Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (16a) Kaca 92 – 109

 

( Bab Pangrèhing Kapal Kalêbêt Anututakên Kapal )

6. Mêrtamu ing griyanipun Ki Madiaswa, abdidalêm panêgar, dipun sukani katrangan bab pangrèhing kapal kalêbêt anututakên kapal ingkang nakal utawi sakalangkung rongèh; ugi bab ulêsing kuda dalah watakipun lan sapanunggalanipun botên wontên ingkang kalangkungan.


Kaca 92 - 122.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 92

113 Lonthang

5.
Ki Mat angling |
Suratêgaran griyanya |
kidul masjid |
nanging yèn siyang puniku |
tamtu wontên pêkên nêgari turangga ||

6.
Bilih nuju |
Rêbo wêkasaning candra |
lawan tali |
-wangke myang siwalataba |
lah punika ajrih nêgarri turangga ||

7.
Yèn samangke |
supadi nuntên kapanggya |
cinêgat ing |
prapatan Gladhak kewala |
Mas Cêbolang panudyèng tyas gya lumampah ||

8.
Tanpa rencang |
lampahira sampun prapta |
ing prapatan |
marêngi Ki Madiaswa |
ngitêr kuda dupi myat mring mitranira ||

9.
Gurawalan |
tumurun saking turangga |
wusnya tundhuk |
Madiaswa atatanya |
wau sami saking pundi kalihira ||

10.
Kang sinung ngling |
amangsuli saking wisma |
kakang tamu |
punika kang ayun panggya |
lan andika têka akapasangyogya ||

11.
Madiaswa |
sukèng tyas manis lingira |
èstu sampun |
lami ulun ngarsa-arsa |
kaparênga lajêng pinarak mring wisma ||

12.
Lumaksana |
Madiaswa nuntun kuda |
Cêbolang ngling |
prayogi nitih kewala |
ulun antuk bathi uning patrapira ||

13.
Angrèh kuda |
Madiaswa nitih sigra |
tan winarna |
ing ngênu wus praptèng wisma |
gya tumurun kuda tinampèn rencangnya ||

14.
Kinocoran |
amrih ayêming turangga |
gya tinuntun |
linampah-lampahkên sigra |
Madiaswa ngacarani tamunira ||

15.
Wus pinarak |
anèng madyaning pandhapa |
Mat Têngara |
palilan marang ki wisma |
awit nuju kalêrês anyanggi karya ||

16.
Madiaswa |
nyandhêt mangke ta mangke ta |
ngêntosana |
sakêdhap sugatakula |
lah ta bocah wedangmu nuli ladèkna ||

17.
Sawusira |
angrahapi kang sugata |
Mat Têngara |
mantuk kantun tamunira |
Ki Cêbolang pinarak lawan ki wisma ||

18.
Jênak dènnya |
mêrtamu sadangunira |
kang ginunêm |
tan lyan pangrèhing turangga |
Mas Cêbolang umatur mring Madiaswa ||

19.
Bab pangrèhing |
kuda mugi kababarna |
namaning kang |
tangsul miwah patrapira |
kang liningan tan wangwang mêdharkên sigra ||

Jilid 2 - Kaca : 93

20.
Tangsul kalih |
mangkya ingkang winursita |
asta kiwa |
nyêpêng apus sisih kiwa |
apus têngên asta têngên kang angasta ||

21.
Tangsul sanga |
apus kakalih sinama |
gya cinêpêng |
ing asta têngên sadaya |
asta kiwa nyêpêng apus nèng ngajêngnya ||

22.
Asta têngên |
patrap driji manis saha |
jajênthiknya |
nyangkêrêm apus kang kiwa |
de panuduh sarta dariji têngahnya ||

23.
Nyêpêng apus |
kang sisih têngên sarana |
kapidih ing |
jajêmpol ingkang warata |
èstu angèl kalamun dèrèng widagda ||

24.
Mangkya gantya |
winastan tangsul manyura |
asta kiwa |
nyêpêng apus patrapira |
kadosdene tangsul sanga kasbut ngarsa ||

25.
Kaotipun |
kaliyan tangsul sasanga |
dariji kang |
têngah gêsang têgêsira |
kenging ngolah ngalih de asta têngênnya ||

26.
Nyêpêng apus |
sawingkinge asta kiwa |
patrapipun |
ngingsêt-ingsêt utawinya |
angolahkên kêndho kêncêning[31] pusara ||

27.
(ng)Gih punika |
apus kang sisih têngênnya |
langkung angèl |
tinimbang lan tangsul sanga |
yèn wus prigêl yêktine gampang kewala ||

28.
Nahan tangsul |
satunggal mangkya winarna |
ingkang nyêpêng |
apus namung asta kiwa |
tumrap kapal ingkang wus gambuh lampahnya ||

29.
Mangkya ingkang |
winastanan tangsul gatra |
apus kalih |
rinangkus nèng asta kiwa |
patrapira kadosdene tangsul sanga ||

30.
Tangsul puspa |
panyêpênge kang pusara |
mung kapidih |
dariji panuduh kiwa |
lan darijwa jajêmpol ugi kang kiwa ||

31.
Tangsul ponjèn |
gampil tan kakeyan reka |
apus kalih |
sinami kêndho kêncêngnya |
wusing sami kabundhêlakên kewala ||

