Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (32) Kaca 206 – 215

 

( Bab Aksara ingkang Sêpuh Piyambak - Aksara Ibrani )

10. Ki Sopana, abdidalêm jajar carik suka katrangan bab aksara ingkang sêpuh piyambak i.p. aksara Ibrani yasanipun bangsa Israil, mèmpêr aksara Hindhu, maosipun saking kiwa manêngên, kaangge ing nalika jamanipun Nabi Ibrahim tuwin Raja Namrut. Ugi nyariyosakên nalika Raja Namrut tansah botên pitados dhatêng pitêdahipun Nabi Musa bab wontênipun Gusti Allah, malah nantang badhe nyedani Gusti Allah, lajêng mabur kabêkta pêksi/garudhanipun dhatêng ing awang-awang, wasana kabrastha dening panguwaosing Allah. Raja Namrut sawadyabalanipun lêbur dening lindhu prahara. Sarêng sami waluya, satunggal lan sanèsipun sami botên mangêrtos basanipun.


Kaca 206 - 215.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 207

141 Gambuh

6.
Sairib sastra Indhu |
lan sairib lir sastra Arabu |
kang anggone duk jamane Kangjêng Nabi |
Ibrahim Kalillulahi |
mupakat sakèhing uwong ||

7.
Banjur kinarya iku |
anulisi kitab-kitabipun |
para Nabi Kalipahira Hyang Widdhi |
jaman ing sadurungipun |
(n)Jêng Nabi Muhammad miyos ||

8.
Ananging samonèku |
kacarita kala jamanipun |
Kangjêng Nabi Ibrahim Kalilulahi |
ana ratu gêng pinunjul |
binathara para katong ||

9.
Kyatingrat Raja Namrut |
iya Prabu Jabar kang jujuluk |
ajumênêng anèng nagara ing Babil |
isining jagad kacakup |
dumadya ngaku Hyang Manon ||

10.
Kya ajar patih Namrut |
ingkang nama Kalillur-rahmanu |
kyai patih datan maèlu mring siwi |
angugêmi ratunipun |
kèlu kumprung pêngung bakoh ||

11.
Enggale caritèku |
timbalane Allah Kang Mahagung |
maring Kangjêng Nabi pinaringan kanthi |
putra kaponakanipun |
ran Nabi Lud samya kinon ||

12.
Ngeslamakên sang Namrut |
ywa kabanjur-banjur dènnya lacut |
ngaku Allah nanging datan dènpraduli |
saya (n)dadra andêlarung |
dilalah èngête adoh ||

13.
(n)Jêng Nabi sakalangkung |
dènnya matur maring ramanipun |
kinèn Eslam anut ing agami sukci |
(n)Jêng Nabi malah tinundhung |
saka ing Kosniya bodhol ||

14.
Nabi Lud datan kantun |
lawan wadya pra mukmin sadarum |
ibu Nabi Siti Naonan miyarsi |
gya nusul lampahing sunu |
nèng wana Basangi andhok ||

15.
Jajahan Ngêsam iku |
bakda salat dutane Hyang Agung |
Jabarail ngêmban dhawuhing Hyang Widdhi |
(n)Jêng Nabi kènèn dhêdnukuh |
têmbe kalamun wus dados ||

16.
Kaaranana iku |
dhukuh Betalmukadas satuhu |
bumi ingkang sinucèkakên Hyang Widdhi |
sawuse atampi dhawuh |
linampahan nulya dados ||

Jilid 2 - Kaca : 208

17.
Dhukuh arja kalangkung |
wadya Eslam sabên ari rawuh |
rawuh malih dutaning Hyang Jabarail |
kinèn maringakên iku |
musakap kèhe sapuloh ||

18.
Kalawan kinèn gupuh |
nutugakên nyêlamken Sri Babul |
saungkure dutaning Hyang kang paring sih |
winratakkên pra wargèku |
sukèng tyas sukuring Manon ||

19.
Musakap sapuluh wus |
winulangkên mring umat sadarum |
myang sahadat pungkasanya nêbut Nabi |
Ibrahim Kalilulahu |
sadaya mituhwèng dhawoh ||

20.
Tan lami budhal sampun |
marang Babil akanthi Nabi Lud |
bêkta wadya mukmin amung sawatawis |
wus prapta têpi prajagung |
nulya akarya pakawon ||

21.
(n)Jêng Nabi tandya laju |
maring praja kapanggih Sri Namrut |
sinartanan sadhawuhe Mahasuci |
Namrut kinèn amiturut |
nanging mêksa puguh wangkot ||

