Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (36b) Kaca 264 – 274

 

( Dara Murtasiyah Purun Ngladosi Sèh Ngarip Gadhah Anak Estri )

c). Kalampahan Dara Murtasiyah purun ngladosi Sèh Ngarip ngantos gadhah anak èstri satunggal, nanging tampi cobining Allah, kalêpatan botên sapintêna. Dara Murtasiyah katundhung dening bojonipun. Tiyang sêpuhipun ugi nglêpatakên Dara Murtasiyah, nyuwun toya kangge sangu kesah kemawon botên dipunparingi. Salajêngipun Dara Murtasiyah lumêbêt ing wana, angsal pitulungipun Gusti Allah katurunan malaekat Jabarail ingkang adamêl warninipun malih langkung ayu sangêt. Wangsul dhatêng bojonipun, sakawit botên mangêrtos, nanging wêkasanipun barès, andadosakên sakalangkung ngungunipun ingkang jalêr, lajêng kapok botên badhe daksiya malih dhatêng ingkang èstri.


Kaca 251 - 274.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 264

154 Kinanthi

59.
Sampun tuwan purun-purun |
ngandhêg kajate wong miskin |
Nabiyolah andêdonga |
takdirulah amarêngi |
pan malêkah kuburira |
ni (m)bok Ngabdullah Johari ||

60.
Mêlu saking jroning kubur |
dupi ki Ngabdullah uning |
kalamun rabine gêsang |
mêtu saking kubur linggih |
nanging warna malih ala |
Ngabdullah matur ing Nabi ||

61.
Ya Nabiyolah puniku |
dede rabi kula dhingin |
warnane kalangkung endah |
ayu manis mêrakati |
puniku rupane ala |
nyarungus rambut barindhil ||

62.
Nabi Ngisa ngandika rum |
iya rabinira iki |
mulane rupane ala |
bangêt prihatining ati |
ngarsakakên pancabaya |
ing kubur awarni-warni ||

63.
Ngabdullah Johari matur |
tuwan suwunna ing Widdhi |
mantuka warnane kuna |
Nabi Ngisa anuruti |
tumênga (n)donga ing Suksma |
nulya warna ayu malih ||

64.
Sawuse malih warnanya |
wadon Ngabdullah Johari |
sampun musna Nabi Ngisa |
mangkana Ngabdullah laki |
(m)bojakrama rabinira |
kinudang lawan liniling ||

65.
Dhuh bandaraku wong ayu |
kang ngilangakên prihatin |
lawase sira nèng kerat |
baya dinus guna-dhêsthi |
dening kang para malekat |
mundhak antêng (n)jatmikani ||

66.
Kathah wêtuning pangungrum |
rabine tan anauri |
kaku atine Ngabdullah |
(n)dodonga katur ing Widdhi |
tumênga ing awang-awang |
jlêg rawuh Nabi Ngisa ris ||

67.
Ngabdullah Johari matur |
dhuh kadipundi (n)Jêng Nabi |
rabikula tan kumêcap |
tuwan dongakna ing Widdhi |
inggih sagêta micara |
kadi uripe ing nguni ||

68.
Jêng Nabi ngandikanipun |
rabimu uga wus mati |
sira kariya papanggya |
kadya anggane wong ngimpi |
têka sira paripêksa |
kadya uripe kang dhingin ||

69.
Ngabdullah tumêngèng luhur |
anjêlèh matur ing Widdhi |
Hyang Suksma Kang Sipat Rahman |
jlêg tumurun Jabarail |
matur maring Nabi Ngisa |
ya Nabining Hyang sayêkti ||

Jilid 2 - Kaca : 265

70.
Ya ta Ngabdullah gya matur |
mring Malekat Jabarail |
minta gêsanging rabinya |
supados bisaa angling |
angandika Nabi Ngisa |
èh kisanak Jabarail ||

71.
Pintên karine kang umur |
pun Ngabdullah lanang mangkin |
Jabarail aturira |
kawula (m)botên udani |
malih Nabi angandika |
yèn makatên (n)dika bali ||

