19.
Para tamu wus aminta pamit |

Hartati lingnya lon |
babo ingkang rawuh sadayane |
sakalangkung ing panuwun mami |
suka rênèng ngati |
tan kenging winuwus ||

20.
Sampun kirang aksamanta sami |

maring raganingong |
barêkatan apan prayogine |
kaantukna rumiyin mring panti |
kaparênga nganti |
sakêdhap turulun ||

21.
Samya (n)dhêku sanggyaning pra tami |

brêkatan wus bodhol |
Ki Hartati pamit mring tamune |
yun manggihi para tamu èstri |
dupi praptèng panti |
angsung salam gupuh ||

Jilid 1 - Kaca : 299

22.
Tatanya ring rara Rancangkapti |

para tamu wadon |
apa uwus mranti brêkatanne |
iya rama wus ginawa mulih |
apa saananing |
kang lumadyèng ngayun ||

23.
Dalah wadhah dak purih (ng)gawani |

lawan (n)jawi jumboh |
Ki Hartati latah sru sukane |
kacondhongan sabarang karsèki |
putra wruh ing wangsit |
wasana lingnya rum ||

24.
Pra rubiyah kang rawuh ing ngriki |

sru panuwunningong |
mugi sampun kirang aksamane |
ngantossana saking sawatawis |
wontên pêrlu kêdhik |
pra rubiyah (n)dhêku ||

25.
Ki Hartati ngambil toyastuti |

gya lumêbèng gêdhong |
salat kajat dangu antarane |
nulya ana cahya anêlahi |
sakèh damar lilin |
sirna sorottipun ||

26.
Samya kagyat sakèh ingkang janmi |

Rancangkapti gupoh |
manjing gêdhong nêlahi sunarre |
marêpêki kang rama pinanggih |
wus tumêkèng jangji |
puput yuswanipun ||

27.
Mujur ngalor munggwèng kanthil sukci |

Rancangkapti (m)bêngok |
ngadhuh-adhuh nrungkêppi layonne |
kawarnaa kang ana ing (n)jawi |
sagunging parèstri |
bilulungan gugup ||

28.
Jayèngsari kagyat mentar aglis |

prapta jroning gêdhong |
wus têtela kang rama sedane |
gya sinambut Nikèn Rancangkapti |
pangandika ririh |
babo ariningsun ||

29.
Dèn narima sukur ing Hyang Widdhi |

takdir kang dhumawoh |
lah èngêta garissing papasthèn |
tanpa pêrlu manggung kok tangissi |
balik dèn-miranti |
tikêllên lan sibu ||

30.
Lêjar ing tyas Rancangkapti mijil |

nèng jarambah lunggoh |
tur uninga marang tatamune |
myang parentah maring para dasih |
sampêtting pakarti |
sadaya kacukup ||

31.
Jayèngsari mêdal tur udani |

yèn kang rama layon |
samya (n)jêtung (m)barêbêl waspane |
para èstri gumrumung anangis |
Radyan Jayèngsari |
aparentah gupuh ||

32.
Amiranti pangkat benjing-enjing |

panguburre layon |
tan winarna ingkang nambutgawe |
para tamu guyup angrencangi |
layon binarêsih |
rinukti pinatut ||

Jilid 1 - Kaca : 300

33.
Ingkang dadya pangagênging nagri |

Pakalongan rawoh |
Jayèngsari nêmbah lon aturre |
pangkattipun layon benjing-enjing |
ulun lawan ari |
tumutur mring kubur ||

34.
Nanging lajêng tan wangsul mring nagri |

ulun yun dhêdhepok |
kang tan têbah lawan astanane |
rama ibu wontên dhusun Sranggi |
sakawontênanning |
kang kantun sadarum ||

35.
Dalah papan pemahan myang panti |

trussing lair batos |
ulun sumangga ing sakarsane |
ingkang ngasta pangawasa nagri |
sakarsanta dadi |
aywa walangkalbu ||

36.
Dhuh sanggyaning kang rawuh ing ngriki |

mênggah aturingong |
sami ngidènnana sadayane |
saur paksi tamu jalu èstri |
mangkana wus wanci |
sêdhêng angkattipun ||

37.
Wus rinakit kang samya umiring |

angrênggani layon |
kèhing janma myang uparênggane |
tikêl pitu kalawan duk nyai |
sakalir wus mranti |
ingangkatkên gupuh ||

38.
Kèhing janma ramene kang dhikir |

kadya samodra rob |
kataman ing prahara gora rèh |
gumalêdhêg kang kari anggili |
kaponthal nututi |
lajêng samya mikul ||

39.
Tan winarna lampahirèng margi |

ing astana rawoh |
sinarèkkên cakêt lan nyaine |
paragadding panguburrirèki |
kang samya umiring |
sadaya wus mantuk ||

40.
Kantun para batih kang umiring |

marang sakarongron |
Jayèngsari alon ngandikane |
èh sakèhe abdine kiyai |
tan na dakaranni |
mantuka rumuhun ||

41.
Ngopènnana saananing panti |

dene raganingong |
patang puluh ari anèng kene |
mulyakakên ingkang wus suwargi |
poma dèn nastiti |
sagung para wadu ||

42.
Wussing tampi dhawuhnya sang pêkik |

kêbut jalu wadon |
samya mantuk marang ing wismane |
kawarnaa kang kari prihatin |
Radyan Jayèngsari |
nèng ngandhapping pocung ||

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (19) Kaca 266 – 281)
  • (21a) Kaca 301 – 322) >