22.
Malah sang Raja Namrut |
yun ngayoni marang ing Hyang Agung |
Kangjêng Nabi sangêt dènnya amaripih |
Namrut mampang mêksa mungsuh |
Nabi kinèn amakuwon ||

23.
Jêng Nabi wusnya mundur |
Sri Narendra andhawuhi gupuh |
mring Kya Patih Ajar kinèn ngudiya glis |
catur pêksi garudha gung |
wusnyantuk katur sang katong ||

24.
Piniyara mrih tutut |
gya akarya bale gêdhong agung |
rakitira kadya wêsi wusing dadi |
kanan kering amung sinung |
candhela rinuji bakoh ||

25.
Pintuning ngandhap luhur |
myang sinungan bêsat nginggilipun |
wawalêsan ngungkuli sirahing pêksi |
yèn binalik nèng sor suku |
paripurna kang pirantos ||

26.
Kinèn ambêkta gupuh |
mring malige anyar kang dumunung |
(n)jaban praja agêng luhure nglangkungi |
winatara pitung gunung |
myang catur kagendra katong ||

Jilid 2 - Kaca : 209

27.
Sapraptanirèng pucuk |
pêksi catur suku samya sinung |
kolong wêsi bakal ênggoning atali |
bale rinut suku wolu |
kadi tandhu geyong-geyong ||

28.
Sri Jabar sukèng kalbu |
nguwuh-uwuh susumbar kumruwuk |
lah ing êndi Pangerane Si Ibrahim |
têka ora nana munggut |
lah ngatona payo pupoh ||

29.
Lah êndi wadyanipun |
ingkang aran malekat-malekut |
têka nora nana katingal sawiji |
boya padha wêdi mringsun |
Namrut tan kêndhat ngacêmong ||

30.
Sarwi bujana nginum |
Kangjêng Nabi Kalilarahmanru |
myang Nabi Lud tanapi pra wadya mukmin |
minggah mring malige luhur |
wus panggih lawan sang katong ||

31.
Latah-latah ngling Namrut |
sida bebas kratone Gustimu |
nora wurung ingsunganggar sunlurugi |
dimèn mijil banjur campuh |
aprang tandhing lawan ingong ||

32.
(n)Jêng Nabi sakalangkung |
dènnya asung pemut marang Namrut |
malah bêndu gya prentah mring wadyanèki |
kinèn samêktaa gupuh |
sangu myang gêgaman gupoh ||

33.
Walêsan catur uwus |
pucak sinung daging unta ngumbruk |
Namrut ngling èh êntènana Ibrahim |
(ng)gonku nglunas Pangeranmu |
Sri Namrut lan para katong ||

34.
Pipiliyan kang uwus |
mambêg wantêr kasudiranipun |
lawan rêsi sewasugata pinilih |
kang wus limpad agal alus |
kya patih manggalèng pupoh ||

35.
Sadaya wus umangsuk |
pangruktinya piranti wus rampung |
gya ginêtak kagyat mamprung ingkang paksi |
myang daging nèng luhuripun |
nanging datan bangkit nothol ||

36.
Kagendra drêng yun ucul |
saya (n)dêdêl tan na kêmbanipun |
duk lampahan sasiyang lawan saratri |
parentah mring juru pintu |
kinèn ngêngakakên gupoh ||

37.
Lawang bale kang luhur |
wusing mênga jru pandumanipun |
dhinawuhan aningalana kang langit |
matur maksih nyamut-nyamut |
tan ewah lir duk nèng ngisor ||

Jilid 2 - Kaca : 210

38.
Lawang bale ngandhap wus |
binuka myat bantala katlisut |
prentah malih surak nabuh gubar bèri |
kagyat kang kagendra catur |
sumêngka (n)dêdêl tan kegoh ||

39.
Parentah malih Namrut |
anon langit tan na ewahipun |
anon bumi wus tan ana antarèki |
sinêngkakkên malih mamprung |
punang langit maksih katon ||

40.
Kadi nèng ngandhap wau |
bumi katon pêtêng kadi dalu |
nulya ana swara ingkang kapiyarsi |
saking wiyat jurudêmung |
kang darbe swara tan katon ||

142 Jurudêmung

1.
Èh ratuning lacut sira |
marang ing ngêndi karêpmu |
dupara kalangkung-langkung |
sira arsa mring ngakasa |
kaliwat lacutirèku |
yata Sri Namrut miyarsa |
miwah para wadyanipun ||