32.
Tangsul pada |
apus kang têngên punika |
kajêpit ing |
jajêmpol suku têngênnya |
dene apus kang kiwa ugi mangkana ||

33.
Jinêpit ing |
jêmpol suku ingkang kiwa |
tangsul pada |
puniku tumrap manawa |
wontên kuda kang tansah dhangar kewala ||

34.
Tangsul madu |
-sadana kang ginupita |
(ng)gih puniku |
tanduk ingkang tumrap marang |
mantukira kapal mêntas tinêgaran ||

Jilid 2 - Kaca : 94

35.
Bilih sampun |
cêlak lawan padunungan |
kêdah karêm |
-arêm datan katandukan |
ing pangêrèh supadi sarèh ing driya ||

36.
Mênggah tangsul |
camêthi kang ginupita |
pananduke |
kagêbag de wijangira |
(ng)gih punika sadasa warni kathahnya ||

37.
Ingkang iring |
têngên bokong myang tepongnya |
pupu wingking |
ngajêng pundhak pupu ngarsa |
ingkang iring kiwa pan ugi mangkana ||

38.
Kajawine |
punika kasanganira |
ngajêng buntut |
myang maripat têngên kiwa |
utawane Ganda-kasilir namanya ||

39.
(ng)Gih punika |
kapatrapana pratingkah |
angajrih-ajrihi kapal |
kang sarana |
lan cêmêthi anging ywa nganti tumiba ||

40.
Tangsul-raga |
punika osiking driya |
kang kawêdal |
saking solahing badannya |
kang anumpak kadosta andhêdhêg kiwa ||

41.
(n)Dhêdhêg têngên |
(ng)gêbrag utawi sukunya |
kalih pisan |
(n)dhêdhêg sarêng aywa kêmba |
ingsêt obah ngiwa nêngên kang sarira ||

42.
Oyog miwah |
sêrêg ebah majêng sigra |
miwah ngunjal |
-lakên punika kalayan |
sangêt-sangêt pangingsêt pandudukira ||

114 Mêgatruh

1.
Mangkya gantya katrangan bab lênggahipun |
amumpaki ingkang wajik |
winastan Kaprabon luhung |
apan jêjêg lênggahnèki |
ulur-ulur madya tinon ||

2.
Jêngku mipit talapakan jinjitipun |
pasêmon anjatmikani |
dene kaping kalihipun |
Kasatriyan dènwastani |
lênggahnya buntar kinaot ||

3.
Pan kapara wingking jajanira manglung |
jangga panggêl ngrêspatani |
panjang ingkang ulur-ulur |
pupu rapêt suku jinjit |
mathènthèng ladak pasêmon ||

4.
Kang winastan Kamantrèn nitihnya ngungkruk |
cêkak ulur-ulurnèki |
sêmu ngongrong asta mringkus |
ing pasêmonipun ajrih |
tamat patraping palunggoh ||

Jilid 2 - Kaca : 95

5.
Bab namine mêkakan mangkya winuwus |
ugi wontên tigang warni |
kang rumuhun Ganggêng-kanyut |
punika pêkakan wajik |
kang andhêgnya akêraos ||

6.
Lir kajlungup dadya pêkakan puniku |
anandhakkên kang turanggi |
mèdêm kasagêtanipun |
sawêg anyak sagêd nyirig |
kalihipun kang kawiyos ||

7.
Genggung-sitangarpa pan namanipun |
ingkang andhêgipun wajik |
(n)jêjêk mangiwa puniku |
sukunipun ingkang wingking |
mêndhak arêspati tinon ||

8.
(ng)Gih punika kapal kang sampun satuhu |
andados pasirignèki |
katrinya iangkang winuwus |
Genggong-samaguna nami |
punika ingkang wus golong ||

9.
Andhêgipun suku wingking kalih wau |
nyarêngi pyoking kêndhali |
kapal makatên (n)dhêgipun |
punika apan sayêkti |
sasirignya sampun gamboh ||

10.
Bab pangangkah tuwin nêgarri winuwus |
badhe ngangkah lampahnèki |
kêdah juwèh kang tatangsul |
kaosikkên wola-wali |
punika ingkang supados ||

11.
Sagêd tampi punang kuda manahipun |
saha badaning turanggi |
kêrêp kaoyog de pungkur |
kawantonan sawatawis |
cinamêthi alon-alon ||

12.
Bilih badhe amangangkah (n)jojogipun |
kêdah srana dènlêgani |
ing ngajêng de têngahipun |
kaêncota sawatawis |
wingking kawantonan alon ||

13.
Lamun badhe amangangkah congklangipun |
kajojogakên rumiyin |
sadangunya (n)jojog gupuh |
kasêrêga saking wingking |
saèstu kêdah winanton ||

14.
Tangsulipun kaamêr-amêra amung |
myang ing ngajêng dènlêgani |
yèn punika wus tamanduk |
mangka dèrèng pasang ati |
kêdah andhêdhêga gupoh ||

Jilid 2 - Kaca : 96

15.
Myang ginêtyag utawi ginêbrag asru |
bilih wus nyongklang kang wajik |
waspadakna sukunipun |
lamun kang kiwa rumiyin |
apus kang kiwa sinerong ||

16.
Lamun dipun kêncêngi ywa sampun-sampun |
yèn wus manêngên tindaking |
suku têngên kang rumuhun |
apus cinêpêng kang sami |
kaamêr-amêr kemawon ||

