Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (06a) Kaca 16 – 24

 

( Dhusun Margawati Kedu - Bab Ciri-cirining Kapal )

6. Lampahipun dumugi ing dhusun Margawati talatah Kêdhu, kapanggih Ki Lêhdaswaninda ingkang nyariyosakên bilih kapal (kuda) Margawati pinilala dening Kangjêng Sultan ing Mataram.
Ki Lêbdaswaninda suka sêsêrêpan bab ciri-cirining kapal sakalangkung moncèr ngantos dumugi bab dintên kalairanipun kapal sarta pamindhahipun dhatêng gêdhogan.


Kaca 16 - 24.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 16

92 Maskumambang

12.
Kang tinanya amangsuli kula saking |
ing tanah Cilacap |
tiyang sakawan puniki |
(ng)gih rencang kula sadaya ||

13.
Kula nyuwun sasêrêpan mring kiyai |
ingriki punika |
winastanan tanah pundi |
lan sintên kakasih para ||

14.
Anggèr tanya punika tanah ing Jumprit |
sukuning Sundara |
tlatah Kêdhu nama mami |
kenthol Gupita kang dadya ||

15.
Palawangan bilih wontên kang nênêpi |
saèstunya têbah |
Cilacap prapta ingriki |
datan dumugi sapasar ||

16.
Mas Cêbolang anggarjita jroning galih |
Naradi sanyata |
linuwih samining janmi |
nêm ari sadalu prapta ||

17.
Wasana ngling kula anyuwun pawarti |
paran mulanira |
de dados panêpèn ngriki |
Ki Gupita gya carita ||

18.
Jaman kina wontên satunggiling janmi |
nama Jumprit gadhah |
mala tan limrahing janmi |
manggèn pinggir lèpèn Praga ||

19.
Wus ambadal sakèh usada tan mari |
rumaos nir deya |
satêmah mupus ing ati |
narimah takdiring badan ||

20.
Puwara mung nalangsa marang Hyang Widdhi |
supe nadhah nendra |
anuju lingsiring ratri |
sidhakêp asuku tunggal ||

21.
Amêjahi babahan nawa sangèki |
ngêmpalkên kaanan |
pamoring kawula-Gusti |
mirêng swara lamat-lamat ||

22.
Ingkang botên kapirêng saking ing kuping |
nanging asarana |
cipta sasmita linuwih |
ujaring swara mangkana ||

23.
Èh ta Jumprit manawa sira kapengin |
waluyaning roga |
anungsunga kali iki |
yèn wis katêmu sirahnya ||

