Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 39

Kontak Admin.

email-kidemang

 (37) Kaca 275 – 293

 

( Murwakala - Ringgitan Kawiwitan Kanthi Lampahan Partadewa )

VII. Murwakala

Sasampunipun paripurna anggènipun Ki Pujangkara kagungan damêl mantu, enjingipun dhawuh damêl sajèn-sajèn badhe ngawontênakên ruwatan, ringgitan lampahan Murwakala.

1. Ringgitan kawiwitan kanthi lampahan Partadewa. Ing lampahan wau pandhita-rasêksa Bagawan Krêsnakesawa ngraga-sukma kadhèrèkakên rayinipun Endhang Mardadari, nganglang dhatêng kaswargan tenjomaya, sumêrêp Arjuna jumênêng Prabu Karithi kaadhêp para widadari garwanipun. Endhang Mardadari rêraosan bilih samirêngipun Arjuna wau gadhah kadang pandhawa lan garwa Dèwi Wara Sumbadra. Prajanjinipun Arjuna sabayapêjah sakadang pandhawa, têka botên dipun tuhoni. Mirêng rêraosan wau Arjuna duka yayahsinipi.
Sukma kabujung, wasana ical ing pratapan Wringinpitu. Bagawan Krêsnakesawa katêmpuhakên lan adhinipun katêdha, nanging botên angsal. Dados pancakara, sang bagawan dipun lêpasi sanjata badhar dados Bathara Krêsna. Endhang Mardadari dados Sumbadra. Nagari Ngamarta ingkang komplang, dipun lênggahi Bambang Partadewa, kadhatêngan Pandhita Durna ingkang badhe nêlukakên Partadewa sarana cangkriman, nanging malah kawon, lan kawirangan.


Kaca 275-293.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 275

157 Dhandhanggula

1.
Byar raina warga jalu èstri |
kang pinatah samya nambutkarya |
wus tapuk anambutgawe |
rêrêsik ngatur-atur |
Pujastuti marintah maring |
pangagêgning madharan |
ing samêktanipun |
sajèn miwah sarat-sarat |
ing pangruwat kanggenipun benjing-enjing |
panyuwune ki dhalang ||

2.
Ingkang badhe tumrap anèng kêlir |
tutuwuhan sajodho kang pêpak |
gêdhang têbu cêngkir lêgèn |
pari rong gèdhèng wulu |
cikal kalih wah ayam kalih |
jalêr èstri cinancang |
kiwa têngênipun |
sajèn tumpêng warna sanga |
tumpêng tutul tumpêng lugas tumpêng kêndhit |
tumpêng pucuk lombok bang ||

3.
Tumpêng magana janganan isi |
tumpêng magana isi wak ayam |
tumpêng rajêg dom-wajane |
tumpêng tigan ing pucuk |
tumpêng sêmbur jangkêp nawèki |
karoso kalih ingkang |
miji isinipun |
sêkul ulam pan ginantang |
anèng kiwa pungkasaning ingkang kêlir |
sijine isinira ||

4.
Pala pêndhêm kasimpar mawarni |
uwos pêthak wowohan kang pêpak |
tinimbangkên pagantange |
nèng kêlir têngên pucuk |
sajèn klapa pandhan sawiji |
bantal anyar satunggal |
sinjang warni pitu |
sadodot polèng bintulya |
dringin songèr tuluhwatu gadhung-mlathi |
liwatan bangun-tulak ||

5.
Pandhan-binêthot jangkêpirèki |
sadhiyaa sinjang kêmbên pêthak |
kang badhe dènangge sibèng |
wusing kangge puniku |
kyai dhalang ingkang (n)darbèni |
yèn jalêr kang rinuwat |
ikêt sinjangipun |
kalih iji pangot waja |
miwah kropak ingkang wiyar sarta aking |
satêkêm kathahira ||

6.
Sêkul wuduk lêmbaran warna tri |
ayam cêmêng ayam pêthak ingkang |
sami mulus sadayane |
antigan ayamipun |
jadah warni sapta bang putih |
biniru sarta jênar |
kêndhit tutul sampun |
kêtan kuning cêmêng pêthak |
biru ijêm wajik jênang-dodol manis |
jênangan warni sanga ||

7.
Winadhahan ron pisang tinakir |
myang klothokan gêdêbog pinindha |
takir sinami isine |
jênang blowok bang biru |
ijêm pêthak cêmêng myang kuning |
jênang lêmu sanganya |
kang jênang bêkatul |
sarabi awarni sanga |
irêng biru wungu ijo tutul kuning |
bang pêthak isèn gula ||

Jilid 2 - Kaca : 276

8.
Ingkang abang lawan bikang putih |
awug-awug ampyang sapêpaknya |
pondhoh pipitu warnane |
bang putih irêng biru |
ijêm wungu saptanya kuning |
lêgondhoh lêpêt kupat |
wêwungkusanipun |
mêndut limus nagasêkar |
clorot pudhak êntul-êntul srabi utri |
myang pipis warna-warna ||

9.
Pulagimbal miwah pulakringsing |
tinunggilkên mung dadya sawadhah |
rêrêmikan sapêpake |
wowohan sahnanipun |
tukon-pasar ingkang miranti |
yatrane kalih uwang |
rujak warninipun |
rujak bakal sarwa wêtah |
rujak dhêplok rujak crobo rujak dulit |
rujak lêgi sawadhah ||

10.
Gêcok-bakal lombok uyah trasi |
brambang bawang ulam mesa mêntah |
gêcok-gêsang kalih lele |
gêcok-dadi trinipun |
tigan ayam mêntah sarakit |
sakêmbar glaran pacar |
saunting kang kayu |
bumbu-bumbu ingkang pêpak |
wolak-walik pêcêl pitik jangan mênir |
sêga golong kêcambah ||