17.
Supayanya sagêd sarèh congklangipun |
yèn kalanturkên supadi |
pinrih ing panyandêripun |
lajêng kalêganan nênggih |
têngah kinathahan gupoh ||

18.
Saha kêdah dipun wantoni ing pungkur |
bilih botên mituruti |
nyandêr margi manahipun |
punang kuda boya tampi |
mangka pangrèh mrih kalakon ||

19.
Kêdah srana kagêbrag ginêbrag asru |
yèn wus nyandêr sawatawis |
satus tindak têbihipun |
lajêng cinandhêta aglis |
muntaping tyas sampun ngantos ||

20.
Bilih badhe amangangkah sirigipun |
kapatuhna lampahnèki |
malang manêngên rumuhun |
ing pangangkah kang supadi |
lampah malang winiraos ||

21.
Panyêpênge apus manêngên kaimpu |
saha tungkak ingkang kering |
pandhêdhêgira ywa kantu |
ngantos sagêdnya lumaris |
amalang manêngên matoh ||

22.
Bilih angèl katindakkên lampahipun |
sarana trekah puniki |
apus sisih kiwa gupuh |
kaseronga myang ing wingking |
winantonan kang bobokong ||

23.
Ingkang têngên mangka kirang tampinipun |
kagêbaga ingkang kering |
ananging panggêbagipun |
kêdah saking têngên ugi |
yèku winastanan senggok ||

24.
Yèn wus purun lumampah nêngên puniku |
suku kêdah dènpirsani |
yèn wus ajêg tan tumpang suh |
myang tan imbal lampahnèki |
lajêng katindakna (n)jojog ||

25.
Ugi malang manêngên sarananipun |
ing ngajêng dipun lêgani |
wingking kawantonan namung |
ngatos-atos ngirih-irih |
tyase kuda dimèn bombong ||

Jilid 2 - Kaca : 97

26.
Sadangune ingangkah lampahnya megung |
tuwin (n)jojog malangnèki |
lambe iring têngênipun |
kaangkaha sagêdnèki |
nyerong nêngên kang wigatos ||

27.
Pangangkahe nyerong lambe sagêdipun |
nolèh nêngên apus sisih |
têngên kakêncêngna namung |
ywa kagèt saking sakêdhik |
yèn tan tampi ing pangrèh (n)don ||

28.
Kêdah dipun kêrêpi krècèganipun |
dene krècègan puniku |
gadhah daya kalih luhung |
sapisan nglêrêmkên ati |
ping kalihe winiraos ||

29.
Yèn wus purun mangap ènthèng lambenipun |
yèn katandukan kang pamrih |
ingkang amakatên wau |
lajêng nètèr-nètèr ngering |
apus sisih kiwa gupoh ||

30.
Katarika supados sagêde wangsul |
malang nêngên lampahnèki |
saha kêdah kaingsêd mung |
manêngên pangingsêdnèki |
ingkang makatên supados ||

31.
Atampia manahe kuda puniku |
yèn pangrèh kang wus kawijil |
punika supados amung |
nyerong lambe nêngên sisih |
kados botên ngangkah seos ||

32.
Nètèripun manawi datan kinayun |
mangka mêksa botên tampi |
kagêbaga ingkang sêru |
ing panggêbag dènsarêngi |
lawan pangingsêding bokong ||

33.
Pan makatên punika salajêngipun |
ngantos sagêdnya lumaris |
(n)jojog malang nêngên matuh |
Mas Cêbolang duk miyarsi |
gèdhèg-gèdhèg longang-longong ||

34.
Alon matur saèstu angèl kalangkung |
mangka dèrèng amrih nyirig |
sawêg ngangkah malangipun |
tingkahe sakranjang gambir |
paran lajênge pitudoh ||

35.
Madiaswa anglajêngakên pitutur |
(n)jojog malang wus lêstari |
ajêg boya atumpang suh |
tuwin grijag lampahnèki |
sadangunipun anjojog ||

36.
Tumuntên lajêng kapêrêga gupuh |
supados tumindak nyirig |
wus tumindak sirigipun |
watawis gangsal utawi |
sadasa colotan gupoh ||

Jilid 2 - Kaca : 98

37.
Kaandhêga pamêkakira kang tangsul |
kinagètna dimèn rêsik |
andhêg kang rêsik puniku |
mandhêg grêg datanpa osik |
gya lumampah alon-alon ||

38.
Yèn wus antuk sawatara lampahipun |
katindakna nyirig malih |
sadhengahên prayanipun |
saking sakêdhik-sakêdhik |
sirig ywa kêmba supados ||

39.
Saha malih kang makatên lajêngipun |
kalojo saking sakêdhik |
bilih sirigipun wau |
tan (n)jujur tan ngancas margi |
tangsul ingimpuwa gupoh ||

40.
Amanêngên manawi ngungkrêd kang ngayun |
kalêganana lan malih |
tangsul mangiwa kaimpu |
bilih kêmba sirignèki |
tuwin rindhik tan wigatos ||

41.
Kacêngèrna dimèn rikat sirigipun |
srana wingking dènwantoni |
saha kasêrêga amung |
sawatawis kang supadi |
sagêd sêrêng sirig alon ||

42.
Kang manawi karikatên sirigipun |
utawi mrêdêng nglangkungi |
kaandhêga amrihipun |
supados sagêda rindhik |
ngangkah rindhik asmarandon ||

