Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (09) Kaca 41 – 58

 

( Bab: Ningkah, Pêgatan/Talak, Rujuk, Rukun, Khuluk, Tuwin Maskawin )

9. Lumampah ing pêtêngan, wangsul mangidul dumugi rêdi Tidhar, sowan Sèh Wakidiyat ing padhepokanipun. Endhangipun sakawan sami ayu-ayu, sadaya kanikahakên kalihan Mas Cêbolang. Sèh Wakidiyat paring katrangan bab: ningkah, pêgatan/ talak, rujuk, rukun, khuluk, tuwin maskawin, sakalangkung moncèr botên wontên ingkang kalangkungan. Mas Cêbolang nyuwun pamit nglajêngakên lampah, wêkasan bojonipun sakawan pisan sami kapêgatakên, talak satunggal.


      Kaca 41 - 58.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 41

99 Kinanthi

1.
Endhang Kismani puniku |
cêmêng manis amrakati |
ngrasuk sinjang tumênggungan |
paningsêt sêtagèn abrit |
mingis katon mung sasada |
amathinthing matrêm-kengis ||

2.
Asumêkan sêkar bênguk |
malipis alus waradin |
pungkasan tirah sacêngkang |
sinalêmpitakên ngarsi |
gathuk lan wironing sinjang |
ukêl sèntêg amantêsi ||

3.
Endhang Brahmani winuwus |
bangbang awak mawèh kingkin |
ngrasuk sinjang lurik rêkta |
satagèn cêmêng mathinthing |
sêmêkan yuyu sakandhang |
ijo ukêl gondhèl pèni ||

4.
Endhang Aniladi mungguh |
jênar lir êmas sinangling |
ngrasuk sinjang kêpyur pelag |
pinantês satagèn kuning |
wungu byur ingkang sêmêkan |
ukêl canthèl ngrujit ati ||

5.
Endhang Jahnawi mawèh kung |
jênar suluh bêngle kengis |
ngrasuk sinjang wanabadra |
paningsêt satagèn putih |
kasumêkan dasasela |
dhasar irêng mawèh brangti ||

6.
Kondhe pinalintir alus |
tirahan jênthar sanyari |
lugas tan na mawi sêkar |
sêngkangnya sadaya cêplik |
pacak patraping busana |
endhang papat apan sami ||

7.
Sawusnya busana rampung |
tumurun saking ing wukir |
sakawan sarêng lumampah |
mung wiraga nora tunggil |
ana ingkang (ng)gigit sadak |
asta kiwa anyakithing ||

8.
Ana ingkang ngêmbêng susur |
lathi anggung dènusapi |
ana kang lagya wit mucang |
gagang sêmprit anèng njawi |
ana kang olèh panasar |
asta têngên anggung midih ||

9.
Wau ta ing lampahipun |
Mas Cêbolang catur santri |
mahawan langkung sumêngka |
kumêpyur kagyating galih |
kawuryan endhang sakawan |
tumurun saking ing wukir ||

10.
Ngandika mring santri catur |
padha (n)dêngèngèka aglis |
lah iki ana rurupan |
ewuh ênggonku ngarani |
apa pêri parayangan |
apa satuhuning jamni ||

Jilid 2 - Kaca : 42

11.
Rupa rampak ayu sêmu |
barès angrêsêpkên ati |
bêsuse manut ing sarak |
upama sêkar kang adi |
durung padha (m)babar ganda |
mamadune durung kongkih ||

12.
Andêngèngèk santri catur |
mangkana lêsah lapa nir |
nayana katon sumringah |
umatur babo suwawi |
sinêngkakakên ing lampah |
daya-daya nuntên panggih ||

13.
Nahan ing lampah wus cundhuk |
Mas Cêbolang catur santri |
tan ana kuwawa ngucup |
kêdhèp têsmak aningali |
endhang catur mire nganan |
trapsila wicara manis ||

14.
Dhuh babo kang nêmbe rawuh |
sowan kawula tinuding |
Sèh Wakidiyat pilênggah |
ing asrama Tidhar ngardi |
(n)jêng paduka tinimbalan |
laju maring ing asrami ||

15.
Kerida ing lampahulun |
Mas Cêbolang duk miyarsi |
anyêbut angudubilah |
sarwi (n)dheprok lingira ris |
pra arum duta utami |
mugi ywa dados panggalih ||

16.
Dêksuraning badanulun |
nampèni dhawuh sang yogi |
kalimput kacaryan mulat |
dhumatêng sang pindha Ratih |
myang Supraba Wilotama |
Rarasati ing swargadi ||

17.
Sandika ingkang dhumawuh |
suwawi paduka irid |
sakawan mèsêm sarêngan |
winantu dhawahing liring |
jumênêng angêlus sinjang |
nulya lumampah nèng ngarsi ||

18.
Lampah tan antara dangu |
prapta ngarsane sang yogi |
pinarak ing yasa-kêmbang |
toya wêning angubêngi |
pinalisir sesêkaran |
nêdhêng kusuma (ng)ganda mrik ||

19.
Ni endhang duk praptèng ngayun |
maro mire nganan ngering |
atêbih lawan sang tapa |
Mas Cêbolang catur santri |
makidhupuh anèng ngarsa |
muka lir konjêming siti ||