11.
Êmpon-êmpon sapêpakirèki |
pala gumantung pêndhêm kasimpar |
mêntah matêng sajangkêpe |
dados sawadhah kumpul |
bêndho lading jujungkat suri |
kaca payung tumumpang |
jajan-pasaripun |
tindhih salawe dhuwitan |
alang-alang godhong dhadhap srêp saunting |
myang godhong apa-apa ||

12.
Ungkêr siji lênga sundhul-langit |
lawe saukêl ingkang pêthak |
sêkul asahan nginggile |
pinupuk punar sêkul |
kupat luwar sakawan iji |
bêras pêthak sadangan |
klapa gundhil jalu |
dènbêt-ubêt lawe wênang |
têlung ubêt walikukun papat iji |
panjang sami sahasta ||

13.
Lisah kalêntik kêbak sacangkir |
êjar blencong tiga tèng kang arta |
sagoci bêg isi tètès |
sagoci badhègipun |
we têmpuran dipun-wowori |
we sumur warni sapta |
sêkar sêtaman rum |
têlu tèng kobokan arta |
abahaning pawon kang pêpak miranti |
pêngaron ingkang anyar ||

Jilid 2 - Kaca : 277

14.
Kêndhi anyar kinêbakan warih |
lisah kacang sagêndul kang kêbak |
dilah murup nèng clupake |
dalingo bawangipun |
tindhih arta salawe dhuwit |
pisang ayu tangkêban |
miwah suruh ayu |
saadune ingkang pêpak |
gêndhis klapa satangkêp tindhihirèki |
suwidak wang têmbaga ||

15.
Sampun cêkap tan na malih-malih |
sacêkape wa kula sumangga |
kang tampi dhawah ature |
sandika nulya gupuh |
paparentah rèh-rèhanèki |
wus samapta sadaya |
sarat-sajèn suguh |
kêlir gamêlan tinata |
sarat-sarat kang tumrap pungkasan kêlir |
sadaya wus pinasang ||

16.
Mas Cêbolang myang sakawan santri |
tumut ngrarakit atata-tata |
wus samapta sadayane |
Sang Hyang Arka sumurup |
palataran pating karêlip |
kang samya wawadeyan |
kinang kupu-tarung |
sata eca sêdhêng wadhag |
myang oprokan rokok-klobot Jawa wangi |
wiron dhinèdhès ngambar ||

17.
Upêt sêpêt mancung warni-warni |
bakmi ayam saoto kambangan |
cokotên rondhe cêmoe |
wedang tèh lawan bubuk |
dhawêt srêbat cao bir manis |
bêras-kêncur sêmêlak |
lêgèn arèn arum |
panganan gorèng mawarna |
babasahan wuwungkusan amêpêki |
pala pêndhêm kasimpar ||

18.
Gêgodhongan ginorèng cinriping |
jênang dodol pondhoh wajik jadah |
jadah gêdhang kêtan ore |
gêthuk juwadah pohung |
cêthot juruh ledre surabi |
jênang cocoh bang-pêthak |
puli awug-awug |
thiwul udhak cabuk-rambak |
grontol inthil gandhos rangin wolak-walik |
ampyang karag bakaran ||

19.
Rujak dhêplok gobèt pêcêl lotis |
sêga lodhohpindhang gudhang tumpang |
sêga prêcita myang krèngsèng |
sate maesa wêdhus |
sate ayam gudhêg kêbiri |
kupat lonthong lêgandha |
kupat munjit bungur |
sêga-liwêt ulam ayam |
kupat dhocang gorengan ulam mawarni |
antigan pindhang kamal ||

20.
Jêruk jambu pakèl pêlêm kwèni |
blimbing dhuku kulampês kokosan |
dhuwêt kêlayu lan katès |
nangka manggis kapundhung |
cêngkir dêgan pinaras klimis |
myang sêpête pinindha |
buron dharat laut |
kinarya êmbut-êmbutan |
rarywa jajan swarane pindha garimis |
ramya pating kêcapah ||

Jilid 2 - Kaca : 278

21.
Wusing jajan minggah mring pandhapi |
(ng)gêlar klasa arêbat panggenan |
kumarusuk ting carêngèk |
swara tarung lan talu |
suwuk gangsa kadya kinardi |
sirêp tan ana ngucap |
kang nonton myang tamu |
ing tyas samya ngarsa-arsa |
wêdaling kang wayang binabar ing kêlir |
nilingkên caritanya ||

22.
Para tamu jalu miwah èstri |
awit rawuh ijèn sarimbitan |
pinarnahakên linggihe |
sêgahira lumintu |
wus tinata praptaning enjing |
sampêt nora kuciwa |
dhauping kang waktu |
ki wisma mrêpêki dhalang |
Kyai Jurupujangkara wacana ris |
kiraka Panjangêmas ||

23.
Prayogine lampahan punapi |
rèhing benjing-enjing lajêng ngruwat |
Panjangêmas lon ature |
ki bêkêl yèn panuju |
Partadewa lampahanèki |
sawatawis kêmbanya |
kathah raosipun |
ki Juru panudyèng karsa |
yèn wis wanci prayogi lajêng ngawiwit |
ki dhalang tur sandika ||

24.
Anyêmpala kothak munya gêndhing |
karawitan ambêdhol gunungan |
ngungalakên balenconge |
jêjêrira sang prabu |
ing Ngastina kang anèng ngarsi |
rêsi Pandhita Druna |
lawan sang nindyanung |
kyatingrat Kyapatih Suman |
apêparab Rahadyan Patih Sangkuni |
warangka ing Ngastina ||

25.
Awit jêjêr sapiturutnèki |
saya tambah sêsêke kang mulat |
samya niyat ngêbyarake |
owêl kalamun mantuk |
katambahan sêdya nyumrêpi |
lampahing Murwakala |
kang wayang pinuju |
mêdal pandhita danawa |
Sang Bagawan Kesawa kang anèng ngarsi |
kadang manodya endah ||

