Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (33b) Kaca 227 – 236

 

( Pêngantèn Kajagi Dening Para Tamu Wanita )

VI. Pêngantèn kajagi dening para tamu wanita.

1. Pangantèn ingkang sampun paripurna upacaranipun lumêbêt ing paprêman, kajagi dening para tamu wanita ingkang sami rêrêmbagan sarta mêdhar dêdongengan bab kasêtyanipun wanita dhatêng bojonipun. Nyai Atikah, ngulama wanita nyariyosakên lêlampahanipun Nyi Kasanah ingkang sakalangkung sêtya dhatêng bojonipun ingkang wasta Suhul. Nalika bojonipun kesah dagang, Kasanah katitipakên adhinipun nanging badhe kacidra-asmara, botên purun, lajêng kapitênah ngantos kaukum. Badanipun kapêndhêm sapalih, kabênturan ing sela. Kakintên sampun pêjah, lajêng kabucal dhatêng kuburan. Angsal pitulunganipun tiyang dagang, lajêng kadadosakên rencang. Badhe kapêndhêt semah botên purun, wasana kapasrahan momong anakipun. Kapitênah dening sami rencang jalaran botên purun kacidra-asmara, lajêng katundhung kanthi pasangon arta.

Ing margi mitulungi tiyang ingkang kaukum jalaran slingkuh, nanging tiyang wau malah badhe rêmên lan wêkasanipun mitênah. Kasanah kasade dhatêng tiyang dagang lêlayaran, kabêkta dhatêng sanès nagari. Ing kapal Kasanah badhe karodapaksa, nanging tansah wurung awit saking pitulunging Allah. Lumêbêt nagari sanès, lajêng santun pangangge jalêr wêkasan kaangkat dados raja Alim sarta sagêd njampèni sawarnining sêsakit. Para ingkang mitênah sami nyuwun pitulungan. Ugi kapitulungan, nanging kêdah nyariyosakên sababipun sakit.

Ki Suhul nyuwunakên jampi adhinipun, sagêd saras. Sang prabu ingkang èstunipun Nyi Kasanah wau pamit sholat, wasana ing salêbêting pasalatan kapanggih sampun seda.


Kaca 216 - 236.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 227

146 Kinanthi

1.
Mangkana sira ki Bagus |
Kasanah sinungan panti |
tur pinanci pangannira |
mring (n)Jêng Sultan Malebari |
Kasanah lêrêm ing driya |
tutug dènnya olah bêkti ||

2.
Wus tatane nagarèku |
padha ulah pangabêkti |
punapa dene sang nata |
ngibadahe angluwihi |
sagung wadya balanira |
tur asih ing pêkir miskin ||

3.
Yèn ri Jumuwah sang prabu |
akutbah kadhang ngimami |
sang nata sampun uninga |
yèn Kasanah luwih ngabid |
tur lintir budi wicara |
barang prakara pratitis ||

4.
Myang budinira rahayu |
milane mangke kinardi |
carik kapala bicara |
lawas-lawas munggah patih |
saking salamêting manah |
bênêr adile martasih ||

5.
Sring dadya wakiling prabu |
sawusira munggah patih |
amaca kutbah Jumuwah |
tatkala myarsa sang aji |
bêcik mikraj jarwa wacan |
myang kir'ate gya tinitik ||

6.
Agêdhe ngibadahipun |
takwa ing Hyang Mahasuci |
barang pakewuhing praja |
alang ujuring prakawis |
tan lyan papatih Kasanah |
kang tinari sri bupati ||

7.
Sang nata dhasar wus sêpuh |
mangkana ing lami-lami |
sangêt dènnya nandhang gêrah |
para wajiring nagari |
sadaya marêg sang nata |
ngatas karsaning sang aji ||

8.
Angandika sang aprabu |
tan na ingsun pitayani |
kabèh para putraningwang |
ingsun wêdi ing Hyang Widdhi |
yèn miliha putraningwang |
yèn kiranira tan adil ||

9.
Kang dadi pitayaningsun |
angrèh nagri Malebari |
(m)besuk ing sapungkuringwang |
amung si Kasanah Patih |
iku ta ingsun pitaya |
gumantiya jênêngmami ||

Jilid 2 - Kaca : 228

10.
Karana iku wus putus |
barang babing dalil kadis |
ngabid dhasar bèr budiman |
wiweka ingêring nagri |
cakêp sabarang dènucap |
atas ing tata atiti ||

