Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434669
Hari ini     :Hari ini :69
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :135
Bulan ini   :Bulan ini :3298
s/d hari ini   :s/d hari ini :434669
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (38b) Kaca 310 – 327

 

( Dumugi Tanjêp Kayon, Ki Dhalang Mriksa Sajèn Murwakala )

2. Sarampunging lampahan Partadewa dumugi tanjêp-kayon, ki dhalang lajêng mriksa kawontênanipun sajèn Murwakala, jangkêp tur kathah. Ingkang badhe karuwat sampun siyaga mangangge sarwi pêthak, katungka rawuhipun para tamu jalêr èstri. Ki dhalang lajêng lênggah ing ngandhap blencong, ringgit lampahan Murwakala katindakakên. Wiwitan jêjêr Bathara Guru kalihan pramèswari Dèwi Uma kaadhêp Bathara Kala dalah para dewa sanès-sanèsipun. Bathara Kala nyuwun pêpancèn têdha awujud manungsa, kaparingan nanging botên sadhengah manungsa kajawi namung ingkang kalêbêt 'tiyang sukêrta', i.p. ontang-anting, ugêr-ugêr lawang, kêmbang sapasang, gêdhana-gêdhini, gêdhini-gêdhana lan sapanunggilipun, wontên warni kalihwêlas, satunggal-satunggalipun kacêthakakên ciri-cirinipun. Bathari Uma nambahi pêpancènipun Bathara Kala. Sapêngkêripun Bathara Kala, Sang Hyang Naraddha kadhawuhan enggal tumurun dhatêng Ngarcapada nganthi Bathara Wisnu tuwin Brama, pêrlu ngirangi pêpancènipun Kala. Caranipun: Bathara Wisnu dados dhalang ringgit wacucal santun nama Kandhabuwana; Bathara Brama dados panggêndèr èstri nama Surani, Bathara Naraddha dados pangêndhang nama Kalunglungan. Bathara Kala kadhèrèkakên ingkang garwa Bathari Durga tuwin rayi Bathara Panyarikan, nglangut lampahipun pados têdha wujud manungsa. Kapanggih lare ontang-anting nama Jatusmati, lajêng oyak-oyakan nanging tansah mrucut, wasana dumugi ing panggenanipun ringgitan Murwakala. Bêbantahan dhalang Kandhabuwana kalihan Bathara Kala. Bathara kala kawon lan ngakêni dhawah ênèm. Salajêngipun ringgit lampahan Murwakala katindakakên dumugi ing saparipurnanipun.


Kaca 293 - 344.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 310

164 Pangkur

9.
Êlongana pitung somah |
lamun durung kapikut buronmami |
aja kêndhat panjupukmu |
i i têka wus têbah |
êntènana si kêparat tukang mrucut |
Hyang Kala anglut saparan |
nanging lampahe arindhik ||

10.
Wit ana pangantèn anyar |
wanci ngarêpakên sirêping rawi |
manglong-manglong anèng pintu |
wênês ingkang wadana |
angêrangu ngungak ulihe kang jalu |
macul ngolah pasabinan |
kathok kombor lawon putih ||

11.
Sabuk biru èpèk lulang |
ikêt masêm bathikan orang-aring |
klambi silir dhasar pingul |
kanthongan kering kanan |
bawak cênggrèh kayu arèn dorannipun |
panjang ukur kêpêl sanga |
ki ngantèn kalamun mulih ||

12.
Saking macul ing sasawah |
gulu doran kinanthil-kanthil thirik |
kandhatan udhèt myang wêlut |
kanthongan ingkang kiwa |
isi ulam kropokan saananipun |
de kanthongan ingkang kanan |
isi ron gundha sêmanggi ||

13.
Mantuke tumêkèng lawang |
ingkang wadon mapag amarêk ati |
(n)jèrèng pêncot kêmbênipun |
wadhah sêmanggi gundha |
tangan têngên (n)dudut rêrèntèngan wêlut |
kur mangkono bae têka |
dadi sênêng anglamlami ||

14.
Nuju angop (m)bok pangantyan |
Jaka Mulya manjing tutukirèki |
nyarêngi Hyang Surya surup |
ni (m)bok ngantèn katingal |
cahya wênês êbyar bawana sumunu |
sumilak sumorot jênar |
mawèh rarasing wiyadi ||

15.
Iku purwanira ana |
aran candhik-kala têkèng samangkin |
kajawi saking puniku |
ujaring panggorohan |
aywa karya margi prênah kilènipun |
wisma cakêt têritisnya |
punika boya prayogi ||

16.
Kandhêg pambujunging Kala |
anahên kung mangun kung kang nèng kori |
wasana rum ririh ruruh |
hêm lima kambi lima |
puluh-puluh bêjane si ngisor irung |
gonku (m)bubujung sadina |
maksa mrucut si pênyakit ||

17.
Wong lêbune (ng)gawe eram |
lara kabèh rasane awakmami |
ngintir-intir bangêt (ng)gêrus |
ngêlak salit kalintang |
lèrèn dhisik lagi ana kalanipun |
dak ulatake ta sira |
myang ngêndi paranirèki ||

Jilid 2 - Kaca : 311

18.
Sigêg lampahe Hyang Kala |
dènnya (m)bujung mring Jaka Jatusmati |
gantya wau kang winuwus |
ing sêndhang Tamtukrajan |
Buyut Wangkêng kadhatêngan putra mantu |
rara Primpên sakaliyan |
Buyut Gêduwal kang nami ||

19.
Jaka Sondong pêparabnya |
rara Primpên cinandra ingkang warni |
jênar pasariranipun |
sêmune ijo maya |
lathi dhamis wadana nuksmèng sitangsu |
mawèh sêngsêm kang tumingal |
liringe galak amanis ||

20.
Sèdhêt dêdêge rêspatya |
dhèmês kèwês mêmês amilangoni |
gandhang pamicara tanduk |
tulus arjaning driya |
mila tansah dadya kêkêmbanging kidung |
de lakine ran Gêduwal |
Mêndhang-gowong dhepoknèki ||