20.
Sèh Wakidiyat lingnya rum |
saka dhanganing tyasmami |
aku awèh karaharjan |
praptanta nèng ndhepokmami |
basan bêgja kêmayangan |
wit tan nyana bisa panggih ||

21.
Lan sira siwayèngulun |
yèn tan kliru sira kaki |
atmaja Sèh Akidayat |
asrama Sokayasa-di |
mijil saking Siti Wuryan |
iku mitraku sayêkti ||

Jilid 2 - Kaca : 43

22.
Nalika marsudèng kawruh |
tan na pisah rina wêngi |
lir kadang nunggil sawêlat |
palaling Hyang Maha Suci |
basa wis rumasa tuwa |
padha dhêdhepok pribadi ||

23.
Nèng Sokayasa ramakmu |
nanging biyèn isih nami |
Esèh Adi Anggungrimang |
ingsun dhêdhepok nèng riki |
araning kang ardi Tidhar |
pusêring kang tanah Jawi ||

24.
Gajêg Cêbolang aranmu |
mangkana kang sinungan ling |
kalangkung eraming nala |
sidike sang maha yogi |
wasana matur anêmbah |
mênggah dhawuh kang kawijil ||

25.
Sutuhu tan ana gangsul |
nyumanggakkên ingkang dasih |
pêjah gêsang tan suminggah |
kinarya pêthak myang abrit |
sumarah datan lênggana |
pukulun ywa walanggalih ||

26.
Rèh ing mangkya sampun cundhuk |
lawan raose tyasmami |
sêdyaulun ngèstupada |
ing lampah kandhêg nèng riki |
margi yèn anglajêngêna |
tanapi wangsul mring panti ||

27.
Maha wiku lingira rum |
kulup iku lwih utami |
amung ta wawêkasingwang |
banjurna lakunta kaki |
têmbe pantog praptèng praja |
Wirasaba (ng)gonmu mulih ||

28.
Kadawan lamun dakcatur |
bakal lalakonmu kaki |
endhang mara ladèkêna |
pasugatan gantèn wangi |
kalawan rokok sumpêtan |
sokur yèn wedange uwis ||

29.
Lawan nyanyamikanipun |
iku ladèkêna dhingin |
kang sinung ling samya mentar |
Kismani (m)bêkta tapsirih |
Aniladi pangêsêsan |
patèhan Endhang Brahmani ||

30.
Jahnawi dhaharanipun |
sadaya lumadyèng ngarsi |
miwah kang mring punakawan |
tan ana seose sami |
Sèh Wakidiyat lingira |
lah iku sugata mami ||

31.
Saanane sining gunung |
gaduging bocah pawèstri |
siji tan na batih priya |
tan lyan papat iku kaki |
kang ngopèni tatanêman |
lah-olah bêrsihing panti ||

32.
Aywa nganggo ewah-ewuh |
anggêpên wisma pribadi |
kang liningan matur nêmbah |
dhawuhipun (n)jêng kiyai |
kalêbêt raosing manah |
tan angraos amartami ||

Jilid 2 - Kaca : 44

33.
Sampun kadi wismèngulun |
Mas Cêbolang catur santri |
wus samya sês miwah mucang |
tuwin minum wedang êtih |
tanapi nadhah nyamikan |
rêsêp tan tahaning galih ||

34.
Tampi wangsit endhang catur |
samya lumêbu ing panti |
wêdalira sampun (m)bêkta |
sêkul liwêt anèng cêthing |
myang ulam anèng ing dhulang |
jangan sambêl sarêm pêtis ||

35.
Lalaban slèdri katimun |
cipir boncis kacang kapri |
wus tinata anèng ngarsa |
Sèh Wakidiyat lingnya ris |
lah kulup sira nadhaha |
kinarya jampi kalantih ||

36.
Mas Cêbolang nêmbah (n)dhêku |
mirasa dènnira bukti |
wus dumugi cinarikan |
pinaringkên ing pamburi |
santri catur samya nadhah |
rampung ingundurkên aglis ||

37.
Wus ingundurakên wangsul |
umarêk sang maha yogi |
Hyang Surya tumamèng arga |
maha wiku ngandika ris |
lah kulup sira kariya |
ingsun gambuh mring panêpin ||

100 Gambuh

1.
Sira lan santri catur |
amanggona nèng kene sadarum |
wusing parlu sayêktine ingsun bali |
kang liningan matur (n)dhêku |
maha-wiku lampahnya lon ||

2.
Ingiring endhang catur |
Mas Cêbolang wau ingkang kantun |
lênglêng rêngêng-rêngêng asambari ririh |
iya ta lah sang awiku |
(m)bok iya kadi siringong ||

3.
Têka tinilar mak brung |
bocah papat siji tan na kantun |
sadhengaha nora niyat nampik milih |
kabèh mawèh gandrung-gandrung |
tyasingsun êmbahne condhong ||

4.
Eh sira bocah catur |
mungguh kowe êndi kang panuju |
endhang papat pilihên salah sawiji |
santri sakawan umatur |
saèstu langkung pakewoh ||

5.
Yèn kenginga sadarum |
dados (m)botên keran-keron bingung |
Mas Cêbolang dahat kingkin nanging ajrih |
pêpêg sumpêg ing tyas gadhug |
satêmah alongang-longong ||

Jilid 2 - Kaca : 45

6.
Nahan kang yun manêkung |
angandika Kismani sirèku |
ngladènana marang anakku wong sigid |
lamun wis kulinèng wuwus |
gêlarna cangkriman dhenok ||

