Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (38c) Kaca 328 – 344

 

( Dumugi Tanjêp Kayon, Ki Dhalang Mriksa Sajèn Murwakala )

2. Sarampunging lampahan Partadewa dumugi tanjêp-kayon, ki dhalang lajêng mriksa kawontênanipun sajèn Murwakala, jangkêp tur kathah. Ingkang badhe karuwat sampun siyaga mangangge sarwi pêthak, katungka rawuhipun para tamu jalêr èstri. Ki dhalang lajêng lênggah ing ngandhap blencong, ringgit lampahan Murwakala katindakakên. Wiwitan jêjêr Bathara Guru kalihan pramèswari Dèwi Uma kaadhêp Bathara Kala dalah para dewa sanès-sanèsipun. Bathara Kala nyuwun pêpancèn têdha awujud manungsa, kaparingan nanging botên sadhengah manungsa kajawi namung ingkang kalêbêt 'tiyang sukêrta', i.p. ontang-anting, ugêr-ugêr lawang, kêmbang sapasang, gêdhana-gêdhini, gêdhini-gêdhana lan sapanunggilipun, wontên warni kalihwêlas, satunggal-satunggalipun kacêthakakên ciri-cirinipun. Bathari Uma nambahi pêpancènipun Bathara Kala. Sapêngkêripun Bathara Kala, Sang Hyang Naraddha kadhawuhan enggal tumurun dhatêng Ngarcapada nganthi Bathara Wisnu tuwin Brama, pêrlu ngirangi pêpancènipun Kala. Caranipun: Bathara Wisnu dados dhalang ringgit wacucal santun nama Kandhabuwana; Bathara Brama dados panggêndèr èstri nama Surani, Bathara Naraddha dados pangêndhang nama Kalunglungan. Bathara Kala kadhèrèkakên ingkang garwa Bathari Durga tuwin rayi Bathara Panyarikan, nglangut lampahipun pados têdha wujud manungsa. Kapanggih lare ontang-anting nama Jatusmati, lajêng oyak-oyakan nanging tansah mrucut, wasana dumugi ing panggenanipun ringgitan Murwakala. Bêbantahan dhalang Kandhabuwana kalihan Bathara Kala. Bathara kala kawon lan ngakêni dhawah ênèm. Salajêngipun ringgit lampahan Murwakala katindakakên dumugi ing saparipurnanipun.


Kaca 293 - 344.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 328

168 Dhandhanggula

18.
Nayataka nolèh anudingi |
he he mênêng aja cêcaturan |
ana wong dielikake |
têka malah (n)dêlarung |
ki Mêyungyang pi-api ajrih |
kèndêl ujaring bapa |
(n)dhèhèm alok gupruk |
lo lo kae sing angêndhang |
pancèn prigêl irama ajêg lêstari |
pamangane tan kêndhat ||

19.
Thung dhêng sruput kriyak mangan puli |
Nayataka mundur-mundur nyandhak |
wudêl pinuntir ngêlèwèr |
Mêyungyang cêp (n)dêrkukul |
lir sinêntak ingkang ningali |
gar-gêr ambata-rêbah |
ki Panjangmas cucut |
tan wus yèn dèn-ucapêna |
sukaning tyas jalu èstri lare alit |
nahan ki Panjangêmas ||

20.
Linajêngkên cariyosing ringgit |
Jatusmati buburoning Kala |
dhatêng (n)jujug pagongane |
ngathêngkruk nabuh kêthuk |
Sanghyang Kala gupuh nututi |
kanggêg kandhêg ing latar |
ajrih malbèng tarub |
mandêng linggiye ki dhalang |
mila nama kalasa têkèng samangkin |
mundur Bathara Kala ||

21.
Sèndhèn cikal tumaruna wanci |
mila lajêng anama kalapa |
satêmah dhoyong adêge |
lah ing kana ta wau |
Kandhabwana dènnira ngringgit |
ngêtrapkên bêbanyolan |
kang myat gêr gumuyu |
Hyang Kala gumujêng latah |
gumalêgêr kagyat kang sami ningali |
ririh samya raosan ||

22.
Guyu apa têka (ng)gigirisi |
gigithokku mangkorog saomah |
marinding sakujur nyabe |
ngoplok bêbokong gathuk |
nora enak rasaning ati |
kesah alon-alonan |
gusis èstri jalu |
kocap kèndêl dènnya (n)dhalang |
Kala nglela sarwi angandika aris |
hèh dhalang bacutêna ||

23.
Kandhabwana amangsuli aris |
hêlo kowe si Kala kang prapta |
Kala kagyat lon sabdane |
hèh dhalang têka wêruh |
sira marang ing jênêng-mami |
ki dhalang mèsêm lingnya |
pagene tan wêruh |
têkamu mandhêg plinggihan |
ya mulane aran kalasa puniki |
banjur asèndhèn cikal ||

Jilid 2 - Kaca : 329

24.
Mila jênêng klapa apa yêkti |
iya bênêr tuturmu sadaya |
ko mênêng apa sababe |
mulane mênêng ingsun |
padha bubar kang aningali |
hèh hèh mêngko ta dhalang |
ulun tanya èstu |
purba wisesane sapa |
kawruhamu Kala purbane ya mami |
wisesane kang nanggap ||