21.
Awonne mung sawatara |
dêdêg kakkong mathêkêl minthi-minthi |
rambut jagung kruwut-kruwut |
bathuke lètèr banyak |
mripat abrit malolo sumèrèt sindur |
irung bungkik nadhah-udan |
barêngos pipitu sisih ||

22.
Lambe nyongor kandêl wiyar |
ngandhap dêblèh jajenggot kadi kambing |
sukun datan mawi untu |
nanging gunême tatas |
karêm nginang gabrès angêlèbi irung |
pinêndhêt mantu jalaran |
têmên wêkêl karti tani ||

23.
Kinèn laju sakaliyan |
pinanggiyan nèng saluning pandhapi |
pangudasmaraning kalbu |
apa pêrlune baya |
ngantèn iki ngênthêng-ênthêng têmu ring sun |
Buyut Wangkêng manêmbrama |
thole ngantèn padha bêcik ||

24.
Buyut Gêduwal manêmbah |
timbalane (n)jêng kyai kula pundhi |
pangabêkti kula katur |
pan kyai marasêpuh |
Buyut Wangkêng sung pambagya marang sunu |
padha bêcik sira rara |
têkamu nèng ngarsamami ||

25.
Iya pangèstumu rama |
ngantèn Sondong matur amangênjali |
nuwun Kyai marasêpuh |
sowanipun pun kula |
kang sapindhah dhapur kangên dibalipun |
sampun lama botên sowan |
kaping kalihipun kyai ||

Jilid 2 - Kaca : 312

26.
Kula angaturkên pasrah |
awonipun putra (n)dika tyang èstri |
nuninggih lêstantunipun |
dados rayat kawula |
marcapada dugining dêlahanipun |
aweta dhèncèng-dhèncèngan |
karuwêlan tiyang kalih ||

27.
Dènnya matur sangga uwang |
konyor-konyor maripatipun kalih |
wusing têlas aturipun |
luh andrês marawayan |
makidhupuh (m)blungkêr lambe klèngsrèh salu |
Buyut Wangkêng wêlas mulat |
gumuyu wacana mais ||

28.
Mêngko mantèn ingsun tanya |
lah kapriye mungguh patrapirèki |
bojomu marang sirèku |
sungkêming palakrama |
Ki Gêduwal mêgap-mghap nêmbah matur |
kadospundi marasêpah |
putranta (n)dhuk dara nyai ||

29.
Enjing satangining nendra |
dhêlog-dhêlog main susur nèng kori |
kula atag anyênyapu |
utawi godhog toya |
angêmprèti eca-eca nyomak-nyamuk |
radi siyang kula printah |
ucal-ucal ngrêratêngi ||

30.
Basêngut malerok kesah |
bilih kula mantuk saking ing sabin |
maksih têbih kula bêluk |
(n)dhuk (n)dhuk kakangmu prapta |
tan sumaur kagyat kadhatêngan têngu |
sabên mapan patilêman |
lawang kori dèntêtêki ||

31.
Sawiji dintên kalepyan |
mapan tilêman kontên dèrèng kinunci |
kula mlêbêt badhe nusul |
(m)barangkang praptèng dagan |
suku kalih dhupak kacêmplung ing tutuk |
mak blêng jêmpol ingkang kanan |
ngudhis-udhis (n)jawil sêntil ||

32.
Langkung sakit kula dhawah |
saking ngambèn (m)barangkang lajêng mijil |
mutah-mutah ngantos (ng)gêrus |
ilat manggung kêkadhar |
têkèng enjing sawêg purun malbêt tutuk |
bokbilih ginalih dora |
kyai (n)dangua pribadi ||

33.
dhatêng putra jêngandika |
atur cuthêl mèwèk-mèwèk ngusapi |
luh tumandho lambe dhuwur |
campur lan umbêl akas |
kadi santên ning-ningên pating kêlaprut |
Buyut Wangkêng duk miyarsa |
gumujêng sinamun runtik ||

34.
Aja kumbi sira rara |
apa nyata tutur mangkono nini |
kalamun iku satuhu |
paran ta karêpira |
rara Primpên manêmbah mèsêm umatur |
dhuh rama pupundhèningwang |
mugi ywa kalajêng runtik ||

Jilid 2 - Kaca : 313

35.
Aturku kamirêngêna |
yèn doraa ajrih sikuning Widdhi |
baji(?) tamtu nora antuk |
pangèstuning wong tuwa |
papa bae kang tinêmu raganingsun |
aku amêdhar lalakyan |
mantumu si Kêthêr jijih ||

36.
Wandane tan ana madha |
carobone tangèh yèn ana nyami |
bodhone kamoran lumuh |
nganggo nora isinan |
pilihane antukan pratandha suwung |
rineya tumêmên karya |
anggêpe anom karisik ||

165 Sinom

1.
Mungguh ature kang putra |
kêmase ngantèn tan sisip |
ananging kapriye rama |
(ng)gonku bisa anglakoni |
akon (m)bêrsihi panti |
nora duwe kêlut sapu |
parentah godhog toya |
kêndhile bênthèt waradin |
kêrên lêmah kayune glugu wutuhan ||

2.
Dakaturi nyigar-nyigar |
dimène radaa cilik |
wangsulane nora susah |
yèn cilik ambêborosi |
parentah ngrêratêngi |
nylumbat krambil nora pêcus |
mêmènèk sambat wêgah |
golèk banyu mundhak atis |
dak kalahi anyênyambat marang tangga ||

3.
Aku mêthiki janganan |
mas ngantèn kang tunggu gêni |
têka ngantuk karênggosan |
kêmpuse kaya garimis |
satêmah gêni mati |
saya mêmpêng (ng)gonne ngantuk |
anjêblès dandang pêcah |
mawut-mawut gêni mati |
suprandene mantumu gêbacut nendra ||

4.
Nèng ngarêp kêrên (n)jêrbabah |
kaya turu kasursari |
yèn têka saka ing sawah |
manggul pacul nyangking kudhi |
rêngêng-rêngêng mêdèni |
tur awake gluprut êndhut |
anjujug patilêman |
niba brêg pacul sinandhing |
ura-ura ngalampra tan tiba pada ||