7.
Yèn kabatanga tamtu |
daklilani nyuwuna sirèku |
sakirane sira ta apa kadugi |
winêngku ing dhayoh mau |
kang liningan tan miraos ||

8.
Manawa nora pêcus |
ambatanga marang cangkrimanmu |
yêkti datan dak paringkên sira nini |
kang liningan nêmbah matur |
tan lênggana ing sapakon ||

9.
Kismani wus winuruk |
wusnya apil manêmbah gya mundur |
sarwi (ng)gagas cangkriman kang wus kawijil |
sakirane apa pêcus |
ambatang cangkriman elok ||

10.
Kang lagya mingak-minguk |
Mas Cêbolang kagyat dènnya (n)dulu |
Dyah Kismani prapta datan mawi kanthi |
dupi parêk ris umatur |
dhawuhipun sang kinaot ||

11.
Kinèn ngladosi ulun |
anèng riki ing sadangunipun |
Mas Cêbolang mangsuli luwih utami |
dados wontên rencang ulun |
jajagongan omong-omong ||

12.
Malah bilih panuju |
sih ing dasih kang pindha jumêrut |
kula suwun dhumatêng sang maha yogi |
dadosa papundhèn ulun |
ing donya praptaning êndon ||

13.
Kismani lingira rum |
sarwi mèsêm ngujiwat mawèh kung |
yèn wus pasthi boya selak ingkang dasih |
mung wontên paminta-ulun |
badhenên cangkrimaningong ||

14.
Lamun kabatang ulun |
asrah jiwa raga mring sang bagus |
donya akir atas kagungan sang pêkik |
Mas Cêbolang asru (ng)guguk |
punika punapi yêktos ||

15.
Suwawi sang rêtnarum |
kawêdharna cangkriman linubung |
Dyah Kismani ngandika manis prapkati |
(m)botên ilok cidrèng wuwus |
dosa lair trusing batos ||

16.
wontên kang sumur watu |
timba rukmi atatali lesus |
(n)dawêg (n)dika badhe ingkang aprêmati |
Mas Cêbolang mèsêm muwus |
mênggah ing pambatangingong ||

Jilid 2 - Kaca : 46

17.
Kalih warni puniku |
punapa (ng)gih kaparênging kayun |
(ng)gih sumangga sampun sami walang galih |
inggih sumur kajêngipun |
dhatêng saumur sayêktos ||

18.
Kajêngipun kang watu |
tansah manggèn tan sagêd lumaku |
timba apan wadhah ingkang mêdal manjing |
kancana ing kajêngipun |
dhatêng kamulyan sayêktos ||

19.
Tatali mrih pikukuh |
angin dhatêng napas kajêngipun |
sayêktose tiyang agêsang puniki |
tatangsuling gêsangipun |
napas ingkang manjing miyos ||

20.
Kadi paran jantungku |
punapi lêrês lan (m)botênipun |
inggih bagus satunggale kadi pundi |
suwawi winêdhar wuwus |
Mas Cêbolang lingira lon ||

21.
Kajênge punang sumur |
dhatêng sumur gumuling puniku |
watu dhatêng sela kumalasa yêkti |
tatimba dhumatêng cibuk |
kang minggah tumurun alon ||

22.
Kancana kajêngipun |
dhatêng kancana ore linuhung |
inggih dhatêng kang wanita ngore wèni |
tali dhatêng tampar angkus |
waraga apan jinatos ||

23.
Kuswa nyêkêl puniku |
têgêse kang raga awak tuhu |
kajêng ingkang angin dhatêng napas yêkti |
sawadose jiwaningsun |
tiyang guling sakaroron ||

24.
Èstri kalawan jalu |
sapaturon kuswa-kinuswèku |
rêrênggosan kadi kaplayu ing jurit |
rara Kismani malêruk |
kalepat kesah wirangrong ||

25.
Umarêk sang linuhung |
angaturkên ing pambatangipun |
tètèh gêmêt datan ana kang kalêmpit |
maha wiku manthuk-manthuk |
wus pinasthi sira dhenok ||

26.
Winêngku mring têtamu |
aywa wangkot ing sapakoningsun |
Dyah Kismani minggu nguwik-uwik siti |
ginuyu mring dyah têtêlu |
Kismani nyiwêli wal-wol ||

27.
Ing dalu tan winuwus |
enjingira risang maha wiku |
rawuh marang pondhokanira têtamu |
endhang catur tansèng pungkur |
Sèh Wakidiyat linggnya lon ||

Jilid 2 - Kaca : 47

28.
Babo atmajaningsun |
rèh wus dadi patêmbayanipun |
arinira iki si Endhang Kismani |
sapa wonge kang apêcus |
(m)batang cangkriman sayêktos ||

29.
Pasrah jiwa ragèku |
mangka sira bisa (m)badhe kulup |
yèn sêmbada sunningkahkên ri puniki |
lan saka sukaning kalbu |
kang têlu kalamun condhong ||

30.
Ywa katanggungan kulup |
ngongparingkên mring sira sadarum |
supayane ywa keran-keroning ati |
dadi têntrêm tyas tan giyuh |
sêpi panêmu kang awon ||

31.
Cêbolang duk angrungu |
dhawuhipun risang maha wiku |
langkung kagyat êmar maras sênig-sênig |
ngunandika jroning kalbu |
kadênangan karsaningong ||