25.
Lamun ingkang nanggap marentahi |
banjurake ênggoningsun mayang |
saèstune lêkas manèh |
hèh dhalang raganingsun |
dhêmên bangêt ênggomu ngringgit |
mara ge tutugêna |
apa srananipun |
sranane yèn akèh kurang |
yèn sathithik turahe angluluwihi |
Kala suka tatanya ||

26.
Ulun ayun miyat lakonnèki |
ing tutuge dhalang angandika |
lakon Manikmaya kiye |
pra dewa ngusung gunung |
dhalang lamun lêga ing ati |
banjurna (ng)gonmu mayang |
ulun wèh sranamu |
sataksawe uwang dinar |
ki dhalang ngling aku êmoh opah picis |
ah aèng sira dhalang ||

27.
Têka ora arêp opah picis |
sing kok karêpake baya apa |
daklêgani saksayahe |
Kala kok gêgêm iku |
apa ranne ingkang sajati |
iku kang ingsun têdha |
dadi arannipun |
Hyang Kala mèsêm ngandika |
kang dakgêgêm badhama paesan iki |
lah ênya tampanana ||

28.
Ananging ta ingong darbe janji |
aja nganti lêgi dadi tikta |
badhama sampun tinampèn |
ki Kandhabuwanèku |
tandya lêkas angringgit malih |
sêsêge saya tambah |
nêngna kang winuwus |
wontên durjana sakawan |
siji nama Kuthila damêlnya madik |
dwi Langkir karyanira ||

29.
Malajêngkên barang (ng)gonne maling |
tiga Pênthungluyung kang ajaga |
kapat Jugilwar-aware |
ambabah karyanipun |
abipraya samya mamaling |
katrênjuh janma nganglang |
padhang oboripun |
Kuthila Langkir lumajar |
Pênthungluyung Jugilawar-awar kari |
lumêbêt ing panggonan ||

30.
Tunggil yaga tanggap anggêntosi |
nabuh kêcèr lawan nabuh kêmpyang |
nêngna kang wor niyagane |
kacrita Kala ngantuk |
nuju mênga tutukirèki |
binalang tigan ayam |
kakalih kacêmplung |
ngaros sêgêring sarira |
garagapan jênggirat ngandika aris |
hèh dhalang lilanana ||

Jilid 2 - Kaca : 330

31.
Ulun mêtu ing (n)jaba kang awit |
mega malang wus anggathêng têrang |
kamanungsan baya mangke |
Hyang Kala mêdal gupuh |
praptèng (n)jawi mambêt gandaning |
bêbayi lair lagya |
sinuci ing ranu |
barêsih nulya cinandhak |
ing Hyang Kala kang darbe yoga cat eling |
cat nora kaèngêtan ||

32.
Jaka Mulya dupi aningali |
nganan ngering Hyang Kala wus kesah |
amasrahakên kêthuke |
wus mêdal gya kapêthuk |
ing Hyang Kala cinandhak aglis |
gigithok tan kêna wal |
ayun kinalêthuk |
èngêt badhama paesan |
nèng titipan Hyang Kala lumêbêt malih |
kapanggih kyai dhalang ||

33.
Sarwi tanya lah pagene uwis |
iya Kala mangsane wis bubar |
mula ingsun mênêng kiye |
hèh dhalang iya uwus |
lah rucatên kêlirmu aglis |
aja padha caturan |
kêlir rinucat wus |
hèh dhalang badhamaningwang |
êndak jaluk arêp prêlu kanggo thithik |
ah ingsun nora suka ||

34.
Êlo priye ulun rak wus janji |
aja nganti lêgi dadi tikta |
têka cidra dhalang kowe |
dakijoli prabotku |
êndi ingkang sira sênêngi |
utawa uwang satak |
sawe dinar mau |
Kala yèn ingsun arêpa |
wis dhèk mau (ng)goningsun gêlêm nampani |
branarta kanggo apa ||

35.
Hyang Kala ngling dakjunjung sirèki |
mêsthi dadi larane tyasira |
ki dhalang rum andikane |
tan dadi manahingsun |
lah kêpriye karêpirèki |
de kang dakjaluk Kala |
bocah loro iku |
kadarbeya ing manira |
parènèkna yèn uwis ingsun tampani |
badhama tampanana ||

36.
Sanghyang Kala jêgrêg tan kêna ngling |
ngunandika iki golong aran |
nyandhungi (ng)goningsun golèk |
ing mamangsan satuhu |
mundhak aku kelangan kalih |
nanging antuk lilima |
yèn panujèng laku |
pitu pisan dadi pangan |
wacana ngling badhama ulungna dhisik |
marang ing jênêngingwang ||

37.
Nora angèl bocah loro iki |
janji uwis nampani badhama |
pasthi banjur dak-lungake |
ki dhalang andika rum |
apa kowe tyas sanggarunggi |
tan ngandêl jênêngpara |
upamane ingsun |
darbe anak ayu endah |
kok karêpkên apa bocah têka dhisik |
iku basa (n)dupara ||

Jilid 2 - Kaca : 331

38.
Ya ta wau Hyang Kala gumlindhing |
lare kalih wus katur ing dhalang |
badhama pinaringake |
Hyang Kala tatanya rum |
mungguh kowe kalawan mami |
tuwa êndi ta dhalang |
Kala tuwa aku |
Hyang Kala malongo nabda |
hèh (m)bok raub tlaga Madirda rumiyin |
rak tuwa raganingwang ||

