Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (05) Kaca 10 – 15

 

( Dhatêng Jumprit - Tukipun Lèpèn Praga ing Rêdi Sindara )

025. Nglajêngakên lampah dhatêng Jumprit, ningali tukipun lèpèn Praga ing rêdi Sindara. Kapanggih Ki Gupita ingkang nyariyosakên lêlampahanipun Ki Jumprit ngantos bab kêthèk Ki Dipa kalangênanipun Ki Jumprit saturun-turunipun dados kêthèk kramat ing rêdi Sindara.


Kaca 10 - 15.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 10

90 Salisir

24.
Tumungkul konjêm pratala |
mangkana sang maha-tapa |
alon pangandikanira |
aywa uwas ing tyasira ||

25.
Banjurêna karêpira |
nuruti rudahing karsa |
amung ta sira emuta |
kalamun trahing utama ||

26.
Upama pawaka ingkang |
kang lagi andadi murub |
pinapas yêkti rêkasa |
luhung ta kinèndêlêna ||

27.
Têmbe lêmpêring pawaka |
manawa nyarêngi mangsa |
sirna rêrêgêd sadaya |
katon adining kancana ||

28.
Mas Cêbolang duk miyarsa |
(n)dêngèngèk enggar tyasira |
sang wiku malih ngandika |
apa condhong lan karsanta ||

29.
(ng)Goningsun asung saloka |
kang sinung ling tan wacana |
mung mèsêm sêmu kaduga |
lah kulup padha asowa ||

30.
Wus aso eca anendra |
ing wanci êbyar raina |
kang nendra tangi sadaya |
maha wiku wus siyaga ||

31.
Lah kulup payo ta mara |
kakaring supaya dadya |
undhaking kawruh utama |
marang têpining samodra ||

32.
Sadaya datan lênggana |
Ki Janggan lumakyèng ngarsa |
praptèng tanjung Congot nama |
tuwin maring Pandhanarang ||

33.
Saking Pandhanarang sigra |
maring têpining samodra |
baita kolèk wus mrantya |
kang nglampahkên kalih jalma ||

34.
Janggan myang tatamunira |
wus tumamèng ing baita |
tan pantara dangu prapta |
Limusbuntu raning guwa ||

35.
Tumurun saking baita |
majêng mangetan kang guwa |
amarêki kang wiwara |
sadaya tumamèng guwa ||

36.
Ing lêbêt inggil tur wiyar |
anon padhas dhapur wisma |
pringgitan miwah pêndhapa |
kadya ingukir kanaka ||

Jilid 2 - Kaca : 11

91 Pangkur

1.
Sela pêthak mubyar mêmplak |
pan ingukir pindha wiwiron adi |
pinatra kinêmbang mungguh |
rêmit aparipurna |
Mas Cêbolang matur tatanya sang wiku |
nama myang kang darbe tilas |
sang wiku ngandika aris ||

2.
Limusbuntu raning guwa |
caritane duk jaman Buda nguni |
kene kêdhatoning diyu |
wus tamat dènnya miyat |
mijil saking guwa mring têpining laut |
aran Sagara Anakan |
samya numpak kolèk malih ||

3.
Kèndêl pongot toyanya pan |
datan dangu wangsul baita malih |
Karangbolong kang jinujug |
prawata sela pêthak |
ngongkang-ongkang anglojok ing Laut Kidul |
dènnya kèndêl mung sakêdhap |
wangsul mring baita malih ||

4.
Mancal maring masjid sela |
duk dumugi ing Ujungalang nami |
cinancang baitanipun |
minggah maring pajagan |
griya ingkang dumunung sanginggil laut |
babanjêngan ingkang wisma |
sinasak nam-naman dêling ||

5.
Kang dadya pangupajiwa |
amiyasa ulam lan damêl trasi |
dera non wus kêmput gadhug |
anulya wangsul sigra |
numpang prau lajêng maring masjid wau |
praptanira masjid sela |
baita cinancang aglis ||

6.
Sadaya wus samya lênggah |
masjid sela mangetan adhêpnèki |
pêthane lir Limusbuntu |
kaot korinya wiyar |
pêthane kang pangimanan moncol bagus |
pawèstrèn myang padaringan |
bothèkan linêkok rêmit ||

7.
Wontên kadi kênong gangsa |
langkung kathah warni kadi têmbagi |
atanapi mawi sumur |
gambar sirah waraha |
pan ing riku wontên pakuburanipun |
Mas Cêbolang lon turira |
sintên kang sumare ngriki ||

Jilid 2 - Kaca : 12

8.
Janggan Naradi lingira |
kacarita ing nguni ana santri |
tirakat aran si Ayub |
nèng masjid nulya pêjah |
ingkang darbe rarêksan dupi andulu |
lamun si Ayub palastra |
wusing binarsihan nuli ||