32.
Iki apa panglulu |
apa wantah ewuh tangguhipun |
ing wasana umatur saha wotsari |
kalangkung pamundhiulun |
dhawuh kang sampun kawiyos ||

33.
Ulun sumanggèng kayun |
tan lênggana satuduh tumutur |
sampun ingkang dhumatêng raras kamuktin |
sanadyan praptaning lampus |
datan lênggana sapakon ||

34.
Ing rêmbug sampun putus |
wus dèn-ningkah wau endhang catur |
paragating ningkah pinanggihkên aglis |
maha wiku ngandika rum |
èh Cêbolang atmajèngngong ||

35.
Kang bêcik pangêmongmu |
lan kang adil panataning kakung |
aja ana nganti kataman sak sêrik |
sihira aywa (m)barênjul |
dadi tyase padha golong ||

36.
Sang wiku wusing dhawuh |
wangsul marang ing panêpènipun |
kawarnaa kang katuju ing panggalih |
tyase langkung suka sukur |
timimbul karêsmèn andon ||

101 Maskumambang

1.
Rarasingkang karasikan tan winarni |
wusing sapta dina |
Mas Cêbolang angalêntrih |
larut bayuning kang angga ||

2.
Gya umarêk marang ngarsane sang yogi |
rubiyah sakawan |
tan kêna ginggang sanyari |
tansah ambondhèt mring priya ||

Jilid 2 - Kaca : 48

3.
Praptèng ngarsa maha wiku lingira ris |
pantèn paran karsa |
umarêk ing ngarsamami |
apa ta darunanira ||

4.
Mas Cêbolang tumungkul konjêm ing siti |
èh ta uculêna |
(ng)gonnira (m)bondhèt mring mami |
wus bênggang samya alênggah ||

5.
Mringa panti cacawisa kang prayogi |
rujak myang lotisan |
prêsan menda duduh pitik |
lan wowohan sasêgêran ||

6.
Endhang catur samya mundur mangênjali |
Mas Cêbolang tandya |
(n)dêngèngèk umatur ririh |
dhuh risang paring nugraha ||