11.
Iku kang mangka panuntun |
marang anak-putumami |
ing panggawe kang utama |
angluluri Ratu Bangil |
ingsun pracaya ing Suksma |
jumênênge anakmami ||

12.
Sêdhêng iku sarwa putus |
barang rèh wong dadi aji |
sawuse Raja Kasanah |
anakingsun ingkang dadi |
ya ratu-ratu kang mulya |
tulat Kasanah narpati ||

13.
Karana aja na masgul |
iya ing sapungkurmami |
payo sira timbalana |
si Patih Kasanah aglis |
sapraptanirèng ngajêngan |
sang nata ngandika aris ||

14.
Èh Kasanah jênêngingsun |
kaya mèh prapta ing janji |
sapa wruha kukumolah |
sira sunpasrahi nagri |
dadiya gêgêntiningwang |
angrèh para wajir-wajir ||

15.
Patih Kasanah umatur |
ya tuwan sri narapati |
pundi parentah kang mulya |
sukur alkamdulillahi |
punika saèstu tuwan |
apan kamulyan ing wingking ||

16.
Anulya bubaran mêtu |
para wajir-wajir ngiring |
marang Kya Patih Kasanah |
praptèng wismanira sami |
apatih manggung munajat |
ing Widdhi datan alali ||

17.
Antara sang nata surut |
mulih mring rakhmatullahi |
para wajir samya marak |
mring Patih Kasanah aglis |
ingiring masuk mring pura |
wus jumênêng narapati ||

18.
Ing Malebari jujuluk |
Ngapiyah Sultan Salikin |
mustajab pandonganira |
ing Suksma sabên miyosi |
salat Jumuwah atarab |
pêkir miskin nèng surambi ||

19.
Ngadhang wiyose sang prabu |
myang kang samya nandhang sakit |
aglar anèng palataran |
yèn sampun bakda sang aji |
nêmoni wadya kang lara |
miwah ingkang para miskin ||

Jilid 2 - Kaca : 229

20.
Sadaya sami anuwun |
sawab bêrkate sang aji |
nuli (n)dêdonga mring Suksma |
waluyaning sagung dasih |
mustajab sadaya waras |
barang ingkang nandhang sakit ||

21.
Miwah ingkang sakit kalbu |
luwar saking singkêl sêdhih |
kang mêlarat kacukupan |
saking murahe sang aji |
tan ana wong duka cipta |
gêng alit suka ing ati ||

22.
Sabên Jumuwah sang prabu |
miyos salat maring masjid |
anggaganjar wong kasiyan |
pêkir miskin para langip |
mangkana ing lama-lama |
mashur ing liyan nagari ||

23.
Mangkana ingkang winuwus |
prapta adiling Hyang Widdhi |
kang padha gawe kiyanat |
marang (m)bok Kasanah dhingin |
sadaya anandhang lara |
nora jamak-jamak jalmi ||

24.
Ana dene lakinipun |
Ki Suhul pan lagi prapti |
dènnira lunga adagang |
wus lawas onênging ati |
kusung-kusung (n)jujug wisma |
wismane kapanggih sêpi ||

25.
Mung sadulure alungguh |
dhewe tur anandhang sakit |
banjur mring paturonira |
rabine nora kapanggih |
atakon mring arinira |
kakangira ana ngêndi ||

26.
Lan kêna ngapa sirèku |
mêrêm netranira kalih |
cikêr karo tanganira |
kêna ngapa iku yayi |
saure asmu karuna |
wus takdire awakmami ||

27.
Dhuh kakang saduluringsun |
aja atakon ing rabi |
si kakang uga wong ala |
wus mati kukuming adil |
ajina marang wong lanang |
Ki Suhul (n)jêngêr tan angling ||

28.
Tan wruh tibane kang êluh |
asêrêt dènnira angling |
ing êndi (ng)gonne amêtak |
jisime kakangirèki |
Ki Kasut sumaur sugal |
sampun pinangan ing anjing ||

29.
Kalangkung bunêking kalbu |
Ki Suhul mèh tanpa budi |
tinilar ing rabinira |
arine anandhang sakit |
tan jamak-jamak manungsa |
Ki Suhul amuwus aris ||

30.
Yayi tambakna laramu |
ingsun ingkang ambeyani |
nadyan têka pira-pira |
artaku yèn sira mari |
arewang sun rêrêmbugan |
aja wèt nandhang prihatin ||