24.
Banjur sira adusa ingkang barêsih |
dhêdhukuha pisan |
nèng kono salaminèki |
amêsthi laramu sirna ||

25.
Lan jênêngmu pasthi kocap sajêgnèki |
dupi gagat enjang |
tan darana Kyai Jumprit |
lajêng wisata sumêdya ||

26.
Anglampahi wangsiting Jawata luwih |
datan dangu prapta |
ing laking lèpèn Pêragi |
dumunung guwa punika ||

27.
Tan darana lajêng (ng)gêbyur Kyai Jumprit |
dahat asrêpira |
babalung lir dènlolosi |
rèh adrêng ayun waluya ||

Jilid 2 - Kaca : 17

28.
Srêping toya pindha Kamandhanu warih |
ing tanah Pulimat |
dangu dènnya anèng warih |
Kyai Jumprit nulya mêntas ||

29.
Ngunguning tyas lupa lêsu lungkrahnya nir |
pêra raganira |
tan ana antawisnèki |
yèn mêntas anandhang roga ||

30.
Pan katêlah dadya nama Praga kali |
dumugi samangkya |
toya tuking lèpèn Pragi |
taksih darbèni kasiyat ||

31.
Yèn dèninum raosipun tuntung lêgi |
tuwuk tanpa nadhah |
damêl kiyat saranduning |
têmah angêjur têtêdhan ||

32.
Kinarya dus pêra raganipun yêkti |
tungtum balung rêngka |
kêngkênging otot nambahi |
anyêgêrakên sarira ||

33.
Manawi mukaramah kalawan takdir |
èstu enggal saras |
kaol kang carios nênggih |
awèt anèm umur panjang ||

34.
Sami ugi siram Kamandhanu warih |
dlomoking wirayat |
sumanggèng karsa kang myarsi |
mung ngluluri criyos kuna ||

35.
Amangsuli cariyosnya Kyai Jumprit |
sarêng wus waluya |
lajêng adhêdhêkah riki |
nèng wetan tuking Paraga ||

36.
Olah tani sinambi amanguntèki |
yèn dalu mêmuja |
(m)bêg darma sih ing sasami |
utama sabda sarkara ||

93 Dhandhanggula

1.
Lami-lami kawêntar Ki Jumprit |
ing manca-pat myang liyaning praja |
bilih katrimah dongane |
kathah janma angluru |
anyunyuwun mawarni-warni |
tulak tumbal sarana |
isarat sêmpulur |
panggêsangan kasugihan |
kadlajatan kamulyaning donya akir |
tan ana kang katulak ||

2.
Kathah ingkang kalajêng tan mulih |
tumut dhadhêkah nèng sirah Praga |
lajêng dados dhusun gêdhe |
Ki Jumprit duk rumuhun |
ngingah kêthèk satunggal nami |
pun Dipa gêng sajalma |
anjilma satuhu |
mangrêtos ing saniskara |
kaot botên sagêd wicantên lir janmi |
Ki Jumprit langkung trêsna ||

Jilid 2 - Kaca : 18

3.
Kalampahan tinimbul winisik |
ngèlmi pangawikan panitisan |
dêlalah pun Dipa kêthèk |
sadaya wulangipun |
Kyai Jumprit sagêd nampèni |
kenging binasakêna |
kalih tunggilipun |
manawi wontên dhatêngan |
minta sarat Ki Jumprit tan ana panti |
tinampèn Kyai Dipa ||

4.
Datan pae lan paringe kyai |
Lami-lami pun Dipa wanara |
Kyai Dipa sêbutane |
dupi Ki Jumprit lampus |
gya kinubur ing sacêlaking |
êtuk Praga punika |
nèng sor mandira gung |
Ki Dipa tan kesah-kesah |
saking ngriku muhung nênggani kuburing |
bandara kang wus lena ||

5.
Apitêkur nèng panging waringin |
kêthèk wanan kathah ingkang prapta |
suyud angratu anggêpe |
samya anyuhun-nyuhun |
saking adil paramarta sih |
(m)bêg darma bijaksana |
lir critaning dangu |
narpati wre Sri Sugriwa |
lulus ngantos sakpriki kang madêg aji |
turunipun Ki Dipa ||

6.
Mas Cêbolang miwah catur santri |
langkung suka miyarsa carita |
paman (n)dika lajêngake |
criyose Dipa Prabu |
kadiparan têkèng sakniki |
Ki Gupita lingira |
nênggih kang kêsêbut |
ing criyos kang madêg raja |
sapunika Kanjêng Kyai Dipa lagi |
tumêdhak kaping tiga ||

7.
Nadyan sampun tumurun kaping tri |
saking Jêng Kyai Dipa sapisan |
datan ewah mangunahe |
mênggah jalaranipun |
sabên ingkang jumênêng aji |
wus kadhatêngan bangas |
tandha ayun surud |
lajêng animbali putra |
kang ginadhang (ng)gêntosi jumênêng aji |
dipun ajak uminggah ||

8.
Dhatêng pucaking Sundara wukir |
wontên pucak kang putra winêjang |
ing ngèlmi umadêg rajèng |
myang saniskaranipun |
pangawikan sampating wangsit |
lajêng mancolot marang |
ing kawah alabuh |
tumangan yitmaning nata |
kacariyos dados seta kêmpal malih |
lan Ki Jumprii minulya ||