26.
Apêparab Endhang Mardadari |
kyai dhalang ngucapkên mangrêngga |
sang Kesawa dhadhepoke |
nênggih Ringin-kapitu |
langkung dènnya amatiragi |
gêntur kasutapanya |
kinasih dewagung |
pratapan ing Ngringin-sapta |
wingit singit arang janma kang udani |
yèn tan kanthi nugraha ||

Jilid 2 - Kaca : 279

158 Kinanthi

1.
Dangu dènnya imbal wuwus |
lan kadang Dyah Mardadari |
apa ananing patapan |
tanêm-tuwuh warni-warni |
nulya mring sanggar pamujan |
sang wiku mangsah sêmadi ||

2.
Kadang èstri datan kantun |
tumutur maladi êning |
ngêningkên kang pancadriya |
tan ana swara kapyarsi |
kang kacipta kang katingal |
pucuking grana kapusthi ||

3.
Mung pribadi kang sinêbut |
datan pantara sang rêsi |
amati sajroning gêsang |
tan kèri Kèn Mardadari |
wus sami angraga suksma |
ngancik jamaning kapatin ||

4.
Yitma sang Kesawa wiku |
Nayarana kang kinardi |
yitma Mardadari Endhang |
Rara Irêng kang kinardi |
samya (n)dêdêl mring ngakasa |
sarwi awawanan angling ||

5.
Yitma Mardadari muwus |
kakang ing samêngko iki |
ing karêp wus tinurutan |
kakang pan angèl sayêkti |
pratingkahe mring kamuksan |
Kesawa aris nauri ||

6.
Dadine bênêr ujarku |
rara wong kang amrih yêkti |
ora kêna ginagampang |
yèn ora tega ing ati |
pindhone amatiraga |
janaloka tan tinolih ||

7.
Sarta patitising sêbut |
kudu ing tekat tohpati |
sakèhing karêp cinêgah |
beda lan kang wus linuwih |
wus mêngêng ing ngarcapada |
sakarêp-karêpe dadi ||

8.
Beda sira lawan ingsun |
maksih kulinèng nagari |
marmane angèl kalintang |
sawênèh ana ngarani |
gampang pratingkah kamuksan |
ing ngarêp ginawe gampil ||

9.
Sanyata gampang kalamun |
tilar dhahar lawan guling |
nora minum nora sahwat |
tanpa karêp tanpa runtik |
nora saèn lan wirangan |
yèn mangkono pasthi gampil ||

10.
Sarta patitising kawruh |
yèn mangkonoa sayêkti |
uga angèl kaya sira |
dene kang mastani gampil |
rara yèn panarkaningwang |
têka nyolong mamaktuli ||

Jilid 2 - Kaca : 280

11.
Sajatine kurang kawruh |
kasusu kudu ngêngkoki |
mung mikir wajib lan wênang |
mokale tan dènpraduli |
ngaku Hyang Jagatwisesa |
kapan (ng)gonne ngukir langit ||

12.
Yèn bukti jegang ngêndhuruk |
yèn turu prasasat mati |
pamaine warna-warna |
dahwèn panastèn sru drêngki |
nêpsune angambra-ambra |
dènècèr dènnya ngêngkoki ||

13.
Dene ta sayêktinipun |
sirèku amung sisilih |
karna netra grana sabda |
paliwara kang sayêkti |
êninging tyas iku dadya |
pikukuh dayaning budi ||

14.
Kamomoran sira iku |
gêni banyu angin bumi |
gêtih atanapi kama |
marma sira luwih langip |
yèn sira bisa amisah |
sêsukêr sajroning ragi ||

15.
Dènwaskitha ing pangrêngkuh |
nora kêna yèn binudi |
kalawan nalar (n)daleya |
matur ris Kèn Mardadari |
kakang duk mau sun miyat |
abang irêng kuning putih ||

16.
Kesawa aris sumaur |
hèh ta rara wruhanèki |
duk sira angragasuksma |
kuning arêrupan adi |
iku cahyaning kang Suksma |
wus pêcat mila kaèksi ||

17.
Suksma Langgêng wastanipun |
Suksma Purba kaping kalih |
Suksma Wasesa ping tiga |
Suksma Luhur kang mungkasi |
mêngku nêpsu patang pangkat |
iku ingkang marentahi ||

18.
Suksma Langgêng wastanipun |
kang irêng mau kaèksi |
Suksma Purba rupa abang |
Suksma Wasesa kang kuning |
dene Suksma Luhur ika |
iya ingkang rupa putih ||

19.
Suksma Langgêng kang dèn-ugung |
asrêngên sabarang runtik |
nêpsu (n)dadra ngambra-ambra |
(n)daluya gung muring-muring |
dene ingkang Suksma Purba |
ngugung sakèhing pêpengin ||

20.
Karêm mêmelikan iku |
panastèn murka darêngki |
dahwèn opènan sêmbrana |
lonyo mamak êdir dhiri |
dene kang Suksma Wisesa |
iku ingkang (m)bêbayani ||

21.
Karyane iku nunungkul |
marang ati ingkang suci |
yèn niyat amrih utama |
dèn-gondhèli dènbuntoni |
binawur mring kuwurira |
yèn ingkang kalih prakawis ||

Jilid 2 - Kaca : 281

22.
Jinurung kalantur-lantur |
amrih rusaking kang dhiri |
dene Suksma Luhur iku |
mung sukci tan ika-iki |
amrih arja sartatama |
anggung ngajak kurang bukti ||

23.
Sajati-jatine iku |
gagênti Hyang Utipati |
misesa Suksma titiga |
Mardadari turira ris |
apa kang katon gumêbyar |
nyurêmkên pradanggapati ||

24.
Kakang sun kaya sumaput |
cumlorot ngebat-ebati |
ika maksih katingalan |
dene kang patang prakawis |
kakang wis datan katingal |
sang Kesawa lon nauri ||

25.
Ingkang mancorong kadulu |
cumlorot mancur (m)blêrêngi |
nyurêmkên soroting surya |
padhange ngèbêki bumi |
rara iku Tenjomaya |
sawarga ingkang linuwih ||