72.
Matura Hyang Maha Agung |
gya mentar ki Jabarail |
wus praptèng Kalaratulah |
pangandikane Hyang Widdhi |
umure wau Ngabdullah |
nênggih kantun sèkêt warsi ||

73.
Malekat Jabrail wangsul |
panggih lawan Kangjêng Nabi |
ngaturakên umurira |
ki Ngabdullah ingkang kari |
sampun Nabiyolah amba |
matur Kalaratulahi ||

74.
Amung kantun sèkêt taun |
umure Ngabdullah mangkin |
tuwan tari lamun suka |
angsung umure sapalih |
dèntari Ngabdullah lila |
asung umure sapalih ||

75.
Malih Jabarail matur |
ya Nabiyolah puniki |
isimulah tuwan waca |
kalimah pipitu amrih |
tuwan kawasa amulat |
ing kodratulah kang gaib ||

76.
Mangka Nabi Ngisa gupuh |
andodonga maca isim |
-mulah kang pitung kalimah |
saking mujijating Nabi |
Ngisa Roholah kalawan |
bêrkating ngisimulahi ||

77.
Nulya (m)bok Ngabdullah matur |
atur salam mring (n)Jêng Nabi |
sawusira sinauran |
Nabi lajêng mituturi |
eling-eling (m)bok Ngabdullah |
aja kiyanat ing laki ||

78.
Lan aja cidra ing kakung |
dènsêtya tuhu ing laki |
dèngêdhe tarimanira |
mring lakinira dènwêdi |
wong palacidra ing priya |
papa naraka pinanggih ||

79.
(m)Bok Ngabdullah aturipun |
ya Nabiyulah kang mugi |
angsala sapangat tuwan |
(m)botên pisan-pisan kami |
sêdya acidra ing priya |
punapa wawalêsmami ||

Jilid 2 - Kaca : 266

80.
Sinungan sapalih umur |
tur agêng sihe kapati |
dhumatêng awak-kawula |
laki-kawula nuhoni |
jangjine sabaya-pêjah |
paran sagêda gumingsir ||

81.
Nabiyulah ngandika rum |
èh ki Ngabdullah Johari |
wis ajakên rabinira |
mulih ngomahira nuli |
lawan ingsun amêmêkas |
mring sira poma dèneling ||

82.
Bilainira ing pungkur |
dadalan rabimu iki |
yèn sira aduwe kajat |
arêp katêmu lan mami |
aja tinggal marganira |
kang uwis kalakon dhingin ||

83.
Gaib Nabi musna sampun |
Ngabdullah kari jalwèstri |
nulya mangkat maring wisma |
sajroning nagara Mêsir |
lumaku alon nèng marga |
bungah manahe tan sipi ||

84.
Dupi lakune mèh tutug |
lawang watêsing nagari |
angucap Ngabdullah lanang |
rubiyah rèrèna dhingin |
ingsun anjupuk makêna |
lawan kukudhung wastradi ||

85.
Karana iki malêbu |
ing praja kèh wong udani |
mring sira nora makêna |
pasthi akèh kang ngèsêmi |
ingsun ingkang kawirangan |
pae dhingin ingsun yayi ||

86.
Kala pisah lan sirèku |
polahku kaya wong baring |
mêngko mulih kajatmikan |
rèrèna ing kene dhingin |
ingsun anjupuk makêna |
ki Ngabdullah nulya mulih ||

87.
Maratuwane katêmu |
anulya dipun tututi |
èh rama putra-andika |
ing mangke pan sampun urip |
maratuwane angucap |
sira iki andalêming ||

88.
Ngêndi ana wong wis lampus |
têlung taun bisa urip |
ki Ngabdullah asru ngucap |
ing mangke (n)dika tingali |
kawula nêdha makêna |
lawan kukudhung dènaglis ||

89.
Kawula ajake mantuk |
anulya dipun ulungi |
Ki Ngabdullah nulya kesah |
age-age banjur mampir |
atutuku papanganan |
dêdoyanane kang èstri ||