Jilid 2 - Kaca : 230

31.
Nulya angundang dhêdhukun |
têtamba awarni-warni |
tan ana kang marasêna |
yata na dhukun sawiji |
mring Ki Suhul awawarta |
sadulur (n)dika pribadi ||

32.
Olèha satus dhudhukun |
nora waras ing jajampi |
luwung (n)dika gawa seba |
mring sultan ing Malebari |
dongane langkung mustajab |
sultan anyar Malebari ||

33.
Duk arsa kesah Ki Suhul |
marêk ing sri narapati |
wong papat padha miyarsa |
dhingin padha dadi saksi |
anandhang lara cintraka |
tan waras dening jajampi ||

34.
Kapat pisan samya nunut |
seba marang Malebari |
sarêng mangkat anèng marga |
mondhok wismaning Baduwi |
kang mupu wadon Kasanah |
duk mêntas karanjam dhingin ||

35.
Sawusnya padha sinuguh |
Ki Badwi tatakon aris |
kisanak sanak sadaya |
sami arsa dhatêng pundi |
ambêkta titiyang lara |
Ki Suhul aris nauri ||

36.
Badhe marêk ing sang Prabu |
Salikin ing Malebari |
anunuwun sawab donga |
wontêna apurèng Widdhi |
mring sanak-kula punika |
kang sami anandhang sakit ||

37.
Badwi mojar kula nunut |
(m)bêkta bocah kula sakit |
tan saras dening jajampya |
nulya sarêng mangkat saking |
wismaning Badwi nèng marga |
arèrèn ana wong prapti ||

38.
Ginendhong larane lumpuh |
wong ingkang sinulah dhingin |
tinêbus ing (m)bok Kasanah |
dumadak mangke kapanggih |
lan kaipe (m)bok Kasanah |
bêbarêngan anèng margi ||

39.
Wau ta rencangnya lungguh |
kang samya myarsa critaning |
ngulama Nyai Atikah |
langkung lêga sukèng ngati |
ngucap sukur padha tampa |
babêndunira Hyang Widdhi ||

40.
Sakirane yèn kapangguh |
lawan (n)Jêng Sultan Salikin |
têmtu kawêlèh sadaya |
bok aja karsa nambani |
dimèn padha modar pisan |
Nyi Atikah crita aglis ||

41.
Tunggal karêpe kadyèku |
marêg ing Sultan Salikin |
sapraptanira ing praja |
samya (n)jujug ing surambi |
anuju dina Jumuwah |
nut tataning kang wus uning ||

Jilid 2 - Kaca : 231

42.
Bakda Jumuwah sang prabu |
miyos pinarak surambi |
nêmoni umating Suksma |
kang padha anandhang sakit |
pan sabên-sabên mangkana |
anggêganjar wadya alit ||

43.
Sang nata awas andulu |
mring lakine nora pangling |
lan wong kang gawe kiyanat |
kabèh prapta padha sakit |
matur juragan manêmbah |
ya tuwanku sri bupati ||

44.
Kang asih wêlas mring wadu |
amba anuwun mring Gusti |
tuwan suwunna apura |
ing Suksma Kang Mahasukci |
inggih sadulur kawula |
punika kang nandhang sakit ||

45.
Angsala apuranipun |
sirnaa ingkang sasakit |
ngandika Sultan Ngapiyah |
insya Allah yèn marêngi |
iya karsane Hyang Suksma |
besuk ing Jumuwah maning ||

46.
Sira padha marêk wangsul |
pêpêka anèng ing ngriki |
ingsun dongakakên ing Hyang |
lah nêdha bubaran dhingin |
pêndhak Jumuwah wus prapta |
samya saos nèng sarambi ||

47.
Ngadhang miyose sang Prabu |
Sultan Ngapiyah wus mijil |
miyose salat Jumuwah |
wus bakda lunggwèng surambi |
sakèhe kang duwe kajat |
samya majêng awotsari ||

48.
Miwah ingkang nyuwun tulung |
sudagar Suhul gya aglis |
matur tuwan Sah-ing Alam |
mugi suwunna tumuli |
mulyane sadulur amba |
antuke apurèng Widdhi ||

49.
Aris ngandika sang prabu |
èh punapa (n)dika asih |
kiraka mring kadang (n)dika |
ki juragan matur aris |
kalangkung asih kawula |
mila marêk paduka ji ||