9.
Putra kang wus anampèni wangsit |
gya tumurun marang ing mandira |
wanara kèh panganggêpe |
tan pae lan kang surud |
wus tinakdir jaman samanggkin |
titiyang sampun suda |
ing pangandêlipun |
mring kaelokaning dewa |
satêmahing tan ngêrtos dhatêng basaning |
sato lir jaman kina ||

Jilid 2 - Kaca : 19

10.
botên sagêd sami anampèni |
cipta sasmitane Kyai Dipa |
mung kajawi kula anggèr |
pramila kang samya yun |
amiminta bêrkah (n)jêng kyai |
anyuwun palarisan |
rêjêki sêmpulur |
pangasihan panglulutan |
kasugihan kadlajatan myang indhaking |
ing pangkat kaluhuran ||

11.
(n)Jujugipun dhumatêng ing kami |
sarananya mawi sajèn pisang |
rajatalun kang ajêne |
sêdhah wohan rum ayu |
mênyan madu wawrat satail |
artanipun saprapat |
miwah têmbenipun |
kalamun wus kalêksanan |
angaturi dhahar tumpêng panggang pitik |
wowohan warna-warna ||

12.
Lah punika caritane nguni |
mung sadrêmi kawula sumangga |
Mas Cêbolang lon dêlinge |
langkung panuwunulun |
paman asung carita yakin |
rèh dumugèkkên lampah |
lilanana ulun |
Ki Gupita mêndhak-mêndhak |
kaparênga anggèr mampir wisma mami |
kang êmbok wus sadhiya ||

13.
Sampun nanggêl sae benjing-enjing |
karsa paduka (n)dugèkkên lampah |
Cêbolang alon dêlinge |
langkung panuwunulun |
pasihanta mring kang kaswasih |
andhêku Ki Gupita |
sumangga nak bagus |
ulun jumurung raharja |
sasampuning sasalaman gênti-gênti |
linggar saking Paraga ||

14.
Sampun lêpas lampahira prapti |
ardi alit-alit gumuk kathah |
kadi kukusan dhapure |
wontên kang alit bulug |
ngilak-ilak mung katang wilis |
ngrêmbaka lêma-lêma |
nèng sêlaning watu |
siti padhas sela kathah |
amung arga sajuga pucakirèki |
ana witing mandira ||

15.
Sakawan wit agêngira sami |
angayubi kanang gênthong sela |
isi satêngah toyane |
wêning asrêp kalangkung |
Mas Cêbolang sarowangnèki |
raywan nèng sor mandira |
nèng têpining ranu |
miyat kuda langkung kathah |
anjrah anèng gumuk ngrênggut katang wilis |
mawèh sêngsêming driya ||

16.
Wusing wanci anggiring turanggi |
punang kuda minggah mring aldaka |
ayun ngombe lir adate |
wasana samya wangsul |
rare angon samya murugi |
apa kang dadya sabab |
kudanira wangsul |
dupi wus prapta ing pucak |
miyat jalma gangsal kang sajuga pêkik |
ana padon sajuga ||

Jilid 2 - Kaca : 20

17.
Mantuk marang dhusun sung upêksi |
ing ki lurah Ki Lêbdaswaninda |
sawuse tampi ature |
adan umangkat gupuh |
sampun prapta ngandhap waringin |
Swaninda sung pambagya |
dhuh risang binagus |
teja-teja sulaksana |
tejaningkang wong sigit nêmbe kaèksi |
wingking pundi pinangka ||

18.
Lawan sintên sinambat ing kasih |
Mas Cêbolang (n)dhêku lon ngandika |
babo rama pambagene |
kalangkung-langkung nuwun |
ulun saking Cilacap nagri |
anama pun Cêbolang |
èstu santri kluthuk |
ngaluyur nuruti manah |
tanpa sêdya nêting tyas kang tinutwuri |
mèsêm Lêbdaswaninda ||

