Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0411382
Hari ini     :Hari ini :19
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :2
Bulan ini   :Bulan ini :664
s/d hari ini   :s/d hari ini :411382
Kunjungan Tertinggi
01-11-2023 : 1383
Pengunjung Online : 3

Kontak Admin.

email-kidemang

 (16b) Kaca 110 – 122

 

( Bab Pangrèhing Kapal Kalêbêt Anututakên Kapal )

6. Mêrtamu ing griyanipun Ki Madiaswa, abdidalêm panêgar, dipun sukani katrangan bab pangrèhing kapal kalêbêt anututakên kapal ingkang nakal utawi sakalangkung rongèh; ugi bab ulêsing kuda dalah watakipun lan sapanunggalanipun botên wontên ingkang kalangkungan.


Kaca 92 - 122.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 110

118 Kinanthi

14.
Winastan Buntala iku |
mênggah kalinge kêndahli |
kang minangka sasambêtan |
apan Pakêm wastanèki |
dene kang angsal gêlangan |
Bungkul wastanipun nênggih ||

15.
Panjang cêlaking kêndhangsul |
inggih wontên pedahnèki |
amargi kapal punika |
condhonging tyas datan sami |
wontên lèrèg condhongira |
wontên rujuk dènslikêki ||

16.
Yèn mring lèrèg condhongipun |
kang mangka dipun slikêki |
punika dadya jalaran |
awrat lambene turanggi |
dene kosok-wangsulira |
nuwuhakên monyar-manyir ||

17.
De gêlangan dhapuripun |
punika kakalih warni |
ingkang namung agiligan |
Lus-lusan wastanirèki |
dene kang gêlit-gêlitan |
kalenthangan dènwastani ||

18.
Mênggah ing babing kêndhangsul |
kang tumrap kangge ngajari |
kapal kang ènthèng lambenya |
utawi kapal kang taksih |
anèm sawêg bibar rampas |
dèrèng rampas langkung malih ||

19.
Punika kêdah kang kêthul |
(ng)gih punika wunenèki |
kapapakana sadaya |
ingkang ngantos mèh waradin |
botênipun kapapakan |
kablêbêda kang waradin ||

20.
Kalawan sinjang puniku |
wunèn amung katon mingip |
nging punika tambêl-bêtah |
wus tamat babing kêndhali |
ing mangkya gênti winarna |
anênggih babing camêthi ||

21.
Utawi winastan têmbung |
kang wus mupakat kinardi |
datan liyan saking rotan |
inggih punika panjalin |
sawlas kêpêl panjangira |
wujudipun kalih warni ||

22.
Tamparan sawarninipun |
giligan sawarni malih |
sanadyan ingkang giligan |
pucukipun kêdah mawi |
sinambêtan têtamparan |
mung sakilan winatawis ||

23.
Saha tatamparan sinung |
bundêlan gangsal utawi |
nênêm prênthil cacahira |
mênggah paedahirèki |
camêthi mawa bundhêlan |
ginêbagkên langkung sakit ||

24.
Katimbang lan kang tan sinung |
bundhêlan sakit kang mawi |
anjawi saking punika |
wujud tumraping camêthi |
mawèh sêmu datan kêmba |
pucuking tamparan mawi ||

Jilid 2 - Kaca : 111

25.
Sinungan rênggan jêjambul |
mênggah cacêpênganèki |
sakarsane dènnya ngrêngga |
pinaponthang-ponthang saking |
mas suwasa myang salaka |
dene panjange camêthi ||

26.
Kajawi miturut ukur |
inggih kêdah-kêdah mawi |
mawang lan kang tinitiyan |
pinantês agêng lan alit |
bab camêthi sampun tamat |
prayogi kèndêl rumiyin ||

27.
Sampun dangu anggadêbus |
bilih botên dènsêlani |
ngunjuk wedang dhadhaharan |
têmah kêtulên sayêkti |
Mas Cêbolang latah-latah |
wus samya ngunjuk nyênyamik ||

28.
Mas Cêbolang aris matur |
ulun mirêng srêming-srêming |
bab srandunipun turangga |
ugi wontên kang pinilih |
sami andarbèni watak |
pinêndhêt ingkang prayogi ||