39.
Kyai dhalang mèsêm ngandika ris |
Kala sira têka ngaku tuwa |
apa ta dhèngêr asale |
duk durung ana Ingsun |
o lah dhalang ulun tan uning |
balik kowe apa ta |
wêruh asalingsun |
dhalang ngling pasthi uninga |
ing asalmu sadurungira dumadi |
hèh Kala rungokêna ||

40.
Ki Panjangmas sung sasmita maring |
ing niyaga mungêl gêndhing Dhêndha |
jantur purwaka lamure |
nalika awang uwung |
durung ana bumi lan langit |
tamat pamaosira |
janturan kalamur |
gya maos sampurnèng puja |
wusnya tamat ngucapakên wayang malih |
Hyang Kala angandika ||

41.
I i dhèngêr têmênan wong iki |
kyai dhalang malih angandika |
apadene Kala kowe |
isih awarna banyu |
ingsun iya ngawuningani |
ah maido wis ora |
lamun sira wêruh |
aku ngalah dadi mudha |
mara payo arannana kang atiti |
iya sira rungokna ||

42.
Ki Panjangmas nulya anglêkasi |
mungêl ingkang nama Santipurna |
hong ila hèng bubukane |
tumêkèng tamatipun |
wusing tamat carita malih |
Hyang Kala duk miyarsa |
malongo gagêtun |
kêlop-kêlop netranira |
nabda ririh iya wus tètès patitis |
jurudêmungmu tatas ||

169 Jurudêmung

1.
Lah kowe apa uninga |
titipan kang ana aku |
pira kèhe myang rannipun |
ki dhalang aris ngandika |
yêkti bangêt gonku wêruh |
pan ana patang panggonan |
dene ta dumunungipun ||

Jilid 2 - Kaca : 332

2.
Ana ing bathuk sajuga |
caraka-balik rannipun |
loro kang ana têlakmu |
katêlu ana ing dhadha |
Sastra-binêdhati iku |
cacah ranne balanira |
dene jangkêpe kang catur ||

3.
Kang têrus ing gigir para |
cacah jênênge sadarum |
iya balane bojomu |
lah mara masang karna |
tilingêna kang katêrus |
Panjangmas asung sasmita |
gangsa myang ricikan suwuk ||

4.
Ki Panjangmas wiwit mêdhar |
caraka-balik puniku |
tamating pamaosipun |
nulya Sastra kang nèng têlak |
pamaosira wus tutug |
nulya Sastra kang nèng dhadha |
Sastra-bêdhati tinutur ||

5.
Titi ing pamaosira |
nulya mêdhar Sastra kang trus |
ing gigir sawusnya putus |
Sanghyang Kala duk miyarsi |
tatas-titis nêtês atus |
larut bayuning kang ngangga |
wingwrining tyas lon umatur ||

6.
Iya wis aku narima |
pancèn têmên kalah sêpuh |
saiki ambapa ingsun |
marang sira bapa dhalang |
ki dhalang suka lingnya rum |
Kala saiki lungaa |
iya bapa aku nurut ||

7.
Apa ing sapangrèhira |
ananging panuwunulun |
wacakêna Santikukum |
têgêse iku uninga |
lan Mandhalagiri luhung |
anggêrêkkên balaningwang |
akèh kang kaplêsit nylinthut ||

8.
Cikmèn padha glis têkanya |
Kandhabuwana ngling arum |
lah iya luwih panuju |
nahan Ki Panjangmas mêdhar |
maos punang Santikukum |
Hong purwayanti bukanya |
tumêkèng satamatipun ||

9.
Wusnya tamat nulya mêdhar |
Mandhalagiri puniku |
utawi Balasarèwu |
rampunging pamaosira |
nahan ki Panjangmas laju |
crita mangkana Hyang Kala |
tyas suka langkung panuju ||

10.
Dhuh bapa wong tuwaningwang |
muga andhangana kalbu |
suka rêna asung wêruh |
bapa aku wacakêna |
Santi Banyakdhalang luhung |
Kala iya luwih prayoga |
kang dadi ing panjalukmu ||

11.
Ananging lèrèn sadhela |
Kandhabuwana lingnya rum |
uwa Kalunglungan gupuih |
jêngandika babarêna |
sakèh ingkang anak putu |
wawrat ênèm myang parawan |
pêngingên nonton rumuhun ||

Jilid 2 - Kaca : 333

12.
Mênèk kenging Banyakdhalang |
tan panuju têmbenipun |
Kalunglungan madan asru |
he he anak putu ingkang |
mêtêng nom lan prawan kêncur |
lah ta padha sumingkira |
dene ta mêngko yèn uwus ||

13.
Rampung mêdhbar Banyakdhalang |
padha balia nak putu |
nonton manèh saksayahmu |
kang kinèn wus samya mentar |
dhalang Panjangmas tumungkul |
mêdhar ingkang Banyakdhalang |
nyênyês arum swara runtut ||

14.
Ingkang gêndhaga wus tamat |
nulya ki Panjangmas gupuh |
mangsuli cariyosipun |
Kala matur kyai dhalang |
bapa aku (n)jaluk adus |
padusaku banyu mulya |
dinèkèkan picis slikur ||