90.
Sawusira atêtuku |
marang (n)gènnira kang èstri |
kapanggih Ngabdullah ngucap |
yayi sun wus tigang warsi |
tan wruh rasaning panganan |
lah payo sarêng ambukti ||

Jilid 2 - Kaca : 267

91.
Dènatag nganggo kukudhung |
lan makênanira nuli |
lumaku alon-alonan |
kawêngèn anèng ing margi |
wimbuh sukaning wardaya |
sapraptanira ing kori ||

92.
Katêmu minêb kang pintu |
alèrèn pinggiring kori |
angucap Ngabdullah lanang |
sun iki kaliwat arip |
lawase pisah lan sira |
durung wruh rasaning guling ||

93.
Lah pangkunên sirahingsun |
sadhela ingsun aguling |
gya pinangku sirahira |
Ngabdullah marang kang èstri |
lajêng kapati anendra |
kadya mas kalêbèng warih ||

155 Maskumambang

1.
Malah kongsi karainan maksih guling |
kasorotan surya |
cahyanira anêlahi |
sênênning agama mulya ||

2.
Kawarnaa sri naranata ing Mêsir |
miyos acangkrama |
praptèng lawang aningali |
marang Johari Ngabdullah ||

3.
Pan aturu sirahe pinangku èstri |
warnanira endah |
kagiwang sang natèng Mêsir |
aningali (m)bok Ngabdullah ||

4.
Angandika aris sang raja ing Mêsir |
èh sira wong apa |
anèng kene dene sarwi |
mangku sirahe wong edan ||

5.
Dene eman warnanira ayu luwih |
lulut ing wong edan |
pantês dadya garwamami |
tur sira mukti wibawa ||

6.
(m)Bok Ngabdullah kumênyut mulat sang aji |
dening bagusira |
sarta pangandika manis |
umatur wadon Ngabdullah ||

7.
Tuwan sintên angandika raja mêsir |
iya ingsun raja |
ing Mêsir ingkang ngratoni |
matur malih (m)bok Ngabdullah ||

8.
Yèn makatên tuwan ingkang angratoni |
mring awak-kawula |
lah kawula nyuwun adil |
(m)botên suka botên lila ||

9.
(ng)Gih kawula kianiaya wong baring |
puniki kang nendra |
pêksa marusa ing mami |
yèn botên tuwan ukuma ||

10.
Pasthi ulun nagih ing akerat benjing |
nèng ngayunaning Hyang |
paduka kang uluntagih |
yèn tan ngukum wong niaya ||

Jilid 2 - Kaca : 268

11.
Ratu ingkang kuwajiban angadili |
mring wong nganiaya |
dene kawula puniki |
tanayanipun ki Suplan ||

12.
Sampun mashur sajroning nagari Mêsir |
ki Suplan santosa |
duk wingi kawula lagi |
arsa ngujung mring wong tuwa ||

13.
Anèng marga cinêkêl saking ing wingking |
mring titiyang edan |
puniki kang lagi guling |
dipun enggal adilana ||

14.
Wus tumêdhak raja Mêsir ngandika ris |
apa karêpira |
umatur Ngabdullah èstri |
tuwan tugêla kang murda ||

15.
Nuntên amba tuwan bêkta dhatêng puri |
gya anarik pêdhang |
karsa amêdhang kang guling |
mèh lali ing kukumulah ||

16.
Marmaning Hyng Kanggêg manahe sang aji |
ngunandikèng driya |
eman jênêngingsun aji |
dadya aris angandika ||

17.
Èh wong ayu sira manjinga jro puri |
anungganga jaran |
mêngko sapungkurmu yayi |
sun patenane si edan ||

18.
Eman sira aja kacipratan gêtih |
mêngko yèn wus pêjah |
ingsun mulih marang puri |
lah mara sira dènenggal ||

19.
Sirahira kang lanang sinèlèh siti |
wus anitih kuda |
banjur lumêbèng jro puri |
ana dene ki Ngabdullah ||

20.
Gumalundhung nèng siti maksih aguling |
raja Mêsir agya |
pêdhangnya cinêlup gêtih |
ing menda binêktèng pura ||

21.
Sarawuhe ing pura sri narapati |
animbali marang |
ni (m)bok Ngabdullah Johari |
andikanira sang nata ||

22.
Yayi uwis ngongpêdhang wong edan mati |
anulya cinandhak |
pêdhang ana tilas gêtih |
dinilat mring (m)bok Ngabdullah ||