29.
Madiaswa lingira rum |
adhuh mitraku wong sigit |
de tan ana kaliwatan |
dalah sranduning turanggi |
dadak prêlu tinakokna |
lêrês inggih pancèn mawi ||

30.
Kalamun sagêd pikantuk |
punika langkung utami |
mangkya sranduning turangga |
kula pêndhêtakên saking |
dèntawyanjana awit ha |
aksara ba kang mungkasi ||

31.
Ilu ingkang gêtas pingul |
watêg ènthèng lambenèki |
ilat alit gilig watak |
burus lana manahnèki |
untu alit rêntêt rampak |
pucuk mêdal sawêtawis ||

32.
Utawi kang (n)dêngkèng pucuk |
ugi mêdal sawatawis |
manjing dhatêng kabagusan |
tuwin burus manahnèki |
têbih maring nora lana |
irung kang angukêl pakis ||

33.
Manjing kabagusan namung |
idêp rêmpêg jajarnèki |
tuwin ingkang alêlamban |
watak têtêg ing tyasnèki |
uwang kalimis gobogan |
tumrap kabagusan naming ||

34.
Ula-ula ingkang wangun |
amapah-pisang utami |
saha gilig tosanira |
watak sakeca kang nitih |
iga ingkang upih-mayat |
manjing sêmbadaning warni ||

35.
Andhêman kang kiyal kêdhut |
anyangkêrut kanan kering |

punika watêke rosa |
ugêl-ugêl dhapur kadi |
gagang waru watakira |
sakeca tumpakanèki ||

Jilid 2 - Kaca : 112

36.
Tuwin bagus warninipun |
unyêng-unyêngan kang mungging |
ing cêthak unyêngnya ngiwa |
watak burus manahnèki |
ha kapungkur na tan ana |
aksara ca kang winarni ||

119 Pangkur

1.
Coblong ingkang bundêr sarta |
lêbêt lêkok punika amung manjing |
dhatêng kabagusanipun |
caturnya ingkang lancap |
kang ran catu lambe nginggil ingkang pucuk |
kalêbêt ing kabagusan |
myang watak graita lantip ||

2.
Cêthak lêbêt kang lêkokan |
inggih manjing mring kabagusan naming |
cêthik kang inggil puniku |
pandhukulipun apan |
manjing dhatêng sêmbadane ingkang wujud |
calung gêng gèpèng kêncêng pan |
watak rikat plajêngnèki ||

3.
Kang ran calung wit wadidang |
têkèng dhêngkul calung namanirèki |
calakuthikan puniku |
kang lêbêt watakira |
trajang sae miwah ènthèng junjungipun |
ingkang aksara ca têlas |
aksara ka kang gumanti ||

4.
Kuping kang muluh katigas |
myang kapancas mung sabagusing warni |
kuncung kang ngumala mawur |
bantêr kèh manahira |
kêndêl kadi dene ulêripun jêdhung |
watake ènthèng lambenya |
sarta bagus warnanèki ||

5.
Kulit kang tipis anglamat |
saha ingkang kandêl dagingirèki |
watak bantêr manahipun |
kutis mandhukul mayat |
murungakên sêmbadaning wujudipun |
konthol pindha manggis lawan |
ingkang dhapur ngalak ambing ||

6.
Lir kalak ambing wohira |
rosa kuwat watake kang turanggi |
kalèn lêbêt lêkokipun |
sarta kapara panjang |
pan titiga punika wawatakipun |
sapisan inggil junjungnya |
plajêng rikat warni sigit ||

Jilid 2 - Kaca : 113

7.
Kucur kang anguku Bima |
muhung dhatêng kabagusaning wajik |
klêmpung kang bêdhadhag amung |
klêbêt bangsa sambada |
ka wus têlas aksara ta kang tumanduk |
tlapukan kang kandêl apan |
klêbêt kabagusan aming ||

8.
Têpakan kang tipis wrata |
saha ingkang dhapur macucal aking |
watak kumrisik tyasipun |
myang sae warninira |
têpak hyang jèjèr tanpa lèbèr iku |
marang gusi watakira |
ala mamanahirèki ||