26.
Manungsane Bathara-gung |
kang wus tinarima yêkti |
ginanjar ing Tenjomaya |
sakarêp-karêpe dadi |
Mardadari ris turira |
payo kakang dènparani ||

27.
Kakang manira yun wêruh |
iya yayi luwih bêcik |
linajêngkên dènnya minggah |
sinigêg wêdaling ardi |
ki dhalang nyêmpala kothak |
mungêl gêndhing Gambirsawit ||

28.
Ngadêg risang Pandhusunu |
ingadhêp pra widadari |
Dyah Supraba Wilotama |
Dyah Gagarmayang Warsiki |
Dyah Prabasini Surendra |
kapitu Dyah Warsasini ||

29.
Kang gangsa nulya jinantur |
ki dhalang carita aglis |
swara gandhang titis cêtha |
nênggih gantya kang winarni |
sawarga ing Tenjomaya |
kadhaton ing Suranadi ||

30.
Yêkti tan kêna cinatur |
endahe ing sawargadi |
sadaya sarwa kancana |
wisma mas pagêre rukmi |
wêdhinya sotya lan mirah |
plataran pating parêlik ||

31.
Gapuranira mas ta tur |
rinêngga sosotya adi |
ingukir sinung gupala |
nadyan pagêre capuri |
êmas byur kandêl sahasta |
ubêngira winitawis ||

Jilid 2 - Kaca : 282

32.
Têmugêlang pitung dalu |
satuhu ngebat-ebati |
gapuranya sungsun sapta |
jawata ingkang (n)jagani |
nanging tan rupa manungsa |
rupa naga wênèh pêksi ||

33.
Gapura raja amunggul |
mèh sundhul ing ngawiyati |
kaukir inguparêngga |
sinotya-sotya rinukmi |
pucak gapura sinungan |
sotya gêng sawaluh kênthi ||

34.
Mila tan siyang tan dalu |
saking ujwala nêlahi |
dhasarnya sawargaloka |
langgêng nora kêna gingsir |
ingkang rumêksa jawata |
kakalih warni rasêksi ||

35.
Dahat ngajrihi gung luhur |
siyungnya anggaru langit |
netra kadya surya kêmbar |
suwara sru (ng)gêgêtêri |
lir barunging gêlap sasra |
wastanya ingkang satunggil ||

36.
Bathara Cingkara iku |
lan Balaupata sami |
ngrêksa kori (n)jawi pisan |
asikêp gagaman sami |
pêdhang tamèng tamsir gada |
nulak ingkang sêdya manjing ||

37.
Sanadyan pra jawatèku |
sayêkti tan kêna manjing |
sinêngkêr Hyang Girinata |
mung isi para apsari |
kang cinadhang Tenjomaya |
manungsa ingkang kinasih ||

38.
Siniyan batharanipun |
kang apunjul ing sabumi |
kang kalis ing pancadriya |
wontên titahing Hyang Luwih |
satriya Andananjaya |
tinarimèng Batharadi ||

39.
Kalis ing pancana tuhu |
mila siniyan dewadi |
ingambil atmaja priya |
dènadu lan sang yaksaji |
Prabu Newatakawaca |
arsa ngrusak Suranadi ||

40.
Sang Parta prangira unggul |
nadyan (n)tuk sihing dewadi |
ginanjar ing Tenjomaya |
rinatu nèng sawargadi |
sinrahkên saisinira |
sagung kang para apsari ||

41.
Sang Parta sakayun-kayun |
nora nganggo dènwangêni |
kundura mring marcapada |
jênak anèng sawargadi |
wus winênang de Hyang Siwah |
sakarsa-karsane dadi ||

42.
Ing mangke sang Parta nuju |
nèng Tenjomaya wus lami |
siniwi kang para garwa |
sapta ingkang widadari |
kêkasihe waranggana |
Dèwi Supraba lwih adi ||

Jilid 2 - Kaca : 283

43.
Wilutama kalihipun |
katiga Dèwi Warsiki |
Surendra lan Gagarmayang |
Prabasini Warsasini |
Rêtna Supraba punika |
kang dadya garwa padêmi ||

44.
Datan pinanjanging catur |
warnane kang widadari |
ayune wong Marcapada |
kasor dening pra apsari |
mila kinarya babasan |
tobat kaya midadari ||

45.
Tanpa gawe yèn ginunggung |
ayune pra widadari |
lan narendra Tenjomaya |
sarwa-sarwining pangèksi |
kabèh langêning bawana |
sayêkti tan gothang siji ||

46.
Sang Dananjaya kalamun |
siniwi ing sawargadi |
nilar kasatriyanira |
nglênggahi jênênging aji |
bibisikaning narendra |
sang Mahaprabu Karithi ||

47.
Duk samana sang aprabu |
lagya siniwi pra rabi |
lênggah munggèng Maderêtna |
aglar andhèr kanan kering |
para garwa para putra |
patutan sing widadari ||

48.
Kang lênggah cakêt sang prabu |
mung sang musthikaning swargi |
kothak nulya jinêmpala |
gêndhing ngalik asru ngalih |
sawatara gya sêsêgan |
ngandhêlong suwuking gêndhing ||

49.
Pathêt sanga suluk nutug |
tandya ngucapakên ringgit |
kusuma Rêtna Supraba |
umatur saha wotsari |
dhuh sang kalêngkaning jagad |
pun dasih anuwun runtik ||

50.
Dene dahat kamipurun |
umatur panduka aji |
dhuh pukulun paran marma |
paran ta kang dadi sisip |
sakenjing datan ngandika |
sanès lan duk wingi-wingi ||

51.
Mèsêm ngandika sang prabu |
babo ratuning mamanis |
yayi aywa salahcipta |
nora yèn mangkono gusti |
dhuh yayimas wruhanira |
raosing tyasku sakenjing ||