15.
Kalawan kêmbang sêtaman |
iya Kala iku uwus |
dak sêdyani panjalukmu |
dhalang Panjangmas amêdhar |
padusane Kala mau |
rampunging pamaosira |
wayang Hyang Kala sinambut ||

16.
Têmbungipun siniraman |
cêmpurit duding winasuh |
ing sêkar sêtaman mau |
sarampungipun kinumbah |
gya winisik basanipun |
wayang cinêlakkên kathah |
ririh ing pamaosipun ||

17.
Paragat maos wisikan |
wayang Sang Hyang Kala sampun |
wangsul tinancêpkên lungguh |
cinritakkên Sang Hyang Kala |
bapa sawuse awakku |
kodusi asêgêr sumyah |
aku (n)jaluk kudang kidung ||

18.
Kowe bapa apa bisa |
ngudang kaya (n)jêng pukulun |
rama Sang Hyang Giri Prabu |
ki dhalang mangsuli bisa |
wayang Hyang Kala jinabut |
jinogètkên ki Panjangmas |
mêdhar kukudangan gupuh ||

19.
Tamat mêdhar kukudangan |
wayang Hyang Kala wus lungguh |
tandya angabêkti matur |
bapa pangabêktiningwang |
sapisan kewala uwus |
kanggoa ing salaminya |
tinitah ing Bathara Gung ||

20.
Kalamun ing Suralaya |
sasêmbahanku Hyang Guru |
ngarcapada sariramu |
ing satêdhak turunira |
dak rêksa sêtya satuhu |
samonèku kang pinanggya |
antaraning budi luhung ||

Jilid 2 - Kaca : 334

21.
Kalair prasêtyanira |
bangêt panarimaningsun |
dak èstrèni ing lakumu |
sampun mundur Sang Hyang Kala |
ngandika mring garwanipun |
nimas ngabêktia bapa |
lan wadu-barat sadarum ||

22.
Miwah padha anyuwuna |
sangu apa sasênêngmu |
Durga majêng ngraup suku |
rama pangabêktikula |
iya rara pangèstuku |
sira agaweya papan |
ana lorwetan puniku ||

23.
Aran ing Krêndhawahana |
urute si Kêndhêng gunung |
abanjar dawa puniku |
karo ing si Tênggêr arga |
titahing dewa sararum |
kang murih marang ing dina |
kailangan umur puput ||

24.
Ing kene (ng)gonningsun nyetra |
kariya milih sirèku |
samono mau kang purun |
nuninggih rama sandika |
putrane anyuwun sangu |
warni arta swidak uwang |
abragging pawon sadarum ||

25.
Miwah sèn-isèning griya |
lêmpir glaran ingkang alus |
myang sumêkan warni catur |
pandhan binêthot sajuga |
ijêm ringin kalihipun |
katri songèr namanira |
daringin jangkêping catur ||

26.
Ing têmbe nak-putu ingkang |
sami kapengin mangrasuk |
sinjang sêkaran puniku |
mawia jawab ing kula |
sadangunira mangrasuk |
kula lilani nganggoa |
pangantèn inggal puniku ||

27.
Bilih botên makatêna |
datan lêga manahulun |
tampia upataningsun |
ya rara luwih prayoga |
daktuturane kang kantun |
mundur Dyah Bathari Durga |
Hyang Panyarikan mangayun ||

28.
Mangênjali aturira |
kawula anyuwun sangu |
ron karopak ingkang alus |
kalih kisi pangot waja |
pamintamu ingsun angsung |
mundur Sang Hyang Panyarikan |
mêsat mring kayanganipun ||

29.
Gya Lêbakipun mangarsa |
nêmbah matur dhuh pukulun |
ingkang abdi nyuwun sangu |
ayam jalêr èstri gêsang |
lele kalih ingkang idhup |
gêcok ingkang warna-warna |
tuwin sinjang tuluh-watu ||

30.
Sagêgêm sisih wos pêthak |
warni sanga tumpêngipun |
jadah warni sanga namung |
sêkul asahan pênakan |
kupat lêpêt lêgandha nung |
pula-gringsing pula-gimbal |
awug-awug kaduk juruh ||

Jilid 2 - Kaca : 335

31.
Tatêdhan bangsa kukusan |
rêmikan sapêpakipun |
rujak bakal ingkang wutuh |
cadhong jênang ingkang pêpak |
pala kasimpar gumantung |
pala pêndhêm mamêntahan |
tuwin sinjang pêrlunipun ||

32.
Kangge (ng)gendhong kang têtêdhan |
prayoga ing panyuwunmu |
Lêbakiyuk wus amundur |
Kêblakdhêkla kang mangarsa |
marèngès nêmbah umatur |
pukulun gusti kawula |
ingkang abdi nyuwun sangu ||

33.
Sêkul ulam myang panganan |
kawradinkên kancaulun |
prayoga sapanyuwunmu |
Kêblakdhêkla kang wus mêdal |
Kalabanjar amangayun |
kawula pun Kalabanjar |
plataran panggenan-ulun ||

34.
Ywa supe diprêtènana |
tumpêng sakilan (ng)gilipun |
wiyar sapêcak plêng namung |
sawontêne ulam-ulam |
dupa sêkar campurbawur |
picis patang kèthèng wêtah |
yèn tan makatên saèstu ||

