Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (14) Kaca 71 – 89

 

( Bab dhuwung, Awaking Dhuwung, Wujuding Dhuwung Eluk )

4. Siyangipun ningali gajah, mantukipun mampir pêkên tumbas dhuwung, mila lajêng mampir ing griyanipun êmpu Ki Anom ingkang suka katrangan bab dhuwung, wiwit bagiyan-bagiyan awaking dhuwung, wujuding dhuwung êluk sarta lurus êluk 3.5.7. lan sapiturutipun dumugi luk 29, katêrangakên tangguh lan tayuhipun sarta watak-wataking pamor, kasambêt katrangan bab tumbak ingkang luk sarta lurus.


Kaca 71 - 89.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 71

108 Pocung

1.
Gantya wau ki êmpu ingkang kajujug |
Ki Anom Mantaram |
anèng Bêsalèn nunggoni |
para wadu kang samya anambutkarya ||

2.
Miyat lamun ki modin ambêkta tamu |
gupuh ingandikan |
wus pinarak nèng pandhapi |
Kyai Anom langkung sukanirèng driya ||

3.
Wicara rum padha saka ngêndi kulup |
ngênthêng-anthêng prapta |
kang liningan matur aris |
saking pêkên angatêrakên pun kakang ||

4.
Mas Cêbolang kala wau tumbas dhuwung |
lêrês taksih wêtah |
tanya tangguh dhapurnèki |
kula kirang têrang mila lajêng sowan ||

5.
Dhuwung sampun katur gya ingunus gupuh |
dangu tiningalan |
iki tangguh Majapait |
dhapur Bêthok êmpune Ki Jaka Sura ||

6.
Seje catur bangêt (ng)gonku ngayun-ayun |
modin tamunira |
kampire ing wisma-mami |
babasane iki ta kapasangyoga ||

7.
Modin matur sadèrènge tumbas dhuwung |
manut manah kula |
adrêng badhe sowan kyai |
kula wêdharakên pun kakang Cêbolang ||

8.
Têka dhaup inggih makatên ing kayun |
mawi kawêwahan |
tumbas curiga puniki |
mila tandya angênêr sowan paduka ||

9.
Kyai Anom aparentah marang wadu |
wedang lan nyamikan |
paudutan lan tapsirih |
ladèkêna kalawan sira tutura ||

10.
Marang nyai sadhiya mangan lan tamu |
kang sinung ling sigra |
mring gandhok pinanggih nyai |
wus samêkta sunggata lumadyèng ngarsa ||

11.
Kyai wisma nyarakkên sunggatanipun |
lah anak sumangga |
sawontênipun sinambi |
kang sinung ling rahap rêsêping wardaya ||

12.
Kèndêl bêdhug panataning nadhah sampun |
angaturi wikan |
ki wisma wacana aris |
(m)bok andika (n)dadak nyadhiyani nêdha ||

Jilid 2 - Kaca : 72

13.
Rèh wus wanci prayogine sami kêmbul |
ki modin Cêbolang |
lawan rencang catur santri |
sampun kerid marang gandhok ingkang wetan ||

14.
Wus tuturuh dènnira nadhah pikantuk |
ambêng cinarikan |
Cêbolang sajroning bukti |
kang ginagas tan liyan amung curiga ||

15.
Anak bagus mangke sontên mawon mantuk |
ki modin turira |
kula kewala rumiyin |
kalilana mantuk awit wontên karya ||

16.
Cêbolang ling padha dhèrèkna sadarum |
pan ingong priyangga |
kang kèri ngadhêp kiyai |
wus kalilan kantun Cêbolang kewala ||

17.
Lon umatur wontêna barkah pikulun |
paring sasêrêpan |
wijang-wijangipun nami |
bab curiga dhapur tuwin sasikutan ||

18.
Kyai Anom mèsêm angandika arum |
èh anak majua |
diparêk kalawan nami |
wusnya maju Ki Anom amêdhar sabda ||

19.
Ngasta dhuwung rinucat parabotipun |
anak piyarsakna |
sakawit kang aran pêsi |
kang dumunung anèng bongkoting curiga ||

20.
Kurang luwih gêdhene sajênthik amung |
dawane satêbah |
utawane patang nyari |
iku ingkang kaanjingan ing landheyan ||

21.
Yèn wus gênting utawa kabanjur putus |
mangka sinambungan |
apadene disusuli |
klêbu cacat iku ingaran srumbungan ||

22.
Ganja iku uga nèng pungkasan (n)duwur |
manjing pêsi ika |
mathis lan wilahing kêris |
ana ingkang iras utawa susulan ||

23.
De wujude ana papat warna kulup |
kang aran tinatah |
katumrapan intên rukmi |
pinêtha lung myang pinetha gajah singa ||

24.
Ganja sêkar nglela katon pamoripun |
dhuwur kering kanan |
ganja maskumambang kaki |
ingkang nganggo pamor mung (n)duwur kewala ||

25.
Ganja wulung balêjêd waja sadarum |
tan mawi tinatah |
miwah pamor nora mawi |
de dhapure ganja ana sangang warna ||

26.
Sêbit-rotan sawiji kaol rannipun |
iya sêbit rontal |
kadi panjalin sinêbit |
kaya roning tal sinêbitêna uga ||

27.