52.
Tansah maras kêpyur-kêpyur |
sumêlang anggung kuwatir |
nêmbah atur Kèn Supraba |
pukulun sri narapati |
punapa dados sumêlang |
dene wus nèng suwargadi ||

53.
Kèn Wilutama sumambung |
pukulun kang bokmanawi |
raka paduka sang nata |
kangên garwane kakasih |
putri adi ing Mandura |
nadyan kathah para rabi ||

Jilid 2 - Kaca : 284

54.
Woding tyas amung puniku |
tuhu musthikaning putri |
kusuma Wara Sumbadra |
jêr sang nata sampun lami |
siniwi nèng Tênjomaya |
sang nata mèsêm lingnya ris ||

55.
Intênku ratuning ayu |
si kakang nora angimpi |
maksih jênak sandhing sira |
kunêng kang lagya pradondi |
yitma kalih praptanira |
ngintip satêpining kori ||

56.
Mardadari alon muwus |
nyata yèn ngebat-ebati |
sawarga ing Tenjomaya |
Kesawa aris nauri |
rara payo nuli mêdal |
wus tutug (ng)gonku ningali ||

57.
Payo nutugake laku |
Mardadari ris nauri |
kakang sarèhna sadhela |
pitakonku durung dugi |
dadine ing Tenjomaya |
panggonnane pra apsari ||

58.
Kakang sapa ingkang lungguh |
siniwakèng made rukmi |
dêlênge kaya manungsa |
ingadhêp pra widadari |
jarene ing Tenjomaya |
tan kêna wong lanang manjing ||

59.
Sanadyan pra jawatèku |
iya nora kêna manjing |
aja kang jalma manungsa |
sêmune kang linggih iki |
kaya kang duwe kadhatyan |
absari minangka rabi ||

60.
Kesawa ngandika arum |
bênêr ujarira yayi |
sawarga ing Tenjomaya |
tan kêna ingambah jalmi |
sanadyan para jawata |
linarang de Hyang Pramèsthi ||

61.
Mung kang siniyan dewagung |
minangka lananging bumi |
ingambil putra suraya |
de Hyang Endra Surapati |
iku panêngah Pandhawa |
kadange Sri Darmasiwi ||

62.
Duk mau manira tutur |
sapa wonge kang antuk sih |
katrima Hyang Jagadnata |
ginanjar ing sawargadi |
yayi iku wruhanira |
Prabu Karithi linuwih ||

63.
Radèn Janaka rannipun |
paparab Radyan Prêmadi |
satriya ing Madukara |
tuhu kalêngkaning bumi |
lalananging jagadraya |
tur kayun pidaraèni ||

64.
Bisa urip loro iku |
anèng Marcapada urip |
anèng Endraloka gêsang |
beda lan liya-liyaning |
tan bisa mring Suralaya |
yèn nora kalawan mati ||

Jilid 2 - Kaca : 285

65.
Yèn Radèn Janaka iku |
sakarêp-karêpe dadi |
pratandha janma utama |
tuhu musthikaning bumi |
Mardadari ris turira |
kakang ingsun ngrungu warti ||

66.
Rahadèn Janaka iku |
mring kadange aprajanji |
kalima pisan ubaya |
mati urip aja kari |
papa arja wong lilima |
lan manèh pangrungumami ||

67.
Garwane padmi kang sêpuh |
putri ing Mandura nagri |
akèh ingkang para garwa |
mung iku antuk prajanji |
anjanmaa kaping sapta |
nora pisah wong kakalih ||

68.
Wusana kakang puniku |
ngenak-enak nèng swargadi |
tan eling kadang myang warga |
dadi cidra ing prajangji |
lali kadang warga putra |
saking kalimputing mukti ||

69.
Kakang yèn mangkono iku |
tan layak dadi kakasih |
jare lalananging jagad |
musthikaning wong sabumi |
linuwih wong sabuwana |
jêbule lonyo ing janji ||

70.
Dadi wêkasane mêsum |
(n)jalêbut kirang utami |
dora dadi loking jana |
sudi-sudine ngarani |
mungguh yèn ta ingsun kakang |
mimitra bae tan sudi ||

71.
Kesawa ngandika arum |
rara payo nuli mijil |
mênèk sêlak kawênangan |
Janaka manungsa luwih |
pasthi nora kasamaran |
Mardadari matur aris ||

72.
Kakang ingsun durung tutug |
mêngko sadhela lamun wis |
tutug ênggonku tumingal |
Kesawa ngandika aris |
rara sêmune wong ika |
tan samar mring sira mami ||

73.
Rara payo age mêtu |
umatur Kèn Mardadari |
mokal kakang yèn uninga |
Janaka manungsa yêkti |
nadyan ingkang para dewa |
mangsa wruha marang mami ||

74.
Kesawa ngandika arum |
yèn pra dewa bênêr tan wrin |
nanging yèn Radèn Janaka |
tan samar ing agal rêmit |
sabab wus raga-bathara |
tan loro datan sawiji ||

75.
Ki dhalang nyêmpala gupuh |
kêprak kêcèk lan ngêndhoni |
gêndèr mungêl ada-ada |
Janaka kumitir ririh |
kèndêl ingkang ada-ada |
ki dhalang carita malih ||

Jilid 2 - Kaca : 286

76.
Wau ta Kirithi prabu |
wus dangu dènnya mangèksi |
yitma kalih rêrasanan |
sariranya dènrasani |
ingumpah dènundhamana |
sang nata duka tan sipi ||

77.
Jajabang-malatu-latu |
kumêjot padoning lathi |
yitma kalih anggraita |
yèn sang prabu dahat runtik |
ki dhalang nyêmpala kothak |
sêsêg palajêngan muni ||

78.
Yitma kakalih umamprung |
Janaka tumêdhak aglis |
saking ing dhampar kancana |
jumangkah gya dèn-gondhèli |
mring Supraba saha garwa |
gangsa suwuk crita malih ||