115 Asmaradana

1.
Ngajêng kêdah dènkêmbani |
saha kêdah kinêrêpan |
krècèganipun dialon |
têngah dipun kothongana |
wingking mung katempelan |
ing camêthi ywa ginêbug |
yèn misih mrêdêng kewala ||

2.
Langkung kinêmbanan malih |
wuri aywa tinempelan |
mangka mêksa pamrêdênge |
malah ginêbaga ingkang |
asru karosèng nala |
nanging punika ing ngayun |
myang têngah kèkêmbanana ||

3.
Supados sagêde tampi |
pangrèh makatên punika |
mung murih sarèha tyase |
yèn wus ajêg sirigira |
myang bagus pinarisan |
lajêng karêntêt punika |
utawi karindhikêna ||

Jilid 2 - Kaca : 99

4.
Kalawan makatên malih |
kaangkaha sagêdira |
sarêng aywa kêmba tinon |
yèn wus ajêg rêntêtannya |
pan lajêng kaangkaha |
sagêd nênun sirigipun |
yèn wus ajêg kajujuta ||

5.
Supados mèdharirèki |
tuwin alus ingkang congklang |
yèn wus ajêg pamêdhare |
lajêng katênuna kadya |
panênun sasirigan |
Mas Cêbolang tanya arum |
punapa sampun palastha ||

6.
Madiaswa mèsêm angling |
punika sawêg satêngah |
taksih panjang pratingkahe |
wawi sinambi nyamikan |
angoyog-oyog uwang |
wus nyambi sawontênipun |
ki wisma nglajêngkên sabda ||

7.
Yèn tênunanipun asirig |
myang mêdhar ajêg tan kêmba |
lajêng kalojo kemawon |
nèng margi kêncêng warata |
myang têbih sawatara |
sadangunipun kalaju |
mung kaangkaha sirignya ||

8.
Saha wêdharnya utami |
sandêre kanang turangga |
makatên katêrangane |
sadangunya sasirigan |
wus têbah sawatara |
lajêng kasandêrna gupuh |
sadangunipun kawêdhar ||

9.
Yèn wus sawatawis têbih |
kaêndhêga wêdharira |
supados nyiriga manèh |
sadangunya sasirigan |
sawatawis wus têbah |
lajêng kasandêrna gupuh |
kadi kang kasêbut ngarsa ||

10.
Makatên salajêngnèki |
ngantos samantuke pisan |
mênggah pangrèhe kang kados |
kasêbut ngajêng sadaya |
dene paedahira |
apurih sagêde gambuh |
amêdhar saha sirignya ||

11.
Nandukkên pangrèh turanggi |
iangkang makatên punika |
katindakna ping katrine |
tuwin ing catur rambahan |
titi pangrèhing kuda |
wêdhar sirig gambuhipun |
tangkêping sirig titiga ||

12.
Babar lêpiyan sawarni |
(ng)gih punika kapal ingkang |
sukunya ngajêng wingkinge |
sami saenya kang trajang |
suku ngajêng sumêblak |
suku ingkang wingking nyaruk |
utawi akicat-kicat ||

13.
Bintulu kang kaping kalih |
punika ingkang trajangnya |
mung suku wingking kemawon |
ing ngajêng lampahnya dhandhang |
Kaprabon kaping tiga |
suku ngajêng trajangipun |
ukêl parigêl rêspatya ||

Jilid 2 - Kaca : 100

14.
Dene suku ingkang wingking |
lampahnya punika dhandhang |
wus jangkêp katri warnane |
Mas Cêbolang lon lingira |
bilih ngamungkên têngah |
tan kacêkap èstunipun |
kêdah kanthi linampahan ||

15.
Tuwin dipun kulinani |
mênggah watêkaning kuda |
punapa sami kemawon |
Madiaswa mèsêm nabda |
punika kasinggihan |
kêdah mangêrtos rumuhun |
sarta kêdah linampahan ||

16.
Kapal punika pinasthi |
gadhah watêg pyambak-pyambak |
wontên ingkang pangangkahe |
kêdah wiwit saking lampah |
(n)jojog nyongklang adheyan |
salah satunggal puniku |
kêdah tinurut sakêdhap ||

17.
Nanging yèn wus mituruti |
pikajênganipun kapal |
mung sawatawis dangune |
inggih lajêng katandukan |
pangrèh kang wus kawêdhar |
amung mênggah tumrapipun |
angangkah kang manah kathah ||

18.
Tuwin watêking turanggi |
punika kêdah kaangkah |
saking pangarêm-arême |
margi yèn tan katandukan |
pangrèh ingkang mangkana |
manawi ngantos kalantur |
muntap manahe turangga ||

19.
Saèstu angèl nglangkungi |
ngrêkaoskên ingkang numpak |
bilih bantêr myang muntape |
saking kèhing panggraita |
punapa dene ingkang |
kapal kirang manahipun |
èstu kenging katandukan ||

20.
Pangrèh pamêngkuning dhiri |
utawi ing pamisesa |
pramila kêdah waspaos |
pratitis panitikira |
dhatêng watêking kapal |
ing satunggal-tunggalipun |
aywa ginêbyah kewala ||

21.
Manawi badhe mangungkih |
ngangkah sagêde adheyan |
kêdah gêsang tatangsule |
kanat-nêtakên kalawan |
kapêpêg aywa kêmba |
tansah winanton ing pungkur |
ing têngah kêdah lumampah ||