19.
Wacana ris anggèr saupami |
kuda turunan pancèn tumpakan |
lan momotan panci sanès |
gambar polatanipun |
anêrusi ciri prayogi |
pamintane pun bapa |
pinarêngna kalbu |
karsa kampir wismaningwang |
muhung luthung ngakên tiyang sêpuh ugi |
Cêbolang duk miyarsa ||

20.
Garjitèng tyas baya iki luwih |
de katitik patrape atata |
kawistara wicarane |
wasana ris umatur |
ing sakarsa ulun umiring |
lêga tyasnya Ki Lêbda |
linggar sadaya wus |
saking ngandhaping mandira |
turut marga tan kêndhat pitakènèki |
Swaninda acarita ||

21.
Karsa dalêm jêng sultan Mantawis |
ulun tinanêm dumados lurah |
wontên Margawati rêke |
gunggung siti wolung jung |
paos êpak wallan tan kenging |
nama Lêbdaswaninda |
de pakaryan muhung |
manawi wontên pundhutan |
kapal agêm titihan dalêm sang aji |
miwah panarik rata ||

22.
Tan lyan wêdalan ing Margawati |
Mas Cêbolang alon atêtanya |
kadiparan darunane |
de pinilalèng ratu |
wujudipun kathah kang alit |
e makatên anakmas |
mênggah sababipun |
warni pantês burus ing tyas |
tur yuwana kuwat tahan ing sasakit |
kèh panjang umurira ||

23.
Awit saking karamatirèki |
kênthèng kang anèng ngandhap mandira |
punika pangombènane |
sabên ari dèninum |
sakèh kapal toyanya maksih |
pan botên asat-asat |
punika nak bagus |
ingkang dumadya jalaran |
warna pantês kuwat tahan ing sasakit |
tyas burus tur yuwana ||

Jilid 2 - Kaca : 21

24.
Sêrap surya praptanirèng panti |
kyai wisma ngacaran alênggah |
anèng ngambèn sadayane |
sugatanya lumintu |
Mas Cêbolang rahab ing galih |
myang santrinira papat |
tan na sigansigun |
Ki Swaninda (m)bujakrama |
amanggihi Mas Cêbolang tanya malih |
nglajêngakên bab kapal ||

25.
Saban kapal wijil Margawati |
punapa (ng)gih kenging tinamtokna |
kalamun pasthi pênêde |
Lêbdaswaninda (ng)guguk |
botên bèntên kalawan janmi |
mawi ngèlmi wirasat |
ciri wastanipun |
ciri inggih nyêng-unyêngan |
miwah ulês ingriki panitiknèki |
awon saening kuda ||

26.
Mas Cêbolang ngangsêg turira ris |
dhuh kiyai sajêg ulun gêsang |
dèrèng uninga yêktose |
bilih kapal puniku |
won sae wontên ing ciri |
mugi amarêngêna |
anggêlarkên tutur |
awon saening turangga |
saha malih paduka sampun akrami |
dhumatêng ing kawula ||

27.
Pintên banggi pangangêping galih |
kadiya mring atmaja priyangga |
dhasar sêpuh kèh kawruhe |
ulun tuhune punggung |
botên lamis tur kula Kyai |
Ki Lêbda duk miyarsa |
liringe kang sêmu |
ujar wantah tan lamisan |
èh ta kulup aja kurang pangaksami |
wong tuwa nungkak krama ||

28.
Ingkang mêsthi nyêng-unyêng turanggi |
cacah sanga siji aran cêthak |
prênah ana ing têngahe |
mata loro puniku |
cacah loro nèng buri kuping |
mathi iku arannya |
baurêksa iku |
uga loro nèng andhêman |
kiwa têngên palintangan uga kalih |
angapit wudêl kuda ||

29.
Ganêpe sanga pudhak kakalih |
ngarêp pupu gung ing kering kanan |
lamun kurang siji kuwe |
Sonyata karanipun |
yêkti ala yèn luwih saking |
sasanga ana ala |
ana bêcikipun |
tur ciri iku akathah |
barang ingkang sumêlap puniku ciri |
irêng abang putihnya ||