23.
Têka eram raja Mêsir aningali |
mring pratingkahira |
wadon Ngabdullah Johari |
ngandika sajroning nala ||

24.
Iya apa sababe wong edan asih |
mring wong iki iya |
pratingkahe sun-yêktèni |
atine kaliwat ala ||

25.
Kawarnaa ki Ngabdullah kang aguling |
kasorotan surya |
ngalilir banjur alinggih |
mulat rabine tan ana ||

26.
Dipun nyana mulih maring kubur malih |
sinusul tan ana |
mring wismane tan kapanggih |
martuwane tinakonan ||

Jilid 2 - Kaca : 269

27.
Martuwane anêbut sarwi nuturi |
adhuh anakingwang |
rabimu uga wus mati |
lawase wus tigang warsa ||

28.
Sira tunggu kubure raina wêngi |
mêngko takon mring wang |
sira iku maksih baring |
budimu akulèwèran ||

29.
Pan anjêlèh sirahe Ngabdullah sarwi |
pinopok ing lêmah |
tatanggane padha angling |
ki Ngabdullah nyata edan ||

30.
Ngêndi ana wong wis mati bisa urip |
sira tutur gêsang |
padha dènguguyu maring |
wong kathah sasolahira ||

31.
Pan awuwuh Ngabdullah sataun malih |
prihatinirèng tyas |
lali nadhah lawan guling |
saya sru ngasmarèng driya ||

156 Asmaradana

1.
Kang duwe hikayat angling |
sawiji dina Ngabdullah |
Johari linggih ing bango |
prênah sapinggiring ratan |
anuju kajinêman |
nyinggahakên wong lumaku |
kabèh kang rupa wong lanang ||

2.
Milane mangkono dening |
para garwane sang nata |
sadayanya arsa miyos |
papara arsa mring sêndhang |
mila sakèh wong lanang |
kang samya anèng lulurung |
tuwin kang anèng ing pasar ||

3.
Sadaya padha sumingkir |
amung kari ki Ngabdullah |
alinggih ngisoring bango |
anèng sapinggiring marga |
mangkana ciptanira |
bayèngsun ing mêngko wêruh |
para garwane sang nata ||

4.
Ayu êndi warnanèki |
lawan rabiku (m)bok jênat |
sunlinggih ing kene bae |
prandene sun wus ingaran |
wong edan mring wong kathah |
mangsa kênaa sisiku |
kajinêman nulya prapta ||

5.
Angucap akon sumingkir |
èh wong edan alungaa |
aja alinggih ing kene |
ki Ngabdullah tan alunga |
banjur wong kajinêman |
kasusu ing praptanipun |
ingkang para dhayang-dhayang ||

6.
Samya anitih turanggi |
têgêse pra dhayang-dhayang |
para rara para wadon |
dhayang sawiji angucap |
lah wong edan lungaa |
padha rewange sumaur |
karêpe iku wong edan ||

Jilid 2 - Kaca : 270

7.
Margane kapatèn rabi |
aja sira urah-urah |
pan iku alungguh bae |
ajêjêl ingkang lumampah |
pra rabining satriya |
nulya rawuh para arum |
para garwaning sang nata ||

8.
Saking kathahe pawèstri |
ana kang arsa sikara |
mring ki Ngabdullah nyawowo |
ki Ngabdullah lincak-lincak |
solahe alêlewa |
dadya samya dèn-guguyu |
Ngabdullah awas tumingal ||

9.
Marang para putri-putri |
kang sami anèng wahana |
mangkana Ngabdullah kagèt |
(n)jêngêr mulat rabinira |
awor lan para garwa |
anitih kuda binuru |
cinandhak kêndhalènira ||

10.
Sarwi ngucap bênêr dhingin |
andikane Nabi Ngisa |
tanarsa anguripake |
marang sira pira-pira |
aturku kang amêksa |
anjaluk marang uripmu |
lan sira dhewe winêkas ||