9.
Tatiyang ingkang ajajar |
ugi watak tulus manahirèki |
têpak mayat saha agung |
watakipun arosa |
tur sêmbada tuwin bagus warninipun |
tunggarana agêng sarta |
kadi sirah têkèk warni ||

10.
Punika watake rosa |
taracak kang nanjung-capurinèki |
sarta alus sêratipun |
watak rikat plajêngnya |
tuwin bêtah tur sae kang warninipun |
kang aksara ta wus têlas |
aksara sa kang gumanti ||

11.
Suri tipis mawur wrata |
watak bantêr manahira kumrisik |
sirah kang cêlak saha gung |
manjing mring kabagusan |
siyung ingkang basan dawêg agêngipun |
watak burus manahira |
silit kang mapan prayogi ||

12.
Muhung mring sae kang warna |
supit ingkang rapêt watakirèki |
awèt ing karosanipun |
kang ran supit punika |
lêdhokaning tracak sangandhaping kucur |
suku ngajêng kang anjalma |
bagus kawujudanèki ||

13.
Aksara sa sampun têlas |
mangkya gantya aksara wa winarni |
wulu ingkang tipis alus |
saha kang mandhês gilap |
watak bantêr kumrisik warnanya bagus |
wangkong ingkang radi wiyar |
manjing kabagusan aming ||

14.
Wayang kêngkêng tipis apan |
watak rosa myang kabagusan manjing |
wiron ganjil etangipun |
watak burus manahnya |
kang ran wiron punika ingkang (n)jangkêrut |
kiwa têngêning andhêman |
wadhuk kang (m)bêdhadhag manjing ||

15.
Dhumatêng ing kasambadan |
wadidang kang wangun bengkoking arit |
manjing kabagusanipun |
aksara wa wus têlas |
kang aksara pa mangkya ingkang winuwus |
praya (ng)gih punika ulat |
kang anjênggurêng prayogi ||

Jilid 2 - Kaca : 114

16.
Nging kang sarèh sêmunira |
watak lana manahe mitayani |
pacêt gilig alit namung |
manjing bagusing warna |
pathak ingkang waradin myang wiyar amung |
manjing maring kabagusan |
pasunira ingkang kadi ||

17.
Mungkal-gêrang amung marang |
kabagusan pancadan kang mandhikil |
manjing sêmbadaning wujud |
tanapi kabagusan |
pipi ingkang kaduk kandêl dagingipun |
murugkên pantêsing warna |
pundhak ingkang landhung manjing ||

18.
Muhung dhatêng kabagusan |
pupunira ingkang amukang gangsir |
ugi bagus warninipun |
purus kang agêng cêlak |
watak rosa mung bantêr palayunipun |
palintangan ingkang wiyar |
watak panjang umurnèki ||

19.
Pusêr têbih lan purusa |
watakipun bêtah plajêngirèki |
aksara pa sampun atus |
aksara ja winarna |
jêngku ingkang kados cupu warninipun |
manjing dhatêng kabagusan |
jalak ingkang dhapurnèki ||

20.
Lir gigir kintêl punika |
watak rosa juluking inggilnèki |
anglangkungi jalak wau |
manjing sambadèng warna |
jiling ingkang mandhikil kalêbêt bagus |
jompong ingkang agêng panjang |
manjing sambadaning warni ||

21.
Janggut ingkang dhapur jangkang |
manjing dhatêng kabagusaning warni |
janggêl ingkang panjang agung |
myang gèpèng watak rosa |
aksara ja wus têlas ga kang winuwus |
gusi kang wradin wataknya |
aburus manahirèki ||

22.
Gulu ingkang wiyar ngandhap |
nginggil gilig bagus sambadèng warni |
garês kang malira wujud |
watak cukat trajangnya |
tuwin rikat tarampil palajêngipun |
gêcog kang (n)dalêjêr panjang |
apan rosa wataknèki ||

Jilid 2 - Kaca : 115

23.
Galêng kang (ng)galigir rosa |
gandhik ingkang kiyal pan rosa ugi |
ingkang aksara ga sampun |
aksara ba pungkasan |
bangar ingkang wiyar bêtah plajêngipun |
myang bagus bangar punika |
lèngipun irung kêkalih ||