5.
Dak-kon wisuh mring pakiwan |
wangsulane yèn wis garing |
mêngko rak lunga priawak |
banjur ngorok kaya sapi |
lindurane nglangkungi |
nora cêtha nanging (ng)galur |
sabên rêp mapan nendra |
sêmbari anggantèn dhisik |
ngêmut susur klomoh lir têtêluh braja ||

Jilid 2 - Kaca : 314

6.
Susur kacopot kinarya |
ngusap bibir ngandhap nginggil |
nganti ngêthèl yaknèn kêtat |
dakêmutke amangsuli |
mèk anyêp tan mêrkinting |
de nalika nusul turu |
aku nuju supêna |
ana ing kananirèki |
mêntas saka pasar atêtumbas bêtah ||

7.
Ing marga ana luwangan |
tan darana daklumpati |
cupêt kacêmplung ing wangan |
têtukonku kocar kacir |
kaluwak mung sawiji |
tiba ing luwangan mau |
dakjapit sikil kanan |
durung mêntas banjur nglilir |
bangêt eram têka sikil karo pisan ||

8.
Wus dènêmut ing kakangmas |
jêmpolan anjêpit sêntil |
banjur dak dhupakkên pisan |
mantumu tiba kuwalik |
bibir kang nginggil gathik |
waton lawang bae bintul |
tan agêng mung saklapa |
bêrangkangan banjur mijil |
mutah-mutah sawêngi tan mawi kêmba ||

9.
Ah wong têmên nora (n)jarag |
si mase dadi panggalih |
aku banjur dikon dandan |
mangkat sowan mrene iki |
Ki Buyut ngandika ris |
padha dene arannipun |
nanging dununge lêpat |
êrose saka sirèki |
(ng)gonmu durung carêm caraning ngakrama ||

10.
Dhenok aku nora ina |
samana nganggo daktari |
apa anane dakgêlar |
muwung dene awit cilik |
(ng)gonne mèlu ing mami |
tumêkèng ing ngakiripun |
bodhone dhasar nyata |
nanging têmên tani bêntil |
tangan anyêp tabêri anambutkarya ||

11.
Sirèku uwis kaduga |
nglakoni sapakonmami |
wêkasan mangkono nyawa |
rara lamun sira nganti |
pêgat (ng)gènnira krami |
dakjabakkên atmajaku |
lah aja katon mata |
sakarêp-karêpmu dadi |
rara Primpên karuna nungkêmi pada ||

12.
Dhuh (n)jêng rama apuranta |
ywa kalajêng-lajêng runtik |
yèn (n)jêng rama tan ngaksama |
dadi apa awakmami |
lan sapa ingkang sudi |
ngukup marang raganingsun |
wah nandhang sapudhêndha |
tan miturut ing sudarmi |
ing dêlahan pinasthi anèng naraka ||

13.
Rama ywa kapanjang-panjang |
galiyên mangkene uwis |
lumrahe wong omah-omah |
padudon kakêmbangnèki |
jare (m)bangun trêsna sih |
kêkêle anèng jinêmrum |
kadi pêngantèn anyar |
basane rênggang gulali |
anguruwêl kêmpêl kadi sata eca ||

Jilid 2 - Kaca : 315

14.
Saèstune tan lênggana |
miturut rèhing akrami |
nanging yèn parêng (n)jêng rama |
sartane kagungan picis |
nyuwun ugungan mami |
katanggapna wayang Cêngkung |
kalamun wus kalakyan |
kang dadi panyuwun mami |
sakarsane kêmase (n)dhèrèk kewala ||

15.
Ki Buyut kalangkung suka |
lêga rasane kang ati |
rara aywa tinggal candra |
warnamu ngrêsêpkên ati |
tan ana kang pinanci |
miturut rèh mrih rahayu |
thole Buyut Gêduwal |
kowe mênyanga saiki |
marang Mêndhangkawit hya wêdi kangèlan ||

16.
Kono ana wayang anyar |
bêcik pamayangirèki |
kyatingrat Kandhabuwana |
kalamun sira wus panggih |
matura ing kiyai |
manawa dhanganing kalbu |
lan nuju tan sarêngan |
ing mêngko bêngi dakpurih |
kaparênga mayang ana wismaningwang ||

17.
Kadangwarga gawanana |
bau angusung-usungi |
Buyut Sondong matur sêmbah |
nuwun inggih-inggih kyai |
sarèhning sampun tapis |
padhang jingglang ingkang dhawuh |
pun kula kalilana |
lajêng mangkat ing sakniki |
iya thole aku banjur tata-tata ||

18.
Mundur Ki Buyut Gêduwal |
dupi dumugi ing (n)jawi |
cangkelak wangsul manabda |
e la jênang gula manis |
durung pamitan nyai |
wong gondrèng-gondrèng wèh gandrung |
pinanggih ing pêngkêran |
lagya ngracik gantèn wangi |
ngrujit sêkar mlathi mênur gambir pêthak ||

19.
Dumrojog Buyut Gêduwal |
(n)dhodhok sangajênging kori |
angling groyok mêgap-mêgap |
dhuk gêndhuk dhiku wong dhandhing |
ayu mrakati trincing |
aku lunga ywa kok bêluk |
sasuwene daktinggal |
aja mêtu saka panti |
sawêr ponthang dak mati rak mêlang-mêlang ||

20.
Yèn dijawat cacing abang |
rara Primpên duk miyarsi |
aja (m)baung wis lungaa |
mêngko daksawuri gandhik |
congormu dimèn tipis |
mari kaya ngêmut lêsung |
mas ngantèn palarasan |
hut gandri mêta Nyi Boging |
hêm hêm lothung olèh sasarapan ujar ||