22.
Makatên salajêngnèki |
kaingsad-ingsêd ywa kêmba |
ngantos sagêd adheyane |
dene lampah kang winastan |
pandhapan (ng)gih punika |
rêntêt ing adheyanipun |
mênggah pangrèh saha ngangkah ||

Jilid 2 - Kaca : 101

23.
Sagêding pandhapan sami |
kados angangkah adheyan |
ananging wontên kaote |
yèn adheyan kinathahan |
pandhapan kinirangan |
kathah kirang wardinipun |
nênggih manahe turangga ||

24.
Manawi ngangkah sagêding |
lumampah winastan dhandhang |
kêdah srana linampahke |
malang ing ngajêng kasangga |
ing têngah kinêrêpan |
kaingsad-ingsêd lumintu |
dene wingking winantonan ||

25.
Makatên salajêngnèki |
ngantos sagêd mlampah dhandhang |
nanging punika kapale |
kang pinrih lumampah dhandhang |
kêdah ingkang wus limpad |
jangkêp kasagêdanipun |
myang wus kèh gambuh ing tingkah ||

26.
wontên malih kang ngèmpêri |
kadi lumampah andhandhang |
ran lampah angun-angune |
manawi botên angangkah |
sagêdipun lumampah |
kang winastan Angun-angun |
punika ing ngajêng kêdah ||

27.
Kêrêp kaosikkên tuwin |
kaingsad-ingsêd ing têngah |
wingking tinèmpèl têmbunge |
tarajange kang turangga |
inggih sairib kadya |
lumampah dhandhang puniku |
sanèsipun ingkang lampah ||

28.
Angun-angun tamban ririh |
lampah dhandhang wau cukat |
kaliye pinarlokake |
apan anunggal surasa |
alus kalawan wadhag |
mênggah ing wawatêkipun |
lampah ngun-angun punika ||

29.
Minangka sarananèki |
amintêrkên kaèngêtan |
-ning kapal kasagêdane |
pramilane kapal ingkang |
sampun gambuh ing lampah |
kakalih kasêbut wau |
nadyan mlampaha kewala ||

30.
Manawi ingkang numpaki |
sumêdya anyirigêna |
tan susah kaosikake |
tamtu gya nyirig piyambak |
kenging binasakêna |
sagêd nampèni puniku |
sakarsane ingkang numpak ||

Jilid 2 - Kaca : 102

116 Durma

1.
Sêkar Durma bab pangangkahing turangga |
kalangkung angèlnèki |
wit saking bandholnya |
myang wangkoting praya |
kalawan anjondhil-jondhil |
dipun prayitna |
makatên pangrèhnèki ||

2.
Ngangkah kapal kadi kang kasêbat ngarsa |
punika ingkang pasthi |
kêdah kawêngkuwa |
utawi kawasesa |
ing tyas ywa kataman ajrih |
angrodapaksa |
myang (ng)gêbag kang sru titis ||

3.
Ingkang ngantos sagêt nuwuhkên graita |
tampining pangrèhnèki |
lamun wontên kuda |
datan kenging kaangkah |
sangêt anggènnipun (n)jondhil |
glarap anglumba |
utawi nyêbat-nyêbit ||

4.
Kuda ingkang agadhah meda mangkana |
punika pangrèhnèki |
pan kêdah sarana |
karêbahkên kang kuda |
makatên patrapirèki |
sadangunira |
tinanduk pangrèhnèki ||

5.
Kapal lajêng asangêt panjondhilira |
gya katêtaha aglis |
panggêbag kang rosa |
tyasira aywa wangwang |
supados anjondhil malih |
salêbêtira |
anjondhil ingkang nitih ||

6.
Nyarêngana malumpat kalayan nyêndhal |
apuse kang turanggi |
yèn nganan lumpatnya |
apus kiwa sinêndhal |
manawi malumpat ngering |
apus kang kanan |
apan sinêndhal aglis ||

7.
De patrape malumpat saking turangga |
yèn nganan lumpatnèki |
asta ingkang kanan |
ngasta tlongoping lapak |
kêpadalla kang pramati |
kangge lantaran |
malumpatipun nênggih ||

8.
Tangan kering nyêpêng apusira ingkang |
sisih kiwa tumuli |
apus cinêpênga |
utawi sinêndhalla |
manêngên pènyêndhalnèki |
bilih matumpat |
mangiwa patrapnèki ||

9.
Asta kiwa kang nyêkêl tlongoping lapak |
asta têngên nyêpêngi |
apus sisih kanan |
sinêndhalla mangiwa |
pangrèh kang makatên pasthi |
mantun kapal kang |
sangêt (n)jondhilirèki ||

10.
Utawi kang tansah kathah medanira |
sukur ingkang numpaki |
kadugi ngrêbahna |
salêbêtipun (m)bandhang |
yèn pêngangkah kang kadyèki |
kapal ginêbag |
kang mangka purun (n)jondhil ||

Jilid 2 - Kaca : 103

11.
Gya kasarêngana malumpat kalawan |
anyêndhal tangsulnèki |
patraping ngrêbahna |
kadi kasêbut ngarsa |
mila rêbahing turanggi |
srana kaangkah |
ing panjondhilirèki ||

12.
(ng)Gih puniku kang gampil kalampahannya |
Cêbolang turira ris |
sawêg cariyosan |
tyasulun ênar-ênar |
was-uwas sangêt kuwatir |
wawi lajêngna |
bab pangrèhing turanggi ||

