Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (34) Kaca 237 – 242

 

( Cariyosipun Tiyang Laki-rabi Ingkang Kacobi Kasêtyanipun Nabi Suleman )

2. Kasambêt cariyos bab Dara Murtasiyah, dening ramanipun Kyai Akbar, badhe kajodhokakên kalihan Sèh Ngarip, botên purun. Ramanipun lajêng ngdongèngakên lêlampahan warni-warni minangka tuladha:

a). Cariyosipun tiyang laki-rabi ingkang kacobi kasêtyanipun dening Nabi Suleman. Ingkang jalêr kapurih mêjahi bojonipun. Manawi kalampahan badhe kaganjar sakalangkung agêng. Wêkasan botên kalampahan, jalaran botên têgêl. Ingkang èstri gêntos katimbalan kapurih mêjahi bojonipun. Manawi kalampahan, badhe kadadosakên pramèswari. Têgêl nanging pêdhang ingkang dipun paringakên mlendo, jêr sanès sanjata saèstu. Wêkasan sami tangisan.


Kaca 237 - 242.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 237

147 Dhandhanggula

35.
Para wajir-wajir manjing puri |
myang punggawa gagêtun sadaya |
dene tan mirsa gêrahe |
myang para wadya kaum |
samya maring pura nyirami |
layone ratunira |
kinapas wastra lus |
jinêbat kasturi ngambar |
wus sinalatkên dènangkat umanjing |
kubur rinaja-raja ||

36.
Gumêr para kaum maca takbir |
tahdalil lahmir sarta sidêkah |
arta pira-pira kèhe |
sawusira kinubur |
nulya para wajiring nagri |
pakumpulan angangkat |
raja putranipun |
ratu kang seda ginantyan |
dening Sultan Apiyah mangkya dadya ji |
ingangkat wong sapraja ||

37.
Ki juragan Kasanah tan mulih |
pan atunggu anèng pakuburan |
pinanci sandhang pangane |
marang kang madêg prabu |
datan ginggang saengga mati |
ki juragan Kasanah |
(ng)gènnya tunggu kubur |
nasikatun têgêsira |
lah ta iki pitutur yogya pawèstri |
padha ngalapa ansap ||

38.
Lawan padha mirsakêna ugi |
ing pitutur hikayat punika |
krana iku nêguhake |
anggêp mring lakinipun |
eling-eling wong laki-rabi |
kang têtêp adilira |
yèn mungguh wong kakung |
dene yèn mungguh wanodya |
arêp têtêp bêktine marang ing laki |
aja na sumrambana ||

148 Pocung

1.
Nyi Atikah kèndêl dènnira amucung |
sajroning carita |
pra pawèstri kang miyarsi |
kathah njomblong myang pangantèn datan nendra ||

2.
Kyai among-tamu ngancarani gupuh |
sumangga punika |
wedang dhaharan sinambi |
Nyi Atikah lawan para tamu atanggap ||

Jilid 2 - Kaca : 238

3.
Nginum wedang dhahar sakaparêngipun |
kang samya karênan |
matur rèhne dèrèng lingsir |
taksih sontên mugi ta amarêngêna ||

4.
Amêdharkên cariyos sawontênipun |
cagaking lênggahan |
tunggil kinarya palupi |
utamine padhèstri winêngku priya ||

5.
Nyi Atikah pinudyèng tyas ngandika rum |
lah ana pandhita |
dhepok wukir Wanasari |
saka Ngatasangin kêkasih Sèh Akbar ||

6.
Garwa endah Siti Supiyah jêjuluk |
samya manguntapa |
têtêp suhulirèng Widdhi |
Wanasêkar dumadya Wanaraharja ||

7.
Sang awiku darbe putra èstri ayu |
cahya nuksmèng wulan |
ramebu kalangkung asih |
sinung aran Siti Dara Murtasiyah ||

8.
Diwasanya asru brangti mring Hyang Agung |
kêncêng kang ngibadah |
(n)darus Kur'an siyang ratri |
adi peni datan ana kang winada ||

9.
Kasubingrat kèh kang ngêbun-êbun esuk |
tan ana tinampan |
kasêngsêm bêkti ing Widdhi |
lawas-lawas ana sayid trah minulya ||

10.
Mêndhêm kula kasrakat lir pakir èstu |
Sèh Ngarip panêngran |
lêlana sangkaning alit |
myarsa warta lamun dhukuh Wanasêkar ||

11.
Kartaharja kanggonan janma linuhung |
myang darbe atmaja |
wanudya ayu linuwih |
srênging karsa tandya maring Wanasêkar ||

12.
Nuju ari Jumuwah (n)jujug ing tajug |
jêjêl kang asalat |
ngantya (m)balèbèr mring srambi |
garwanipun Sèh Akbar lan putranira ||