Jilid 2 - Kaca : 22

30.
Upamane awaking turanggi |
kabèh wulu yèn ana unyêngan |
iya saênggon-ênggone |
sumêlap mungsêripun |
yêkti kêna ingaran ciri |
sami lan gèthèk bêlang |
lêkok saminipun |
ciri lan unyêng-unyêngan |
pênèt sami basane sinilih-silih |
amrih dhanganing krama ||

31.
Lamun ana mathining turanggi |
katutupan wawarung (ng)gènnira |
iku mathi satuhune |
yèn ana mathinipun |
kuda ingkang kaparèng wuri |
rubuh karna namanya |
awon watêkipun |
yèn aprang kêna ing cidra |
kang anitih kapocot ing mungsuh kêni |
sayêkti sininggahan ||

32.
Lamun unyêng-unyêngan kudèki |
munggèng gulu gorokan pan ala |
lamun unyêng-unyêngane |
ing têpak-sujèn têrus |
kang sayêkti ala pinanggih |
lamun unyêng-unyêngan |
pêpêkan (ng)gènnipun |
nênggih kalabang pipitan |
apan awon yèn ana ing sanggawêdhi |
Dhèndhèng-wong yêkti ala ||

33.
Lamun ana ing nglambung namèki |
pan barancuh sayêktine ala |
yèn anglajur panggonane |
anurut buntutipun |
Lintang-sarat ala pinanggih |
lamun unyêng-unyêngan |
ênggonne ing bathuk |
anaraju tur têtiga |
nênggih Jaga-muksa puniku pan bêcik |
yèn ana ciri (ng)gènnya ||

34.
Papasu pan Tadhah-luh sayêkti |
yèku ala ngajarkên karuna |
yèn ciri munggèng uwange |
Kêmil ala tinêmu |
lamun tênggok ênggonning ciri |
apênêt tur sugihan |
nênggih kang angingu |
yèn ciri anèng gantangan |
tuhu ala tur ta angadohkên ati |
tan pantês ingingua ||

35.
Lamun ciri sukune kang wuri |
pan Bêndana-katututan ala |
yèn ta bêlang pupuruse |
tan ana têrusipun |
bêlang wake nora nimbangi |
Dhudha-karêm namanya |
awon watêkipun |
yèn ciri suku ing ngarsa |
Arja-dumuk pakolèh ginawe jurit |
ngênakkên nora kêna ||

36.
Yèn ambujung bisa anututi |
yèn binujung nora katututan |
senapati (ng)gon-anggone |
miwah mantri panganjur |
yèn jêjêngku ênggoning ciri |
yèku Tinimbang-ngarsa |
ala watêkipun |
kang ngingu wadon tyasira |
lawan agung kasangsaya (m)bilaèni |
angilangakên arta ||

Jilid 2 - Kaca : 23

37.
Lamun wêtêng ênggoning kang ciri |
Baya-ngangsar puniku pan ala |
tan pantês kanggo ing gawe |
yèn ciri lambenipun |
kang ing ngandhap puniku bêcik |
karya ayuning tingkah |
lamun buntêl siyung |
Kala-mandhukul arannya |
kang angingu tawêkal dadi wong lanji |
naratab maring rayat ||

38.
Lamun ciri lambene ing nginggil |
Sampar-wacana puniku ala |
yèn ciri anèng gêgêre |
sêring kakapanipun |
kalinggihan yèn dèntitihi |
Kala-jojog pan ala |
panas watakipun |
yèn ciri anèng bokongnya |
anrus jubur Kêlabang-anglèng tan bêcik |
panas maring sarayat ||

39.
Yèn jêjalak ênggonning kang ciri |
bêbênêman upas pasthi ala |
miwah yèn ciri sukune |
kang kiwa ingkang ngayun |
yèn ing têngên sikile wuri |
lamun ingangge karya |
bongkok watêkipun |
yèn ciri lambunge kiwa |
trus ing têngên mung wong kapêtêngan ati |
kang pantês angganggoa ||