13.
Madiaswa anglajêngakên carita |
bilih wontên turanggi |
kaêrèh mung nêdya |
muhung mundur kewala |
lajêng kaundurna aglis |
kang ngantos sayah |
sabên badhe nêgarri ||

14.
Katindakna rumuhun mundur kewala |
saksayahe turanggi |
yèn wus kaêtrapan |
tarekah kang kadyeka |
kenging tinamtokkên pasthi |
dènya agadhah |
lêleda amantuni ||

15.
Lamun wontên kapal sabên tinêgarran |
angonclangkên kêndahli |
ing panyêpêngira |
apus pan kasanggiya |
kang inggilnya langkung saking |
sakilan lawan |
jajalaking turanggi ||

16.
Saha kêdah kucêkipun kinêrêpan |
patrap ngucêk kêndhali |
kaucêkan lawan |
lambene kang turagga |
ing sarat ingkang kadyèki |
paedahira |
ngicalkên lageyanning ||

17.
Angonclangkên kêndhali lawan paedah |
ngènthèngkên lambenèki |
bab kapal ajrihan |
manawi wontên kapal |
ajrih dhumatêng wawêrnin |
tuwin suwara |
isaratipun murih ||

18.
Sagêd mantun yèn ajrih kalawan grobag |
myang sasaminirèki |
sabên tinêgarran |
bilih kapapag grobag |
lajêng kacêlakna aglis |
aywa kapêksa |
saking sakêdhik-kêdhik ||

19.
Bilih ajrih dhatêng swara pamirêngan |
inggih dipun kêrêpi |
kapyarsakkên swara |
pundi kang kinajrihan |
yèn wus kêrêp sarta lantih |
ingkang kadyèka |
pasthi gya mantun ajrih ||

20.
Kapal ingkang gadhah kandhutan tan yoga |
nyangkollakên kêndhali |
makêm tuwin (n)dhangar |
panyêpênging pusara |
kang prayitna ngati-ati |
sartane kêdah |
katangsulan kakalih ||

Jilid 2 - Kaca : 104

21.
Paedahnya bilih kapal ingkang gadhah |
kandhutan tan prayogi |
utawi ameda |
sagêt nandukkên prana |
pami anyangkol kêndhali |
kang siji kiwa |
apus kang sisih kering ||

22.
Kaêculna apus kang têngên sinangga |
yèn nyangkolkên kêndhali |
ingkang sisih kanan |
apus kang sisih kanan |
inggih kaêculna ugi |
apus kang kiwa |
kasanggiya lir ngarsi ||

23.
Lamun (n)dhangar punang tangsul kakêpyokna |
manawi datan apti |
nglêpèh tumungkula |
kêndhali kacêpênga |
katarik mangandhap sarwi |
kucêk-ucêkna |
lambene kang turanggi ||

24.
Bilih makêm kêndhali kalèrègêna |
manganan tuwin ngering |
yèn mêksa tan arsa |
nglêpèh myang nguculêna |
gya kacuwakna manginggil |
karèh mangkana |
lajêng nêmpuh kang wajik ||

25.
(ng)Gih punika ambandhang karsanya dhawak |
ing sadangunirèki |
(m)bandhang suku ingkang |
kapal kasidikêna |
yèn ngiwa pambandhangnèki |
têgêse (m)bandhang |
mangiwa sukunèki ||

26.
Kiwa ingkang rumuhun tumindakira |
apusira kang sisih |
kiwa kacènènga |
sarta kakêncêngana |
yèn nêngên pambandhangnèki |
apus kang kanan |
kakêncêngana ugi ||

27.
Bilih kapal katandukan kang tarekah |
[...] |
[...] |
kang tamtu lajêng dhawah |
karungkêp ingkang turanggi |
nging saèstunya |
pinlaur mandhêg aglis ||

28.
Yèn wus kèndêl lajêng malih kabandhangna |
saking karsèng kang nitih |
sadangunya (m)bandhang |
mawi dipun rangkèta |
supados manahe tampi |
ywa nganti darbya |
meda ingkang tan yogi ||

29.
Myang kandhutan damêl watir ingkang numpak |
mênggah pambandhangnèki |
ywa nganti kapêkak |
kang mangka kèndêl dhawak |
lajêng karangkèta malih |
ingkang mirasa |
sêmu pamuring-muring ||

30.
Nanging ngajêng punika kakêmbanana |
wardine dènkêmbani |
kalowong apusnya |
utawi kinêndhonan |
ing têngah dipun kothongi |
yèku kang numpak |
tyas kêdah dèn kêmbani ||

Jilid 2 - Kaca : 105

31.
Nadyan wau sru sangêt pangrangkètira |
sayêkti datan apti |
nêmpuh malih (m)bandhang |
ambêgogok kewala |
sarta gêrêng-gêrêng muni |
lamun turangga |
wus (n)dharêdhêg tan osik ||

32.
Pangrangkètnya punika kakèndêlana |
ing nalikanirèki |
gya kawaspadakna |
kang sampun kalampahan |
sung sasmita kang turanggi |
maring kang numpak |
yèn ta sagêda angling ||

33.
Pamintamba dhuh mugi katurutana |
(m)bukaning pangrèhnèki |
riwusnya mangkana |
wau ingkang turangga |
nulya tumindak pribadi |
mawarna-warna |
wontên ingkang lumaris ||