Dwi wandaning cêcak wus ngaranni iku |
tri têkèk wandanya |
kacature ucêng-mati |
panca nyangkêm-kodhok sad dhungkul namanya ||

Jilid 2 - Kaca : 73

28.
Sapta wêlut astha kêlap-lintah iku |
kêlawane sêpang |
tanpa sirah ngarêp (m)buri |
dawa padha têrkadhang dawa kang ngarsa ||

29.
Wilah lamun nganggo mas sasamènipun |
aranne sarasah |
lamun tanpa pamor kaki |
iya iku kang aran pangawak waja ||

30.
Gandhik iku dumunung nèng ngisoripun |
sirahing kang ganja |
kayadene punang gandhik |
lambe gajah anèng gandhik duningira ||

31.
Warninipun lir lambening gathu muthu |
jalèn dunungira |
anèng pungkasaning gandhik |
lir angkuping jagung jali warnanira ||

32.
Kadhang ana (n)dhuwur kadhang nèng jronipun |
kang ran sêkar-kacang |
de kêmbang-kacang puniki |
dumunung ing ngandhaping gandhik warnanya ||

33.
Anylêkunthêng tumêka sangandhapipun |
ing lambening gajah |
kang ran jenggot dunungnèki |
nèng bongkoting kêmbang-kacang dhapur lir dha || [2]

34.
Kang ingaran pejetan dumunungipun |
wuri gandhik ika |
de kang aran tikêlalis |
dunungipun anèng ngisoring pejetan ||

35.
Kang ingaran sogokan dumunungipun |
madyaning sor-soran |
ngalèn nganan ngering ngarsi |
kang ing bongkot apan bungkul wastanira ||

36.
Lamun bundêr ingaran bawang-sabungkul |
kang aran sraweyan |
nèng ngisoring ganja wuri |
dhapur kadi gusèning wuri sogokan ||

Jilid 2 - Kaca : 74

109 Pangkur

1.
Kang ingaran êri pandhan |
mêthit ganja nèng ngandhap dunungnèki |
lir sirah êma puniku |
thingil ngandhap ri-pandhan |
grènèng uga nèng ngandhap ri-pandhan iku |
dhapur kadi aksara dha |
tumurun rupane sami ||

2.
Kang ingaran ada-ada |
kang dumunung ing têngah bênêr kêris |
ing sor-soran têkèng pucuk |
dhapure kadi sada |
gusèn iku pinggir wilah dunungipun |
ing wuri miwah ing ngarsa |
saking sor-soran witnèki ||

3.
Nganti mèh tumêkèng pucak |
de kang aran kruwingan dunungnèki |
nèng ngarsa myang wingkingipun |
kang aran ada-ada |
jroning gusèn lêkok wrata wujudipun |
wit sorsoran têkèng pucak |
dene ingkang aran êlis ||

4.
Dumunung ana ing ngarsa |
utawane dumunung anèng wuri |
wujud lêkok wiyaripun |
kurang luwih sasada |
amung iku riricikane kang dhuwung |
Cêbolang aris turira |
pamor punika kang pundi ||

5.
Iku ingkang anèng ganja |
anèng wilah wujude gilap putih |
lamun kurang putihipun |
pamor bugis rannira |
pan pinindha-pindha utawa dhinapur |
kang aran wêngkon punika |
mung saêlêr turut pinggir ||

6.
Pamor adêg dalah têngah |
miwah pinggir lir wêngkon patrapnèki |
rambut-paradhah puniku |
lir adêg nanging enggak |
simbarpucang kaya adêg isthanipun |
nanging mangering manganan |
rawe-rawe amantêsi ||

7.
Balarak-wirit winarna |
lir balarak masih nèng bongkotnèki |
ron dhuru kadi ron dhuru |
ran walang-sinundukan |
kayadene walang rinèntèng puniku |
kêmbang-lampês kêmbang-pala |
warnane iku pinirid ||

8.
Gêndhagan kadi bathikan |
kang ingaran gêndhagan iku sami |

de pamor-tambal puniku |
apinggir winêngkonan |
wit sorsoran tumêkanira ing pucuk |
sadalêmok mawi sêkar |
sadalêmok datan mawi ||

Jilid 2 - Kaca : 75

9.
Bênang-satugêl lir tambal |
kacèke mung tan nganggo dènwêngkoni |
pamor tigang warna iku |
adêg bêbakunira |
nanging wuwuh pamor rong warna puniku |
dadi ana têlung rupa |
bêras-wutah kang winarni ||

10.
Pamor tan nganggo dènarah |
kadi (ng)gyanning bêras kang kocar-kacir |
ing sawêtu-wêtunipun |
kang èdi winêngkonan |
wêtuning kang kabèh pamor kang dumunung |
nèng kêris tanapi ganja |
puniku kudu tinitik ||

11.
Ana kang karya cilaka |
ana ingkang luhung ambasukèni |
ana kang (n)jalari luhur |
nambahi kawantêran |
mlêpês ing tyas ana amburêngkên kalbu |
nanging arang kang uninga |
tranging pamor waja wêsi ||

12.
Iku tan sawiyah janma |
bisa nitik awon lan pênêtnèki |
dumunung janma linuhung |
kang putus waskithèng tyas |
maring wêsi pamor lawan waja iku |
nora susah myat kang warna |
cinritakkên bae bangkit ||

13.
Angarani bêcik ala |
tangguh dhapur datan mindho-gawèni |
kulup sêlot-sêlotipun |
winantu ing idayat |
Mas Cêbolang matur wontên pamor mrambut |
gajih lawon pamor sanak |
myang barodhol kadi pundi ||

14.
Kang ran mrambut kawruhana |
patrap miring lêmbut wêtunirèki |
gajih jêmblok wujudipun |
patrape amalumah |
pamor sanak sambêt-sambêtan mandhukul |
de barodhol pamor ingkang |
nyahak pucuk lawan pinggir ||

15.
Ingkang winastan sikutan |
tuwin tangguh punika ingkang pundi |
kulup sikutan puniku |
lalaguning garapan |
lawan wanda ulat-ulataning dhuwung |
tangguh iku kira-kira |
awit sikutan pinirid ||

16.
Nitik pamor wêsi waja |
ingkang pêrlu tabêri ninitèni |
èstu yèn widagdèng tangguh |
sarèhning kira-kira |
kadhang nyamlêng tarkadhang kirane luput |
iki waton kawujudan |
kang wus ulun uningani ||

Jilid 2 - Kaca : 76

17.
Kang tinangguh Pajajaran |
sasikutan kaku dhasare garing |
pamor ing sawêtunipun |
tancêp pandhês alêmbat |
tangguh Majapait wingit sêmunipun |
parigêl lumêr kang dhasar |
garing biru sawatawis ||