13.
Samya makmum nèng pawèstrèn sakloripun |
panti pangimbaran |
wusnya sunat Jumngah nuli |
Ki Sèh Ngarip minggah mimbar maca kutbah ||

14.
Swara arum gêtas rênyah nganyut-anyut |
kutbah walisana |
wignya ing kir'at patitis |
lah kocapa sira Dara Mutasilah ||

15.
Myarsa kutbah kawawang wingiting kalbu |
rongèh dènnya lênggah |
baya wus takdiring Widdhi |
Ki Sèh Ngarip jodho lawan Murtasiyah ||

Jilid 2 - Kaca : 239

16.
Sang dyah ayu kataman asmara gandrung |
sru sabil ing nala |
panuwunira ing Widdhi |
ywa kawiyak dènnya kataman wiyoga ||

17.
Sabakdaning Jumuwah pra èstri mantuk |
Dara Murtasiyah |
sêmpoyongan lampahnèki |
ciptaning tyas aywa nganti u-uningaa ||

18.
Mring kang kutbah dilalah Sèh Ngarip uwus |
nèng srambi umiyat |
marang kang lagya lumaris |
ciptèng nala baya kae atmajanya ||

19.
Kyai wisma satuhu lamun linangkung |
iba sunwêruha |
saka ngarêp baya gumbing |
Ki Sèh Ngarip uga sru nandhang kasmaran ||

20.
Sawusipun bakda salat sang palungguh |
nulya sasalaman |
lawan sakèhe pra santri |
Ki Sèh Ngarip tur salam kèri priyangga ||

21.
Kalihipun samya kacaryaning kalbu |
sawusing salaman |
Sèh Akbar tatanya aris |
kalingane kang kutbah wau kisanak ||

22.
Rèh anêmbe kawuryan nèng dunung ulun |
kula nilakrama |
ki bagus ingkang wawangi |
lan pinangka-tuwin kang sinêdyèng karsa ||

23.
Nêmbah matur saking Taib asalulun |
Sèh Ngarib wastamba |
lalana sangkaning alit |
kawlasarsa tinilar ing yayah-rena ||

24.
Krêdyating tyas mung arsa takabul ngèlmu |
kalunta kasrakat |
thêring tyas mring Wanasari |
(m)botên langkung sêdyèngulun ngèstu-pada ||

25.
Ki Sèh Akbar kalangkung rêsêping kalbu |
binêkta mring wisma |
nèng langgar dènnya manggihi |
animbali ing garwa wus praptèng langgar ||

26.
Sinungan wruh kaliye wus nganggêp sunu |
Sèh Akbar kalawan |
rubiyahira trêsna sih |
tan cinatur laminya wus manjing wisma ||

27.
Sakèh kawruh agal alus wus kacakup |
myang sinungan wikan |
adarbe kadang pawèstri |
yèn sêmbada Sèh Ngarip kinèn anggarwa ||

Jilid 2 - Kaca : 240

28.
Tan lênggana gya rubiyah sinungan wruh |
(n)dadak tata-tata |
bakal dhaupe kang siwi |
ingkang ibu amanggihi Murtasiyah ||

29.
Amêdharkên ing karsane ramanipun |
mopo aturira |
durung niyat loka-laki |
rinarêsih ingimur mrih dhanganira ||

30.
Wus miturut winantu sakèh pitutur |
utamaning krama |
Sèh Akbar nut mituruti |
lan carita dadiya têpa tuladha ||

31.
Duk (n)Jêng Nabi Suleman mêngku kêprabon |
nyatakake watak |
ing wong lanang lawan èstri |
gya utusan nimbali wong lanang lagya ||

32.
Sih-sinihan kalawan ing rabinipun |
kang lanang jênthara |
kang wadon ala tur bêngis |
lêngus lanas wus kakalih awêwêka ||

33.
Praptèng ngayun (n)Jêng Nabi ngandika arum |
pantèn milanira |
pakênira suntimbali |
awit ingsun liwat sih trêsna ing sira ||

34.
Mung kapalang sira sih trêsna satuhu |
marang rabinira |
kalamun kolu matèni |
sun paringi ijol putri ayu endah ||

35.
Lan sun-junjung dadya pangran dipatya nung |
wong lanang turira |
saguh lan sukaning ngati |
pinaringan pêdhang landhêpe kalintang ||

36.
Sigra mundur lawan nyangking pêdhangipun |
sapraptaning wisma |
rabine kapanggih guling |
ana ngambèn angêloni anakira ||

37.
Kang pasuson nèng dhadha sapiyanipun |
kaprênah nèng kanan |
wong lanang dupi udani |
tyasnya kêju (n)jêtung kaduwung ngrês wêlas ||

38.
Dènnya saguh matèni ing rabinipun |
anak kang sapiyan |
rinangkul lan dèntangisi |
bojo anak kabèh kapati anendra ||

Jilid 2 - Kaca : 241

39.
Nulya wangsul pêdhang cinangking rawat luh |
praptèng byantarendra |
ngaturakên pati-urip |
datan têgêl solahe katur sadaya ||

