Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang

 (31) Kaca 203 – 206

 

( Bab adus Rêbo-wêkasan Wulan Sapar Sarta
Bab Pasa Sunat )

8. Kyai Sumbaga, lurah juru sungging nêrangakên asalipun ringgit purwa kalêbêt ringgit Kidang Kêncana. Wiwitanipun kaanggit dening Prabu Jayabaya ing Mamênang arupi gambar ing roning tal (rontal). Nalika jaman Dêmak kagubah ringgit Kidang Kêncana. Para wali ugi kaparêng yasa ringgit purwa, ringgit gêdhog, klithik, tuwin topèng. Ing kraton Mataram Prabu Anyakrawati yasa ringgit ingkang tanganipun kapisah-pisah, tuwin yasa ringgit Arjuna wanda 'jimat'. Kanjêng Sultan Anyakrakusuma yasa ringgit Arjuna wanda 'mangu'.


Kaca 195 - 203.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 203

139 Salisir

44.
Wujud buta mata siji |
tangan loro dikêrisi |
siyung mêtu saka lathi |
amandhuwur mung sawiji ||

45.
Anuju angkaning warsa |
sèwu limang atus lawan |
sèkêt loro sinangkalan |
sêmbah gaman buta tunggal ||

46.
Ing samêngko karsa nata |
kang Sinuhun Kangjêng Sultan |
Agung Kyatingrat parabnya |
Prabu Anyakrakusuma ||

47.
Karsa mangun wayang purwa |
prabotè wadon lan priya |
samya tinatah sadaya |
jinait lanyapanira ||

48.
Sarta sangkuk dêdêgira |
kang pancèn mêlèk matanya |
kajait sinungan tandha |
gêdhondhongan namanira ||

49.
Rangkêp-rangkêp ingkang wanda |
ing sawusing paripurna |
Arjunane pinaringan |
aran Kyai Mangu ika ||

50.
Sinungan mêmêt sangkala |
rupa buta rambut rêta |
ingore sumunggèng ngarsa |
nganggo jalu suku dwinya ||

51.
Padhalangan ingaranan |
iku buta parapatan |
wong akèh ngaranni samya |
buta rambut-gêni ika ||

52.
Rampung nuju angka warsi |
sèwu limang atus lawan |
sèkêt têlu sinangkalan |
jalu buta tinata sang ||

53.
Lah mung iku kawruhingwang |
crita witing ana wayang |
kang miyarsa samya girang |
matur pundi turun dhalang ||

54.
Ki Sumbaga astanira |
anudingi lah kae ta |
kang sèndhèn ing saka rawa |
Ki Panjangmas wastanira ||

140 Mijil

1.
Pan sinigêg Sumbaga dènnya ngling |
gantya kacariyos |
ingkang cakêt kalawan linggihe |
lan ki marbot Ki Taha wawangi |
ki marbot jinawil |
sarwi tatanya rum ||

2.
Yayi para èstu dèrèng uning |
lu-èlu kemawon |
awit alit tumêkèng samangke |
dèrèng wontên ingkang anyriyosi |
cariyosing nguni |
waton kitabipun ||

3.
Sabên wulan Sapar amarêngi |
ri Rêbo dhumawoh |
kang pungkasan sapraja arame |
jalu èstri miwah rare alit |
samya siram mawi |
jajimat dènêkum ||

Jilid 2 - Kaca : 204

4.
wontên malih jimat dènkum warih |
wusing siram gupoh |
gya inginum myang pinupukake |
(m)bun-êmbunan maca slawat katri |
sarta remanèki |
pinapal ing pucuk ||

5.
kêtib Taha aris amangsuli |
ing pamyarsaningong |
kasbut Kitab Mujarabah ranne |
caritane auliya adi |
kang wus sinung uning |
gaibing Mahagung ||

6.
Tinartamtu sabên-sabên warsi |
karsane Hyang Manon |
anurunkên sakèh kabilaèn |
awit Rêbo wêkasaning sasi |
Sapar kèhing blai |
triatus nêmpuluh ||

7.
Sabanjure nèng naas lan ari |
naas kang wus maton |
tumrap Jawa banjur nganakake |
Sangar Naas Jatingarang tuwin |
patine kang ari |
Naga-dina tèngsu ||

8.
Taliwangke miwah Sampar-mayit |
sasamine rêko |
pramila yèn para ngulamane |
wusing adus (m)barêsihi dhiri |
myang minum we mawi |
jijimat ingêkum ||

9.
Gya sêmbahyang manulak bilai |
iku kawruhingong |
inggih kakang wus dhangan rayine |
kala adus punapi (ng)gih mawi |
rapal niyatnèki |
anggènnipun adus ||

10.
Bilih mawi rapal kadi pundi |
manawi tan wados |
rak prayogi winêdhar samangke |
kêtib Taha gumuyu mangsuli |
ora woda-wadi |
urute kang adus ||

11.
Ingkang dhihin asusuci wajib |
mênèk anggantung (ng)gon |
de rapale elingku mêngkene |
bismillah hirokhman lan hirakim |
nawetu usali |
dapingil dalau ||