11.
Wawarah dènwasiyati |
aja sira palacidra |
maringsun aja anggawe |
susah marang atiningsun |
karana uripira |
iku pinaringan umur |
saparone umuringwong ||

12.
Têlung taun sun prihatin |
apisah kalawan sira |
lan wuwuh sataun manèh |
ingsun edan saking sira |
sing palacidranira |
(m)bok Ngabdullah dahat rêngu |
kasêrêngan ujarira ||

13.
Ya pagene maksih urip |
sira nora pinatènan |
mêngko gulumu pêdhote |
gya cinandhak tanganira |
mudhun saking titiyan |
Ngabdullah acêluk-cêluk |
kabèh kawulaning Suksma ||

14.
Padha tingalana ugi |
yèn wong iki rabiningwang |
uwis sataun lawase |
minggat sing tanganingwang |
kaliwat palacidra |
Ngabdullah nulya kinêpung |
dening wong dalêm sadaya ||

15.
Samya angrêbut nulungi |
mring rabine ki Ngabdullah |
ana kang mêngkang tangane |
ana anapuk andugang |
ana ingkang amala |
nanging ta nora karêbut |
akancing panyêkêlira ||

16.
Dèn palaur jêlih-jêlih |
saking larane Ngabdullah |
pinala wong wadon akèh |
panyêkêle nora uwal |
dadya samya tinilar |
kasusu rawuh sang prabu |
kagyat Ngabdullah tumingal ||

17.
Johari nyêkêl kang èstri |
rinubung dening wong kathah |
kandhêg sang nata lampahe |
kang magêrsari akapang |
nyêdhak marang Ngabdullah |
nulya ki pangulu rawuh |
munggèng wurine sang nata ||

Jilid 2 - Kaca : 271

18.
Ngabdullah awas ningali |
mring pangulu anèng wuntat |
anulya dènarêpake |
sarya sru matur mangkana |
èh damaring nagara |
kawula anêdha kukum |
ing tuwan witte mangkana ||

19.
Rabingong minggat mring puri |
dènumpêtakên sang nata |
inggih sataun lamine |
ki pangulu atur sêmbah |
ya gusti Sahing Ngalam |
punika tiyang majênun |
andakwa dhatêng panduka ||

20.
(ng)Gih sêlir-dalêm kakasih |
ingkang cinêpêng punika |
apan inganggêp rabine |
kadya punapa parentah |
tuwan dhatêng kawula |
sang nata sangêt kumupyur |
marinding mulat Ngabdullah ||

21.
Kêkês sariranirèki |
rumangsa olèh dêduka |
mangkana lon andikane |
lah takonana apa |
duwe saksi bayinat |
sigra kiyai pangulu |
tatanya maring Ngabdullah ||

22.
Apa sira duwe saksi |
èh majnun ngaku rabinta |
Ngabdullah asru saure |
tuwan mundhut saksi-para |
ki pangulu saurnya |
saksi loro bae cukup |
Ngabdullah Johari mojar ||

23.
Saksi kawula Hyang Widdhi |
kapindo (n)Jêng Nabi Ngisa |
kang minangka saksiningong |
ki pangulu angandika |
lah mara têkakêna |
Nabiyulah Ngisa iku |
yèn gêlêm munggah bayinat ||

24.
Iya sun wèhakên nuli |
wong wadon iku mring sira |
Ngabdullah lunga mring (ng)gonne |
kalanira prajanjian |
kalawan Nabi Ngisa |
sapraptanira agupuh |
tumênga maring ngawiyat ||

25.
Mattur ring Hyang Mahasuci |
mugi amba panggihêna |
lan Nabi Ngisa samangke |
mustajab pandonganira |
saking eklasing manah |
jlêg Nabi Ngisa tumurun |
anèng ngarsane Ngabdullah ||

26.
Sumungkêm ing suku aglis |
Ngabdullah saha turira |
Ya Nabining Hyang kang awèh |
sapangat ing wong kasiyan |
amba dipun niaya |
inggih dhumatêng sang ratu |
ing Mêsir rabikawula ||