Jilid 2 - Kaca : 316

21.
Wus lêpas ing lampahira |
nanging lali tanpa kanthi |
sigêg lampahe Gêduwal |
gantya kocap Mêndhangkawit |
Nyai Randha Sumampir |
ngadhêp risang Among Luhung |
dhalang Kandhabuwana |
pagêndèr Nyai Saruni |
pangêndhangnya nama Kyai Kalunglungan ||

22.
Nyi randha marêk ing ngarsa |
cinariyos duk ing nguni |
miskine kaliwat-liwat |
mangkya thukuling rijêki |
bisa iyasa panti |
pandhapa gandhok myang lumbung |
kandhang lêmbu maesa |
pawon pisang slirang tharik |
paregolan miwah sanggar palanggatan ||

23.
Pagêr turus tumaruna |
bênggang pinasthi sanyari |
larèn wêning têpung-gêlang |
palataran rêsik gasik |
taru thinarik-tharik |
sawo anjung kêpêl dhuku |
manggis pêlêm rambutan |
blimbing jambu pêthak abrit |
tinon wingit samya dadi woh tan kêndhat ||

24.
Nyi randha katingal rosa |
anak putu ingkang têbih |
miwah kawula kawraga |
(ng)gili samya tumut panti |
dadya ing Mêndhangkawit |
rêja raharja kalangkung |
wus karan ing karajan |
pasare raina wêngi |
jalu èstri tyase têntrêm tur kacêkap ||

25.
Ki dhalang Kandhabusana |
tanya mring Randha Sumampir |
nyai ing salawasingwang |
manggon ing wismanirèki |
apa ta boya dadi |
ribêt miwah katunanmu |
sarèhning nganti lawas |
randha matur mangênjali |
dhuh kyai èstu botên pisan-pisan ||

26.
Yèn kadi kang pangandika |
tan sagêt matur kang abdi |
mulyane badan kawula |
rêjane kang Mêndhangkawit |
saèstu awit saking |
sawabipun Sang Linuhung |
kang sarira Bathara |
punapa wawalês-mami |
tan lyan namung sumungkêm bêkti kawula ||

27.
Maring Bathara Kawasa |
paduka ingkang (n)jalari |
sangêt panuwun kawula |
bokbilih pinudyèng kapti |
dhêdhepok Mêndhangkawit |
dumadya pêpundhèn-ulun |
saanak putu-amba |
ki dhalang ngandika manis |
iya nyai bangêt ing panrimaningwang ||

Jilid 2 - Kaca : 317

28.
Kang dadi pamintanira |
gampang katêmu ing (m)buri |
amung ing samêngko sira |
ywa aran Nyai Sumampir |
ingsun paringi nami |
Randha Asêmsore iku |
kalawan tampanana |
gagadhuhanira nyai |
cacêkêlan lara èncok sasaminya ||

29.
Sapa wonge meme sinjang |
nganti kasurupan rawi |
ing mangka nora dènêntas |
lan maninge lamun janmi |
mayokkên sambêl mungging |
lèmpèr lêmah miwah watu |
lawan mayokkên jangan |
asêm enjinge binukti |
dunungana lara encok iku padha ||

30.
Asêmsore nuwun turnya |
ngèstokkên sabda kapundhi |
kasaru Buyut Gêduwal |
kula-nuwun manjing panti |
(m)bagêgêg anèng ngarsi |
ki dhalang wacana arum |
bagus sira bagea |
pinangkanira ing ngêndi |
lawan sapa kêkasihmu myang sêdyanta ||

31.
Matur kang sinung pambagya |
kyai (n)dangu ragamami |
kala dèrèng asêsemah |
Jaka Sondong pilih tandhing |
kalamangsa kawingking |
anyarêngi randhu rubuh |
èstu pasihaning Hyang |
pinundhut mantu kiyai |
Buyut Wangkêng Mêndhangtamtu padhepokan ||

32.
Dhinaupakên kalawan |
putranipun ayu èstri |
rara Primpên musthikèngrat |
lajêng pinaringkên mami |
Buyut Gêduwal inggih |
mawi pinacak dhêdhukuh |
ing Mêndhanggowong dadya |
bubundhêl amisesani |
semah kula bakjêng Primpên kula bêkta ||

33.
Nama lami nama inggal |
kasilêp awit kawijil |
karan mas ngantèn kewala |
Kalunglungan suka myarsi |
kimase andêrmimil |
nganggo salasilah (ng)galur |
randhu rubuh kalawan |
cacing mantu dhisik êndi |
ah wikana kula botên dipunundang ||

34.
Nuwun kyai sowan kula |
ngintar mêmêt tanpa kanthi |
wanci bêdhug dhêng (n)dhêrandhang |
manrang bèntêr kontrang-kantring |
mripat balêrêng aking |
kêkonang pating kalêpyur |
karingêt darodosan |
gurung krakêt klêkêt salit |
ambêgogok lungguh ing salu sampeyan ||

Jilid 2 - Kaca : 318

35.
Sajatose awigatya |
dhapur kinèngkèn kiyai |
raka (n)dika marasêpah |
dêlês dèrèng diwowori |
Buyut Wangkêng kêkasih |
pêpundhèning Mêndhangtamtu |
noninggih kang sapisan |
kintun pangèstu basuki |
kaping kalih yèn bilih (m)botên sarêngan ||

36.
Ing mangke dalu sampeyan |
dipun aturi angringgit |
dhatêng Mêndhangtambu krajan |
parlu ngluwari punagi |
kang ngabdi tiyang èstri |
salamine dèrèng atut |
nêlaskên gunabisa |
purun atut anuruti |
nanging darbe panêdha tanggapan wayang ||

37.
Mila kula gurawalan |
marlokkên sowan pribadi |
sangêt panyuwun kawula |
kalampahanipun ngringgit |
saèstu anjalari |
ithak-ithuk mathuk gathuk |
yèn sampun kalampahan |
masajênge kula dhongdhing |
angaturi uninga dhatêng sampeyan ||

38.
Kalunglungan latah-latah |
tobil nganti nora ngêrti |
têmbunge nganthar ngalênthar |
nganti ilang prêlunèki |
ki dhalang ngandika ris |
kapasangyogya ki bagus |
iki pinuju sêla |
matura kakang kiyai |
luwih atut manira wus sagah sowan ||