7.
Ngaturakên pêjah gêsangulun nênggih |
èstu tan kawawa |
lumawan ing senapèti |
sakawan sami prawira ||

8.
Tanpa kiwul wit kawula lamba yêkti |
yèn pukulun datan |
paring sarana sayêkti |
dasihe têmah antaka ||

9.
Maha wiku suka awêlas ningali |
wasana ngandika |
kulup dènkaparèng ngarsi |
wusing parêk gya winêjang ||

10.
Bab karêsmin kang tan ngrusakakên dhiri |
wèh nikmat warata |
siji kang tinujwèng kapti |
kang tiga samya karasa ||

11.
Datan pae kalawan ingkang satunggil |
jumbuh ingkang rahsa |
Asmara-nala rumiyin |
têgêse sêngsêming manah ||

12.
Kalihipun Asmara-tura winardi |
sêngsême paninggal |
tri Asmara-turida di |
pan sêngsêming pamirêngan ||

13.
Sakawannya Asmara-nada sêngsêming |
ingkang sapocapan |
gangsal Asmaratantra di |
sêngsêming kang pangarasan ||

14.
Nêm pungkasan sêngsêming sanggama yêkti |
ran Asmaragama |
tuwin jaya wijayanti |
pangabaran pangasiyan ||

15.
Agal rêmit miwah ingkang ngèlmi sihir |
karya-ramming kathah |
dalah wisikan sarêsmi |
Mas Cêbolang wus widagda ||

16.
Sinung padhang paang graitane lantip |
kacakup sadaya |
sarta nulya dènlampahi |
sadhawuhe sang pandhita ||

17.
Pan pinêlêng dènnira amatiragi |
cacêgah myang siyam |
ngalowong apatigêni |
wungu lan kungkum ing toya ||

18.
Lumêstari tan ana batal sawiji |
sawusing paragat |
garwa pinaringkên malih |
atut dènnya palakrama ||

Jilid 2 - Kaca : 49

19.
Catur datan ana kang sangsayèng kapti |
Cêbolang pinarak |
kalawan sakawan abdi |
Saloka marêk mangarsa ||

20.
Ulun matur mugi sampun salahkapti |
rèhning sampun lama |
lèrèh anèng Tidhar wukir |
kadiparan ingkang karsa ||

21.
Punapi wus katrêm marêm anèng ngriki |
sukur makatêna |
kalilana ingkang abdi |
samya mantuk mring asrama ||

22.
Atur uning ramanta sang maha yogi |
myang mring pramèswara |
iba sukaning panggalih |
Mas Cêbolang duk miyarsa ||

23.
Tyas kumêpyur wasana ngandika aris |
lah tujune kakang |
sira caturan lan mami |
upama mênêng kewala ||

24.
Pan kabanjur kalimput ing lambangsari |
jugag ing lalakyan |
katutup ulah kamuktin |
wis kakang padha kariya ||

25.
Ingsun marak marang risang maha yogi |
klilan tan kalilan |
pamit mundur dina iki |
Nurwitri mèsêm wacana ||

26.
Hêm apa tan agêndhulak-agêndhulik |
tega apa ora |
nilar langêning jinêmrik |
sajagad tan ana memba ||

27.
Amubênga têpining kang jalanidhi |
tangèh yèn antuka |
tanapi mirib kang warni |
sanadyan ana miriba ||

28.
Maksih kalah sêdhêp sumèh amrakati |
parigêling solah |
kèwês lindri lungit manis |
santri tri gumuyu latah ||

29.
Lan maninge kanane apa kadugi |
lamun tinilara |
dakbathèke pasthi kinthil |
upama padha kinthila ||

30.
Lah saiba-iba ribête nèng margi |
mangka kang pinaran |
anut satindaking sikil |
ewasamono sumangga ||

31.
Mas Cêbolang mèsêm wagugên ing galih |
wasana lingira |
mupung iki nora kinthil |
ingsun marêk sang minulya ||

32.
Praptèng ngarsa maha wiku ngandika ris |
kulup paran karsa |
praptamu tan mawi rabi |
sêmune kaya wigatya ||

Jilid 2 - Kaca : 50

33.
Mas Cêbolang mangênjali matur ririh |
mugi linêpatna |
sruning bêndu saking galih |
myang gung gunging pangaksama ||

34.
Kalilana kang abdi anuwun pamit |
(n)dumugèkkên lampah |
tumindaking suku kalih |
miturut nêring wardaya ||

35.
Rabiulun sadaya sumanggèng kapti |
sang wiku lingira |
paran karsanira kaki |
rabinta apa kok pêgat ||

102 Mêgatruh

1.
Yèn kok pêgat apa wis mangêrti kulup |
laku-lakuning akrami |
ningkah myang maskawinipun |
ngidah talak sasamining |
Mas Cêbolang matur alon ||

2.
Saèstune dèrèng mangêrtos satuhu |
lampahe salakirabi |
mugi pinarêng ing kalbu |
paring sumêrap mring kami |
maha wiku mêdhar kawroh ||

3.
Ningkah iku pan katêmu karêpipun |
rasane sira nampani |
pasrahing kawasanipun |
wadon kang sira rabèni |
amiturut lair batos ||

4.
Sira darbe bojo kawangênan amung |
papat nora kêna luwih |
miturut sarengat Rasul |
mungguh kang aran maskawin |
panarimane kang wadon ||

5.
Lamun rupa slaka putih bobotipun |
kang kalumrah mung satail |
kêna uga liyanipun |
rupa barang kang medahi |
tumrap marang ingkang wadon ||

6.
Ugêr uwis dadi sapanrimanipun |
de idah têgêse nênggih |
nyêrantèkakên puniku |
kulup ana patang warni |
idah kuruk kang sawiyos ||

7.
Ngantarakkên tri pasucèn dangunipun |
tumraping marang pawèstri |
kang masih kèl sabên tèngsu |
ngidah suhur kaping kalih |
ngantarakkên tri pancorong ||

8.
Tumrap maring wadon dèrèng (ng)garapsantun |
lan mring wadon luwas gêtih |
idah kamil katrinipun |
ngêntèni lairing bayi |
tumrap pêgat urip layon ||

Jilid 2 - Kaca : 51

9.
Kaping pate idah wafat laminipun |
pat wulan sapuluh ari |
tumrap pêgat mati iku |
kalamun wus luwih saking |
idah lah iku si wadon ||

10.
Kêna laki apan lêgan arannipun |
de talak wêrdine nênggih |
pêgat mungguh wênangipun |
têlung rambahan tan luwih |
beda-bedane kacriyos ||

11.
Pêgat ngruntuhakên talak siji iku |
kang sarta bayar maskawin |
jroning ngidah lamun ayun |
binalènan dadya rabi |
datanpa ningkah wus munggoh ||

12.
Lamun nora bayar maskawin puniku |
jroning ngidah lamun apti |
winangsulan rabinipun |
kudu kaningkaha malih |
myang maskawin kudu nganggo ||

13.
Yèn pamêgat wadon wèh pamiwalipun |
têgêse iku nguwèhi |
pamancal mring kakungipun |
yèn balèn ningkahan malih |
(m)balèkkên pamiwal wutoh ||

14.
Sauwise langkah saka ngidahipun |
lamun balèn iya kenging |
nanging nganggo ningkah iku |
kang sarta nganggo maskawin |
iku lamun padha condhong ||

15.
Saupama mung caturan ala nganggur |
kowe dak pêgat saiki |
iku talake wus runtuh |
sawiji datan aluwih |
mula ywa nganti kabrojol ||

16.
Lamun uwis pêgatan sapisan iku |
ngruntuhkên talak sawiji |
binalènan wadonipun |
dumadya rabine malih |
dadi talak kari loro ||

17.
Ngruntuhakên talak loro kang winuwus |
yèn nganggo bayar maskawin |
jroning ngidah lamun ayun |
wangsulan kinarya rabi |
kêna tanpa ningkah yêktos ||

18.
Lamun nora angsung ing maskawinipun |
jroning ngidah lamun apti |
winangsulan rabinipun |
kudu kaningkaha malih |
myang maskawin pasthi nganggo ||

19.
Yèn pamêgat wadon wèh pamiwalipun |
yèn balèn ningkahan malih |
sarta (m)balèkakên wutuh |
pamiwal marang kang èstri |
kang dadi trimaning wadon ||

Jilid 2 - Kaca : 52

20.
Sauwise langkah saha idahipun |
mênèk balèn maksih kenging |
nanging nganggo ningkah iku |
kang sarta nganggo maskawin |
samonèku mênèk condhong ||