9.
Pinêtak kene kewala |
êmbuh ingkang adarbe ahli waris |
payo kulup padha mêtu |
sadaya sampun mêdal |
mring baita tambang inguculan sampun |
lêpas lampahing baita |
sampun prapta ing gigisik ||

10.
Kèndêl baita cinancang |
manjat maring ardi nama Ciwiring |
sapraptanira ing pucuk |
samya majêng mangetan |
kawistara pêthane kang pulo Bandhung |
Mas Cêbolang lon turira |
pulo kang katingal ngarsi ||

11.
Angêngrêng wingit kawuryan |
lir kinurung wangkawa ngrêspatèni |
iku kulup kawruhanmu |
ing pulo Bandhung tiga |
panggonane Sêkar Wijayasumèku |
kang rumêksa pêksi Bayan |
sajodho datan na luwih ||

12.
Sajêge tan lunga-lunga |
caritane duk jaman purwa nguni |
nalika Pandhawa ayun |
manjing mring kasampurnan |
midêring rat Bathara Krêsna tan kantun |
samarga-marga rêrasan |
arja patitising pati ||

13.
Dupi prapta têpining kang |
Laut Kidul Sri Krêsna matur maring |
ari Judhisthira Prabu |
dhuh mugi mangèstuwa |
sêdya ulun Sêkar Jayakusumèku |
arsa sunlabuh samangkya |
ing tasik inggih manawi ||

14.
Dadya tandha papawitan |
têmbe nadyan wus anèng ing jaladri |
kenging pinintanan èstu |
usadèng duhkitèng tyas |
yayi benjing taksih sagêd atutulung |
sang aprabu Pandhuputra |
umatur langkung njurungi ||

15.
Nulya sagung para nata |
para ari tumindak marêpêki |
anèng satêpining laut |
atap kacaryan miyat |
rêsmining kang ranu nuju gênging laut |
sarah-sarah tiningalan |
panthan lir tinata asri ||

16.
Sang Aprabu Krêsna sigra |
ngampil Sêkar Wijayakusumadi |
sawadhahira tan kantun |
linabuh ing samodra |
sarwi sinangenan pangandika arum |
èh èh Wijayakusuma |
muga tuwuha sirèki ||

Jilid 2 - Kaca : 13

17.
Nèng samodra dumadia |
pawitane wuri kang madêg aji |
mêngku rat Jawa sêwêgung |
ri wusnya pinojaran |
karsèng Dewa gya banjur tuwuh têtêlu |
saka wadhah tutup kêmbang |
lah iku purwane nguni ||

18.
Katêlah têkèng samangkya |
lamun ana narpati kang mandhiri |
amêngku rat Jawa banjur |
utusan pra ngulama |
amunajat nèng sajroning pulo Bandhung |
undure lamun wus angsal |
konjuk sri nata pribadi ||

19.
Matur malih Mas Cêbolang |
anjawi kang Wijayakusumadi |
punapa malih linabuh |
sang Janggan angandika |
ana manèh ananging nora linabuh |
padha pinundhut Jawata |
Naraddha ingkang tinuding ||

20.
Krêsna sakadang Pandhawa |
duk ngalêmpak anèng Ngastina nagri |
pirêmbagan tamtunipun |
tumamèng ing pancaka |
Hyang Naraddha cêmlorot saking aluhur |
niyup praptèng panangkilan |
sagunging para narpati ||

21.
Gupuh tumurun manêmbah |
Hyang Naraddha pangandikanya aris |
dhuh sri nata yoganingsun |
kabèh kawruhanira |
ingsun iki tinuding Hyang Suksma Luhung |
kinèn amundhut Cakranta |
lawan panah Cundhamani ||

22.
Karone iku wus mangsa |
padha mulih marang ing suwarga di |
marga sira samya ayun |
ngancas sampurnèng pêjah |
wruhanira babo karo yoganingsun |
kang mangka bancanèng pêjah |
yèn maksih anon kakalih ||

23.
Kasuran miwah katrêsnan |
ingkang asih sisip ciptanta kaki |
yèku dirgamaning lampus |
puwara aru-ara |
kuwur-kuwur riribêd ngribêdi kalbu |
nêmahi amaro tingal |
tan tumanêm ing tyas êning ||

24.
Ngalih-alih ngalam-alam |
keran-keron ing cipta mindho kardi |
wêkasan kapiran kulup |
labêt kewraning manah |
di patitis titikan aja kalèru |
kalawan dèn-kawruhana |
santosaning jaman pati ||

25.
Datan liyan amung ana |
pangadiling ciptanira pribadi |
wisaning cipta puniku |
tan liya uwas-uwas |
dadya sêmang-sêmang pangadilirèku |
lamun kongsia mangkana |
ing wardaya têmah gingsir ||