79.
Èh si nanêka ywa mlayu |
tutugna wuwusmu dhisik |
saparanmu dene dahat |
mêjanani mring Prêmadi |
dèntangguh aja lumajar |
Supraba kagyat miyarsi ||

80.
Kang raka duka kalangkung |
umatur saha wotsari |
pukulun wontên punapa |
paduka yayah sinipi |
sumbar-sumbar tan lawan |
dhuh èngêta prabu mami ||

81.
Pra garwa sadaya muwus |
sri narendra dèn-gondhèli |
pra sami matur ngrêrêpa |
pukulun sri narapati |
têka salah panggraita |
punapa ingkang kaèksi ||

82.
Sang nata ngandika asru |
uculêna yayi dèwi |
sun nora salah graita |
layak sira tan udani |
wus yayi padha kariya |
pun kakang aminta pamit ||

83.
Pra garwa kinipatkên wus |
mungêl palajêngan malih |
lumajêng sarwi ngandika |
antènana ywa ngoncati |
para garwa kang tinilar |
karuna ngungun tan sipi ||

84.
Kèn Supraba ngandika rum |
wis padha mèndêla yayi |
mokal yèn salah paningal |
(n)jêng pangran manungsa luwih |
pasthi tan salah graita |
nêngna kang para absari ||

85.
Ing Tenjomaya kapungkur |
sang Parta tansah nututi |
yitma kakalih lumajar |
uninga yèn dèntututi |
sang Parta tansah susumbar |
mandhêga aywa ngoncati ||

86.
Ing kene padha prang pupuh |
sakarêpmu sunladèni |
aja sira ngundhamana |
arêp ngayoni Prêmadi |
ngakuwa wong ngêndi sira |
sapa jênêngmu cariwis ||

Jilid 2 - Kaca : 287

87.
Mardadari langkung ngungun |
dene sang Parta nututi |
kinira datan uninga |
ngandika sang maharêsi |
tan linyok ujarku apa |
si Janaka anututi ||

88.
Duk mau manira tutur |
gya ngêmpêt yitma kakalih |
cumalorot kadi kilat |
sang Parta tansah nututi |
tutwuri saparanira |
sarwi aso angêntèni ||

89.
Wus pêrak ing dhepokipun |
pratapan kang Sapta-wringin |
yitma kalih musna ilang |
sang Parta kecalan lari |
ngungun mangu jroning nala |
nanging mêksa nêdya ngungkih ||

90.
Tan lêga raosing kalbu |
kalamun nora pinanggih |
suka matia nèng wana |
wau ta yitma kakalih |
wus sami manjing angganya |
saengga tangining guling ||

91.
Sang Kesawa pungun-pungun |
lan ari Kèn Mardadari |
lir kaduwung solahira |
ya ta Rahadyan Prêmadi |
dumrojog tanpa larapan |
prapta ngarsane sang yogi ||

92.
Ki dhalang nyêmpala dhrudhug |
palajêngan suwuk nuli |
ada-ada maksih sanga |
kêprakhya tinitir ririh |
nutug dènya ada-ada |
ki dhalang carita malih ||

93.
Sang Kesawa lon umatur |
ngaturan sênggang pambagi |
ing wingking pundi pinangka |
sintên sinambating wangi |
aris nauri sang Parta |
yèn sira tambuh ring mami ||

94.
Arya Dananjaya ingsun |
iya Rahadyan Prêmadi |
Arjuna iya Palguna |
Janaka Prabu Karithi |
sinatriya Madukara |
madyaning Pandhawa mami ||

95.
Hèh sang tapa sapa ranmu |
ya ta sang wiku duk myarsi |
pangandikane sang Parta |
angguguk aris nauri |
dhuh babo saijab-ijab |
jênênge têka (n)dhèwèki ||

96.
Radèn (n)dangu nama ulun |
kula botên gadhah nami |
nunut paduka kewala |
ingkang sampun sugih nami |
sang Dananjaya duk myarsa |
wangsulanira sang yogi ||

97.
Sêmu duka dahat ngungun |
dhasaring tyas durung lilih |
nalika ambujung yitma |
ngandika sru sêmu runtik |
hèh sang tapa wruhanira |
praptèngngong ngarsamu iki ||

Jilid 2 - Kaca : 288

98.
Ingsun ngupaya buronku |
parane marene pasthi |
sira ingkang nyingidêna |
sang wiku aris nauri |
tan wontên kidang mênjangan |
sang Parta ngandika malih ||

99.
Dudu kidang kang sun luru |
manungsa lanang lan èstri |
kang dèn-ungsi pasthi sira |
hèh sang wiku aywa kumbi |
yèn sira nora pasaja |
dadi liru sira pasthi ||

100.
Sang wiku alon umatur |
radèn sumangga sakapti |
têmên kula tan uninga |
ya ta Rahadyan Prêmadi |
sadangunira raosan |
seje ingkang dèntingali ||

101.
Sawingkingira sang wiku |
unggyaning Dyah Mardadari |
sang Parta datan darana |
ngandika sru hèh sang yogi |
sapa kang nèng wurinira |
apa kadang apa rabi ||

102.
Tuwin apa atmajamu |
sang wiku duk amiyarsi |
pangungunira ing driya |
têku (ng)glathak pyayi iki |
wasana aris turira |
punika kadangkulèstri ||

103.
Sang Parta ngandika arum |
yèn mangkono sang ayogi |
kadangira ingsun alap |
arsa manira (ng)go rabi |
sang wiku aris turira |
radèn amba nyuwun runtik ||

104.
Kadang-kawula puniku |
sayêkti wus darbe laki |
sun tan wêdi mring kang lanang |
sira wiku ywa ngacuwis |
pangomèlmu tanpa karya |
cêkak bae ja ran kapti ||

105.
Sira bangga apa nutut |
yèn nutut kadangmu èstri |
aturna jênêngmanira |
yèn bangga ingsun ladèni |
dak uja sakarsanira |
ya ta sang wiku duk myarsi ||