18.
Pamor tancêp pandhês ngawat |
mangkya tangguh Blambangan kang winarni |
dhèmês pasikutanipun |
wêsi tlês sawatara |
pamor gajih nanging pandhês tancêpipun |
tangguh Sidayu gumantya |
sikutan dhèmês sakêdhik ||

19.
Wêsi têlês kurang gwaya |
pamor kurang kumambang tancêpnèki |
tangguh ing Tuban winuwus |
sêdhêng kang pasikutan |
wêsi gangsing pamor mandhês mungal patut |
tangguh ing Sêndhang sikutan |
wagu têlês punang wêsi ||

20.
Pamore iku kumambang |
tangguh Dêmak sikutanipun wingit |
wêsine têlês puniku |
pamorira kumambang |
tangguh Pajang kêmba pasikutanipun |
odhol gangsing wêsinira |
pamor tan dènupakardi ||

21.
Sawêdalira priyangga |
dene tangguh Koripan dènwastani |
sikutan kêmba tan sêmu |
mung gangsing wêsinira |
pamor adêg kang akèh sanak puniku |
kalamun tangguh Madura |
sikutan dhèmês mantêsi ||

22.
Wêsi kêngkêng matêng ladak |
pamor mungal akèh ingkang anggalih |
kêras landhêp grayangipun |
tan watak kurang sêpuh |
para tugêl lamun tinêmpuh pakewuh |
yèn tangguh ing Ngèksiganda |
iya ing samangke iki ||

23.
Iku ana loro rupa |
ing Mataram Senapati winarni |
sikutan prigêl srêng bagus |
wêsi biru sêmunya |
garing alus pamor pandhês tancêpipun |
angawat kêncêng tur kêras |
tan ana kang nguciwani ||

24.
Karsa dalêm sri narendra |
yèn iyasa wangkingan kaya iki |
dhuwung wus tinampèn gupuh |
kalawan Mas Cêbolang |
tiningalan sasikutan dhèmês bagus |
amung wêsi radi mêntah |
pamor kathah mubyar putih ||

Jilid 2 - Kaca : 77

25.
Tamat dènnira mariksa |
katur wangsul Cêbolang matur aris |
mênggah kang winastan dhapur |
sintên ingkang iyasa |
punapa (ng)gih kala awit-awitipun |
ingkang iyasa curiga |
dhapurnya wus dènpêpaki ||

26.
Tuwin sintên ingkang (ng)garap |
Kyai Anom mèsêm wacana aris |
anak pitakonmu iku |
dakjujug nalikanya |
jumênênge risang Dhêstharastra Prabu |
binathara ing Ngastina |
wus ana dhapure kêris ||

27.
Nanging mung sangalas warna |
iya iku ran dhapur Pasopati |
Sêmpana Krajan Carubuk |
Lar-ngatap Cundrik Sêpang |
Jalak-dinding Bango-dholok Yuyurumpung |
Tilam-upih Bakung Santan |
Balebang Kalamisani ||

28.
Patrêm Kêbo-lajêr Singa |
sangalase Sêmpani amungkasi |
Sang Adhastharastra Prabu |
karsa yasa curiga |
amêwahi dhapur Bêthok aranipun |
kang anggarap Êmpu Mayang |
nalikane angka warsi ||

29.
Pitung atus slawe ika |
barêng têkan ing taun angkanèki |
pitung atus patang puluh |
wowolu sirahira |
tanah Jawa kacrita ana prang agung |
ingaran prang Bratayuda |
jalaran rêbut nagari ||

30.
Korawa lawan Pandhawa |
cêkakane Korawa kang katitih |
Pandhawa pêrange unggul |
iku sakèh gagaman |
wusing sirna lête wus satus rong taun |
saka aprang Bratayuda |
sagung ingkang para aji ||

31.
Padha wit yasa gagaman |
warna nurut gagaman kang wus ênir |
amung dhapure kang dhuwung |
kang tansah wêwah-wêwah |
sabên ratu tartamtu ayasa dhuwung |
aniru dhapur kang lawas |
atanapi amuwuhi ||

32.
Wuwuhing dhapur winarna |
awit kala panjênênganira ji |
risang Gêndrayana Prabu |
ngadhaton ing Mamênang |
amuwuhi iyasa dhapuring dhuwung |
sawiji dhapur Pandhawa |
lorone Karna-tinandhing ||

33.
Têlu dhapur Bima-kurdha |
kang anggarap aran Êmpu Yamadi |
angka taun wolung atus |
pitulikur luwihnya |
sang aprabu Citrasoma kang ngadhatun |
ing Pêngging uga iyasa |

dhapur amung kalih warni ||

Jilid 2 - Kaca : 78

34.
Siji ran Rara-siduwa |
kalih dhapur Megantara kang akardi |
êmpu Gadawisesèku |
marêngi taun angka |
sangang atus patang-puluh siji iku |
kala panjênêngan nata |
Mahapunggung Sri bupati ||

35.
Ngadhaton Purwacarita |
yasa dhapur Carita Cengkrong tuwin |
Urubing-damar kang dhapur |
lawan Paniwèn ingkang |
(ng)garap Êmpu Sarpadewa arannipun |
marêngi angkaning warsa |
sèwu sawidak kakalih ||

36.
Kala panjênêngan nata |
Prabu Lêmbumilulur kang mandhiri |
ing Jênggala praja agung |
yasa dhapur curtga |
Panji-sêkar Carangsoka Sinom amung |
kang anggarap Êmpu Jangga |
lan êmpu Windusarpa-di ||

37.
Marêngi angkaning warsa |
sèwu satus sangalas langkungnèki |
sang Prabu Suryamiluhur |
iku Radèn Laleyan |
pindhah nagri Pajajaran yasa dhuwung |
dhapur Baronjol kang (ng)garap |
Êmpu Windu Sarpa nênggih ||