Jilid 2 - Kaca : 14

26.
Dipun-ngati-ati poma |
wruhanira dhuh yoganingsun sami |
rèhning kasampurnan iku |
tan ngaping kalih karya |
luput pisan kêna pisan dipun emut |
yèn wus sirna saking donya |
tan bali babakal malih ||

27.
Jêr wus tinutup dening Hyang |
iya iku sampurna ing ginaib |
sadaya kang samya ngrungu |
lingnya Rêsi Naraddha |
dahat ajrih (n)dhêku awor sêmbahipun |
Sri Krêsna ngaturkên sigra |
Cakra lawan Cundhamani ||

28.
Wus cuthêl caritaningwang |
payo kulup prayoga padha mulih |
marang ing Arjabinangun |
kang sinung ling manêmbah |
santri papat tansah umiring nèng pungkur |
sapraptaning padhepokan |
wus gumlar sugatanèki ||

29.
Kulup iki kabênêran |
paringing Hyang satuhu murah asih |
marang ing kawulanipun |
lah mara padha dhahar |
Mas Cêbolang gya bukti langkung pikantuk |
wus dumugi cinarikan |
santri papat sarêng bukti ||

30.
Cèplês tan mawi lorodan |
sarwi nikmat sadaya kang binukti |
èh ta kulup kawruhanmu |
ing Congot toyanya pak |
Karangbolong arga Ciwiring ing besuk |
kadunungan wong amanca |
saking nagri Ngatasangin ||

31.
Iku ujare kang jangka |
(m)buh nyatanya luwih karsaning Widdhi |
Mas Cêbolang langkung nuwun |
manêmbah ris turira |
paran margi griya-griya samya suwung |
rajakaya ting salêbar |
datan wontên kang ngopèni ||

32.
Ki Janggan aris ngandika |
wus adate kalamun amarêngi |
angin saka kulon kidul |
wong sanagri Cilacap |
padha ngili tilar bale wismanipun |
wit akèh ingkang lêlara |
brêkasakan andhatêngi ||

33.
Gêgodha (m)bedhung ngrêncana |
tan na tahan dumadi padha ngili |
mulane siwayèng-ulun |
mêngko sira mangkata |
nora pisan si bapa babasan nundhung |
têmbunge nora kainan |
sumingkir saka bilai ||

Jilid 2 - Kaca : 15

34.
Cêbolang matur sandika |
santri papat miris duk amiyarsi |
marinding gigithok mungkruk |
tyas anggung tarataban |
sang Jajanggan mèsêm angandika arum |
kabèh aja ana maras |
kang têtêg pitayèng Widdhi ||

35.
Wis kulup sira mangkata |
wêkasingsun mêtumu saka panti |
lawan rencangira catur |
(n)dhingina sikil kiwa |
pitung tindak aywa nolèh anèng pungkur |
manêmbah matur sandika |
angabêkti ganti-ganti ||

92 Maskumambang

1.
Sampun mijil kadi mas timbul ing warih |
alon lampahira |
mituhu wêling sang rêsi |
wusing antuk pitung tindak ||

2.
Mas Cêbolang tumênga miyat wiyati |
wanci sampun pajar |
dahat kacaryaning galih |
ngandika mring santrinira ||

3.
Èh Saloka iki ana tanah ngêndi |
adhême kalintang |
rasane kaya wong ngimpi |
apa isih nèng Cilacap ||

4.
Ki Saloka lingak-linguk tan bisa ngling |
tuwin Kartipala |
Palakarti myang Nurwitri |
sadaya tan ana ngucap ||

5.
Byar raina Sang Hyang Bagaspati mijil |
tandya eraming tyas |
têka nèng anggraning wukir |
mangalor anon samodra ||

6.
Lamat-lamat we-ne kang jaladri Jawi |
miyat ngering nganan |
wimbuh sêngsêming panggalih |
nèng têpi umbul we maya ||

7.
Mudaling kang we umbul agêng nglangkungi |
datan pati têbah |
ana kuburan sawiji |
kayoman witing mandera ||

8.
Tan petungan wanara agêng myang alit |
nèng panging mandera |
Nurwitri umatur aris |
pun bapa asring carita ||

9.
Tanah Kêdhu sirah Praga nama Jumprit |
êtuking kang toya |
kajawi umbul kaèksi |
wêdaling we saking guwa ||

10.
Samya piyak tatela tuk kang ngagêngi |
saking jroning guwa |
nulya na jalma lumaris |
murugi kang ribêd ing tyas ||

11.
Anyêlaki saha ngaturi pambagi |
(ng)gèr sintên sinambat |
myang pinangka saking pundi |
katêmbèn ulun pinanggya ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (04) Kaca 09
  • (06a) Kaca 16 – 24 >