24.
Bungur kang ginrayang kadya |
cucal garing rosa watakirèki |
bobat kang kêngkêng puniku |
manjing dhatêng karosan |
bokong ingkang nyangkok imbaning kang dhapur |
utawi lir cangkok maja |
muhung mring bagusing warni ||

25.
Buntut ingkang mapah-pucang |
watakipun lana manahirèki |
wus tamat sarandunipun |
kapal kang pinilala |
Mas Cêbolang umatur kalangkung nuwun |
mênggah ulêsing turangga |
ingkang kalêbêt utami ||

26.
Myang manggoning prabotira |
Kyai Madiaswa lingira ris |
ulêsing turangga amung |
abrit cêmêng utama |
dene prabot pyambak-pyambak manggènnipun |
mênggah praboting turangga |
kang abrit mangkya winarni ||

27.
Suri ingkang tipis pêra |
wulu pandhês tipis kulitirèki |
kukuncung ngumbala mawur |
buntut ingkang tan kathah |
utawi kang kapara sarang puniku |
tracak nanjung lus sêratnya |
bêbalungipun kang alit ||

28.
Prabotipun kapal krêsna |
kuncung kêmpêl (n)dalojor surinèki |
kandêl (n)dlojor kêmpêl patut |
buntut amapah-pucang |
wulu gropok kandêl kêndho kulitipun |
taracak cèpèr sêmbada |
agêng bêbalunganèki ||

29.
Silih asih ing dandosan |
tuwin ulêsipun ingkang turanggi |
kapal abrit prabotipun |
ingkang dados pêthingan |
gangsal kuncung suri kulit tracak wulu |
mung kakalih kapal krêsna |
buntut lawan balungnèki ||

30.
Mênggah katêranganira |
kapal ingkang pilihan prabotnèki |
kuncung kang ngumbala mawur |
suri kang tipis atap |
wulu pandhês atipis kukulitipun |
buntut dhapur mapah-pucang |
kang agêng babalungnèki ||

31.
Tracak kang alus sêratnya |
dhapur nanjung jangkêp kasapta warni |
mila kapêndhêtkên iku |
silih asih jalaran |
saupami kapal punika anamung |
kadunungan dandosannya |
amaligi kapal abrit ||

Jilid 2 - Kaca : 116

32.
Tamtu tan burus manahnya |
saha bantêr karosan tan (n)darbèni |
bilih kadunungan namung |
dandosan kapal krêsna |
pasthi kirang manah saha sangêt cubluk |
manawi dandosannira |
sagêd jangkêp silih asih ||

33.
Kadi kang kasêbut ngarsa |
ingkang tamtu bagus warnanirèki |
sarta burus manahipun |
ajêg karosanira |
kasêmbadan kabagusaning kang wujud |
ingkang angsal papêthingan |
saking ing kawan prakawis ||

34.
Kang rumiyin saking pada |
kalih raga jangga ingkang kaping tri |
wadana jangkêp ping catur |
bab raosing tumpakan |
kapal ingkang lana myang graita tuhu |
utami utawi rosa |
punika saèstunèki ||

35.
Sakeca tumpakanira |
dhuh mitrèngsun mung kantun saprakawis |
inggih punika bab ukur |
Cêbolang angrêrêpa |
aywa tanggêl nyuwun babarpisanipun |
Madiaswa mêdhar sabda |
yèn badhe ngukur turanggi ||

36.
Kêdah mawi srana tampar |
ukur sanga patrapira winarni |
ingkang dènukur rumuhun |
gêl-ugêl lan suku ngarsa |
ingkang têngên katêpusa gathuk têpung |
lajêng katêkuk-têkuka |
kaping sanga kathahnèki ||

37.
Wusing katêkuk ping sanga |
gya kaukur wit saking tracak ngarsi |
manginggil pangukuripun |
dumuginipun jalak |
lamun langkung prakalihwêlas linangkung |
yèn langkung sapara sanga |
punika kirang prayogi ||

38.
Ukur sambada winarna |
wit ujunging catu lajêng manginggil |
dumugi jojompongipun |
tumuntên kalajêngna |
turun maring sanginggiling surènipun |
sadumuginipun jalak |
lajêng katurunkên maring ||