38.
Nalika angkaning warsa |
sèwu satus pitungpuluh tan luwih |
kala panjênênganipun |
Prabu Banjaransêkar |
angadhaton Pajajaran yasa dhapur |
Parung-sari Tilam-sêkar |
tiga dhapur Tilam-upih ||

39.
Êmpu Andaya Jênggala |
panggarape kala angkaning warsi |
sèwu satus asthapuluh |
nênêm sisirahira |
panjênêngan naranata sang aprabu |
Mundhingsari Pajajaran |
yasa dhapur Wora-wari ||

40.
Lan dhapur Sinom kang (ng)garap |
êmpu Ajadsari duk angka warsi |
nênggih sèwu kalihatus |
wolulikur langkungnya |
panjênêngan Sri Pamêkas sang aprabu |
ing nagara Pajajaran |
muwuhi dhapuring kêris ||

41.
Jalak-ngore Crita-klenthang |
kang anggarap aran êmpu Anjani |
pinuju angkaning taun |
sèwu dwitus sawidak |
panjênêngan Siyungwanara sang prabu |
uga nagri Pajajaran |
mamanis iyasa kêris ||

Jilid 2 - Kaca : 79

110 Dhandhanggula

1.
Amuwuhi dhapuring kang kêris |
Jangkung myang Pandhawa-cinarita |
Ki Marcukundha êmpune |
lan Ki Macan Ki Kuwung |
panggarape duk angka warsi |
sèwu dwitus kalawan |
wolungdasa catur |
kala panjênêngan nata |
Brawijaya kapisan ing Majapait |
muwuhi dhapur katga ||

2.
Amangkurat Mangkunagarèki |
Jalak-sangu Tumpêng lan Jalak |
-sumêlang Gêndring êmpune |
angkaning taun iku |
panggawene duk angka warsi |
sèwu triatus tiga |
panjênênganipun |
nata Prabu Brawijaya |
kang mêkasi karaton ing Majapait |
iyasa dhapur katga ||

3.
Nagasasra Butaijo tuwin |
Sabuk-intên Mênjarang Jaruman |
Sêpokal myang Anomane |
Panimbal êmpunipun |
êmpu Dhomas duk angka warsi |
sèwu triatus lawan |
wulungpuluh iku |
kala panjênêngan nata |
Sah-ing Akbar Ngalam ing Dêmak miwiti |
jamane kawaliyan ||

4.
Guruning kang Wali Sanga nami |
Sunan Bonang iyasa curiga |
dhapur Sangkêlat aranne |
êmpu Sura kang (ng)gêbug |
panggarape duk angka warsi |
sèwu caturtus lawan |
nênggih sangalikur |
panutup Wali (n)Jêng Sunan |
Kalijaga iyasa dhapuring kêris |
Kidangsoka Balebang ||

5.
Êmpu Jaka Sura kang akardi |
panggarape kala angka warsa |
sèwu triatus punjule |
pan asthadasa catur |
tamat ingkang samya mêwahi |
dhapure kang curiga |
têkèng mangke kulup |
iyasa namung panulad |
kang wis-uwis tan iyasa dhapur malih |
iku caritanira ||

6.
Ki Cêbolang matur aminta sih |
mênggah ingkang dados panêngêran |
dhapur criga sadayane |
lêrês utawi êluk |
miwah waos lah kadi pundi |
Ki Anom angandika |
panêngêranipun |
saka prabot kang wus kocap |
dakwiwiti saka kêris bênêr kaki |
iki piyarsakêna ||

Jilid 2 - Kaca : 80

7.
Dhapur Panjianom kang winarni |
nganggo sogokan lawan sraweyan |
grènèng myang tikêl-alise |
Jaka-tuwa kang dhapur |
tikêl-alis sogokan mawi |
Tilam-upih kang awak |
Bêthok kanang dhapur |
awake cêndhak tur amba |
gandhik dawa warna datan ngrêspatèni |
tikêl-alise cêkak ||

8.
Dhapur Karna-tinandhiug dwi gandhik |
tikêl-ulis anganggo sogokan |
pejetan kêmbang-kacange |
ing ngarsa miwah pungkur |
grènèng êri-pandhan mêpaki |
dhapur Sêmar-bêbêthak |
gandhik tinatah lung |
sorring gandhik binolongan |
dhapur Regol dwi gandhik ing gigir thingil |
sarta nganggo pejetan ||

9.
Gantya ingkang dhapnur Kêbo-têki |
wilah cêndhak amba kêmbang-kacang |
têtêlu lambe-gajahe |
mawa grènèng ing pungkur |
dhapur Jalak-nguwuh winarni |
gugusèn ada-ada |
pejetan myang pungkur |
mawa thêngil mangkya gantya |
punang dhapur Sêmpani ingkang winarni |
amawa kêmbang-kacang ||

10.
Tikêl-alis êri-pandhan mawi |
dhapur Jamang-murub kang gumantya |
sogokan pinêkak rêke |
lan nganggo alis iku |
mungguh dhapur Tumênggung aming |
lambe-gajah sajuga |
kêmbang kacang sinung |
myang mawa grènèng sraweyan |
dhapur Tilamupih parabote nênggih |
tikêl-alis kewala ||

11.
Nahan ingkang dhapur Pasopati |
lambe-gajah sajuga sogokan |
apogog kêmbang-kacange |
gugusèn ganêpipun |
nanging ana gusèn tan mawi |
ri-pandhan nora tilar |
dhapur Condhong-campur |
lambe-gajah kêmbang-kacang |
grènèng gusèn sogokan ing ngarsa wuri |
tumêkèng pucuk pisan ||

12.
Dhapur Jalak-dinding kang winarni |
gusèn pejetan thêngil ing wuntat |
gantya dhapur Jalak-ngore |
sraweyan grènèng amung |
Jalak-sangu tumpêng tan mawi |
sogokan myang sraweyan |
thingile tan kantun |
gantya kang dhapur Mêndarang |
kêmbang-kacang lambe-gajah mung sawiji |
sogokan lan sraweyan ||