106.
Sangêt krodha lir tinunu |
netra (n)dik ngandika wêngis |
hèh si anêka gumampang |
têka lumuh sunajèni |
dumèh wong ngarga tinarka |
tan wani marang priyayi ||

107.
Iki tibane patimu |
gangsa palajêngan muni |
tinubruk kinêmah-kêmah |
sinabêtakên waringin |
binuwang wus tiba têbah |
sang Parta wangsul marpêki ||

108.
Kesawa krodha tumanduk |
angundha sela saèsthi |
sang Parta binandhêm endha |
nulya amênthang jêmparing |
lumêpas astra tumama |
sang wiku niba ngêmasi ||

Jilid 2 - Kaca : 289

109.
Wangke musna tan kadulu |
ayak-ayakan kang gêndhing |
mêdal sang narendra Krêsna |
mèsêm angawe kang rayi |
sang Arjuna duk tumingal |
gupuh dènnya malajêngi ||

110.
Gapyuk anungkêmi suku |
umatur saha wotsari |
dhuh pukulun aksamanta |
dene langkung kumawani |
tan graita yèn paduka |
sokur kapanggih basuki ||

111.
Sri Krêsna ngandika arum |
ya bangêt tarima-mami |
kaipe nora kayaa |
gawe prihatine ngati |
Rêtna Sumbadra wotsêkar |
mangraup padaning laki ||

112.
Ayak-ayakan sinuwuk |
nulya suluk lantik-lantik |
yun gantya pathêt manyura |
sakèndêling suluknèki |
ki dhalang ngucapkên Krêsna |
awawarti mring Prêmadi ||

113.
Kaipe kawruhanamu |
ing Cintakapura nagri |
katêkan mungsuh prawira |
Bambang Partadewa nami |
dene kadang-kadangira |
êmbuh mati êmbuh urip ||

114.
Marma tilar prajanipun |
tandya mundur Pandhusiwi |
wara Sumbadra binêkta |
dinunung nèng ali-ali |
Krêsna nusul (n)jumantara |
gambuh Kututmanggung gêndhing ||

159 Gambuh

1.
Ginantya adêgipun |
Bambang Partadewa anèng ngayun |
Gathutkaca lawan Tambakganggêng patih |
wus ngêlik gêndhing jinantur |
kyai dhalang gya cariyos ||

2.
Sigêg Ringin-kapitu |
mangkya gantya kang winarnèng kidung |
Partadewa pinarak madyèng pandhapi |
ngandika hèh kaki prabu |
Gathutkaca putraningong ||

3.
Mêtua sira kulup |
lah pêthukên dhayoh kang yun rawuh |
kang liningan nêmbah sapraptaning (n)jawi |
nuju praptane sang wiku |
dyan arya matur wotsinom ||

4.
Pukulun sang awiku |
ingaturan laju mring kadhatun |
Rêsi Durna mèsêm aris anauri |
kalingane sira kulup |
kinèn amêthuk maringong ||

Jilid 2 - Kaca : 290

5.
Wus kerit sang awiku |
sinêsêkkên gêndhing wus tumundhuk |
ingacaran ri wusnya atata linggih |
Brêkututmanggung sinuwuk |
Sri Partadewa lingnya lon ||

6.
Katuran sang awiku |
panakrama-mba sarawuhipun |
wiku sabda kalangkung tarima-mami |
panakramanta sang prabu |
katampèn ing ngasta karo ||

7.
Partadewa umatur |
punapa wontên karsa sang wiku |
prapta nagri ing Cintakapura ngriki |
aris manabda sang wiku |
hèh robaya praptaningong ||

8.
Ingutus sang aprabu |
manira baya kinèn andangu |
sira ngaku mitrane Sri Darmasiwi |
sang nata nêmbe angrungu |
manira marmane kinon ||

9.
Ngyêktèkkên yaktinipun |
hèh robaya manira yun wêruh |
saking pundi pinangka miwah sudarmi |
sang Partadewa lingnya rum |
lamun palibaya takon ||

10.
Inggih pinangka ulun |
saking ing Kelasarupa gunung |
kang ayoga sang Kelatarupa Rêsi |
sang Kumbayana duk ngrungu |
angguguk sarya nabda lon ||

11.
Yèn makatên saèstu |
jêngngandika ing jagad pinunjul |
awit wêton ing Kelasarupa wukir |
wus kuna limpat ing kawruh |
agal alus rungsit elok ||

12.
Nêdha sira kalamun |
nyata wêton ing Kelasa gunung |
hèh jawabên iki ana sual-mami |
yèn andika bisa (n)dumuk |
sayêkti agêng ingkang toh ||

13.
Manira angguguru |
lawan manêmbah mangraup suku |
sira yèn tan bisa jawab sual-mami |
dadining kasor dèningsun |
pasthi andika sunboyong ||

14.
Tan wurung suntalikung |
sun-gawa mring Ngastina saèstu |
awit sira wus kasoran dening mami |
sang Partadewa lingnya rum |
winêdharêna dèn-gupuh ||

Jilid 2 - Kaca : 291

15.
Manira age yun wruh |
wiku nabda dèn-anglèng pangrungu |
ingkang swara gora rupa (m)bêbayani |
rupa tanpa swara iku |
swara tan rupa yèn tinon ||

16.
Dene datanpa catur |
adoh tanpa wangênan anglagut |
ingkang pêrak nora sasenggolan yêkti |
lan nêdha badhenên gupuh |
têlas (ng)gonmanira criyos ||

17.
Ngong batang sira tan wruh |
mangsa bisaa jawab sualku |
lah anêdha sira batangên dèn-aglis |
hèh pucêt ulate payus |
aywa gugup aywa dhompo ||

18.
Sun pandhita linuhung |
padha yèn padhaa (m)bari ingsun |
sun pandhita konyor-konyor kênyir-kênyir |
ing tapa matêng wus dalu |
pawitaningsun wus dados ||