35.
Mindhak krêp ngumpêtkên bocah |
iya atut panjalukmu |
daktuturane kang pungkur |
Kalabanjar wus umêsat |
Kalaèncèr sowan matur |
Kalsèncèr namakula |
manggèn prapatan dêlanggung ||

36.
Dipêrtènana wakingwang |
tumpêng sapêcak (ng)gilipun |
kang sakilan wiyaripun |
lawuh ulam gêgorèngan |
ulam gêgodhogan namung |
jajanganan kêmbang gantal |
dupa picis kèthèng wolu ||

37.
Yèn botên makatên apan |
kula mindhak asring (m)bêsur |
jêngglèng tyang numpak kudhèstu |
iya ing panuwunira |
daktuturana kang pungkur |
Kalaèncèr sampun mêsat |
Kalajathok majêng matur ||

38.
Kalajathok nama-amba |
manggèn ing watoning salu |
mênèk gêlêm nyanak ulun |
sabên-sabên mêntas nêdha |
watoning ambèn puniku |
(ng)gih kadèkèkana upa |
mung kalih sisih thil namung ||

Jilid 2 - Kaca : 336

39.
Kang ajêg hya kongsi kêndhat |
yèn wontên wisa puniku |
saking jawi asalipun |
amba sagah mangsulêna |
iya Jathok panyuwunmu |
daktuturane kang wuntat |
kang sinung ling sampun mundur ||

40.
Kalajangkung marêg nêmbah |
amba nama Kalajangkung |
manggèn ulon-ulon-ulun |
kang dados panyuwunamba |
yèn têmên panyanakipun |
sabên tilêm myang tilêman |
sampun sok idu mandhuwur ||

41.
Bilih wontên wisa-wisa |
kang saking nginggil puniku |
kula sagah nulak wangsul |
iya bangêt panrimèngwang |
daktuturane kang pungkur |
Kalajangkung wus amêsat |
Nyi Kalaijèn mangayun ||

42.
Nyai Kalaijèn amba |
cumadhong dhawuh pukulun |
punapa tumut tinundhung |
punapa parêng kantuna |
sira misia lêstantun |
apa panggaweyanira |
Kalaijèn nêmbah matur ||

43.
Nuninggih dhatêng sêndika |
anamung panuwun-ulun |
yèn nuju wêdalanipun |
lare momonge kang pêpak |
iya dakwisik kang pungkur |
Kalaijèn wus umêsat |
gantya sinom sêkaripun ||

170 Sinom

1.
Nahên ta ingkang kocapa |
wadyane Kala wus gusis |
ki dhalang Kandhabuwana |
amatak Gumbalagêni |
kèndêl criyosing ringgit |
Kyai Panjangmas tumungkul |
mêdhar Kumbala-asya |
tamat dyan ngucapkên ringgit |
Dèwi Êsri Dyan Sadana wus mangarsa ||

2.
Kandhabuwana ngandika |
ingsun lêstarèkke Êsri |
panggaweyan marcapada |
ngratoni kanang rêjêki |
manêmbah Dèwi Êsri |
pukulun dhatêng anuwun |
sandika ngèstokêna |
panyuwunulun kang gêmi |
kang nastiti kang sarwa-sarwi rêsikan ||

3.
Saha ingkang gêmi ngucap |
kang kêrêp ngangge wêwangi |
bilih amarêngi olah |
rêjêki longana kêdhik |
jumputan namènèki |
kangge wilujêngan namung |
sabên wêdalanira |
utawi yèn darbe kardi |
amamantu sak-dangane ingêlongan ||

Jilid 2 - Kaca : 337

4.
Sagêgêm apan kinarya |
wilujêngan nyapêkêni |
tanapi kang darbe karya |
ngajêngkên midadarèni |
èstri jalu dènbêrsih |
sontêne kramas garujug |
jalêr numpangkên dandang |
kang èstri (n)dadoskên api |
ingkang jalu mususi napungkên bêras ||

5.
Nyambat nyêbut dhatêng kula |
utawi sampun tabêri |
congkrah kalih anak rayat |
kadang myang tangga têpalih |
sukur yèn andarbèni |
pajêgan dhandhing kumêndhung |
dene yèn botên gadhah |
klasa mawon sisikmêlik |
bantal anyar kêndhi anyar kêbak toya ||

6.
Dilah murup jodhog clupak |
kang anyar lisah kang jêrnih |
utawi manawi lêkas |
angênèni raga mami |
punapadene bilih |
ayun nginggahakên lumbung |
nganggea ingkang sarwa |
rêsik agêganda wangi |
amiliya dintên wanci kang prayoga ||

7.
Pêrtenana myang slamêtan |
sampun ngantos wontên cicir |
yen tan makatên bathara |
botên lêga ing tyasmami |
ki dhalang ngandika ris |
daktuturane kang pungkur |
hèh kowe si Sadana |
lêstariya sira dadi |
ing ratune sandhang panganggo barana ||

8.
Matur Rahadyan Sadana |
pukulun langkung kapundhi |
mênggah panyuwunkawula |
sampun ngantos nyêri-nyêri |
nganiaya kapati |
dhatêng ing panganggènipun |
sampiran kang prayoga |
pring tutul alus sinisik |
sampun ngêbrèh kang sae panggarapira ||