39.
Ula-ula linajêngna |
dumugi ing pucuking janggêlnèki |
pangukur bilih wus rampung |
gya kasampirkên jalak |
bilih sagêd langkung saking suku ngayun |
kiwa têngên kang prayoga |
sambada bilih nêtêpi ||

Jilid 2 - Kaca : 117

40.
Yèn cupêt awon yêktinya |
kapal jigrang punika dènwastani |
wus tamat sadayanipun |
(m)bakayu-jêngandika |
tiyang èstri dènnya sasaji wus rampung |
lah sumangga sami dhahar |
ngêlih ulun (ng)gêgirisi ||

120 Girisa

1.
Cêbolang matur sumangga |
wus linggar saking pandhapa |
pinarak têngahing wisma |
parigêl Nyi Madiaswa |
angladosi tamunira |
ki wisma ngling (ng)gih punika |
warnane (m)bakyu andika |
sawêg awêwêka tiga ||

2.
Andhêku kang sinung sabda |
norraga aris turira |
(m)bakayu wus lami kula |
têpang lawan raka-(n)dika |
sawêg samangke pinanggya |
kalawan jêngandika |
sampun kirang pangaksama |
mring pun pêkir kawlasarsa ||

3.
Nyi wisma mangsuli sabda |
punapi rinasakêna |
tyang wus ingakên sudara |
lawan raka jêngandika |
adhi sampun mawi taha |
Cêbolang sru panyuwunnya |
wus wawanting kalihira |
gya nadhah langkung mirasa ||

4.
Rahab nutug sawusira |
dumugi gya cinarikan |
wowohan lumadyèng ngarsa |
wawi punika mangsêgan |
andhêku kang sinung sabda |
gya ngambil sasukanira |
Cêbolang ris atêtanya |
mênggah ingkang pangandika ||

5.
Kathah kang dèrèng uninga |
basan driji têngah gêsang |
Angarêm-arêm punika |
Ganda-kasilir myang Buntar |
kaosikkên winantonan |
amêr-amêr kinathahan |
imbal sêrêg rêsik dêgnya |
kacêngèr myang kinothongan ||

6.
Sêrêng myang lumampah dhandhang |
kasanggi kêndhali onclang |
nyangkol kêndhali andhêngar |
makêm kacawuk sasmita |
kacaraki monyar-manyir |
tuwin kang ran palintangan |
kadiparan wardinira |
utawi katêrangannya ||

7.
Madiaswa sung wangsulan |
lêrês punika babasan |
èstu awis ingkang wikan |
manawi botên jinarwan |
piniyagah nora kopram |
bilih tiyang dèrèng atam |
mênggah punika babasan |
makatên ingkang katrangan ||

Jilid 2 - Kaca : 118

8.
Dariji ing têngah gêsang |
angolah-ngalih pan angsal |
Angarêm-arêm punika |
sarana tan katandukan |
pangêrèhe kang turangga |
Ganda-kasilir punika |
cêmêthi sarananira |
pinolahkên ywa tumiba ||

9.
Ngajrih-ajrihi kewala |
lênggah Buntar patrapira |
kapara wingking punika |
kaosikkên kajêngira |
tangsulipun ingkang kêdah |
kaobahakên kalawan |
kêrêp kaoyog kang badan |
kadhêdhêg myang kawantonan ||

10.
Kawantonan wardinira |
dipun camêthi punika |
amêr-amêr panyêpêngnya |
apus kêncêng madyanira |
dipun kathahi têgêsnya |
punika kang kinathahan |
manahe punang turangga |
sarananya ingkang numpak ||

11.
Amêrdêngkên manahira |
utawi anggadhahana |
raos sêtya murih praya |
plajêngipun kang turangga |
imbal lampah grago jarwa |
sêrêg punika bocongnya |
kang numpaki amingsêda |
mangajêng têrusing nala ||

12.
Rêsik andhêgnya punika |
andhêg ingkang grêg kewala |
kacêngèrakên punika |
dipun sêngkakkên têgêsnya |
dipun kothongi kajêngnya |
punika manahing kuda |
binudi kakothongana |
kinêmbanan sarananya ||

13.
Sêrêng punika sirignya |
kapal tingalipun rikat |
nanging rindhik sayêktosnya |
lampah dhandhang punika |
ingkang sukunipun kapal |
ngajêng wingking cuthat-cuthah |
pramilane winastanan |
lumampah dhandhang mangsudnya ||