19.
Wau ta duk angrungu |
sang Partadewa mèsêm lingnya rum |
hèh sang wiku aywa age sukèng galih |
dèrèng kinantên saèstu |
yèn tan sagêt jawab ingong ||

20.
Hèh sang wiku puniku |
pamanggihkula sualirèku |
ingkang swara gora rupa (m)bêbayani |
punika sayêkti latu |
têgêsipun karna karo ||

21.
Asal saking ing latu |
dunungira pan inggih pangrungu |
ingkang rupa datanpa swara sayêkti |
punika sayêkti mêndhung |
mêndhung dados toya jawoh ||

22.
Apan netra puniku |
asal saking ing toya puniku |
dunungira apan paningal sayêkti |
swara tanpa rupa iku |
punika angin sayêktos ||

23.
Karana asalipun |
dunungira pan inggih pangambu |
adoh tanpa wangênan tan anggêpoki |
kakalih pêthèkanipun |
bumi langit kang sayêktos ||

24.
Dene ta dunungipun |
anèng rasaning ilat saèstu |
jangkêp catur paliwara kang sayêkti |
kantha warna lan pangambu |
rasa jangkêpe sagolong ||

25.
Jangkêpira pipitu |
rupa urip lan sabda puniku |
amangsuli ingkang tan prak lan kang têbih |
kaliye batanganipun |
punika apan Hyang Manon ||

Jilid 2 - Kaca : 292

26.
Lawan manungsanipun |
yèn adoha ing panggènannipun |
apan têka (ng)gonnira manêmbah sami |
witne yèn pêrak puniku |
eba (ng)gonne lendhat-lendhot ||

27.
Inggih sayêktinipun |
nora pêrak tan têbih puniku |
Hyang Wisesa sayêktine anglimputi |
nora ngisor nora luhur |
tan wetan lor kidul kulon ||

28.
Sayêkti tan maujut |
mung dumunung kang sampurnèng kawruh |
jangkêpipun pitu kang tigang prakawis |
rupa urip sabda iku |
têgêsipun pisah golong ||

29.
Rupa-rupa kang tuhu |
urip ingkang datan kênèng lampus |
sabda têmên lawan pangucap sayêkti |
pangucap trus jroning kalbu |
lan ana nyatane kono ||

30.
Winastan sabda iku |
marmanira para pandhitèku |
pangucape dènarani sabda awit |
bênêr ing saujaripun |
sabdane pasthi kalakon ||

31.
Tan pisan lamun dudu |
yèn makatên andika puniku |
nora dora wit sabda duwèking rêsi |
sang Rêsi Druna sumaur |
pasthi ingsun nora linyok ||

32.
Sang Partadewa muwus |
kula mirêng pawarta satuhu |
nguni wontên raja pandhita linuwih |
Ngatasangin prajanipun |
nama Sri Maruta katong ||

33.
Putra satunggal jalu |
Rêsi Baratmadya ugi ratu |
wus linuwih tan pae lawan sudarmi |
Baratmadya asusunu |
Bagawan Dupara kaot ||

34.
Ing tapa wus linuhung |
Rêsi Dupara puputra jalu |
warna pêkik kasutapanya wus ngênting |
Bambang Kumbayana punjul |
lawan sasamining nguwong ||

35.
Sang Kumbayana iku |
kinèn krama ing rama tan ayun |
tansah dènnya subrata amatiragi |
katarima dènnya nêngkung |
antuk wisiking Hyang Manon ||

36.
Hèh Kumbayana lamun |
sirarsantuk nugrahèng dewagung |
lumakua sira marang tanah Jawi |
ana titah ing dewagung |
ingaran Pandhawa katong ||

Jilid 2 - Kaca : 293

37.
Iku kakasih tuhu |
sapa wonge kang nêdya ngalulut |
momong marang nata Pandhawa sayêkti |
ing donya dêlahan antuk |
nugraha sawarga kaot ||

38.
Sang Kumbayana wau |
duk miyarsa kalangkung kapencut |
dyan umangkat sapraptaning tanah Jawi |
tan momong Pandhawa prabu |
karsanira têmah menggok ||

39.
Ngastina kang jinujug |
amomong marang Kurawa prabu |
dadya nora nêtêpi jênênging rêsi |
têka lincat sabdanipun |
nanging duk nalika rawoh ||

40.
Pinggiring samodra gung |
nora nana palwa kang kadulu |
nadyan gèthèk apan tan ana kaèksi |
Kumbayana dahat ngungun |
sru kasmaran ing pawartos ||

160 Asmaradana

1.
Sumungkêm asru sêmadi |
nênêdha marang jawata |
sagêda dugi karsane |
nabrang madyaning samodra |
têkane tanah Jawa |
tyasira dahat kapencut |
èngêt wisiking jawata ||

2.
Katrima dènya sêmadi |
wontên parmaning jawata |
warni kuda prapta alon |
mêndhak nèng ngarsa sasmita |
ya ta sang Kumbayana |
graita tyas numpak gupuh |
cêmplo kuda wus ginêtak ||

3.
Kuda ngrab nyabrang jaladri |
prapta madyaning samodra |
sang Kumbayana duk wêruh |
lamun kudèku wanita |
samana darbe karsa |
sarèhning panggenan suwung |
supe ing tindak kanisthan ||

4.
Sang rêsi lawan turanggi |
(ng)garbini sawusing mangsa |
amijil priya putrane |
pêkik ing suwarnanira |
kuciwa nganggo tracak |
labêt kuda ingkang ibu |
nama Bambang Aswatama ||

5.
Ki dhalang nyêmpala aglis |
kothak nulya ada-ada |
Druna narik candrasane |
hèh Partadewa kaparat |
iki kang sira ajab |
gangsa sampak Druna nêmpuh |
kabur pinapag maruta ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (36b) Kaca 264 – 274
  • (38a) Kaca 293 – 309 >