2.
Samya gugup anggaligap |
anyandhak gagamanipun |
dan ngati-ati sadarum |
boya iki ingkang prapta |
ripu dibyaning ngaluhur |
yata ana malih swara |
èh-èh Namrut kapir lacut ||

3.
Namrut ngatag prawiranya |
nglêpaskên panah mandhuwur |
angawut pamanahipun |
ana ngêmpakkên istrijat |
wêtuning jêmparing (m)brubul |
wangsule saking gêndhewa |
lir garimis tibanipun ||

4.
Sri Jabar pribadi sigra |
nglêpaskên jêmparingipun |
sarwi susumbar têkabur |
èh êndi Pangeranira |
tandhinga kalawan ingsun |
lah êndi rupane uga |
prajurit wêtokna gupuh ||

5.
Jabrail tampi parentah |
angambil mina ing laut |
inguncalkên mandhuwur |
luhure panah Sri Jabar |
wangsuling mina mring laut |
cumalorot kawistara |
jêmparing nata cumundhuk ||

6.
Têrus badaning kang mina |
ludiranira sumêmbur |
jêmparing gêgubras marus |
Jabrail anyandhak mina |
winangsulakên mring laut |
panah dhinawahkên marang |
ngarsane sang raja Namrut ||

Jilid 2 - Kaca : 211

7.
Jêmparing tiba cinandhak |
ngêntrog wêntis suka (ng)guguk |
latah-latah asru muwus |
Pangerane si Ibrahim |
kacundhuk jêmparingingsun |
èh ta bocah aja kêndhat |
(ng)gonmu (n)jêmparing mandhuwur ||

8.
Mangkya karsèngong kalakyan |
angobrak-abrik anggêmpur |
prajèng karaton ngaluhur |
ri sang Jabarail sigra |
ngambil pêksi sabèng luhur |
kinênakakên ing panah |
wangsule katutan marus ||

9.
Lawan daginge kang kaga |
lir grimis tibaning marus |
dhawah pêlataranipun |
bale kandhaga marayan |
Namrut cikrak-cikrak muwus |
lah bocah padha wisana |
(ng)gonmu nglêpasi mring luhur ||

10.
Iku wis têtêp patinya |
Ibrahim Pangeranipun |
kataman ing panahingsun |
lah iki dêlêngên padha |
olèh daging panahingsun |
sarta gugubras ludira |
lir garimis rah sumêmbur ||

11.
Pasthi karatone rusak |
wadyane wus lêbur luluh |
Namrut sawadyanipun |
sukèng tyas marwata suta |
angalêmbana macucu |
tan wruh mangkonèku gêlar |
budi kalap kumprung pêngung ||

12.
Sri Jabar parentah sigra |
wawalêsan dhuwur manuk |
winalik babêsatipun |
anèng ngandhaping kaga |
kagendra sakawan (n)dulu |
daging mangsan anèng ngandhap |
mangka sru kaluwèn catur ||

13.
Tumungkul myat ing mamangsan |
sinarêngan surak umyung |
gong bèri kêndhang tinabuh |
kagyat kagendra lumarab |
kadya babandhêm tumurun |
saking kagyat lan yun mangsa |
katarik luwe kalangkung ||

14.
Mèh praptèng ngandhap gya prentah |
bêsat isi daging mau |
kinèn (n)jêngatkên mandhuwur |
kapapaga sirah kaga |
dadya ngampar ibêripun |
supadi yèn prapta ngandhap |
aywa kantêb tibanipun ||

15.
Winantu ing gara-gara |
arga-arga manggut-manggut |
kalamun bisaa muwus |
bayèku ayun (ng)gêmpur mringwang |
Malekat catur tumurun |
arsa ngawut-awut arga |
pinapusus lir kapuk ||

Jilid 2 - Kaca : 212

16.
Kaga wus anjog pratala |
gumêbruk lir arga jugrug |
têbih saking maligya gung |
bêsat walêsan saksana |
pinarêkakên kacucuk |
daging wus samya dènmangsa |
winuwuhan ngantya tuwuk ||

17.
Pemute kang halul kojah |
pitung dina pitung dalu |
Namrut dènnya anèng luhur |
kaga wus rinante samya |
pra wadya sanagri mêthuk |
sri naranata tumêdhak |
saking bale-pêthi agung ||

18.
(n)Jujug malige ing pucak |
(n)Jêng Nabi Brahim Nabi Lud |
maksih ngantya sampun tundhuk |
Namrut suka angandika |
ing samêngko Pangeranmu |
wus jidêng dening hruningwang |
jaja butul êrah mêmbur ||