13.
Lawan nganggo garènèng ing wuri |
dhapur Mèsêm mawa kêmbang-kacang |
sajuga lambe-gajahe |
dhapur Sêmar-tinandhu |
kêmbang-kacang sungsun kakalih |
lawan nganggo sogokan |
Rontêki kang dhapur |
gandhik dawa kêmbang-kacang |

lambe-gajah rangkêp sogokan sawiji |
muhung ngarêp kewala ||

Jilid 2 - Kaca : 81

14.
Sujèn-nampèl-wulu wilahnèki |
rada kandêl mawa kêmbang-kacang |
sawiji lambe-gajahe |
rangkêp jajênggotipun |
êri-pandhan arangkêp ugi |
de dhapur Kêlap-lintah |
kêdhik prabotipun |
akêncêng sarwa pasaja |
gandhik panjang awak kadya Tilamupih |
sarta nganggo sogokan ||

15.
Yuyu-rumpung wilah angèmpêri |
pêdhang suduk ganja Kêlap-lintah |
Brojol tan ana prabote |
maligi ambalujud |
Lalêr-mêngêng dawa kang gandhik |
binolong tatêrusan |
kêmbang-kacang amung |
pindha gêgatra kewala |
dhapur Puthut gandhik dawa têngah mawi |
pinindha dwijawara ||

16.
Dhapur Jalak-sumêlang anggandring |
sogokan sawiji anèng ngarsa |
sraweyan thêngil wurine |
ingkang Mangkurat dhapur |
gusèn ramping sogokan mawi |
ri-pandhan wuri ngarsa |
ing sorsoran rawuh |
dhapur Mayat-miring awak |
bêngkuk gusèn sogokan amung sawiji |
ing wingking gigir kaga ||

17.
Kalam-munyêng sogokan sawiji |
saraweyan ri pandhan ing wuntat |
dhapur Pinarak awake |
pindha kang pêdhang suduk |
gandhik panjang sogokan kalih |
dhapur Marak sogokan |
sajuga ing ngayun |
mawi garènèng ing wuntat |
dhapur Jalak-tilamsari gusèn kruwing |
nganggo thêngil ing wuntat ||

18.
Dhapur Tilamsari gusèn kruwing |
dhapur Jalak-lola ujung ngarsa |
dhapur Wora-wari kuwe |
mung gêrban kabèh dhuwung |
nora êluk gugusèn mawi |
Wora-wari arannya |
kêris madha dhapur |
langkêp abagus kang warna |
kang sawiji dhapur Sinom arannèki |
Kalamisani dwi-nya ||

19.
Dhapur Sinom lambe-gajah siji |
kêmbang-kacang jenggot tikêl-imba |
sogokan saraweyane |
êri-pandhan ing pungkur |
ingkang dhapur Kalamisani |
kakalih lambe-gajah |
kêmbang kacang mungguh |
tikêl-alis myang sogokan |
grènèng gusèn kinaruwing ngrêspatèni |
dhuwung lêrês wus tamat ||

20.
Gantya dhapuring dhuwung luk katri |
dhapur Jangkung-pacar kang winarna |
kakalih lambe-gajahe |
kêmbang-kacang bris sinung |
sogokannya dumugi pêthit |
dhapur Maesa-soka |

lambe-gajah satu |
kêmbang-kacang jêjenggotan |
sasogokan uga tumêka ing pêthit |
padha lan jangkung pacar ||

Jilid 2 - Kaca : 82

21.
Dhapur Mesa-nêmpuh amung mawi |
grènèng wingking dhapur dhuwung wuntat |
nglimpa tumêkèng pucuke |
dhapur Mayat puniku |
kêmbang-kacang sogokan wingking |
sraweyan êri-pandhan |
garènèng ing pungkur |
dhapur Jangkung kêmbang-kacang |
gula milir sogokan tumêkèng pêthit |
êri-pandhan ing wuntat ||

22.
Dhapur Têbu-sauyun ginupit |
saraweyan garènèng ing wuntat |
ingkang dhapur Bango-dholog |
lambe-gajah dwi iku |
kêmbang-kacang gêgêr kêkalih |
apan papak kewala |
gantya ingkang dhapur |
manglar-munya Gandhik-naga |
tuwin Gajah-pêthik Sawêr-êlar-paksi |
sungsun ingkang ri-pandhan ||

23.
Dhapur Campur-bawur anganggo bris |
bongkot pucuk abênêr kewala |
amung nèng têngah êluke |
sogokanira bagus |
dhapur Jladri winotan nênggih |
kêmbang-kacang jenggotan |
sasogokanipun |
kang dhapur Êlêr sajuga |
têkèng pucuk dhapur Jangkung cinitrèki |
rangkêp lambening-gajah ||

24.
Kêmbang-kacang nganggo tikêl-alis |
sasogokan pejetan sraweyan |
ri-pandhan thingil grènènge |
tamat dhapur tri êluk |
mangkya gantya dhapuring kêris |
luk lima kang kinandha |
sinêrasah dhapur |
têngah nganggo ada-ada |
pinggir gusèn sarasah tumêkèng pêthit |
kêmbang-kacang ri pandhan ||

25.
Dhapur Pudhak-satêgal winarni |
kêmbang-kacang sogokan sraweyan |
pinêkak sor-êsorane |
dhapur Pulanggêni ku |
saraweyan grènèng ing wuri |
gantya dhapur Pandhawa |
sêkar-kacang sinung |
sasogokan myang sraweyan |
êri-pandhan dhapur Anoman winarni |
lambe-gajah sajuga ||

26.
Kêmbang kacang sogokan dumugi |
marang pucuk (n)jalirid rêspatya |
dhapur Kêbo-dhêngên rêke |
ganja Klap-lintah iku |
lambe-gajah amung sawiji |
gandhike rada dawa |
kêmbang-kacang sinung |
gantya dhapur Kalanadhah |
sasogokan ananging namung sasisih |
saraweyan ri pandhan ||