12.
Sunatan lillahi tangalèi |
niyat adus ingong |
ing ri Rêbo wêkasan sasine |
Sapar nulak sakèhing bilai |
wêkasan basuki |
Allahuakbar wus ||

13.
Sabanjure maca ur'ul birit |
nalika adamor |
tasalun baridun wa sarabe |
titi tamat rapale susuci |
sunat Rêbo sasi |
Sapar wêkasipun ||

Jilid 2 - Kaca : 205

14.
Tanya malih rencangira linggih |
babo kakang mêrbot |
siyam sunat (m)bok winêdharake |
bilih sagêd ulun yun nglampahi |
sak-sampuna uning |
dadya tyas tuwajuh ||

15.
Iya adhi kang wus daklakoni |
pasa sunat manggon |
ana dina Sênèn lan Kêmise |
lawan pasa sud myang siwat nami |
siwat têgêsnèki |
tanggal pêtêng nuju ||

16.
Etung têlung dina boya luwih |
awite linakon |
kaping wolulikur utawane |
sangalikur tridasa yèn bèh ji |
pungkasan marêngi |
tanggal pisan iku ||

17.
Sud iya bèl iku nalikaning |
rêmbulan mancorong |
iya amung tri ari pasane |
ping têlulas ping patbêlas kaping |
limalas mungkasi |
kabèh mau manut ||

18.
Ing lampahe Jêngandika Nabi |
Muhammad kinaot |
de yèn jêtus(?) ri Kêmis tanggale |
sasamine kang mangkene yayi |
ing niyatirèki |
sinarêngan iku ||

19.
Lawan sabên Sura amarêngi |
ping sanga mancorong |
Angasura punika aranne |
ping sapuluh Ngasura namèki |
yèn tanggal pisan wit |
utama satuhu ||

20.
Wulan Rêjêb sakuwasanèki |
watone linakon |
lamun kawit tanggal sapisane |
têkan kaping têlung puluh yayi |
kêlangkung utami |
gêganjaranipun ||

21.
Wulan Ruwah awit tanggal kaping |
sapisan linakon |
têkan kaping limalas tanggale |
Nispu-Sakban iku dènaranni |
pat puluh lima ri |
gunggunge rong tèngsu ||

22.
Sasi Sawal puwasa sunati |
awit tanggal pindho |
têkan kaping pitu ing tanggale |
bakda Sawal ping wolu marêngi |
riyaya kapat twin |
sangkêp ulamipun ||

23.
Bêsar kaping wolu tar wiyati |
ping sanga Ngarpah (n)don |
ping sapuluh dhahar ing bakdane |
dadi amung pasa kalih ari |
utamanirèki |
sapisan witipun ||

24.
Amung iku pasunatan yayi |
kang uwis kalakon |
ora susah nganggo rapal-rèpèl |
mung niyatna ing sajroning ati |
tan susah kawijil |
dene awitipun ||

Jilid 2 - Kaca : 206

25.
Pasang niyat nalika malêming |
pasa yun linakon |
nganggo saur pan winênangake |
supayane kuwat ingkang dhiri |
badan kudu suci |
kaya pasa agung ||

26.
Lamun sira yayi anglampahi |
sêmbahyang binatos |
sinarêngan takbir-tul-ekrame |
utawaning sarêng nalikaning |
wuluki Mahribi |
masuh rainipun ||

27.
Poma ayun pasa ari Kêmis |
ing sajroning batos |
niyatingsun pasa ri Kêmise |
sunat anut lampahe (n)Jêng Nabi |
karana Allahi |
dene lamun tumbuk ||

28.
Rêjêb kaping sapisan ri Kêmis |
niyat pasa ingong |
ari Kêmis siwat lan Rêjêbe |
sunat anut lampahe (n)Jêng Nabi |
karana Allahi |
sapiturutipun ||

29.
Lamun sira sami anglampahi |
gêganjaran Manon |
sinung èngêt slamêt salawase |
kang miyarsa sêdya yun nglampahi |
anggambuh tyasnèki |
sigêg kang winuwus ||

141 Gambuh

1.
Ki Sopana winuwus |
abdidalêm jajar-carik macung |
rencangira jajagongan tanya aris |
uwa manawi pinuju |
kaparêng aparing tudoh ||

2.
Têmbung myang sastranipun |
kang rumiyin pribadi puniku |
atumitah wontên ing madyapadèki |
kang tinanya kagyat muwus |
(ng)gonmu takon karya gawok ||

3.
Lagi iki sajêgku |
ana bocah takon kang kadyèku |
grathul-grathul aku iya asung uning |
bênêr lan lupute êmbuh |
kakèkmu suwargi omong ||

4.
Ana pandhita putus |
saka Ngatasangin aslinipun |
acarita mungguh têmbung lan sastrèki |
kang tuwa dhewe rannipun |
têmbung Ibrani sayêktos ||

5.
Yèku ta basanipun |
bangsa Israil nagara agung |
pamacane sastra iku saka kering |
manêngên sabanjuripun |
dhapur sastra winiraos ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (30) Kaca 195 – 203
  • (32) Kaca 206 – 215 >