21.
Saupama amung guyon ala nganggur |
kowe dak pêgat saiki |
iku talake wus runtuh |
talake ingkang kêkalih |
sayêkti kari sawiyos ||

22.
Lamun uwis pêgatan ping pindhonipun |
balèn dadi bojo malih |
kari siji talakipun |
talak têlu dènaranni |
poma dènangatos-atos ||

23.
Talak siji lan loro ing sakjronipun |
idah wadon (ng)garapsari |
kalamun ngandhêg puniku |
idah kuruk salin kamil |
dadi sae yèn wus miyos ||

24.
(ng)Gonne ngandhêg jabang bayi kang kinandhut |
yèn (ng)gonne tan (ng)garapsari |
saka lalara puniku |
idah kuruk alêstari |
mangka kabanjur iku wong ||

25.
Luwas gêtih kang idah ginanti suhur |
talak sawiji lan kalih |
bain segra arannipun |
têgêse pamêgat alit |
nanging wus têtela yêktos ||

26.
Ngruntuhakên talak têtêlu winuwus |
jroning idah wus tan kenging |
winangsulana puniku |
binalèn kinarya rabi |
yèn adrêng (ng)gonne jêjodhon ||

27.
Wusing idah kudu linakèkkên iku |
olèh janma ingkang kêni |
ngrabèni mring wadon mau |
sarta tumindak sarêsmi |
wusing kalakon karongron ||

28.
Kapêgatkên yèn wus idah ningkahipun |
lagi kêna dibalèni |
samonèku lamun purun |
pinêgatkên (ng)gonne rabi |
tan wênang (n)jiyat maring wong ||

29.
Mangka uwus asih mring bojo kang kantun |
têtêp nora kêdhah-kêdhih |
kang akon ningkah kasingkur |
talak têlu luwih rungsit |
ati-atinên sayêktos ||

30.
Nalikane ngruntuhakên talak têlu |
mangka tan bayar maskawin |
kawênangkên wadonipun |
lamun nagiha maskawin |
ingkang lanang kudu asok ||

Jilid 2 - Kaca : 53

31.
Talak têlu pungkasan iku rannipun |
talak bain kobra nênggih |
têgêse pamêgat kang wus |
têtêlu gêdhe pribadi |
sarta umum sakèhing wong ||

32.
Dene bojo kang têmên durung salulut |
kalamun pêgat tan mawi |
angantèni idahipun |
rampung pêgat kêna laki |
gantya ingkang winiraos ||

33.
Kang ingaran kinuluk pan têgêsipun |
copot (ng)gonne dadi rabi |
sarana nganggo tinuku |
kèhe amirid maskawin |
akèhe ingkang patukon ||

34.
Upamane bojone wis gênêp catur |
mangka arêp rabi malih |
salah siji bojo catur |
sinilih ningkahirèki |
bayar maskawin karopyok ||

35.
Kang sinambut banjur têtêp pêgatipun |
manawa arsa (m)balèni |
marang kang kinuluk mau |
ing sawanci-wanci kêni |
samonèku kudu condhong ||

36.
Wuse condhong kudu kaningkah rumuhun |
sartane nganggo maskawin |
saupamane kalantur |
tan binalèn lakinèki |
wusing idah iku wadon ||

37.
Kêna laki ananging dèneling bagus |
pitutur kasêbut ngarsi |
lamun ningkahmu mung catur |
luwih samono tan kenging |
jurudêmung matur alon ||

103 Jurudêmung

1.
Dhuh babo pupundhèn kula |
nyuwun babar-pisanipun |
mênggah èstri kang tan antuk |
lamun kinaryaa garwa |
Sèh Wakidiyat lingnya rum |
kulup wadon kang tan kêna |
dadi jatukramanipun ||

2.
Akèhe iku wolulas |
dhingin êmbok sapandhuwur |
pindho anak wadonipun |
sapangandhap nora kêna |
katrine iku sadulur |
kaping pate kaponakan |
kang saka sadulur jalu ||

Jilid 2 - Kaca : 54

3.
Kaping lima kaponakan |
kang saka wadon sadulur |
ping nêm bibi saka biyung |
pitu bibi saka bapa |
wolu inya sapandhuwur |
sanga anak wadon ingkang |
nunggal susu sapiturun ||

4.
Ping sapuluh sadulur kang |
inya ingkang nunggal susu |
sawêlas ponakanipun |
saka sadulur lanang |
uga ingkang nunggil susu |
ping rolase kaponakan |
saka wadon nunggal susu ||

5.
Ping têlulas bibi saka |
bapa ingkang nunggal susu |
ping patbalas bibi iku |
saka biyung nunggal powan |
ping limalas marasêpuh |
sapandhuwur nora kêna |
nêmblas tilas bojo sunu ||

6.
Ping pitulas patilasan |
bojone sudarmanipun |
kaping wolulase sunu |
kuwalon lamun si biyang |
uwus kêlakon salulut |
kajabèku nora kêna |
amayuh padha sadulur ||

7.
Myang kaponakaning garwa |
datanapi bibèkipun |
saka bapa saha biyung |
winayuh padha tan kêna |
Mas Cêbolang nêmbah matur |
kang kenging amalènana |
paran katêranganipun ||