27.
Dhapur Pandhawa-rare puniki |
lambe-gajah lamba kêmbang-kacang |

ri pandhan kêmbang êluke |
Urap-urap kang dhapur |
kêmbang-kacang cupêt mantêsi |
rangkêp kang sasogokan |
gusèn alis sinung |
dhapur a-Naga-salira |
gandhik pindha asu ajag lidhah mijil |
mangap lir ayun mangsa ||

Jilid 2 - Kaca : 83

28.
Dhapur Kêbo-dhêndhêng dènwastani |
sogokan kabalongsong sadaya |
Pandhawa-cinarita-ne |
dwi lambe-gajahipun |
kêmbang kacang atikêl-alis |
sogokan pêpejetan |
saraweyan sinung |
grènèng gusèn myang kruwingan |
kêris êluk lima dhapure wis titi |
gantya kang winursita ||

29.
Dhapur kêris luk pitu ginupit |
ingkang dhingin adhapur Balebang |
sawiji lambe-gajahe |
kêmbang-kacang myang sinung |
sêsogokan sraweyan wingking |
dhapur Murma-malela |
lambe gajah satu |
miwah sinung kêmbang-kacang |
dhapur Crubuk lambe-gajahe sawiji |
kêmbang kacang sraweyan ||

30.
Lawan sinung garènèng ing wuri |
dhapur Jaran-goyang mung pejetan |
banjur nganggo thêthingile |
dhapur Naga-kras iku |
kêmbang-kacang garènèng mawi |
sinungsun myang sor-soran |
pinindha ron êlung |
ana kang tinrapan êmas |
gantya dhapur Sêmpana punjul kang gandhik |
malang nganggo sraweyan ||

31.
Myang sraweyan ri-pandhan ananging |
tikêl-alis apan tan sinungan |
dhapur Sêmpana-bungkêm-e |
kêmbang-kacang tan têrus |
uga tanpa kang tikêl-alis |
dhapur Critakasapta |
lambe gajah dwiku |
kêmbang-kacang myang sogokan |
tikêl-alis grènèng myang sogokan tuwin |
gusèn nganggo kruwingan ||

32.
Êluk pitu wus tamat gumanti |
dhapur ingkang kêris êluk sanga |
dhapur Kidang-mas prabote |
garènèng êri amung |
dhapur Panjisêkar winarni |
pugut kang kêmbang-kacang |
sosogokan sinung |
saraweyan myang ri-pandhan |
kanang dhapur Sêmpana lambe gajah ji |
(m)bang-kacang grènèng wuntat ||

33.
Dhapur Jaruman sogokan mawi |
saraweyan dhapur Jrudèh apan |
sawiji lambe-gajahe |
kêmbang-kacang myang sinung |
sasogokan gantya winarni |
dhapur Paniwèn apan |
kêmbang-kacangipun |
jugag sogokan sraweyan |
gantya dhapur Panimbal lambe-gajah dwi |
kêmbang kacang sogokan ||

Jilid 2 - Kaca : 84

34.
Myang sraweyan garènèng ing wuri |
gantya ingkang dhapur Kidang-soka |
lambe gajah kakalihe |
kêmbang-kacang pan sinung |
saraweyan ri-pandhan wuri |
kang dhapur Carang-soka |
lambe-gajahipun |
siji nganggo kêmbang-kacang |
saraweyan mawa êri-pandhan wuri |
de dhapur Sabuk-tampar ||

35.
Ingkang lambe-gajah mung sawiji |
kêmbang-kacang sogokan sraweyan |
nganggo ri-pandhan yêktine |
Buta-ijo kang dhapur |
kêmbang-kacang sogokan mawi |
ri-pandhan saraweyan |
gantya ingkang dhapur |
Sêmpana-kalenthang ika |
nganggo kêmbang-kacang miwah tikêl-alis |
tanapi êri-pandhan ||

36.
Dhapur Crita-kanawa winarni |
kakalih kang lambene-dwipangga |
(m)bang-kacang tikêl-alise |
mawa sogokan iku |
saraweyan grènèng mantêsi |
gusèn miwah kruwingan |
tamat dhuwung êluk |
sasanga ing dhapurira |
mangke gantya luk sawêlas dhapuring kris |
gambuh ingkang curiga ||

111 Gambuh

1.
Carita-bungkêm dhapur |
kêmbang-kacang bungkêm datan têrus |
dhapur Crita pasaja lambening-èsthi |
kakalih puniku amung |
datan nganggo liyan prabot ||

2.
Crita-kaprabon dhapur |
lambe-gajah kakalih puniku |
sarta nganggo kêmbang-kacang tikêl-alis |
sogokan sraweyanipun |
grènèng gusèn kruwing munggoh ||

3.
Crita-dalêman dhapur |
mung sawiji lambe-gajahipun |
uga nganggo kêmbang-kacang tikêl-alis |
sogokan sraweyanipun |
grènèng gusèn kruwing jenggot ||

4.
Sabuk-intên kang dhapur |
lambe-gajah pan sajuga namung |
kêmbang-kacang sogokan sraweyan mawi |
êri-pandhan gantya dhapur |
Cluring-regol kawin rêko ||

5.
Kêrêp gilig ing pucuk |
kêmbang-kacang sasogokan sinung |
dhapur Crita-gènèngan luk bongkot awis |
ing pucuk kêkêr kang êluk |
kêmbang-kacang ajêjenggot ||

Jilid 2 - Kaca : 85

6.
Sogokan ri pandhan wus |
dhapur Crita-gandhu kang winuwus |
êluk kêmbang-kacang anganggo bris |
sraweyan ri-pandhan amung |
dhapur Sabuk-tali rêko ||

7.
Lir regol punang êluk |
sasogokan sawiji ing ngayun |
saraweyan dhapur Jaka-wuru nênggih |
pejetan ri-pandhan namung |
luk triwlas mangkya kacriyos ||

8.
Awit Caluring dhapur |
saraweyan (m)bang ri-pandhan amung |
dhapur Sangklat lambe gajah mung sawiji |
kêmbang-kacang jenggot mungguh |
tikêl-alis myang sasogok ||