40.
Yèn ingangge liyane wong maling |
yêkti ala sayêkti gêringan |
yèn luhur jêngku cirine |
Tandha musthikanipun |
yèn ingangge amangun jurit |
watêke kang anunggang |
kèdêg sirahipun |
marang kudane priyangga |
yèn na ciri kasaban ambên tan bêcik |
lêksanane panasan ||

41.
Yèku namane Kala-kapipit |
lamun ciri sangisor talingan |
Dhandhang-susuwêng namane |
panas pakolèhipun |
yèn pok kuping Dhandhang-susumping |
lamun lêpat upama |
sanyari (ng)gènnipun |
Dhandhang-ringan-ringan ala |
ing watêke yèn andhêman wutah ati |
angkêr watêking kuda ||

42.
Lamun ana mathine sasisih |
Sonyantaka lamun ingangge prang |
tan wande anjungkêlake |
yèn ciri pipinipun |
ingkang kiwa aranne Kêmil |
ala ngurudi arta |
marang kang angingu |
yèn ing lambe ênggènnira |
yèku Kurès ala sêring angêlongi |
kang ngingu artanira ||

43.
Lamun ciri tan kasaban kuping |
Sangkala-kalung sayêkti ala |
yèn ciri munggèng uwange |
iya Biru-tinukup |
lamun uwang ingkang sawiji |
tan kèdhêp maring rowang |
nênggih watêkipun |
pan ciri angalih basa |
basanipun unyêng-unyêngan sinilih |
mring dhanganing sri nata ||

Jilid 2 - Kaca : 24

94 Sinom

1.
Yèn ana unyêng-unyêngan |
munggèng cacangklakanèki |
sangêt alane kang nunggang |
tan wun katiban tatali |
yèn ana suku wingking |
sasisih ran Brananipun |
pênêd adoh ing baya |
kang ngingu olèh basuki |
lamun ana kalih sukune ing ngarsa ||

2.
Ala watêking turangga |
yèn suku ngarsa satunggil |
Sandhung-sawa arannira |
rahayu kangge ing jurit |
yèn kasasaban ing kuping |
andêlèrèh pasangipun |
ala tan wun ingucap |
kang ngingu kang anitihi |
lamun unyêng-unyêngan gulune kiwa ||

3.
Anênggih watêke panas |
yèn gulu têngên (ng)gonnèki |
lêksanane gawa wirang |
yèn kasaban rambutnèki |
awon watêke asring |
tutukaran nuli atut |
lamun kalih bathuknya |
Baya-kapranggul tan bêcik |
ingkang ngingu asring nêmoni babaya ||

4.
Yèn ana unyêng-unyêngan |
gumantung ana ing kuping |
puniku Dhandhang-sasêngkang |
awonne angrungu warti |
warta sikara budi |
lamun ana ing jêjanggut |
Sirtimang arannira |
rahayu marahi bêcik |
kang angingu santosa manggih wibawa ||

5.
Lamun kêpipit ing pukang |
Kêndhit-lawètnya namèki |
awon lêksananing kuda |
kang ngingu anggung prihatin |
yèn suku kalih wuri |
ginawa prang kênèng mungsuh |
yèn suku siji ngarsa |
nèng têngên panggonannèki |
Dara-makap yèn ginawa prang kacandhak ||

6.
Yèn sukune kiwa ngarsa |
pênêd ginawa ngajurit |
binujêng datan kacandhak |
yèn ambujung anututi |
lamun cangklaknèki |
sangêt awon watêkipun |
yèn anèng gogorokan |
kakalih namanirèki |
Gondhang-mala nora bêcik nora ala ||

7.
Yèn ing gulu marang jaja |
Raja-wahana pan bêcik |
tutunggananing narendra |
yèn ing wêtêng prênahnèki |
Tuwak arannirèki |
tan bêcik tan ala iku |
yèn kawêt ênggènnira |
Sangkala-kawêt tan bêcik |
lamun ana clakuthikan ênggènnira ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (05) Kaca 10 – 15
  • (06b) Kaca 25 – 35 >