9.
Bilih botên makatêna |
èstu kula sêpatani |
Kandhabuwana ngandika |
dak tuturane kang kari |
Dyan Sadana Dèwi Sri |
sakaliyan sampun mundur |
Hyang Gumbrêg wus mangarsa |
(n)jêrum aturira aris |
amba nami Gumbrêg dewaning maingsa ||

10.
Pukulun panuwun amba |
kalamun amangun-kardi |
mati amragat maesa |
katêdhanana rumiyin |
rayate kyai panti |
manganggea kang tinamtu |
sarwi anggêgendhonga |
têtêl wontên tenggok alit |
mawi payung anyangking gêlaran pandhan ||

11.
Maesa sawusnya rêbah |
glaran ginlar dènlênggahi |
lajêng kasêbawanana |
ki Gumbrêg aku sung uning |
momonganmu samangkin |
daksêmbêlèh kanggo mantu |
bisaa babar turah |
utawane bokmanawi |
mêntas kangge madamêl angolah sawah ||

Jilid 2 - Kaca : 338

12.
Ginuyanga kinosokan |
badane ingkang barêsih |
tinuwukan têdhanira |
myang sampun ngantos anggitik |
pênjalin pêthaknèki |
ngriku pangapêsanipun |
sabên dintên Jumuwah |
Wage atanapi Lêgi |
myang Anggara Kaliwon sungu tracaknya ||

13.
Kalisahana sadaya |
miwah binorèhan wangi |
kandhang sinajènan sêkar |
utawi yèn nuju sakit |
pojok lèrkilèn nênggih |
kowong ginantung nèng ngriku |
pojok kang kidulwetan |
ginantungan blarak krambil |
mung puniku pukulun atur kawula ||

14.
Iya dakwarahe wuntat |
Sang Hyang Gumbrêg wus umijil |
Sang Hyang Mariyi mangarsa |
andhêkêm umatur aris |
amba nama Mariyi |
dewaning ayam sadarum |
bilih momongan-amba |
yèn badhe dipun pragati |
kinurunga sungana têdha kang kathah ||

15.
Lah sukur mawi ginuyang |
sinabawan kaki Mriyi |
momonganmu ingsun pragat |
kangge ewuh-ewuh yêkti |
bisaa ambrêkati |
babar kèh turahanipun |
nuwun namung punika |
dak tuturane kang wuri |
Hyang Mariyi mundur Têmbalung mangarsa ||

16.
Amba pun Têmbalung nama |
dewaning cèlèng sabumi |
jalma ingkang têgal sawah |
yèn badhe kula têbihi |
kapêsingana mami |
tamtu têbih tan anginguk |
ki dhalang angandika |
daktuturane kang kari |
wus amundur cèlèng Têmbalung mring wana ||

17.
Nyai Wadon wus mangarsa |
manêmbah umatur aris |
saèstu amba punika |
ninèkipun jabangbayi |
nuwun bilih marêngi |
jabangbayi kula suwun |
ki dhalang angandika |
mungguh panyuwunmu nyai |
dakparingke nanging sira sumurupa ||

18.
Bocah tiba-sampiranya |
sira amung (ng)gadhuh nyai |
kang duwe iki manira |
kudu nganggo disarati |
têbusan slawe picis |
gêdhang satangkêp lan suruh |
ayu saadunira |
kajaba kang iku nyai |
ingsun paring wasiyat marang si jabang ||

19.
Kaanggowa êmban-êmban |
jarik liwatan sawiji |
lan tuluhwatu sajuga |
dalingo bawang kinardi |
nyuwuk si jabangbayi |
nyai Wadon matur nuwun |
inggih dhatêng sandika |
katungka kengkenanèki |
Buyut Wangkêng umatur marang ki dhalang ||

Jilid 2 - Kaca : 339

20.
Ki dhalang kula dinuta |
ing rakane kyai panti |
kapurih matur sampeyan |
gênahe (ng)gèn-(n)dika ngringgit |
bibar lan dèrèngnèki |
ki dhalang ngandika arum |
kurang sadhela êngkas |
ingsun arêp adus dhisik |
we padusan turahane dijogana ||

21.
Banyune kang sumur sapta |
kanggowa adus ki panti |
sakaloron myang rabinya |
myang bocah kang dakrêsiki |
siramên rambah kaping |
pitu ngampêt napasipun |
ing ngomah kawarnaa |
lawe wênang mubêng ngering |
kaping têlu lan kupat luwar sakawan ||

22.
Ginantung pojoking ngomah |
walikukun papat iji |
pinathokkên pojok kisma |
nylamêtkên sakuwasèki |
ingkang dèn mêmulèni |
luluhure dhèwèkipun |
lan luluhure dhalang |
dalah sakniyaganèki |
apadene desane saisinira ||

23.
Lan malih kang duwe omah |
kang jalu miwah kang èstri |
sadurunge bêdhug siyang |
poma aja nganti guling |
si nyai kang tinuding |
matur sandika wus mundur |
dhalang Kandhabuwana |
nimbali ki Jatusmati |
mareneya ayun dakadusi sira ||

24.
Jatusmati wus mangarsa |
Panjangmas dènnira ngringgit |
kèndêl tumungkul amêdhar |
padusane Jatusmati |
pamaos wusnya titi |
wayang ki Jatus sinambut |
cêmpurit tudingira |
kinumbah rambah ping katri |
tinancêpkên malih mangsuli carita ||