9.
Pejelan sraweyan nung |
grènèng miwah èri-pandhanipun |
dhapur Johan mangan kala ula milir |
sogokan garènèng uwus |
Nagasasra winiraos ||

10.
Pêthite têkèng pucuk |
grènèng sungsun gantya ingkang dhapur |
Parungsari lambene-gajah kakalih |
kêmbang-kacang jenggot sinung |
tikêl-alis myang sinogok ||

11.
Pèjèt sraweyanipun |
grènèng êri-pandhan gusèn sinung |
karuwingan satuhu lamun rêspati |
triwêlas êluke bêsus |
kabagusan sêrêng mantog ||

12.
Dhapur Kantar puniku |
mung sawiji lambe-gajahiyun |
kêmbang-kacang sogokan sajuga ngarsi |
lawan sraweyan ing pungkur |
dhapur Lunggadhung kacriyos ||

13.
Siji lambene-blêdug |
kêmbang-kacang jenggote pinatut |
saraweyan banjur ri-pandhan wus lisning |
dhapur Sêpokal puniku |
muhung saraweyan êthok ||

14.
Karawêlang kang dhapur |
kêmbang-kacangira apan pugut |
lambening kang gajah pan amung sawiji |
êri-pandhan miwah sinung |
arancangan kang kinaot ||

15.
Naga-seluman dhapur |
ganja Kêlap-lintah gandhikipun |
dhapur Naga nanging tan na mawi pêthit |
dhapur Bima-kurdha iku |
sogokan sungsun kang jenggot ||

16.
Ri-pandhan uga sungsun |
sarawtyan dhuwung ingkang êluk |
tigawêlas titi mangkya kang winarni |
dhapur ingkang dhuwung êluk |
gangsalwêlas kacariyos ||

Jilid 2 - Kaca : 86

17.
Carang-buntala dhapur |
lambe-gajah sawiji puniku |
kêmbang-kacang sraweyan ri pandhan aming |
dhapur Sèdhêt lambenipun |
dipangga uga sawiyos ||

18.
Kêmbang-kacang pan sinung |
sosogokan êri-pandhanipun |
dhapur Ragawilah lambe gajah siji |
kêmbang-kacang grènèng sampun |
dhapur Ragapasung gantos ||

19.
Tikêl-alis grènèng mung |
dhapur Mesanabrang alisipun |
têkèng pucuk dhapur Crita-buntalèki |
kêmbang-kacang jenggot sinung |
sraweyan ri pandhan pantog ||

20.
Dhapuring kang kêris luk |
saptawêlas mangke kang winuwus |
kang rumuhun dhapur Ngampêr-buta nami |
mawa kêmbang kacang iku |
lambene-gajah sawiyos ||

21.
Dhapur lancingan amung |
kêmbang-kacange sor-soranipun |
pan pinêkak luk sangalas kang gumanti |
dhapur Trimurda puniku |
amung tikêl-alis thothok ||

22.
Dhuwung êluk salikur |
dhapur Kalatinantang puniku |
nganggo kêmbang-kacang lambe-gajah siji |
sasogokan grènèng sinung |
dhapur (n)Drajit winiraos ||

23.
Dwi lambe-gajahipun |
kêmbang-kacang saraweyan amung |
mangkya dhapur Trisirah lambening-èsthi |
lamba tikêl-alis sinung |
sogokan luk slikur pantog ||

24.
Luk salawe winuwus |
dhapur Bima-kurdha lambenipun |
gajah kalih kêmbang-kacang sarta mawi |
sogokan ri-pandhan amung |
luk salawe mung sawiyos ||

25.
Kêris luk pitulikur |
dhapur Taga-wirun wastanipun |
lambenira-dwipangga apan akalih |
(m)bang-kacang sogokan sinung |
êri-pandhan uwus notog ||

26.
Gantya dhapuring dhuwung |
êluk sangalikur kang winuwus |
dhapur Kalabêndu lambe-gajah kalih |
(m)bang-kacang sogokan sinung |
êri-pandhan kulup pantog ||

27.
Nênggih dhapuring dhuwung |
Mas Cêbolang alon aturipun |
sakalangkung nuwun saha ulunpundhi |
ywa tanggêl paring pituduh |
mênggah dhapuring kang waos ||

Jilid 2 - Kaca : 87

28.
Kang lêrês tuwin êluk |
Kyai Anom mèsêm ngandika rum |
kanang tumbak dhapure ya warni-warni |
tumbak bênêr kang rumuhun |
dhapure kang kacariyos ||

29.
Dhapur Baru puniku |
amba bongkot gêthêtan pan sinung |
dhapur Baru-tropong (m)bêmbêng para gilig |
dhapur Baru-kuping pucuk |
gêthêtan anjêbèr bongkot ||

30.
Baru-panatas dhapur |
bongkot ada-ada gèpèng pucuk |
dhapur Baru-tangtala gêthêtan kalih |
awak gilig têkèng pucuk |
dhapur Cèkèl winiraos ||

31.
Awak (m)bangkèk gusèn wus |
dhapur Cèkèl baluluk winuwus |
wak-awakan sawatara rada gilig |
dene dhapur Sêkar-jantung |
kruwingan gêthêt tan manggon ||

32.
Bêring-wadon kang dhapur |
(m)bêmbêng gusèn ada-ada bagus |
myang gêthêtan Bêring-lanangan winarni |
bongkot pojokan gusèn wus |
Bêring-drajit winiraos ||

33.
Ri Pandhanira sungsun |
myang kruwingan Sapit-tabon dhapur |
anggêthêtan tanpa sungsun gapitnèki |
dhapur Sapit-abon iku |
gapit nusul (m)bêmbêng bêdhog ||

34.
Dhapur Togog puniku |
(m)bêmbêng gilig de kang Sadak dhapur |
pêkakan tri ingkang dhapur Kudhup-mlathi |
gilig tumêka ing pucuk |
ananging lênggang kang bongkot ||