50.
Saking wêlas mring sadulur |
sang nata ngandika wadi |
(ng)gih (n)dikasasih mring kadang |
nging kadang (n)dika tan asih |
kiraka marang andika |
agawe srêkarèng ngati ||

Jilid 2 - Kaca : 232

147 Dhandhanggula

1.
Angandika malih mring kang sakit |
sadulure juragan Kasanah |
wruhanira satuhune |
Hyang Suksma ingkang Agung |
iya nora anêmbadani |
marang pandonganingwang |
yèn sira tan tutur |
purwanira kêna lara |
yèn sira wus tutur kang bênêr mring mami |
ingsun matur mring Suksma ||

2.
Sunsuwunkên apurèng Hyang Widdhi |
marang sira supaya olèha |
aja pijêr mênêng bae |
ki sudagar amuwus |
lah matura ing sri bupati |
adhi ingkang balaka |
kang lara umatur |
kula tan sagêt matura |
mring sang nata sangêt gumêtêring ati |
maring (n)dika kewala ||

3.
Ngandika sang nata iya bêcik |
sira tutur marang kadangira |
iya tan ana bedane |
kang lara nulya matur |
satuhune Suksma aparing |
musibat ing kawula |
punika witipun |
(ng)gih saking rayi andika |
(m)bok Kasanah kala (n)dika tilar anis |
kula angrêksèng wuntat ||

4.
Inggih kula rêksa saking (n)jawi |
nuju kula cêluk saking lawang |
dangu tan ana saure |
marase manahingsun |
(m)bok ginawa ing wong anilip |
ingsun anjog buritan |
si kakang katêmu |
adus pan sarwi wuwuda |
wus dilalah ing manah kagodhèng eblis |
sangêt kula kasmaran ||

5.
Nora kêna kulamujadahi |
manahkula nanging (m)bok Kasanah |
kaliwat-liwat lumuhe |
sunwiyoga tan keguh |
sangêt sakit rasaning ati |
saking awonkawula |
sun prih pêjahipun |
mila tumêka ing ranjam |
saking kula matur kukum tuhu saksi |
jangkêp saksi sakawan ||

6.
Puniku kakang purwane nguni |
agung dosa kawula ing Suksma |
sinung cilaka mangkene |
duk amirsa sang prabu |
saujare krêntêging galih |
sokur alkamdulillah |
ki sudagar matur |
lah punika sri narendra |
dosanipun sadulurkula ing Widdhi |
wus kawuningan tuwan ||

7.
Nuntên suwunna apurèng Widdhi |
supaya waras pandonga tuwan |
angsala sawab barkate |
nulya ngadêg sang prabu |
andodonga [ing Maha Sukci |
kaya sabêne adat |
dongane jinurung |
dening Hyang ingkang alara |
pan waluya sakala sudagar uning |
yèn arine waluya ||

Jilid 2 - Kaca : 233

8.
Saking pandongane sri bupati |
ki sudagar ngaturakên arta |
ing sang nata kèh bêktine |
angandika sang prabu |
ingsun nora krana artèki |
amung karana Allah |
sadaya pan wangsul |
artanira ki sudagar |
lan dèn jaluk apuranira mring ari |
sawusira mangkana ||

9.
Nulya wong papat matur ngabêkti |
ya tuwanku mugi ta wontêna |
pitulung anêdhakake |
apuranira Hyang Agung |
mring kawula mariya sakit |
saking pandonga tuwan |
ngandika sang prabu |
kayapa pratingkahira |
nulya matur wong papat saha wotsari |
ya tuwan Sah ing Alam ||

10.
Pratingkah kang kawulalampahi |
inggih awon-awonning pratingkah |
sang nata pangandikane |
lah ya ucapna gupuh |
sakèh halatira ing Widdhi |
supaya sun bisaa |
matur ing Hyang Agung |
anuwunakên apura |
marang sira olèha apurèng Widdhi |
wong papat sarêng ngucap ||

11.
Dhingin kawula keruting eblis |
inggih dening melik arta kathah |
ginawe saksi pêjahe |
(m)bok Kasanah rumuhun |
kang rinanjam sayêktos sami |
ujar dora sadaya |
malah kula dipun |
kèn ambalang (n)dhinginana |
mring Ki Kali lawan ingkang buwang maring |
pakuburan kawula ||