27.
Dèn-umpêtakên wus lami |
mangke kapanggih kawula |
kula têdha botên awèh |
anêdha saksi bayinat |
nyatane rabiamba |
yèn ta prapta saksinipun |
sinungkên èstri kawula ||

28.
Andikanira (n)Jêng Nabi |
yèn mangkono payo enggal |
suntêmonane sang katong |
gya mangkat sira Ngabdullah |
(n)dhingini lampahira |
sarwi lumayu-lumayu |
wus prapta sru dènnya ngucap ||

Jilid 2 - Kaca : 272

29.
Èh kali-damaring nagri |
ika Nabi Ngisa prapta |
ya ta kagyat sang akatong |
myarsa Nabi Ngisa prapta |
miwah pangulu samya |
agupuh dènnira mêthuk |
sang nata sawadyanira ||

30.
Mangkana cundhuk sang aji |
mangrêpa mring Nabi Ngisa |
Alkamdulillah ature |
tuwan anêdhaki amba |
pan pira-pira nikmat |
tuwan kang sampun dhumawuh |
ing kula margi Ngabdullah ||

31.
Mugi winêngangna kang dasih |
ngujung dalamakan tuwan |
Ki Ngabdullah sru wuwuse |
lah pundi rabikawula |
mugi tuwan têdhakna |
samangke mangke sang prabu |
kèndêl tan bisa ngandika ||

32.
Gumêtêr sariranèki |
karingête areweyan |
saking jrih tumêkèng batos |
nyana katêkan dêduka |
-ning Hyang wus ngrasa salah |
pangulu tarampil matur |
ya tuwanku Kabibullah ||

33.
Rabine Ngabdullah yakin |
sampun pêjah tigang warsa |
kadya punapa kukume |
kawula anyuwun wulang |
ngandika Nabi Ngisa |
mangkana purwane iku |
rabine Ngabdullah pêjah ||

34.
Wus têlung taun ananging |
Ngabdullah bangêt (n)dêdonga |
(n)jaluk uripe rabine |
mangka ngêndikaning Suksma |
mring sun kinèn dadiya |
iya lantaraning atur |
anêmoni si Ngabdullah ||

35.
(n)Jaluk uripe kang èstri |
sunsuwun Kalaratulah |
kalilan dening Hyang Manon |
nuli ingsun andêdonga |
urip wadon Ngabdullah |
ananging umure puput |
nora bisa barang-barang ||

36.
Mangka nuli dènwènèhi |
umur marang ingkang lanang |
iya saparo umure |
mulane bisa lumampah |
mulih barêng kang lanang |
wadon Ngabdullah sumaur |
asugal wicaranira ||

37.
Iku Nabi Ngisa gidib |
sinêrêg maring Ngabdullah |
Nabi Ngisa ngandikane |
apa sira nora arsa |
duwe laki Ngabdullah |
wadon Ngabdullah umatur |
abiyas sarta supata ||

Jilid 2 - Kaca : 273

38.
Dêmi Allah awakmami |
dede bojone Ngabdullah |
mangka Nabi ngandikane |
yèn mangkono ulihêna |
umure si Ngabdullah |
ingkang sira silih iku |
ature inggih sumangga ||

39.
Nulya angandika Nabi |
ah wis mati (m)bok Ngabdullah |
gulethak tiba patine |
tinutup ing lawang tobat |
ingkang tigang prakara |
dhingin cilakane iku |
(ng)gorohakên Nabiyolah ||

40.
Kapindho tinutup dening |
cilaka dènnya upata |
wus tita dêmi Allahe |
ping tri tinutup cilaka |
iku pan nora kêna |
sinalatkên patinipun |
mangkana Ngabdullah mulat ||

41.
Yèn rabine angêmasi |
Ngabdullah sigra anyandhak |
rasukanira sang katong |
asru mojar èh sang nata |
kang ngumpêtkên marang |
rabikawula sataun |
gya Nabi Ngisa ngandika ||