35.
Kudhup-capaka dhapur |
têngah gilig mêrit bedanipun |
lênggang bongkot mangke gantya Kudhup-gambir |
ada-ada ngadhal-busung |
têngah gilig lênggang bongkot ||

36.
Godhong-andong kang dhapur |
apan urip ada-adanipun |
ngadhal-mêtêng dhapur Bung-ampèl winarni |
gilig ri pandhane sungsun |
karuwingan asri tinon ||

37.
Dhapur Godhong-pring iku |
karuwingan (m)bêmbêng awakipun |
sujèn-ampèl êri-pandhan sungsun gilig |
gantya Tumpêr-ingas dhapur |
gusèn pinêkak pitados ||

38.
Ada-ada pinatut |
pucuk gilig tamat ingkang dhapur |
tumbak bênêr Mas Cêbolang matur aris |
mênggah waos ingkang êluk |
dhapurnya mugi kawiyos ||

Jilid 2 - Kaca : 88

112 Mijil

1.
Tumbak êluk têlu kang winarni |
dhapur Sapit-abon |
pan gêthêtan anusul gapite |
dhapur Pandhu ngisor naga kalih |
awake manginggil |
amêngkoni êluk ||

2.
Dhapur Banyak-angrêm kang gumanti |
anjêbèr ing bongkot |
dhapur Sipat-kelor pêkakane |
dene bongkot papak ngrêspatèni |
apan datan lincip |
gantya ingkang dhapur ||

3.
Butamèlèr gusèn grènèng ngrêmit |
ada-ada kaot |
binasakkên lumayu bongkote |
êluk lima ing mangkya ginupit |
dhapur Rangga mawi |
sogokan gusèn wus ||

4.
Dhapur Cacing-kanil luknya awis |
gilig (n)jêbèr ngisor |
dhapur Doramênggala prabote |
têngah ada-ada awak gilig |
ngisor (n)jêbèr nanging |
papakan puniku ||

5.
Dene ingkang dhapur Dara-dasih |
gilig (n)jêbèr ngisor |
pan pinêkak sarta nganggo grènèng |
ada-ada ing têngah mantêsi |
mangkya kang winarni |
dhapur Panggang-wêlut ||

6.
Rengkol-rengkol gèpèng awaknèki |
Panggang-lele rengkol |
awak gèpèng nanging nganggo grènèng |
Sladha-asta rengkol pucuknèki |
têngah bênêr gilig |
gusèn grènèng satu ||

7.
Êluk pitu mangkya kang gumanti |
dhapure kacriyos |
Megantara pan ada-adane |
amung têngah satugêl watawis |
grènènge sawiji |
mangkya ponang dhapur ||

8.
Kradhan iku cilik miwah mêrit |
gantya winiraos |
dhapuring kang luk sanga waose |
nênggih dhapur Badhotan winarni |
lawan naga kalih |
lis ri-pandhanipun ||

9.
Dhapur Trisula mawa pang kalih |
dadya katri waos |
dhapur Crita-anoman prabote |
nganggo êri-pandhan gusèn uwis |
ing mangkya gumanti |
sawêlas kang êluk ||

10.
Dhapur Crita-anoman pan mawi |
dwi sogokan kaot |
sarta nganggo êri-pandhan gusèn |
dhapur Crita-blandhongan puniki |
parabot tan mawi |
mung amba (m)balujud ||

Jilid 2 - Kaca : 89

11.
Dhapur Crita ri-pandhan ginusi |
tamat dhapur waos |
iya iku nora ana manèh |
mungguh dhapur lan tangguh kang uwis |
dak gêlarkên iki |
poma wêkasingsun ||

12.
Lamun ana ingkang nyulayani |
êtutên kemawon |
garêjêgan tan ana pêrlune |
bêcik ngalah ing basa sathithik |
malah olèh bathi |
tur nora kumruwuk ||

13.
Mas Cêbolang matur mangênjali |
dhuh Kiyai Anom |
lumuntur ing sabda mring dasibe |
sakalangkung ulun pundhi-pundhi |
bingahe tyas mami |
(m)botên sagêd matur ||

14.
Kacarita wus antara lami |
dènnira kêkepon |
nèng ngarsane risang Kyai Anèm |
sabên enjing mantuk lamun bukti |
bakda Ngisa bali |
kadhang nganti muput ||

15.
Duk samana nèng pondhokan lagi |
Ki Amat lingnya lon |
mangke ratri kakang dipun purih |
pinarak mring wismane Kiyai |
Bawaraga miji |
pangrêbab puniku ||

16.
Nyêtauni putunya pawèstri |
sru winantos-wantos |
lalênggahan ing sakaparênge |
mirêngakên kalênèngan tuwin |
pangliking kang ringgit |
binarung swara rum ||

17.
Inggih adhi saklangkung prayogi |
bakda Ngisa bodhol |
Ki Têngara kalawan tamune |
praptèng Bawaragan kyai panti |
gupuh ngacarani |
pinarnah (ng)gènnipun ||

18.
Sinambrama ing wacana manis |
winantu kang sugoh |
samya rahab sakèhe tamune |
miyarsakkên gêndhing Gambirsawit |
kang ngidung nyindhèni |
wilêt swara arum ||

19.
Mas Cêbolang matur mring ki panti |
tobil (m)botên ilok |
lah punapi punika gêndhinge |
têka nyênyês têkèng sanubari |
wèh trênyuh kang myarsi |
mrinding wulu-ulun ||

20.
Bawaraga latah amangsuli |
babo mitraningong |
Gambirsawit punika jênênge |
Mas Cêbolang matur mring ki panti |
paringa udani |
gêndhing manggènnipun ||

21.
Cagak lênggah tinimbang ngraosi |
ing awoning uwong |
Bawaraga mèsêm lon dêlinge |
èngêtkula manggèning kang gêndhing |
sêndhon pathêtnèki |
samya ngênêmlikur ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (13) Kaca 67 – 70
  • (15) Kaca 90 – 91 >