8.
Kulup sababe dumadya |
amalèni pan têtêlu |
kang dingin karabatipun |
kaya ta bapa myang êmbah |
sadulur anak sadulur |
lan paman saka ing bapa |
paman uwa saking babu ||

9.
Kalawan anake lanang |
paman saking bapa babu |
kalawan anake jalu |
paman uwa saking bapa |
ingkang pancêr saking jalu |
kabèh malènana |
samonèku kudu urut ||

10.
Kapindhone jalma ingkang |
amardikakakên èstu |
ing amate kang satuhu |
ping têlune sri narendra |
sabab ngadame puniku |
karabat kabèh tan liya |
iki ta upamènipun ||

11.
Sudarmane wus tan ana |
nanging kaki maksih hidhup |
iku dadi walinipun |
bapa kaki wus palastra |
sadulure lanang iku |
sadulur lanang tan ana |
sêdulare bapakipun ||

12.
Nir kang sadulure bapa |
kaponakan miwah putu |
saka sadulure kakung |
atanapi paman uwa |
nak sanake bapakipun |
saturute iku kêna |
yèn tan ana sadayèku ||

13.
Lagi nyandhak janma ingkang |
amardikakakên èstri |
ing amate kang satuhu |
lire iku sri narendra |
Mas Cêbolang malih matur |
kang dados guguring ningkah |
ingkang pundi warninipun ||

Jilid 2 - Kaca : 55

14.
Kulup upama kang lanang |
edan miwah lara budhug |
utawa bêlang kalangkung |
nganti (ng)gigokkên manah |
kang tan na sumênènipun |
iku wadone pan kêna |
anglêpasna ingkang jalu ||

15.
Lan maninge lamun priya |
tugêl pajalêranipun |
utawa lara pêluh |
kawit sadurunge krama |
winênangkên wadonipun |
anglêpasna ingkang lanang |
pratela marang ing kukum ||

16.
Timbangane yèn wanita |
mangka ana cêlanipun |
edan lawan lara budhug |
bêlang karya gigu ing tyas |
katutup pawèstrinipun |
dening daging lawan tosan |
pinêgata uwus kusus ||

17.
Sarta tan lawan tinalak |
yèn (ng)gonne mangkono mau |
sawuse klakon kadukul |
maskawine wajib bayar |
kalamun durung pulanghyun |
maskawin tan susah bayar |
yèn ngudur katur ing kukum ||

18.
Matur nêmbah Mas Cêbolang |
rapak paran artosipun |
maha wiku lingira rum |
kalamun ana wanodya |
lami tinilar ing kakung |
tan sinungan sandhang pangan |
panggonan myang tan salulut ||

19.
Banjur matur ing parentah |
nyaritakkên ananipun |
ngêntèni dhawuhing kukum |
puniku kang linakonan |
nuwun mênggah jangkêpipun |
patrap uruting pratingkah |
kang kalimrah ing prajagung ||

20.
Maha wiku angandika |
kulup utamaning kakung |
angarêpkên wadon kudu |
ingkang kanggonan catur |
asli apik anom ayu |
asli karêpe kang gênah |
bibite turut rahayu ||

21.
Cacat kang pêrlu tan ana |
lawan kang wus rêsik tuhu |
pira bara prawan kêncur |
watêke lamun pêputra |
tan anglingsêmakên kalbu |
anom umuring wanita |
tan ngungkuli marang kakung ||

22.
Watake yèn kalah yuswa |
kurang rêsêpe kang kalbu |
lawan kurang sukanipun |
apik marang ing pambêkan |
watêke numrapi iku |
marang kadang prasanakan |
datanapi marang batur ||

23.
Utawa sarating ningkah |
pan lilima kathahipun |
ingkang dhingin ijab kabul |
kapindhone wali lanang |
katêlu pangantèn kakung |
kapat pangantèn wanita |
ping lima saksi loro wus ||

Jilid 2 - Kaca : 56

24.
Utawa sarating ningkah |
pan lilima kathaipun |
ingkang dhingin ijab kabul |
kapindhone wali lanang |
katêlu pangantèn kakung |
kapat pangantèn wanita |
ping lima saksi loro wus ||

25.
Lamun wali nora bisa |
ningkahkên pribadi iku |
angrêsaya maring kaum |
utawa marang ngulama |
kang wus winênangkên iku |
aningkahkên sasama |
patrape mangkene kulup ||

26.
Pangantèn lanang nèng wetan |
angarêpakên pangulu |
wali nèng loring pangulu |
saksi loro anèng kanan |
wusing miranti salarum |
kiyai wali nulya jawab |
marang kiyai pangulu ||

27.
Mangkene wali lingira |
nêdha kiyai pangulu |
kula ngrêsaya satuhu |
dhumatêng ijêngandika |
ningkahakên anakulun |
wadon aran Anu rara |
angsal lawan bagus Anu ||

28.
Kalawan maskawin slaka |
pêthak satail wratipun |
kinêncèng tuwin kasambut |
kula èstu sampun suka |
Ki pangulu sawusipun |
nampèni wali turira |
wicantên mring mantèn kakung ||

29.
Bagus Anu jêngandika |
tampèni paningkahipun |
rara Anu anakipun |
wadon Ki Anu kalawan |
maskawin salaka pingul |
bobot satail punapa |
kinêncèng tuwin kasambut ||