19.
Tandhaning baline panah |
kuthah rah daging katut |
lah ta iki warnanipun |
cihnane daging lawan rah |
apadene kalanipun |
prawira nglêpasi panah |
garimis rah drês kalangkung ||

20.
Pangeranmu apês nistha |
dalah malaekatipun |
Kangjêng Nabi lingira rum |
èh Namrut ngajab naraka |
têka mangkono anggêpmu |
lumuh marang rèh raharja |
ngorakkên dhawuh Mahagung ||

21.
Nacak kudu nasar (m)blasar |
mor gandarwa ilu-ilu |
lumuh têmên kinarya yu |
ingkang jamak nuli tobat |
darbe pangrasa sihing Hu |
(n)Jêng Nabi akathah-kathah |
dènnya sung pemut mring Namrut ||

22.
Tinantang dadining aprang |
Jabar nglênggêr tan amuwus |
èstu ajrih jroning kalbu |
èngêt ing kasêktènira |
Kangjêng Nabi duk ing dangu |
angas lahire kewala |
sinasab sinamun-samun ||

23.
Mengo ngiwa tan kaduga |
baya ta wus takdiripun |
yata (n)Jêng Nabi gya kundur |
ingiring sawadyanira |
kang kantun agunêm rêmbug |
sirnaning Kalilurahman |
ana pandhita kang matur ||

24.
Rèhing uni wus kawuryan |
(n)Jêng Nabi kadibyanipun |
luhung sampun pinaèlu |
ujêr wus ambawarasa |
sarkara lan manisipun |
tan kenging kinayangapa |
tuhu dining kanang punjul ||

25.
Aturira tètèh tatas |
sang nata kalangkung bêndu |
mijilkên istijrat luhung |
tutuk lawan kalih asta |
mêdal dahana kumukus |
kantar-kantar mring ngawiyat |
tan dangu dahana wangsul ||

Jilid 2 - Kaca : 213

26.
Kang miyat kalangkung hebat |
tobat sujud nata kêbut |
saking malige nata ngadhatun |
mêsu anunungku puja |
antuk sasmitaning kalbu |
enjing miyos sinewaka |
Patih Ajar myang wadyagung ||

27.
Pêpak andhèr ngarsèng nata |
mring Patih Jabar gya dhawuh |
dènnya yun numpês kang sunu |
myang wayah sawadyanira |
sinaranan têmbung alus |
kinarsakakên bujana |
nèng pucaking maligya gung ||

28.
Pra wadya mangayubagya |
yun linakyan sesuk-esuk |
samêkta prayitnèng kewuh |
nahan (n)Jêng Nabi praptanya |
ing pakuwon prentah gupuh |
ngalih anyakêti praja |
cakêt dalêmnya rumuhun ||

29.
Ngara-ara Kaosniya |
wus tata pakuwonipun |
utusanira Hyang Agung |
Jabarail angsung salam |
mring Nabi Brahim Nabi Lud |
kang arsa aparing wikan |
a(ng)gunêm Sri Namrut kupur ||

30.
Wus tinutur sadayanya |
lan malih karsèng Hyang Agung |
malige arsa ginêmpur |
Jabarail sampun musna |
(n)Jêng Nabi sawadyanipun |
(n)Donga ing karaharjan |
tur iku wus sinung wêruh ||

31.
Malêming têmpuking karya |
karsaning Hyang dènyarsa sung |
bilai mring kapir kupur |
sanggyaning kang pra Malekat |
ingkang wus angêmban dhawuh |
kinèn awit nglêkasana |
mangkana saksana rawuh ||

32.
Lindhu prakêmpa goranya |
mung dumunung maligya gung |
sangêt gonjing mayug-mayug |
rêngat adon-adonira |
lir kiyamat isthanipun |
bayu mulêg mawalikan |
sinarêngan angin lesus ||

33.
Ponang angin saking ngandhap |
tan antara jêbolipun |
malige pêplês mandhuwur |
tan ana kari samêndhang |
swara gora tri jumêgur |
lir giri sasra nèng wiyat |
sirahe malige gupuh ||

34.
Pinukul angin prakêmpa |
saking nguntara mangidul |
sirah gêmpal tibèng laut |
jumêgur wening samodra |
mina sining laut kidul |
akèh pêjah kabarasat |
katiban murdaning panggung ||

Jilid 2 - Kaca : 214

35.
Pungkuring Namrut kacrita |
sirahe malige mau |
mumulo amba kadulu |
dene awake maligya |
andêdêl binêktèng lesus |
nulya sigar amarapal |
ngetan ngulon ngalor ngidul ||