34.
Ingkang (n)jojog adheyan miwah pandhapan |
wêdharing sasmitadi |
mênggah tumanduknya |
ing pangêrèh sadaya |
punika cihnanirèki |
èstu tan ana |
kapal kang botên kenging ||

35.
Pinardi rèh kaajar dening manungsa |
wontên pamêgar angling |
nyariyoskên kapal |
datan dados dandanan |
margi karèh botên kenging |
punika tandha |
panêgar dèrèng wasis ||

36.
Saha dèrèng paham kawruh mangrèh kapal |
ingkang salugunèki |
mênggah raringkêsan |
minangka papathokan |
badhe sagêd anêgarri |
kêdah pawitan |
ingkang kawan prakawis ||

37.
Kang rumiyin kêdah apawitan Sura |
Guna kang kaping kalih |
Rêkasa ping tiga |
Lara kaping sakawan |
manawi kawan prakawis |
anggalih wêgah |
pucung kewala uwis ||

117 Pocung

1.
Mas Cêbolang kalangkung sukaning kalbu |
gumujêng alatah |
wasana umatur aris |
dhuh mintrèngsun mugi kaparêng nglajêngna ||

2.
Aywa tanggung paran babaring pangawruh |
bab pangrèhing kuda |
Madiaswa lingira ris |
(ng)gih prayogi ah sampun kèndêl kewala ||

3.
Wedangipun kadangon akêmplung-kêmplung |
dhadhaharan ngandhar |
punika têmbung mubadir |
mêsakakên wawi samirinakêtan ||

Jilid 2 - Kaca : 106

4.
Dimèn enggar tyase aywa manggung suntrut |
kang sinungan sabda |
kalêgan angasta cangkir |
minum wedang myang dhaharan sasukanya ||

5.
Madiaswa anglajêngakên pitutur |
bilih wontên kapal |
sasampune dèntumpaki |
mangka lajêng linampahakên tan arsa ||

6.
Ambêgêgêg ingkang makatên puniku |
ing pangangkahira |
wusing nèng gêgêr turanggi |
ywa ge-age linampahkên kang turangga ||

7.
Nanging kêdah kaubêngêna rumuhun |
nêngên tuwin ngiwa |
yèn wus kalakyan kadyèki |
apan lajêng kalampahêna kewala ||

8.
Bilih tansah ambêgêgêg tan lumaku |
lajêng kaundurna |
sararane kang kêndhali |
katarika gêntos manêngên mangiwa ||

9.
Wusing mundur nuntên kaubêngna gupuh |
kang sangêt kalayan |
kagêbag asru patitis |
sasampuning sawatawis ubêngira ||

10.
Gya pinupuh myang ginêbrag ingkang asru |
lajêng linampahna |
tamtu datan nyulayani |
amiturut sakarsanipun kang numpak ||

11.
Wus tartamtu bêndanane mogok mantun |
ing sanèsing wêkdal |
manawi dipuntumpaki |
anggadhahi laleda ingkang mangkana ||

12.
Gya pinanduk ing pangrèh kadi kang uwus |
ing tyas aywa wêgah |
dènnira mangungkih pamrih |
gantya kapal omah-omahên winarna ||

13.
Saupami tinêgaran kapal wau |
angambah ing ratan |
kang wus nate dènpurugi |
(ng)gok-enggokan twin wus nate-nate ngambah ||

14.
lajêng kêdah menggak-menggok tan lumaku |
kapal kang mangkana |
amurih mantunirèki |
sabên numpak mangka ngajêngkên dumugya ||

15.
Ing panggenan kang kêdah mandhêg kudèku |
gya katandukana |
ing pangrèh sasênêngnèki |
lawan kapal ulih-ulihên kadosta ||

16.
Tinumpakan mantuke notol kalangkung |
gya tinandukana |
patrap kadi kang rumiyin |
pramilanya kaangkah ingkang mangkana ||

Jilid 2 - Kaca : 107

17.
Awit kapal kang sampun klampahan èstu |
sring kaslamur dera |
nanggapi pangêrèhnèki |
ing sadèrèngipun ical medanira ||

18.
Sabên dipun têgarri bilih wus ayun |
cêlak ing panggenan |
kang (n)dadoskên sababnèki |
utawine tinumpakan mantukira ||

19.
(ng)Gih katandukana pangangkah lir kang wus |
kacriyos ing ngarsa |
makatên salajêngnèki |
sampun kêmba ngantos mantunne bar pisan ||

20.
Dene kapal kang dèrèng rampas saèstu |
aywa tinandukan |
pangrèh ingkang ngrêkaosi |
margi ing sadèrènge rampas punika ||

21.
Yèn kaangkah pancèn dede dhasaripun |
sagêdnya priawak |
dumuginya mêmpêng pasthi |
lajêng bobrok utawi botên kaalap ||

22.
Gantya wau bab Naga-rancak winuwus |
bilih wontên kapal |
ingkang mêntas dèntêgarri |
myang kinitêr lajêng yogi cinarakan ||

23.
Ingkang rêsik mênggah patrap kang kadyèku |
ing sadangunira |
kinitèr myang dèntêgarri |
kacarakan kang ngantos ambal-ambalan ||

24.
Awit kapal kang dènrèh sasirigipun |
tuwin sasaminya |
kang pancèn sanès aslining |
lampahipun pyambak yèn datan klêrêsan ||