30.
Ki pangantèn aturira |
maskawin kawula sambut |
Ki Pangulu gya umatur |
mring wali kauningana |
yèn maskawin dipun sambut |
Ki Pangulu nulya (n)donga |
salisir maca tangawud ||

104 Salisir

1.
Iya angudubilahi |
minas saetanirajin |
bismillah rahmani rakim |
bismillah walkamduli ||

2.
-Lahi rabilalamina |
wasalatu wasalamu |
ala Rusulilahi sa |
-lalahu ngalaihi wa ||

3.
-Slam usikum ngibadalah |
wanafsihi takuwalah |
anikahakên kawula |
ing rara Anu punika ||

4.
Anak wadone Ki Anu |
ing jêngandika mas Anu |
kalawan maskawin slaka putih |
satail kang bobotira ||

Jilid 2 - Kaca : 57

5.
Ingkang jêngandika sambut |
jêngandika angucapa |
ki pangantèn aturira |
nuwun inggih gya angucap ||

6.
Nuwun narima kawula |
paningkahe rara Anu |
ing kawula kalawan mas |
-kawin slaka pêthak mulya ||

7.
Pan satail bobotira |
kawula sambut punika |
ki pangulu wusing myarsa |
wa barakal awit (n)donga ||

8.
Tangawud lajêng bismilah |
nulya (n)donga allohuma |
alip lam alaeta |
bainal mai batinna ||

9.
Allahuma tawil ngumur |
rahuma wa sakih aji |
sadahuma wanawira |
kulubahuma wa sabit ||

10.
Innama huma wa aksin |
akamala huma wa wasih |
arjaka huma wa ilahi |
kaerikia riba huma ||

11.
Fiddini wal dunya wal a |
-akhirah iinaka ngala |
kulli sain kodir tamat |
paragating ingkang donga ||

12.
Ki saksi nulya wacana |
ki pangantèn dhawuh nata |
jêngandika angèstokna |
manawi ijêngandika ||

13.
Nambang rabi jêngandika |
(m)bok rara Anu punika |
pitung sasi lakon dharat |
rong tahun nabrang samodra ||

14.
Saliyane nglakonana |
ayahan dalêm sri nata |
tan trimane bojo (n)dika |
inggih bok Anu punika ||

15.
Bapak dhumatêng ing kakim |
andika lajêng ngrêntahna |
ing talak (n)dika satunggal |
myang bayar maskawinira ||

16.
Ki pangantèn aturira |
sandika gya sasalaman |
mring pangulu myang saksinya |
tuwin ujung para tuwa ||

17.
Lawan kulup kawruhana |
wali pangulu saksinya |
kudu wong kang wus diwasa |
kang sartane datan mawa ||

18.
Cacat atanapi lara |
kaya kang kasêbut ngarsa |
kalamun nora mangkana |
sarate pancèn tan kêna ||

19.
Mas Cêbolang duk miyarsa |
mangênjali ris turira |
nuwun bilih makatêna |
kajawi karsa paduka ||

20.
Sêkawan pisan punika |
kula pêgat sapunika |
talak satunggal kewala |
punapa sampun sakeca ||

Jilid 2 - Kaca : 58

21.
Mèsêm ri sang maha tapa |
iya wus padha sarasa |
konên mrene garwanira |
wus mentar kang sinung sabda ||

22.
Sakawan pisan mangarsa |
maha wiku ris ngandika |
rara kabèh kawruhana |
ing samêngko lakinira ||

23.
Arsa mentar alêlana |
tan karwan kang sinêdya |
mula sira ing samangkya |
sami pinêgat sadaya ||

24.
Sarta asung maskawinnya |
rêntah talake sajuga |
jro idah samangsa-mangsa |
bali mrene banjur kêna ||

25.
(m)Balèni sira sadaya |
datan ana kara-kara |
mula padha dinarima |
susuwunên ing Hyang Suksma ||

26.
Aja nganti lawas-lawas |
gèk baliya amongraras |
tyasmu aja ana uwas |
sakawan sarêng mangaras ||

27.
Kawula amung sadêrmi |
ngêmban dhawuhe sang yogi |
yèn kenging kula gendholi |
têtêpa wontên ing riki ||

28.
Mas Cêbolang lon lingira |
yayi tan pantara lama |
ulun wangsul mring asrama |
tan bêtah anilar sira ||

29.
Mung kang gêdhe apuranta |
pra garwa arawat waspa |
Mas Cêbolang gya ngabêktya |
marang risang maha tapa ||

30.
Garwa catur gantya-gantya |
ngabêkti mring kakungira |
santri sakawan mangarsa |
wus sami pamit sadaya ||

31.
Rampunging punang bicara |
Mas Cêbolang lèngsèr sigra |
tumurun saking ing arga |
santri catur nèng wurinya ||

32.
Pra garwa kantun anggana |
kucêm sunaring nayana |
kadi tinilar antaka |
pinupus karsaning Suksma ||

33.
Nêngna kang kantun nèng arga |
yata wau lampahira |
Mas Cêbolang kang winarna |
datansah sabil ing nala ||

34.
Datan ana kang kacipta |
amung kang kantun ing arga |
mawèh gung lara wigêna |
dadya rêndhêt lampahira ||

35.
Ing lampah kalunta-lunta |
wus angancik wanawasa |
kathah sawara kapiyarsa |
sang anom lêjar tyasira ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (08) Kaca 38 – 40
  • (10) Kaca 59 – 61 >