39.
Manthuk-manthuk Ki Gaduwal |
ngilak-ilak tyasirèki |
Kalunglungan sru ngandika |
he he kimase wong (m)blêndhing |
wong bêtah andêrmimil |
aja pijêr manggut-manggut |
iki kasêlak udan |
dakdêlêng tan (ng)gawa batih |
sapa ingkang ngusung kothak lan gamêlan ||

40.
Kudu mangkat ing samangkya |
(ng)gih kyai kula pribadi |
mara bagus usungana |
ana ngèmpèr kulon kuwi |
pangusung aja srênti |
kudu sakbrêngan wus rampung |
Ki Jaka Sondong sagah |
pamit lajêng amurugi |
dupi miyat salin têmbang maskumambang ||

166 Maskumambang

1.
Biyang-biyang ambakna wong marentahi |
nora nganggo sawang |
mring wong kaya awak-mami |
pangantèn anyar tur tigas ||

2.
Ambêlèrèt ikêt irêng têngah putih |
têka kon gêgawa |
rowa rokah-rokah iki |
ning luput inaku dhawak ||

Jilid 2 - Kaca : 319

3.
Rikning iya sapa kang bakal nong-aning |
lemah-lemah mlumah |
turu ngambèn dènsik-isik |
banjur nusul (n)jaluk timpah ||

4.
Nanging priye patrapku (ng)gonku ngusungi |
rampunge sabrêngan |
gamêlan pating talêning |
wangune abot tur rêkah ||

5.
Ana ingkang ènthèng pangiraku ringkih |
lamun dak sunggia |
dhêstharaku mobrak-mabrik |
mulihake nganggo beya ||

6.
Kalunglungan mara (ng)gablok saking wingking |
Sondong gêdandapan |
piye guse ngantèn iki |
têka banjur kaya tlawah ||

7.
Mingak-minguk nora nuli dèntandangi |
ngêntèni apa ta |
inggih kyai inggih-inggih |
niki sawêg kula laras ||

8.
E lah lucu nêmme nganggo digolèki |
dakwarahi sira |
ucula ikêt tumuli |
kanggo buntêl gêndèr gambang ||

9.
Kêthuk kêmpyang kêcèr saron lawan suling |
bêbêtmu ucula |
iku kanggo ambuntêli |
kênong têlu lan suwukan ||

10.
Bukak baju kanggo angêlêd-êlêdi |
bonang nunggal gangsa |
sabuk lolosên (ng)go tali |
nyêbrak sêtagèn kinarya ||

11.
Ngêrut-êrut saèpèkmu aja kari |
sinunggi kang kothak |
rancak lan tumumpang nginggil |
dalah kêndhang plangkan rêbab ||

12.
Gayor kanggo mikul kang rong buntêl iki |
ana pundhak kiwa |
pundhak têngên dènsampiri |
sikil gayor loro pisan ||

13.
Cinanthèlan balencong parabot kêlir |
tangan kiri kanan |
nyangking kêmpul siji-siji |
drohun ran uwis kacêkap ||

14.
Jaka Sondong kêlop-kêlop angling ririh |
cilaka rambatan |
kujur ngêpok blai mêncit |
iba wêlase kang mulat ||

15.
Cacah rolas dijupuk kang roro iji |
puluh dikapakna |
kapriye (ng)gonku sumingkir |
dak-sangènane kewala ||

16.
Nora (ng)gawa abrag-abrag nora nyunggi |
gangsa kothak wayang |
nyunggi bokonge wong nêcis |
ngusung masjênge sing nyanthas ||

17.
Wus rinakit rampung ginawa pribadi |
Ki Gêduwal mangkat |
suka wêlas kang udani |
lampah rindhik tan lembeyan ||

18.
Kyai dhalang ngandika mring nyai panti |
karia raharja |
saanak putumu sami |
iya ing sapungkuringwang ||

Jilid 2 - Kaca : 320

19.
Kangbok tuwin uwa Kulunglungan wawi |
mangkat mupung siyang |
bilih kadalon nèng margi |
Mêndhangkawit wus kawuntat ||