25.
Têmahipun asring-asring damêl korud |
myang konusing badan |
ingkang makatên puniki |
korud konus punika warni sakawan ||

26.
Kang rumuhun korud badan wastanipun |
lah inggih punika |
kêra-langkêt kang turanggi |
wus dilalah botên sagêt lêma-lêma ||

27.
Kaping kalih akorud karosanipun |
nuwuhakên meda |
asring ambandhang pribadi |
sabab sampun sayah maksih dènsêngkakna ||

28.
Ing wasana umijil ing dhosonipun |
meda warna-warna |
nyulayani lan kang nitih |

tan darana satêmah lajêng ambandhang ||

Jilid 2 - Kaca : 108

29.
Ingkang kaping tiga korud manahipun |
punika turangga |
tansah muyap driyanèki |
jalarannya ngajêng sabên tinumpakan ||

30.
Ping sakawan korud panggraitanipun |
punika witira |
ngajêng (ng)gènnipun nêgarri |
tansah dipun osikakên supayanya ||

31.
Nuntên-nuntên wêdaling graitanipun |
tamahan dumadya |
bibrah ing lampahirèki |
myang bibrahing sakèh kasagêdanira ||

32.
Milanipun nêgarri kapal puniku |
adhuh sapintêna |
(ng)gènnya nyêngkakkên wêdaling |
panggraita supados tumuntên gadhah ||

33.
Kasagêdan ingkang sarana tinanduk |
pangrèh kawaskithan |
ewadene parlu ugi |
tansah mawi karêm-rêman manahira ||

34.
Supayanya graitane aywa korud |
carakan punika |
dumadi sarananèki |
èstu sagêd mantunnakên kapal ingkang ||

35.
Anêmahi kados ingkang wus kasêbut |
ing ngarsa sadaya |
amila ingkang wigati |
amarlokkên cinarakan kang turangga ||

36.
Mangkya gantya bab Raja-nari winuwus |
punika titikan |
wêdaling manahirèki |
saha malih wêdale kang panggraita ||

37.
Yèn wêdaling manah myang graitanipun |
saking pangosiknya |
nèng têngah kang Raja-nari |
bilih wêdalipun saking winantonan ||

38.
(ng)Gih punika mênggah Raja-narinipun |
wontên ing pungkuran |
wus tamat kang Raja-nari |
kanthi êbab ngabah-abahi turangga ||

118 Kinanthi

1.
Gantya wau kang winuwus |
ngabah-abahi turanggi |
prayogi nèng jro gêdhogan |
patrapira kang rumiyin |
kinêndhalèn pangêrokan |
gya cinancang nganan ngering ||

2.
wontên ta upamènipun |
badhe dèn-abah-abahi |
kang krisik angganing kuda |
salebrak kapasang mathis |
mênggah têpining salebrak |
kang ngajêng tumumpang munggwing ||

Jilid 2 - Kaca : 109

3.
Ing jajalak yèn wus munggah |
lêrês unggah udhunèki |
miwah ngajêng wingkingira |
lapak pinasangan aglis |
tumumpang nèng têngah slebrak |
anulya dipun ambêni ||

4.
Kang kêncêng pamanthêngipun |
gya pasang pus buntutnèki |
nulya pasang apus dhadha |
rampunge kasêbut ngarsi |
lambe nulya cinarakan |
taracak kinumbah barsih ||

5.
Riwusnya makatên laju |
rinucat ponang kêndhali |
pangêrokan sinantunan |
kêndhali ingkang pinasthi |
kaenggokakên turanggi |
yèn apus wang wus rinukti ||

6.
Mangkana kêndhalinipun |
kalêrêsna kang prayogi |
tumuntên kaêtrapana |
apus kanan miwah kering |
mila kantun pamasangnya |
timangan ywa nganti kwalik ||

7.
Dene inggah udhunipun |
kêndhali ingkang prayogi |
kaangkaha gonggangira |
mung sajêmpol winatawis |
ewa samantên (ng)gih datan |
kenging tinitamtu awit ||

8.
Manut cocondhonganipun |
cêkak tuwin landhungnèki |
kêndhali pamasangira |
gumantung nèng patitising |
panitikipun kang numpak |
mênggah kacihnanirèki ||

9.
Turangga kêndhalinipun |
ingkang kêdah dèncêkaki |
ingkang mangka linandhungan |
saèstu tan condhong ati |
cathuk-cathuk tan tumanja |
dene kasok wangsulnèki ||

10.
Bathothot adrênging kayun |
ngungsêd-ungsêd tan saririh |
kapal tumpakan punika |
pamasange kang kêndhali |
ing sasagêd-sagêd kêdah |
kang dados condhonganèki ||

11.
Ngabah-abahi wus rampung |
yèn badhe ngêdalkên saking |
ing gêdhogan kêdah ingkang |
sarèh rèrèh ngirih-irih |
sarta malih kinarunga |
ywa grusa-grusa giniring ||

12.
Amargi yèn grusa-grusu |
asring nuwuhkên tan yogi |
manahe ponang turangga |
mênggah ing panimbang mami |
angrèh kuda lan wanita |
sabarange sami ugi ||

13.
De kêndhali jawi wau |
kang rangah awarni kalih |
wontên ingkang wunènira |
cacah kalihwêlas tuwin |
nêmbêlas ing sasisihnya |
dene kang nêmbêlas sisih ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (15) Kaca 90 – 91
  • (16b) Kaca 110 – 122 >