14.
Andhandhang angarsa-arsa |
pikajêngnya kang anumpak |
yèn sêdya kasirigêna |
inggih lajêng nyirig dhawak |
yèn nêdya kasandêrna |
(ng)gih lajêng nyandêr kewala |
makatên sasaminira |
basane wus nunggal karsa ||

15.
Ngajêng kasanggi punika |
nyêpêng apus kainggilna |
angoncêlangkên kêndhalya |
kêdah kalêpèh sarana |
manthuk-manthuk kang turangga |
nyangkol kêndhali punika |
kacangkolkên ing êbamnya |
cêngèr andhangak jarwanya ||

16.
Makêm punika turangga |
angingkêmi kêndhalinya |
kacawuk yèku kasêndhal |
manginggil payêndhalira |
suka sasmita turangga |
titikipun sasampunnya |
karangkèt mêdal kajêngnya |
gya mandhapan sasaminya ||

Jilid 2 - Kaca : 119

17.
Anyaraki patrapira |
kinocoran lambenira |
klayan toya kang warata |
gya ingusapakên karna |
monyar-manyir lambenira |
inggih tan ajêg punika |
kang winastan palintangan |
punika unyêng-unyêngan ||

18.
Kang nèng ngajênging purusa |
wus tamat sadayanira |
Mas Cêbolang langkung suka |
saha nuwun aturira |
sarèhning sampun dumugya |
kula nuwun palimanan |
wangsul maring pamondhokan |
sami kantuna raharja ||

19.
Nyai wisma nulya mêdal |
umatur ring tamunira |
pun adhi bilih sêmbada |
ngantosana sawatara |
ulun damêl wedang kahwa |
linilapan gêndhis klapa |
punika sampun samapta |
Cêbolang mèsêm lingira ||

20.
(m)Bakyu iki dhasar bisa |
anuju marang driyamba |
saèstu atur kawula |
sabên-sabên mêntas nêdha |
kêdah ngombe wedang kahwa |
bilih tan makatên kêmba |
wedang wus lumadyèng ngarsa |
kumêbul gambuh gandanya ||

121 Gambuh

1.
Sawusira anginum |
wedang kahwa Cêbolang umatur |
sarêng sampun kasiraman wedang kopi |
kang kalimput nulya thukul |
nênggih kang dèrèng kacriyos ||

2.
wontên tiyang amuwus |
lambe kuda wolu warninipun |
(ng)gandhul abot antêp gamoh èntêl gêmi |
ènthèng mrayang jangkêpipun |
kathah kang sami padudon ||

3.
Paranta wijangipun |
Madiaswa gèdhèg lingira rum |
bêbasane si adhi anguras kwali |
dalah kumute tan kantun |
punika pamanggihingong ||

4.
Kang winastan puniku |
lambe (ng)gandhul inggih patrapipun |
lambe ngungsêt mangandhap datanpa kering |
de lambe abot winuwus |
kang (m)badal kêndhali noncong ||

Jilid 2 - Kaca : 120

5.
Sirahnya datan (n)dhingkluk |
nanging gêsang inggih basanipun |
lambe antêp inggih ambadal kêndhali |
sirah botên purun (n)dhingkluk |
nanging cangkêm puguh yêktos ||

6.
Lambe gamoh puniku |
langkung sae pilihan saèstu |
ingkang ènthèng purun nguculkên kêndhali |
de lambe ètêl kang kêdhut |
ananing ènthèng kemawon ||

7.
Tur tinatonan purun |
lambe gêmi punika winuwus |
ingkang tipis gamoh tinatonan kenging |
de lambe ènthèng puniku |
nama myang raos wus jumboh ||

8.
Mrayang pungkasanipun |
lambe ènthèng tadhah datan purun |
de kêndhali inggih kêdah angucali |
kang rujuk lan lambenipun |
(m)botên kenging carub awor ||

9.
Kapal kang lambe (ng)gandhul |
manah kirang landhêp graitèku |
kêdah mawi kêndhali kang lênggang tuwin |
ingkang awrat bobotipun |
wunèn kang mulu sayêktos ||