20.
Sigêg Nyai Asêmsore Mêndhangkawit |
gantya adêgira |
Buyut Wangkêng lan putrèstri |
pinarak anèng pandhapa ||

21.
Kacarita sapungkure kimas ngantin |
dhukuh kagegeran |
buburon wana anggili |
malêbêt mring padhukuhan ||

22.
Nora katon dhudhukuh katon wanadri |
pramila ki wisma |
sangêt dènnya nganti-anti |
putra mantu kang dinuta ||

23.
Ngandika ris marang putranira èstri |
rara kaya paran |
têka mangkene puniki |
sapungkure lakinira ||

24.
Dene buron saisine ing wanadri |
lumêbu mring dhêkah |
sajake arêp lêstari |
mèt papan amanggon jênak ||

25.
Kang dakarêp-arêp mung lakinirèki |
rama atur wikan |
mau bêngi aku ngimpi |
mantumu dhinahar sima ||

26.
Anèng wana saprabote brêsih tapis |
manawa têmênan |
buron iki (n)daradasih |
ngupaya tunggale baya ||

27.
Buyut Wangkêng angandika sêmu runtik |
iku catur apa |
ala-ala amalati |
ywa ko(k) pindho kang mangkana ||

28.
Tan pantara dangu kêmase kaèksi |
rêmbên lampahira |
ambêntoyong bêktanèki |
gupuh Ki Buyut parentah ||

29.
Maring batih mara tulungana aglis |
rara apa iya |
kae lakimu kang prapti |
mênèk karo ngirit dhalang ||

30.
Mara gêlarana kalasa kang rêsik |
wedangmu sêngkakna |
aku dak mapag mring (n)jawi |
rara Primpên mundur nêmbah ||

31.
Kimas Ngantèn bêktane wus dèntampani |
lajêng mring pungkuran |
ngupadosi ingkang èstri |
pinanggih rêracik sêgah ||

32.
Ki Gêduwal (ng)galoso anèng taritis |
pêgat-pêgat lingnya |
mêmalad sihing kang èstri |
nok-ênok sapungkuringwang ||

33.
Sira apa ora katonên mring mami |
lo bojomu têka |
apa uwis cawis-cawis |
wedang nyamik sêga jangan ||

Jilid 2 - Kaca : 321

34.
Yèn wis ngombe wedang nyamikan sathithik |
madhang kokoh jangan |
bubar maêm mapan guling |
kèlèk cêngêl pijêtana ||

35.
Rara Primpên (m)basêngut mangsuli wêngis |
e e mundhut wedang |
apa tingalmu tan uning |
galo-galo sumur kêbak ||

36.
Nyamikane mênyanga kêbon pribadi |
kae kêpêl sela |
kang runtuh wus matêng uwit |
sêga nisilana gabah ||

37.
De iwake mênyanga pawon pribadi |
jêgge mau turah |
balung-balung sisa kucing |
aku wis sadhiya jangan ||

38.
Dhuh bojoku kabèh pakon daklakoni |
sing ko kêla apa |
gadhon jangan bae dhisik |
kang dak kêla wèt-awètan ||

39.
Jangan pongge palapahe bêton kêcik |
sambêle wutuhan |
amung tanpa uyah trasi |
lalabane isi lêrak ||

40.
Ki Gêduwal sru sukèng tyas wus anggêndring |
marang ing ngajêngan |
rêngêng-rêngêng urut margi |
kinanthi maluku têgal ||

167 Kinanthi

1.
Ki Buyut Wangkêng wus tundhuk |
ki dhalang gupuh kinanthi |
panggêndèr miwah pangêndhang |
lumuntur anèng ing wingking |
pinarak têngah pandhapa |
panêmbramanira manis ||

2.
Adhi Kandhabuwana nung |
kita amêthuk prayogi |
sèwu bêgja kamayangan |
karsa rawuh dhepok mami |
lir roga mèh praptèng lena |
mulyantuk usada adi ||

3.
Inggih kiraka anuhun |
ki buyut wacana malih |
(m)bok adhi kita amapag |
prayogi dhatêngirèki |
lawan sintên kang sinambat |
lawan kaprênah punapi ||

4.
Winangsulan manis arum |
kalangkung nuwun kapundhi |
kang sarju mastani mring wang |
kula nama Nyai Sruni |
kalêrês kadange wrêda |
kalawan dhalang kiyai ||

Jilid 2 - Kaca : 322

5.
Mèsêm manthuk kyai buyut |
kiraka kang lênggah wuri |
suwawi kaparêng ngarsa |
ulun amêthuk prayogi |
sarawuhipun kiraka |
myang sintên sinambating sih ||

6.
(ng)Gih adhi sami pikantuk |
dene nama kula adhi |
karan Kaki Kalunglungan |
botên mawi malih-malih |
ki buyut (ng)guguk sukèng tyas |
kiraka sampun prayogi ||

7.
Adhi dhalang milanipun |
sampeyan kula-aturi |
wagêda dados jalaran |
mudhari ruwêting ati |
awit putrane pun rara |
(ng)gènne mangun palakrami ||

8.
Sampun lami dèrèng atut |
tansah êru sabên ari |
anêlaskên budidaya |
sarat-sarat gunadhêsthi |
tan wontên ingkang tumama |
malah kadi dènsêpuhi ||

9.
Pinarêng lan wêdalipun |
mangkya na wênganing ati |
purun caraning akrama |
nyuwun titingalan ringgit |
dhalange Kandhabuwana |
panggêndèripun pawèstri ||

10.
Pramilane gupuh-gupuh |
lajêng ngaturi si adhi |
wêwah malih katambahan |
sapêngkêre kang lumaris |
pun thole ngantèn Gêduwal |
sakèhe buron wanadri ||

11.
Samya lumêbu mring dhukuh |
tyasulun tambah prihatin |
saking wangsiting jawata |
mantune lir wingi uni |
srana nanggap ngêl-ungêlan |
utawi ananggap ringgit ||

12.
Mila ing panuwunulun |
mangke ing sadèrèngnèki |
minggah pinarak panggungan |
gangsa mungêla rumiyin |
ki dhalang mèsêm ngandika |
inggih kiraka prayogi ||

13.
Mênggah gangsa ungêlipun |
mangke sadèrènge kawit |
kula namèkakên Gagal |
ki buyut suka lingnya ris |
kataluwa dlas samangkya |
ing pangruwatipun adhi ||

14.
Kula borongkên puniku |
kiraka inggih prayogi |
basanipun babarpisan |
de sajèn-sajèn piranti |
kula sumangga kiraka |
kadi kang kasêbut tulis ||

15.
Wus katampèn kyai buyut |
pratelane kang sasaji |
sinungakên maring putra |
sampat sadaya miranti |
kadi lodok Ki Gêduwal |
nata-nata ngrakit-ngrakit ||

Jilid 2 - Kaca : 323

16.
Paripurna sadaya wus |
dhalang saknalika awit |
talu anata gamêlan |
kawusane dhalang luwih |
kacarita buron wana |
sirna wangsul mring wanadri ||

17.
Dènnira têtalu suwuk |
ki dhalang lajêng mangarsi |
lampahane Manikmaya |
gantya wau kang winarna |
rara Primpên wus busana |
asinjang limar-katangi ||

18.
Kasumêkan ijêm pupus |
rimonge kuning dumêling |
ukêl gondhèl barondongan |
borokan sêkar taluki |
jungkat pênyu jram sak-ajar |
lungsèn ukêl argulo brit ||

19.
Wida jênar marbuk arum |
sasêngkang cêmêng cinêplik |
sotya panunggul satunggal |
supe bathok sisih gadhing |
sêsêlut salaka mulya |
supe tajug kanan kering ||

20.
Rampunging karya mangapus |
sap-asta jingga sumampir |
anèng asta ingkang kiwa |
cukil karna silih asih |
kênarèn mas isi bawang |
sorog pêthèn lading gapit ||