36.
Katulak wangsul sadaya |
têmpuk wor nèng têngah rêmuk |
lir binêbêg mawur sumyur |
agênging punang rêmukan |
saêndhog ayam tan langkung |
anèng saluhuring praja |
Babil kawratan sadarum ||

37.
Maksih (n)dêdêl mring ngakasa |
marmanya tan bisa runtuh |
awit sinangga ing bayu |
lir mêndhung (n)dhêdhêt limêngan |
karsaning Hyang dènnira sung |
bilai mring lacut kopar |
puniku kinarya pemut ||

38.
Supaya padha elinga |
wruha kodrating Hyang Agung |
tan antara sirêpipun |
bayu bajra saking ngandhap |
gya gantya kang bayu lesus |
saking luhuring ngakasa |
kadi jêmparing tumurun ||

39.
Tumêmpuhira mangandhap |
gumarubug sru sumiyut |
rêmukan malige wangsul |
lir sanjata Narawantah |
sud kadi mimis sumawur |
lingsir dalu wayahira |
wong kapir pra samya turu ||

40.
(n)Dhêdhêp kadi sinirêpan |
tibane rêmukan iku |
tan srênti barêng tumanduk |
nibani wismaning kopar |
kêpyak swaranya gumuntur |
wismaning kapir kawratan |
myang jro pura kinarutug ||

41.
Pan namung pakuwonira |
(n)Jêng Nabi saumatipun |
rinêksa dera Hyang Agung |
siji tan ana katiban |
samya ngeca-eca turu |
wau wismane si kopar |
payon rêmak rêmpu rêmuk ||

42.
Kang ana sajroning pura |
asru kagyat (n)jumbul kagum |
tan ana kuwasa muwus |
kapilêngêng ing suwara |
wong kupur klêngêr sadarum |
datan ana kaliwatan |
agêng alit èstri jalu ||

43.
Miwah Sri Bathara Jabar |
tan pae lan wadyanipun |
kagyat kantunya kalangkung |
tambuh sangkaning babaya |
samya (ng)galigap agugup |
kaluyuran niba-niba |
lir wong wuru dènnya kantu ||

Jilid 2 - Kaca : 215

44.
Wênèh ingkang kapalêsat |
saking ênggonnira turu |
miwah rêsi juru tênung |
ing nagri myang mancapraja |
pra samya kapilêng kantu |
dangu-dangu duk samana |
wong kapir sinungan emut ||

45.
Kajêngkang karangkang-rangkang |
gêrêng-gêrêng ngrintih-ngruntuh |
tan ana cêtha calathu |
pinêksa-pêksa tan bisa |
mung (m)bêkuh pating karêkuh |
pinêksa apadêdêngan |
galêrêg sêrêt ngêduwul ||

46.
Tambuh-tambuih solahira |
ing praptane siyangipun |
mulat wisma payon gêmpur |
lêngêr-lêngêr ngungun mlêngak |
takon-tinakon tan pêcus |
ting palinguk paringisan |
amacucu muncu-muncu ||

47.
Kadya mina kênèng saya |
tan dinawa solahipun |
danguning susah sang Namrut |
sawêwêngkonnya sadaya |
tigang siyang tigang dalu |
dènnya tan kuwawa ngucap |
sadaya kadi wong bisu ||

48.
Wusing tri ratri tri siyang |
sadaya bisa calathu |
nanging karsaning Hyang Agung |
nyalini lagu babasan |
Sri Namrut sabalanipun |
pangucape panthan-panthan |
dhewe-dhewe basanipun ||

49.
Ing sagolong-golongannya |
ratu pitungpuluh têlu |
sewang-sewang tanahipun |
sabên narendra sajuga |
sapraja wêwêngkonipun |
sinungan basa piyambak |
atanapi sastranipun ||

50.
Dadya basa miwah sastra |
warna pitungpuluh têlu |
amung ingkang tan winêngku |
iya ing Babil nagara |
lêstantun kadi rumuhun |
lah ta iku caritanya |
walahu-alam ing pungkur ||

143 Pangkur

1.
Nahan gantya kang winarna |
Mas Cêbolang lawan santri Nurwitri |
tumut ngladosi nèng ngayun |
tyas sênêng suka rêna |
amirêngkên kang samya anggêlar kawruh |
tan ana kang salawana |
maton tanduke mrakati ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (31) Kaca 203 – 206
  • (33a) Kaca 216 – 226 >