10.
Sêsêr cêkapan namung |
sarungannya botên mawi brangus |
pangangkahe ing têngah dipunkêmbani |
dènrêrisi lambenipun |
panyêpênge apus pêngkoh ||

11.
Kasanggiya puniku |
saking sakêdhik supadosipun |
badhe sagêd lêga lambening turanggi |
narik lêgane tyas tuhu |
kapal anurut sapakon ||

12.
Kapal wrat lambenipun |
manah kathah kirang graitèku |
lambe awrat puniku tigang prakawis |
sapisan dhasaring tutuk |
kêndhali kang ènthèng condhong ||

13.
Sumadya landhêpipun |
sêsêrira ingkang radi landhung |
bilih awratipun wau saking gusi |
kêndhali kang awrat kêthul |
sêsêr kapara ngalokro ||

14.
Manawi awratipun |
saking ilat kêndhali kang kêthul |
ingkang awrat sêsêr cêkak tumèmpèl ing |
lambe de pêngangkahipun |
têngah tambuh ngajêng tamboh ||

15.
Pinèt salintiripun |
tyasing kapal ywa dèn-grusa-grusu |
wit lambene kapal wus tan pinarsudi |
kantun (m)budi manahipun |
lêga amanut sapakon ||

Jilid 2 - Kaca : 121

16.
Yèn antêp lambenipun |
kêdah ngangge kêndhali puniku |
ingkang awrat lênggang landhêp wunenèki |
raos antêp sababipun |
kirang rosa suku nyleyor ||

17.
Taracak ugi miyur |
saha lambe kirang gamoh iku |
pangangkahnya ing ngajêng kêdah sinanggi |
dènrêrisi lambenipun |
têngah winantonan gupoh ||

18.
Wingking winantu-wantu |
tinèmpèlan ing camêthinipun |
ngirih-irih dènnya miluta mrih kenging |
tyase kuda lêganipun |
dadya miturut sapakon ||

19.
Kang ènthèng lambenipun |
manahira basane sumuruh |
graitane winastan landhêp sayêkti |
lambe manahipun gamuh |
kêndhalinira kang condhong ||

20.
Nèm ènthèng wunèn kêthul |
ing pangangkah kêdah langkung alus |
ngarah-arah arèrèh angirih-irih |
sampun kuciwa ing sêmu |
tyas sumèlèh ngatos-atos ||

21.
Awit kapal puniku |
wus kalêbêt sae manahipun |
bilih lêpat ing pangangkah anjalari |
badhe muyab manahipun |
wurung dandosan sayêktos ||

22.
Kang kirang manahipun |
nanging landhêp graitannya muluk |
lambe kandêl kêndhalinya kêdah milih |
ingkang ènthèng wunèn mulu |
panggakahnya ngatos-atos ||

23.
Dènrêrisi ing nyayun |
de ing têngah dèn sêrêga muhung |
wingking dipun tèmpèli kanang camêthi |
nyarêngi lêganing kayun |
narik mring lambe gumolong ||

24.
Srat katuranggan sampun |
nyêbutakên patrap kang kadyèku |
basanipun katula tinali-tali |
saèstu angèl kalangkung |
ing pamrih sagêda golong ||

25.
Kapal kang kirang kalbu |
sumpêg sêbêl ing graitanipun |
nanging lambe bêbasanipun agêmi |
kêndhali kêdah kang kêthul |
saha ingkang tanpa bobot ||

26.
Mênggah pamanggihipun |
ing panumpak ngajêng dèn-atambuh |
de ing têngah tan kêndhat dipun wantoni |
wingking pinêthil ing têmbung |
tinaliti ingkang prabot ||

Jilid 2 - Kaca : 122

27.
Sêsêr ywa cêkak landhung |
sarungannya ingkang mawi brangus |
adat sagêd lêga manahing turanggi |
narik dhatêng lambenipun |
puniku kang wus kalakon ||

28.
Kapal kèh manahipun |
panggraita kirang dhasar cubluk |
lambe mrayang punika kêndhalinèki |
ingkang awrat saha kêthul |
binalêbêd sinjang amoh ||

29.
Sêsêr tumèmpèl gathuk |
maring lambe de pangangkahipun |
ingkang numpak panyêpênge apusnèki |
tumrape ing lambe amung |
amêr-amêr sarta kukoh ||