21.
Asta ingkang têngên manggul |
talam alit isi sari |
rinujit badhe sangsangan |
malathi sinêling gambir |
karang mêlok tinêngahan |
argulo jênar myang abrit ||

22.
Lawan gêgombyoking dhuwung |
campur bawur ganda minging |
badhe sêkar palênggahan |
konyoh jênar arum wangi |
talêkêm lisah jêbadan |
gantèn mengkol sêdhah sêmprit ||

23.
Sadak apu bumbon alus |
gambir sêdhêp sêmu manis |
jambe jênar nêmpol ngambar |
panasar trus tanpa isi |
sata eca dhinèdhèssan |
sês wiru sinumpêt mathis ||

24.
Têmpaos uwur kinaduk |
sang dyah lumampah nèng ngarsi |
ginarubyug para warga |
prapta (n)jujug cakêt kêlir |
pinarak ajêng-ajêngan |
lawan kyai dhalang sigit ||

25.
Mung kêlêtan widhig janur |
datan mawi dèntangsuli |
binuka katon ki dhalang |
sinawuran urapsari |
(m)baladêr ing palênggahan |
talam katur linut liring ||

26.
Kurang thithik adu dhêngkul |
sang dyah aturira ririh |
cumanthaka dasihpara |
kumapurun angaturi |
sêgah sawontêne dhêkah |
mêrgaya bilih prayogi ||

Jilid 2 - Kaca : 324

27.
Muhung dados cihnanipun |
sumungkême ingkang dasih |
dhuh mugi dipunparêngna |
cumadhong èsthining ati |
ngagêm sêkar konyoh jênar |
nyamping jinêbadan wangi ||

28.
Gantèn ginêgêt ing pucuk |
êsês sakêbulan naming |
ki dhalang nampèni talam |
nglocitèng tyas baya iki |
bojone bagus Gêduwal |
patut ana tut kêpontit ||

29.
Wasana ngandika arum |
pasugatanira nini |
bangêt panarimaningwang |
sartane ingsun lêgani |
kang dadi pamintanira |
sang dyah sukane tan sipi ||

30.
Dumadya sangêt nahên kung |
wayang wuyungan ing galih |
ki dhalang lamba kewala |
nulya nglajêngakên ngringgit |
kocap Ki Buyut Gêduwal |
bikut dènnya nglaladosi ||

31.
Sugata dhalang wus rampung |
nyandhak niyaganirèki |
ngladoskên wedang pangêndhang |
kinintên menda kabincih |
kinêpruk ing tabuh kêndhang |
sakayang Gêduwal (n)jêngking ||

32.
Makprêg rai ngêpruk kriyuk |
rêmuk mawut (m)balabari |
mripat klilipên pêcahan |
lambe katlusuban cangkir |
rai dhadha ambêranang |
dadi kraos panas thithik ||

33.
Ikêt kasingsal kacêgur |
têmpolong wus isi lami |
agadêg nyat sirah katulak |
gayor gong garêse gathik |
lawan êgong panyuwukan |
(n)dhoko sambate dêrwili ||

34.
Wong sêngit tan katarèku |
apa kapanjingan eblis |
kabangêtên sasêmbranan |
dosa apa mring sirèki |
nyawiyah sawênang-wênang |
nyang wong panas jêring manjing ||

35.
Yèn wurua dene durung |
sunggata badhèg lumadi |
babo babo cobak aja |
dakpèk gawemu kiyai |
dak ngene yèn aku wêgah |
adhuh adhuh barêng mati ||

36.
Ki pangêndhang api watuk |
kêkêl kêndhang dènsungkêmi |
(n)dêngèngèk sarwi ngandika |
bagus hya dadi tyasnèki |
kang agung aksamanira |
pandêlênge wong wus boging ||

37.
Daksêngguh ki mau wêdhus |
ngonyok arêp anocoki |
suguh sêga lan panganan |
mula banjur daktêmpiling |
rikne gêtunku kaya pa |
(m)bok ya sêtaun yèn mari ||

Jilid 2 - Kaca : 325

38.
Bubare wayangan besuk |
sira masthi olèh jampi |
cêngkir gadhing pipingitan |
banjur wani nong anuning |
pangajapanmu ing tawang |
saksayahe anuruti ||

39.
Ki Jaka nir napsunipun |
sirna kang karaos sakit |
kerogan gumuyu latah |
ngling lucu kiyai iki |
tètèse kang pangandika |
mugi-mugi anêmahi ||

40.
Inggih kyai sampun-sampun |
cêkak tan dados punapi |
sawêg cilakaning badan |
manawi ing têmbe manggih |
sukawirya pinilala |
ing ngagung wong ayu kuning ||

41.
bênêr calathumu bagus |
banjurna (ng)gonmu ngladèni |
(ng)gogohi ikêt grênêngan |
bêcike kapriye iki |
arêp matur kyai dhalang |
nyuwun lakon nyênyês manis ||

168 Dhandhanggula

1.
Lamun ingong adandana maning |
bali nganti garinge kang dhêsthar |
kasuwèn cèwèt pêrlune |
(m)bok ngene bae uwus |
ngarah apa mangsa apangling |
barang kang cêlak kothak |
kyai kula nyuwun |
lampahan kang nyênyês-nyanyas |
mukêt rame salah satunggal kang pundi |
pala kêlawan ekrak ||

2.
Kyai dhalang dèrèng amangsuli |
miyat kang èstri macak anyanthas |
ngalela cakêt lungguhe |
lan ki dhalang mèh gathuk |
Gêduwal ngling gèdhèg nudingi |
bil tobil bangêt eram |
marang sira gêndhuk |
la (m)bok aja cêdhak-cêdhak |
(ng)gonmu linggih marang kyai dhalang kuwi |
lanang tur dudu sanak ||

3.
Upamane tan kêlêtan kêlir |
banjur ruwêt nyandhêt kene kana |
angèl ucul-uculane |
ri kang sinungan wuwus |
rara Primpên mamanas ati |
mucang nunggil kêcohan |
angêlorot susur |
Ki Gêduwal têbah jaja |
gêtêm-gêtêm undurira nolah-nolih |
sigêg lampahe wayang ||