40.
Kangjêng Nabi Suleman suka kalangkung |
sarwi angandika |
tutugna (ng)gonnira asih |
ingsun ganjar barana busana arta ||

149 Mijil

1.
Mijil (ng)gawa ganjaran narpati |
sukur ing Hyang Manon |
antara tri ari sri pamase |
gantya ingkang wadon dèntimbali |
prapta byantara ji |
sang nata lingnya rum ||

2.
Dhuh (m)bok ngantèn jantunging tyasmami |
woding driyaningong |
ingsun liwat kasmaran yêktine |
marang sira wong manis mrakati |
kuciwane isih |
winêngku ing kakung ||

3.
Lamun sira kaduga matèni |
mring lakimu dhenok |
pasthi ingsun pundhut garwa anggèr |
amangkoni kênyo jro puradi |
sun pasrah sirèki |
nyèthiya maringsun ||

4.
Bok rubiyah dupi amiyarsi |
pangandika katong |
anarêthêk trênyuh ing driyane |
nyipta sèwu gung nugrahèng Widdhi |
bakal dadi padmi |
tungguling para rum ||

5.
Sanalika sêdhêng ciptèng laki |
nêmbah matur sagoh |
amêjahi marang ing lakine |
lawan sasar ywa kawuryan janmi |
malah aprayogi |
kalih wêkanipun ||

6.
Pinêjahan ywa tanggung ing kardi |
suka sang akatong |
dangu paran tingkahira nikèn |
amatèni laki lawan siwi |
nuwun inggih gusti |
linêbêtan racun ||

7.
(n)Jêng Suleman malbèng dalêm puri |
mundhut pêdhang kaot |
dhasar timah sinangling mancèrèt |
ulês bludru wus miyos cinangking |
ngandika mring èstri |
kasuwèn rinacun ||

8.
Pêdhang iki tamakna tumuli |
mring lakimu dhenok |
pasthi nora mindhoni gawene |
anèng marga poma ywa katarik |
rubiyah nampèni |
pêdhang nêmbah mundur ||

Jilid 2 - Kaca : 242

9.
Gagancangan dènnira lumaris |
sang aprabu ngodhol |
pra pandhita sapuluh kang (n)dhèrèk |
(m)bok rubiyah sapraptaning panti |
lakine aguling |
ngêloni dwi sunu ||

10.
Ngadêg anèng keringe kang laki |
narik pêdhang gupoh |
(m)balêrêngi gumêbyar jwalane |
ciptaning tyas nora mindho kardi |
katiga babar ji |
tinamakkên gupuh ||

11.
Wus tumiba bojo (n)jola tangi |
pêdhang timah mlendo |
(m)bok rubiyah asru gagêtune |
sinung eling ngrungkêbi mring laki |
sasambat mlasasih |
srah tobat (n)dharudhut ||

12.
Kangjêng Nabi sru gujêngirèki |
angandika alon |
mring pra rêsi lah niku rupane |
tyase wadon rupêg rupak budi |
dadiya palupi |
ing tyas ywa kalimput ||

13.
Sang dyah Murtasiyah duk miyarsi |
luhira drês miyos |
tyas mangikis nêdhèng Pangerane |
aywa nganti kataman kadyèki |
tumungkul mrakati |
angusapi êluh ||

14.
Ki Sèh Akbar angandika malih |
babo putraningong |
wus mutamat maring pandhita kèh |
anêtêpi kaya Kangjêng Nabi |
yèn wong wadon nini |
tyase nora jujur ||

15.
Ewa mangkono pan akèh dening |
titahing Hyang Manon |
pasthi ana kang bêcik atine |
paitane tan lyan bêkti laki |
kaya ta kang uwis |
wulange ibumu ||

16.
Lamun têmên-têmên dèntêtêpi |
manthêng nora bengkong |
iya iku kanugrahan gêdhe |
yèn nêtêpi bêkti marang laki |
ing dêlahan manggih |
kamulyan kang agung ||

17.
Lah ta rêke babo ana maning |
sayogya linakon |
lamun sira samoaning akèh |
lungguhira ywa rongèh dènwingit |
yèn gumuyu nini |
ywa katon gusimu ||

18.
Yèn lumaku rêke aywa cincing |
tumindak dènalon |
lan maninge aywa nolèh-nolèh |
aywa rarasan turuting margi |
lan ywa ngatarani |
(ng)gènta olah laku ||

19.
Duk ngalame (n)Jêng nayakèng bumi |
nitahkên Hyang Manon |
mring wong wadon sawiji aranne |
(m)bok Aklimah pan kinarya sukci |
mring kang murbèng bumi |
pan sinama wau ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (33b) Kaca 227 – 236
  • (35) Kaca 242 – 251 >