42.
Èh raja apa sayêkti |
iku ujare Ngabdullah |
raja Mêsir tur sêmbahe |
inggih sayêktos kawula |
saking (m)botên wuninga |
yèn tiyang èstri puniku |
rabinipun ki Ngabdullah ||

43.
Kawula dipun dorani |
kêni rêncananing setan |
sakêdhap kawula supe |
ing mangke sumanggèng karsa |
apan anak kawula |
pawèstri parawan ayu |
kaparingêna Ngabdullah ||

44.
Inggih dadosa lintuning |
dosamba dhatêng Ngabdullah |
kula têdha apurane |
Ngabdullah Johari trima |
lajêng minggah aningkah |
Nabi Ngisa ngandika rum |
hèh rara wus bêgjanira ||

45.
Yèn aja katrima ugi |
kaya sirna kratonira |
poma aja manèh-manèh |
wèh susah atining bala |
krana wong dadi raja |
witing kabêcikan tuhu |
singgahna manah kêthaha ||

46.
Yèn ratu kêthaha budi |
tan angambah adil susah |
ngalamat purêt têdhakke |
nora kongsi turun tiga |
kinêbat wahyuning Hyang |
nora kêlar dadi ratu |
turunne kasurang-surang ||

47.
Nasêkah pitutur iki |
kabèh kawulaning Allah |
kang wus padha ngakil balèg |
padha ngalapa ibarat |
padha angrungokêna |
critane hikayat iku |
lan aja ana pracaya ||

48.
Iya marang ing pawèstri |
lan aja sira ambuka |
wawadi ana wong wadon |
lan aja nurut ujarnya |
wong wadon iku iya |
bolong atine mring napsu |
sasanga sakèh wanodya ||

Jilid 2 - Kaca : 274

49.
Wus kocap pangandikaning |
Suksma kang muni ing Kur'an |
nyaritakakên kandhane |
Nabi Yusup lan kang garwa |
Iya Siti Jaleka |
ngandikanira sang prabu |
Mêsir mring Siti Jaleka ||

50.
Utawi pangrêncananing |
setan iku amung iya |
Hyang Suksma sinêbut ènthèng |
dene pangrêncananing dyah |
iku kang luwih awrat |
saking setan godhanipun |
wus lanas ing dalêm Kur'an ||

51.
Satuhu rêncananing |
setan iku awis dadya |
hèh eling-eling sakèhe |
wong kang padha wus budiman |
padha amicaraa |
mungguh ayat loro iku |
pangupayane wadon ||

52.
Iku kang luwih pribadi |
angluwihi saking iya |
ing setan pangrêncanane |
kayata kang pangandika |
(n)Jêng Nabi Nayakèngrat |
mungguh caritaku mau |
supaya padha elinga ||

53.
Ywa pêgat mamintèng Widdhi |
dèndohna sakèh duraka |
aja êsak myang sêrike |
sanadyan uwus kaêcap |
pasthine isih kêna |
sinuwun dènemut-emut |
mirib crita dyah utama ||

54.
Sagunging kang amiyarsi |
samya nuwun aturira |
mugya angsal barêkahe |
caritanya dyah utama |
ywa pisan-pisan kadya |
Nyi Ngabdullah wong dikêpruk |
dadya isining naraka ||

55.
Nahên ta wus lingsir ratri |
pra tamu samya popoyan |
pamit nyai wisma Nikèn |
Pujastuti lon lingira |
bilih panudyèng karsa |
inggih benjing-enjing dalu |
tuwi ngiras miyat wayang ||

56.
Ki Panjangmas ingkang ngringgit |
enjing lajêng murwakala |
pun ngantèn èstri kawite |
nugêlkên gandhik lawêdan |
mangsuli samya sagah |
tan pae pra tamu kakung |
samya binêjan sadaya ||

57.
Para tamu jalu èstri |
wus umantuk sowang-sowang |
sarimbitan miwah ijèn |
nèng marga ajak-ajakan |
yèn wangsul sasarêngan |
dalune datan winuwus |
enjing amangun sarkara ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (36a) Kaca 251 – 263
  • (37) Kaca 275 – 293 >