12.
Jisimipun (m)bok Kasanah dhingin |
sadhatêng kula saking kuburan |
lajêng karaos sakite |
tuhu sakit bêbêndu |
saking Widdhi tan jamak janmi |
ya tuwan Sah ing Alam |
kang kawula suwun |
pandonga tuwan ing Suksma |
kang supaya wontêna apurèng Widdhi |
dhatêng badan kawula ||

13.
Nulya ngadêg Sultan Ngapiyahi |
luhuring mimbar ngadhêp ing keblat |
sarta anjunjung astane |
pandongane jinurung |
wong sakawan wus padha mari |
waluya lir ing kuna |
Kyai Badwi matur |
ya tuwanku Sah ing Alam |
amba nuwun pandonga kang ambarkahi |
mring laskar nandhang papa ||

14.
Nuwun laskar kawula puniki |
darbe lara tan jamak manungsa |
angsala pangapurane |
ing Hyang Kang Maha luhur |
angandika Sultan Salikin |
oh laskar atutura |
sapolah tingkahmu |
ingkang dursila ing sarak |
dènbalaka ala bêcik aja kumbi |
ki laskar atur nêmbah ||

Jilid 2 - Kaca : 234

15.
Inggih kawula kala rumiyin |
maranggul èstri ayu awasta |
(m)bok Kasanah sru lumuhe |
kula prih pêjahipun |
momongane kula patèni |
anake tuwan kula |
punika kang lampus |
kula sambêlèh ing gobang |
nèng paturon pamurih kula ing ngati |
Kasanah dènukuma ||

16.
dhatêng adil lawan ukum pati |
maring tuwan kawula wêkasan |
têka dipuntundhung bae |
nuntên sakesahipun |
(m)bok Kasanah kawula sakit |
kenging bênduning Allah |
ngandika sang prabu |
èh Ki Badwi lêskarira |
apuranên dosane aja kok-pikir |
nyêmbêlèh anakira ||

17.
Matur nêmbah sira Ki Baduwi |
inggih gusti kawula apura |
pun lêskar ing sadosane |
tan antara sang prabu |
ngadêg (n)donga Laratullahi |
ki lêskar wus waluya |
gya Badwi tur atur |
arta mring sri Maharaja |
tan tinampan nulya wong sinulah dhingin |
kang adol (m)Bok Kasanah ||

18.
lajêng matur nêmbah ing sang aji |
kawula nuwun pandonga tuwan |
kang mustajab pitulunge |
angandika sang prabu |
apa salahira kang dadi |
witira kêna lara |
wong punika matur |
ya tuwanku Sah ing Alam |
dhingin amba sinulah mèh praptèng pati |
dosa kula kanggenan ||

19.
Kagunganipun kang darbe nagri |
arta kawan atus dinar têlas |
kula têdha sadangune |
anurut ngugung nêpsu |
duk kasulah kawula gusti |
wontên kang wlas anama |
(m)bok Kasanah nêbus |
inggih kawanatus dinar |
nuntên luwar kawula arsa malês sih |
nututi (m)bok Kasanah ||

20.
Nêdya malês kapênêdan saking |
gawok mulat ayune kang warna |
pan lajêng kasmaran bae |
manah wuyung kalulun |
(m)bok Kasanah dahat tan apti |
dhatêng badankawula |
praptèng pinggir laut |
kawula damêl karenah |
kawula dol ing juragan dipun bêli |
(ng)gih kawanatus dinar ||

21.
(n)Gih punika dosèngong mring Widdhi |
angandika (n)Jêng Sultan Apiyah |
mring ki juragan lakine |
ya (m)bok Kasanah iku |
kang dènêdol marang wong iki |
jawane rabinira |
ki juragan matur |
ya tuwanku Sah ing Alam |
inggih rabi kawula tur ingkang dadi |
dhadhangkèling wardaya ||

Jilid 2 - Kaca : 235

22.
Sultan Ngapiyah mèsêm ing galih |
angandika lah (n)dika ngapura |
wong puniki kang asade |
rabi (n)dika kang lampus |
matur nêmbah inggih sang aji |
kabul kang pangandika |
ing sadosanipun |
inggih kawula apura |
tuwan dongakakên ing kalarad inggih |
angsala barkat tuwan ||