30.
Lênggahing badan anrus |
kang sumèlèh myang sarèh tyasipun |
pangangkahing lampah mung salah satunggil |
botên kenging sontan-santun |
yèn dèrèng sae sayêktos ||

31.
Kapal kèh manahipun |
graita kèh lawan manah tumbuk |
nanging kirang landhêp ènthèng lambenèki |
manahipun kirang gamuh |
mênggah kêndhali kang condhong ||

32.
Kang antêp saha kêthul |
pangangkahe panumpak puniku |
(m)botên kenging kawasa-wasa mrih gêlis |
saking sakêdhik mèt kayun |
sarênging sumèh trus batos ||

33.
Bab lambe mung puniku |
inggih adhi sasêrêpan ulun |
Mas Cêbolang (n)dhêku aris aturnèki |
kakang ing pangintên ulun |
(m)bokmanawi wus tan mrojol ||

34.
Saking wowolu wau |
kalilana ulun lajêng mundur |
maring pondhok ki wisma miwah kang èstri |
ngatêr wangsul (n)jawi pintu |
sung puja karahayon ||

35.
Cinarita apan wus |
lami dènnya amarsudèng kawruh |
ing pangrèhing turangga marang ki Madi |
kacathêt sajroning kalbu |
sadaya sampun kagayoh ||

36.
Sawiji dina nuju |
nèng pondhokan Mat Têngara gupuh |
aprasabên kakang kantuna ing panti |
mumpung (m)botên wontên tamu |
ulun sakêdhap yun mlancong ||

37.
Seba ing uwa Juru |
Pujangkara pêrlu nyuwun tuduh |
badhe dêging rancangan griya puniki |
ingkang sae dintênipun |

Mas Cêbolang lingira lon ||

Jilid 2 - Kaca : 123

38.
Yayi bilih panuju |
myang tan wontên ing pakèwêdipun |
kula tumut sowan supadi mêwahi |
antuk kawanuhan luhung |
pra gêng sêpuh ahli raos ||

39.
Ki Amat sukèng kalbu |
kakang langkung prayogi saèstu |
uwa Juru saking ing pangraos mami |
bab etang-etang wus langkung |
mila kinathik sang katong ||

40.
Sanggyaning pra priyantun |
bilih badhe akagungan parlu |
tamtu nyuwun papetangan kang prayogi |
dhumatêng pun uwa Juru |
mrih lêstantun karahayon ||

41.
Cêbolang malih muwus |
wawi adhi kula èstu tumut |
wus umangkat santri papat kang umiring |
nèng ngênu datan winuwus |
kèndêl ing pintu sang anom ||

122 Sinom

1.
Kyai Juru Pujangkara |
bakdane waktu Ngasari |
angidêri têtanêman |
sasêkaran warni-warni |
nèng kiwa têngên panti |
ginula-gula binatur |
sêlane bêbaturan |
ingurug karikil langking |
pagêr luntas pinarak rampak-naracak ||

2.
Wadone lumakyèng wuntat |
sira Nikèn Pujastuti |
lugas tan mawi rasukan |
arimong kurasi kuning |
lading alit cinangking |
parêkan kalih nèng pungkur |
ambêkta panadhahan |
siji (m)bêkta talam alit |
isi gantèn tumumpang anèng sap asta ||

3.
Ki Juru angalap sêkar |
sinungkên marang kang rayi |
tinata nèng panadhahan |
nulya mring kêbonan wingking |
ngundhuhi kacang cipir |
boncis kapri myang katimun |
tanapi gêgudhangan |
wangsul mring plataran malih |
angundhuhi wowohan mawarna-warna ||

4.
Antuk kalih panadhahan |
Ki Juru ngandika aris |
Nikèn sira sadhiyaa |
saanane kang prayogi |
aja anguciwani |
kang patut kanggo susuguh |
kèndêl dènnya ngandika |
Ki Mat Têngara mangarsi |
wusing cêlak Kyai Juru angandika ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (16a) Kaca 92 – 109
  • (17) Kaca 123 – 136 >

Ki-demang.com : Centhini, Dibuat oleh: Ki Demang Sokowaten - About - Privacy