4.
Nyai Juru satamunirèki |
miwah jalma kang samya umiyat |
sêpuh atanapi lare |
suka mawantu-wantu |
saya kathah ingkang ningali |
ing pandhapa wus kêbak |
palataran pênuh |
kang tan wruh wujuding wayang |
têka trima mung myarsa cariyosnèki |
sukane nora beda ||

Jilid 2 - Kaca : 326

5.
Ki Panjangmas dènnira angringgit |
Murwakala nyênyês krasèng driya |
lumintu babanyolane |
dhasare kaduk cucut |
para èstri samantên ugi |
sayuk asuka rêna |
kapingkêl kapoyuh |
gumujêng ambata-rêbah |
ana ingkang (ng)gabloki rowange linggih |
mijêt wêtêng balabag ||

6.
Amangsuli adêge kang ringgit |
Kandhabuwana dènnira mayang |
tan tambuh tan ngorakake |
maring kang mambu kalbu |
nahan wau dhatêngirèki |
mancapat kang umiyat |
anggili gumrubyuk |
randha krisik Mêndhangrêja |
myang wêkanya rara Lekoh maksih sunthi |
gombak (n)jêbobog gimbal ||

7.
Ambagêgêg nyogo anèng ngarsi |
linggih jegang tangan malangkadhak |
de kang ana ing wurine |
dayata kaki Buyut |
Mêndhangsuka dhukuhirèki |
kakalih wêkanira |
Candramawa sêpuh |
kang nèm Jaka Bêlang-yungyang |
kaduk juwèh nyaru kang lungguh nèng ngarsi |
rara Lekoh jinawat ||

8.
Tobil eram sabên nonton ringgit |
uwong iki mêsthi uwis ana |
(n)janggol nèng ngarêp lungguhe |
êntute rêbut dhucung |
brat brut thit thut nganti tundha tri |
tur nimbrah sumarambah |
tèmbêl têdhak ngirung |
karo (m)bok mênêng kewala |
dhela-dhela gèdhèg-gèdhèg gobag-gobig |
apa bêndana tepas ||

9.
Lo lo ngrêngkap rambute winiwir |
apa arêp gêlungan tampahan |
wathah ngarompyoh kèlèke |
(ng)gêmbulêng kaya grumbul |
makbrêng lêdhis anyir sathithik |
kae bêrite nigan |
manggung muntap-muntup |
(m)bok wis nèh (ng)gonne gêlungan |
lo rak mrucut iyah nganggo maleroki |
nuli anarik cagak ||

10.
Rara Lekoh nolèh nabda wêngis |
si diblêgo diluwuk dilabrag |
dikêpruk lêsung irunge |
dingono-ngono alu |
rogung jiwa wudêlmu jlanthir |
wong edan tan prasaja |
sak karêp-karêpku |
dulêg nganggo sumakeyan |
nora kêna wong nglêsêd ngaruh-aruhi |
cungire criwis turah ||

Jilid 2 - Kaca : 327

11.
Ngati-ati dakwadulkên nyai |
nora jamak uwong kurangajar |
cocotmu mêsthi dèn-onthèl |
pêdhèt tan sawanan gung |
biyung aku dilêladaki |
wong sêrêng irung panjang |
jlênthir wudêlipun |
ae bèng têka mênênga |
wong dijawat cêpak jatukramanèki |
ngaliya ngarsaningwang ||

12.
Rara Lekoh majêng dènnya linggih |
junjung bokong êntute ngumandhang |
nampêg kang anèng wurine |
ngisis Mêyungyang jêpluk |
rara Lekoh anampèl wêntis |
gumuyu lakak-lakak |
Candramawa muwus |
dhuh-adhuh saduluringwang |
ywa cariwis mundhak camah sira yayi |
tur sinaru ing kathah ||

13.
Nganti silêp caritaning ringgit |
ki Mayungyang (ng)glêgês nabda sora |
anu kang dhèk Paing kae |
arinta ngidhang kaul |
marang pasar nadar ngluwari |
sarana nganggo bêksa |
wirèng tamèng pênthung |
tamèng bathok pênthung carang |
sabên pasar dak jogèti sung rijêki |
saka dhawuhing dewa ||

14.
Ambêntoyong bubar pasar mulih |
lali nora (ng)gawa punakawan |
klincutan dakgawa dhewe |
mung jênang alot têlu |
dakmut kabèh nora kêtawis |
tumêkèng kali nyabrang |
kithing aku wêruh |
lintah mantu bêbesanan |
karo kinjêng bubar têmu (m)bukak ati |
nayuban sopyan-sopyan ||

15.
Pacêt jogèt gêndhing Jangkung-koning |
kang nglarihi Cèlèng lan (m)bah Ima |
tiba gong ngaturi ngombe |
aku kêkêl gumuyu |
jênang têlu kolu tan kari |
ah kabênêran kakang |
ora sida gêtun |
sabên esuk yèn bêbuwang |
amung mêtu jênang alot siji-siji |
dak pundhut misih wêtah ||

16.
Kanggo sèmèk nganti tigang kenjing |
têlas jênang miyos kaya pisang |
mangu-mangu tyasku kiye |
(n)jêtung mangemut-emut |
apa yèku mêngko gèk tai |
yèn sayêktine tinja |
majik limis alus |
yèku pasihaning dewa |
pisang kêpok kukusaning midadari |
ginanjarkên maring wang ||

17.
Aku nekat siji dak icipi |
têka êmpuk sêpêt sawatara |
mung rada badhêg ambune |
dadi karêm arimu |
sabên ngising dakling-ilingi |
yèn mêtu kaya pisang |
enggal (ng)gonku (n)jukuk |
pamanganku sasingidan |
aku isin yèn didakwa dhahar tai |
wong satêmêne pisang ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (38a) Kaca 293 – 309
  • (38c) Kaca 328 – 344 >