23.
Pintên-pintên ngamal paduka ji |
sampun tanggêl tulung tyas kiyamat |
mangka tuwan inggahake |
ing manah kang rahayu |
nulya donga Sultan Salikin |
kaya kang wus kalakyan |
waluya kang lumpuh |
sawusira padha mulya |
ki juragan Kasanah matur ngabêkti |
ya Gusti Sah ing Alam ||

24.
Sampun tanggêl tutulung kaswasih |
tuwan têdhakakên dening Suksma |
rabikawula panggiye |
lawan rarainipun |
rabi kula (m)bok Kasanahi |
saking suhuling manah |
mèsêm sang aprabu |
aris dènnira ngandika |
èh kiraka napa pakênira asih |
mring rabinta Kasanah ||

25.
Têka tumungkul atutup rai |
ki juragan Kasanah sru merang |
katon tibane êluhe |
nèng ngarsane sang prabu |
pangrasane dipun èsêmi |
nulya sami pamitan |
sawusira sujud |
ing ngarsa nata ngandika |
ya bismilah ki raka kariya dhingin |
wontên kajatmanira ||

26.
Manawa ingsun bisa muwuhi |
awèh lêga manahpakênira |
nulya padha mulih kabèh |
mung ki juragan kantun |
nganti karsanira sang aji |
sawusira (ng)gêganjar |
mring pêkir gya kundur |
mring pura lan ki juragan |
Kasanah binêkta manjing jroning puri |
panaripurnèng wastra ||

27.
Ingupasuba kang angladèni |
para èstri yu ayu sadaya |
wusing ngajak jajar linggèh |
juragan lan sang prabu |
ki juragan tansah amikir |
kaya karsa nata |
tan kaduga ingsun |
ingajak mring prabayasa |
ki juragan saya ajrih pinaksa mring |
sri nata angandika ||

Jilid 2 - Kaca : 236

28.
Èh kiraka napa (n)dika uning |
maring rabi (n)dika (m)bok Kasanah |
ki juragan lon ature |
ya tuwanku sang prabu |
rabiamba pan sampun mati |
karanjam sampun lama |
inggih pêjahipun |
ature banjur karuna |
ki juragan saya kagagas ing ati |
sang nata angandika ||

29.
E ya sakathah-kathahing puji |
kagunganira Kang Maha mulya |
kang paring laki dasihe |
mangka pinisahingsun |
lawan laki satuhunèki |
ingsun kagunganing Hyang |
abali wakingsun |
ya maring Pangeraningwang |
tan antara Sultan Apiyah (m)buwangi |
busananing karajan ||

30.
Nulya nganggo busananing putri |
katon mancur ngunguwung cahyanya |
kalangkung ayu warnane |
Ki Juragan andulu |
ing warnane sri narapati |
myang kaelokanira |
lan kadadènipun |
ki juragan datan samar |
lamun iya sang nata rabine nguni |
kang aran (m)bok Kasanah ||

31.
Nulya sujud ing Hyang Maha Sukci |
sanalika sujud nulya ngucap |
èh sang nata satuhune |
paduka rabiulun |
mangka saurira kang rayi |
inggih yakin Hyang Suksma |
nêmbadani kayun |
andika lan angsung mirah |
manggihakên andika kalawan mami |
dènagung apuranta ||

32.
Ki Juragan age arsa nyandhing |
marang rabine aris turira |
dhuh kiyai mangke-mangke |
dèn asabar ing kayun |
kula arsa salat rumiyin |
inggih kalih rêkangat |
nulya toya wulu |
asalat kalih rêkangat |
sarta ulun eklase ing dalêm ngati |
sawusira asalat ||

33.
Nulya sujud matur ing Hyang Widdhi |
ya Pangeran tuwan mundhut uga |
nyawa kawula samangke |
andhinginana mantuk |
ing karahmattulah Ilahi |
mangkana sinêmbadan |
sedanya sang prabu |
ing sajroning sujudira |
ki juragan tan wruh yèn rabine mati |
dupi praptèng antara ||

34.
Ki juragan têka amarani |
ing prênahe rabine asalat |
dupi kawaspadakake |
yèn palastra sang prabu |
mulih marang rahmatullahi |
eram ing kodrattulah |
ki juragan ngungun |
banjur anjêlèh karuna |
pan gumuruh kabèh wong jro pura nangis |
kapyarsa saking (n)jaba ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (33a) Kaca 216 – 226
  • (34) Kaca 237 – 242 >