Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 6

Kontak Admin.

email-kidemang

(07) Kaca 36 – 37

 

( Nyi Rantamsari nalika gêsangipun abdidalêm bêdhaya kraton Majapait )

7. Lampahipun dumugi rêdi Sumbing kapanggih dhayang sêndhang Bêdhaya wasta Ki Candhikyuda tuwin bojonipun Nyi Rantamsari ingkang nalika gêsangipun abdidalêm bêdhaya ing kraton Majapait. Mila sintên ingkang adus ing sêndhang Bêdhaya wau, badhe kinasiyan dening sadaya ingkang ningali. Lajêng sami ningali sumbêr ing Pikatan.


Kaca 36 - 37.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 36

97 Asmaradana

15.
Mangkat saking Margawati |
laju ing lampah sumêngka |
praptardi Sumbing sukune |
kèndêl ing têpining sêndhang |
asrêpira kalintang |
narêthêk sadayanipun |
nuju purnamaning wulan ||

16.
Ari malêm (ng)Gara Kasih |
Mas Cêbolang sru karênan |
umiyat ing we wêninge |
tandya angracut busana |
anggêbyur alulumban |
Ki Nurwitri amung raup |
santri katri kacipratan ||

17.
(n)Jola lir dèn-nyonyok gêni |
dumadya sumingkir têbah |
wus tutug dènnya lêlangèn |
nulya angrasuk busana |
tan ana sangsayanya |
santri katri samya ngumpul |
sadalu nèng pinggir sêndhang ||

18.
Santri papat eca guling |
mung kantun Ki Mas Cêbolang |
(n)jêgrêg datan anglêgèyèh |
lingsir dalu wayahira |
jalma ro kawistara |
priya bagus èstri ayu |
mijil saking jroning sêndhang ||

19.
Mrêpêki kang eca linggih |
kadya tugu sinukarta |
tajêm tan (ng)garagap tyase |
kang priya alon lingira |
mas putu kawruhanta |
Candhikyuda aranningsun |
wadon iki garwaningwang ||

20.
Kakasih Dyah Rantamsari |
padha abdi Sri Pamasa |
Brawijaya kang mandhirèng |
ing Majapait nagara |
duk jaman kadewatan |
kadawan yèn ingsun catur |
anisku saka ing praja ||

21.
Praptèngsun ing ardi Sumbing |
minta aksamaning dewa |
sinambi lawan têtanèn |
kathah janma ingkang prapta |
samya mèlu dhadhêkah |
sawusnya arja kang dhusun |
manira srimbit gya muksa ||

22.
Wèh tilas ing sêndhang iki |
sun sêsuwun ing jawata |
(m)barkahana salawase |
sing sapa janma kawawa |
adus wus surup surya |
malêm (ng)Gara Kasih èstu |
sinung manising wicara ||

23.
Gandês luwês mêrakati |
solah parigêl wiraga |
sadhengah wonge kang anon |
wlas asih trêsna trusing tyas |
katrima pamintèng-wang |
ana cumlorot lir wahyu |
jumêgur tiba ing sêndhang ||

24.
Kagawa garwaku iki |
nguni aslining badhaya |
katêlah têkèng samangke |
ingaran sêndhang Badhaya |
wis kulup tutugêna |
kang dadya sêdyanirèku |
ingsun jimurung ing karya ||

Jilid 2 - Kaca : 37

25.
Kaliye wus tan kaèksi |
Mas Cêbolang lir supêna |
pajar sidik kèh swarane |
bakikèring sata-wana |
myang pêksi cocakrawa |
kacêr pênthèt thilang cohung |
srigunting prênjak sikatan ||

26.
Sumirat soroting rawi |
kagyat kang samya anendra |
(n)jênggèlèk tambah asrêpe |
narêthêk angga rog-rogan |
Mas Cêbolang lingira |
padha minuma sadarum |
toyane sêndhang Bêdhaya ||

27.
Iku têtulaking atis |
wus nginum santri sakawan |
kumêpyar pêra ragane |
nir lapa lêsahing angga |
asru eraming driya |
kawasanira Hyang Agung |
tuhu nora ana madha ||

28.
Tumurun saking ing wukir |
santri catur tansèng wuntat |
Ki Saloka amiraos |
hèh Palakarti Ki Pala |
sawangên iku (n)dara |
saka ing pangrasaningsun |
mundhak sigit mêrakatya ||

29.
Dyatmika sêmune wingit |
Palakarti Kartipala |
kakang iya bênêr kowe |
dalah Nurwitri ya mundhak |
wênêse kang wadana |
apa saka sawabipun |
toyane sêndhang Badhaya ||

30.
Lampahira anglangkungi |
Ngadirêja Kaparakan |
Têmanggung tlatah Kêdhune |
kèh para dyah kang kasmaran |
andulu Mas Cêbolang |
wênèh ana kang tut pungkur |
tansah dadya rêrubungan ||

31.
Prawan lanjar randha tuwin |
somahan tan tolèh lanang |
kang lumaris ribêd tyase |
ing lampah dumadya nyimpang |
nilapkên kang tut wuntat |
prapta ing Pikatan umbul |
toya wêning lirap-lirap ||

32.
Binatur ing sela langking |
wawangunan banon wiyar |
karikil alit dhasare |
toya tan lukak tan mindhak |
umbul tan kawistara |
sak êdom wijiling ranu |
kathah tan kenging winilang ||

33.
Liwêran ulam tambra brit |
bayak kadi anêmbrama |
marang risang nêmbe rawoh |
kalamun bisaa ngucap |
dhuh risang ambêg santa |
kawula sadaya atur |
wilujêng rawuh paduka ||

34.
wontên ing Pikatan riki |
punapi kinarsakêna |
kula sadaya rumaos |
ing sakaparênging karsa |
mangkana Mas Cêbolang |
ginraitan ingkang sêmu |
ulam tambra manêmbrama ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (06b) Kaca 25 – 35
  • (08) Kaca 38 – 40 >