25.
Ngandika Kandhabuwana |
hèh ki Jaka Jatusmati |
lah kowe banjur muliya |
apa ing saujar-mami |
karo si Wadon kang wis |
sira rungokake mau |
ênggonên dikalakyan |
yèn wis baliya sirèki |
sarta kowe sunpasrahi dadinira ||

26.
Kayu kalawan tulisan |
sandika ki Jatusmati |
wus mundur saking ing ngarsa |
ki dhalang ngandika malih |
ninèkne jabang bayi |
ênya gawanên putumu |
mulih mring wismanira |
bocah mêtu tiba-sampir |
wus tinampan mundur ingêmban liwatan ||

27.
Pandung kakalih mangarsa |
manêmbah umatur aris |
pun Pênthungluyung namamba |
damêlulun anjagèni |
rencang amba puniki |
julig Awar-awar komuk |
damêlipun ambabah |
kawula tiyang kakalih |
lah ampuna lumêbêt dhatêng pagongan ||

Jilid 2 - Kaca : 340

28.
Saèstu nêmahi pêjah |
mila ulun aprajangji |
prasêtya dhatêng paduka |
nak-putu kang nunggil kardi |
yèn puruna ngalani |
dhumatêng kangjêng pukulun |
myang sawarnining dhalang |
satêdhak turunirèki |
tuwin pandhe ingkang wus wignya ing karya ||

29.
Turunulun kang anêrak |
karêpe aywa dumugi |
lan ampun panjang umurnya |
kyai dhalang amangsuli |
iya ingsun èstrèni |
pandung kakalih wus mundur |
wau ta kacarita |
Kandhabuwana kiyai |
myang panggêndèr atanapi pangêndhangnya ||

30.
Katiganya samya siram |
ki Panjangmas tandya awit |
mêdhar padusane dhalang |
kalawan panjak kakalih |
titi pamaosnèki |
wangsul acarita gupuh |
sawusira asiram |
ki Kandhabuwana aglis |
matak-aji pamêling nulya dhatêngnya ||

31.
Nênggih kyai Sapujagad |
kang binêkta Garuwêsi |
kalawan Sasapu-kawat |
prabawa lesus mawêrdi |
Panjangmas nyêmpala glis |
kothak gongsa sampun umyung |
suwuk ingkang gamêlan |
Panjangmas carita malih |
ki Buwana alon wijiling kang sabda ||

32.
Babo kakang Sapujagad |
mulane ingsun aturi |
manirèki dirêsaya |
marang kang adarbe panti |
sapunên dènbarêsih |
balane Kala sadarum |
ingkang angkaramurka |
manggèn pakarangan ngriki |
aywa nganti wontên ingkang kaliwatan ||

33.
Adhi rakanta sandika |
ananging kula (n)darbèni |
panyuwun ing ngajêng lawang |
pipi kanan lawan kering |
kapasangana sami |
tutuwuhan ingkang patut |
cikal kalih kang kêmbar |
kalih gèdhèng pantunèki |
kajêng lêgi kalih êlêr ingkang wêtah ||

34.
Badhèg myang tètès sarkara |
kalawan sêkul kang gurih |
ulame lêmbaran ayam |
kalawan lêmbaran antri |
sinjang polèng rêspati |
wiyar panjange sakayuh |
kakang pamintanira |
kabèh wus daksamêktani |
Sapujagad mundur gangsa lajêng sampak ||

35.
Kyai dhalang Panjangêmas |
parêdèn cinandhak aglis |
pinolahkên ngering nganan |
kèndêl suwuk gangsanèki |
Sapujagad mangarsi |
matur mring dhalang linuhung |
adhi kauningana |
balanya Kala wus gusis |
amung kantun kakalih kang dèrèng kesah ||

Jilid 2 - Kaca : 341

36.
Manggèn nèng sumur satunggal |
Kala Lumut namanèki |
tanpa babalung punika |
namung daging lawan kulit |
bisu budhêg kapati |
mangke ngajêngakên surup |
ki wisma dhawuhana |
ngêmungkên jênang kang nami |
baro-baro gangsal takir picis gangsal ||

37.
wontên pinggir sumur dènnya |
angêpung donganirèki |
Tulak wêkasan raharja |
putra wayah jalu èstri |
kadhawuhana sami |
ngatos-atos yèn mring sumur |
tuwin hya wicantênan |
kang sanès pangkatirèki |
têgêsipun gugujêngan carêmêdan ||

38.
Yèn purun angganggu-karya |
mêsakakên damêl sêdhih |
kang satunggalipun nama |
Kala Lumêr sami ugi |
namung kulit myang daging |
manggèn nèng pawon puniku |
srananya sabên dina |
utawi yèn darbe kardi |
punapa kang matêng mawi sinajèkna ||

39.
Sakêdhik mawi sinrahan |
kaki jurungana mami |
sakajatku katêkanna |
ing pawon ing sumur nyilih |
ari malang marêngi |
kasukanana puniku |
sêkar konyoh myang dupa |
têlas atur-ulun adhi |
rèhning mangke wus rampung karya manira ||

40.
Mantuk ing panggènaningwang |
kakang (ng)gih andum basuki |
Sapujagad wus umêsat |
cinarita sampun nunggil |
ing Kandhabuwanèki |
dhatênge dintên pipitu |
sami anyuwun têdah |
tuwin kasampurnanèki |
mring ki dhalang kang tan pêgat angsung padhang ||

171 Mêgatruh

1.
Kang rumuhun ri Akat ingkang mangayun |
ki dhalang atanya aris |
sira anèng ngêndi (ng)gonmu |
Akat matur mangênjali |
ing jagad lèrwetan manggon ||

2.
botên langkung nyuwun kasampurnan-ulun |
iya muliha sirèki |
marang ing daging asalmu |
Akat mundur Isnèn prapti |
punika ri jalêr yêktos ||

Jilid 2 - Kaca : 342

3.
Dhalang tanya sira kang nèng ngêndi (ng)gonmu |
ri Isnèn umatur aris |
jagat lèrkilèn (ng)gèn-ulun |
nyuwun kasampurnan jati |
ki dhalang ngandika alon ||

4.
Amuliha asalmu gêtih puniku |
Sênèn mundur Slasa prapti |
ari pawèstri puniku |
ki dhalang atanya aris |
kowe kang nèng ngêndi manggon ||

5.
Slasa matur ulun kang nèng jagad kidul |
nyuwun kasampurnan jati |
iya muliha asalmu |
saking ing otot sayêkti |
Slasa nêmbah mundur alon ||

6.
Rêbo dhatêng punika ri jalu tuhu |
ki dhalang atanya aris |
sira kang nèng ngêndi (ng)gonmu |
ing jagad kilèn (ng)gènmami |
nyuwun kasampurnan jatos ||

7.
Amuliha asalmu saka babalung |
Rêbo mundur Kêmis prapti |
inggih ri èstri puniku |
ki dhalang atanya aris |
kowe kang nèng ngêndi manggon ||

8.
Kêmis matur kang nèng jagat wetan ulun |
nyuwun kasampurnan jati |
ki dhalang ngandika arum |
iya muliha sirèki |
asalmu ing sungsum manggon ||

9.
Kêmis mundur ari Jumuwah kang maju |
punika ing dintên èstri |
ki dhalang ngandika arum |
lah sapa aranirèki |
si Jumuwah matur alon ||

10.
Kyai (n)dangu nama kawula pun Wujud |
kula nyuwun mantuk kyai |
ki dhalang lingira arum |
manggonna ing jênêng-mami |
si Jumuwah wus tan katon ||

11.
Nulya ari Saptu pungkasan mangayun |
ki dhalang atanya aris |
lah sira sapa aranmu |
nuwun Jatigana mami |
nyuwun panglêburan ingong ||

12.
Ki dhalang ngling iya mlêbuwa sirèku |
ing awak pêkênirèki |
jumênênga ilangipun |
dhalang Kandhabuwana-di |
ki Saptu wus mundur alon ||

13.
Gya susumbar dhalang Kandhabuwana gung |
ki dhalang Mas mêdhar aglis |
susumbar sarwi tumungkul |
tamat ing pamaosnèki |
nulya lajêng wangsul criyos ||

Jilid 2 - Kaca : 343

14.
Ngêcrèk kêprak wau ta ing kana wau |
Kandhabuwana sawusing |
maos susumbar malêdug |
balane Kala sakalir |
gangsa sampak tigang êgong ||

15.
Wus sinuwuk tan mawi pathêtanipun |
Panjangmas carita malih |
ki dhalang nulya manêkung |
angingkut jagatirèki |
kawan prakara ginolong ||

16.
Kang nèng jagat kidul abrit warnanipun |
jagad kulon warna kuning |
jagad lèr cêmêng warnèku |
jagat wetan warni putih |
gya (n)dêdêl ngawiyat alon ||

17.
Gangsa mungêl yak-ayakan manyurèku |
ki dhalang nulya apanggih |
ing Sang Hyang Wênang linuhung |
gangsa suwuk criyos malih |
Sang Hyang Wênang tatanya lon ||

18.
Sira sapa tumêka ing ngarsaningsun |
ki dhalang turira aris |
Jatirasa nama-ulun |
apa mulane sirèki |
têka jênêng kang mangkono ||

19.
Dhalang matur kula mêngkoni saèstu |
amba kang nèng awak mami |
Sang Hyang Wênang sukèng kalbu |
babo tampanana kaki |
kang mangka ganjaraningong ||

20.
Lah munggaha lênggaha jajar lan ingsun |
ki dhalang wus jajar linggih |
ngalih ran Raja-sinamur |
Hyang Wênang ngandika malih |
Raja-sinamur apa wroh ||

21.
Nalikane gawe bumi langit ingsun |
pukulun inggih udani |
sapa baya rewangingsun |
inggih mung Tuwan pribadi |
Hyang Wênang malih tanya lon ||

22.
Dhèk lagine sun-gawe jagad sirèku |
apa ta uga udani |
inggih uninga pukulun |
sapa rewangingsun kaki |
ki dhalang umatur alon ||

23.
Inggih amung Tuwan piyambak saèstu |
Gusti kang nèng jasatmami |
duk sira miyat jasatmu |
sira tan miyat mring mami |
apa sira ana katon ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (38b) Kaca 310 – 327
  • (39) Kaca 344 – 349 >