Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (01) Kaca 01 - 06

 

( Bab Ki Harda Ingkang Pados Sarat Angsal Kasugihan Ing Wana Roban )
I. Taksih sami wontên ing Mataram, mirêngakên dongèngipun Ki Cêndhanilaras bab Ki Harda ingkang pados sarat sagêdipun angsal kasugihan ing wana Roban ngantos kabul.
Kaca 01 - 06.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 1

SÊRAT CÊNTHINI III

 

175 Pocung

1.
Pan apanggih sianak kaliyan tamu |
Ki Mase Cêbolang |
lan rencang sakawan santri |
ah wangune boya lidok pêthèkingwang ||

2.
Kyai Amat gumuyu mangsuli èstu |
Ki Cêndhaniraras |
sasalaman ganti-ganti |
sadangune lumampah kojah-kojahan ||

3.
Nulya uning wisma gung bagus kalangkung |
amangku radinan |
bango pisang-slirang thirik |
Mas Cêbolang tanya mring Amat Têngara ||

4.
Baya niki adhi wismaning tumênggung |
o lha sanès kakang |
mung wismane tiyang sugih |
anak randha anama Bagus Hartawan ||

5.
Sak-Mantarum datan wontên saminipun |
kilap darunanya |
cobi tanya Ki Cêndhani |
tamtu mirsa ingkang dadya ing jalaran ||

6.
Ki Cêndhaniraras anambungi wuwus |
mangke kula crita |
jalarane langkung sugih |
kalih mlampah dados botên kraos sayah ||

7.
Kyai Hardasangsara kala rumuhun |
mêskine kalintang |
lajêng mêrês tekatnèki |
angupados sarat sugih dhatêng Roban ||

8.
Kesahipun numpal-kèli nunut-nunut |
kalangkung kasrakat |
tan sangu arta sadhuwit |
lami-lami praptèng têpi wana Roban ||

9.
wontên dhukuh anggarêmbêl tinon samun |
nulya linêbêtan |
panggih jalma kaki-kaki |
nama Sarasêdya kinanthi mring wisma ||

10.
Munggèng salu ki wisma atanya arum |
kang nêmbe kapanggya |
sintên sinambat ingkang sih |
lawan pundi pinangka paran sinêdya ||

Jilid 3 - Kaca : 2

11.
Kang tinanya aprasaja aturipun |
nami wismanira |
miwah kang sinêdyèng kapti |
pados sarat sagêtipun andêrbala ||

12.
Angling malih kyai wisma basanipun |
kapasang sayogya |
kula jurukuncinèki |
napa têmên kang dadi karêp andika ||

13.
Lan maninge sapa kuwat godhanipun |
Ki Harda saurnya |
sampun kang dhumatêng sakit |
nadyan pêjah lêbur-luluh kula têmah ||

14.
Rèh wus mantêp kula criyos lampahipun |
mangke lamun panggya |
lan kiyai kang sung sugih |
sasampuning kula ngaturakên (n)dika ||

15.
Putranipun èstri kathah ayu-ayu |
kinèn amangarsa |
(n)dika lajêng kinèn milih |
yèn wus milih nuntên anampèni dhawah ||

16.
Wus tartamtu andika pinundhut mantu |
nanging dhinawuhan |
rêrêsik sajroning panti |
jogan (n)jêmbrung kêndhi tanpa isi toya ||

17.
Lamun sampun kalampahan jogan (n)jêmbrung |
wangsul mring wismèngwang |
lajêng kula irit malih |
sowan kyai ingadhêp putra satunggal ||

18.
Warni awon badan bangkrah ambêt arus |
nanah wuk dlèwèran |
nyrêmumuh (m)blêdhag kang kulit |
sampun ical sipating jalma manungsa ||

19.
(ng)Gih punika kang (n)dika pilih rumuhun |
nulya kinèn (m)bêkta |
umantuk dhumatêng panti |
praptèng wisma kamanggènna kang prayoga ||

20.
Lah punika makatên ing badhenipun |
wawi sami mangkat |
Ki Sara lumakyêng ngarsi |
(m)bêkta dupan Ki Hardasara tutwuntat ||

21.
Sampun prapta satêngahing kang wana gung |
ngandhaping wit kamal |
kumêlun padupanèki |
sawatara byar katon sajroning wisma ||

22.
Dhapur tajug ginêlaran kalasa lus |
wontên kang pinarak |
Kaki Wrêdha mêrakati |
sampun ciklu kadi pandhita utama ||

Jilid 3 - Kaca : 3

23.
Kêthu pêthak sarung kusta jubah pingul |
pinarak ing têngah |
lajêng ngawe jurukunci |
wus mangarsa manêmbah alon turira ||

24.
Sowanulun angaturkên anak bagus |
sêdya ngèstupada |
nyuwun bêrkah ing (n)Jêng Kyai |
kadugèna punapa sakajatira ||

25.
Kyai pikun mèsêm sarwi manthuk-manthuk |
iya daktarima |
aku uga tresna asih |
aja tanggung malah dakpèk mantu pisan ||

26.
Jurukunci nolèh pungkur wacana rum |
anak wus miyarsa |
pangandikane (n)Jêng Kyai |
kang tinolèh matur wus (n)dhèrèk sakarsa ||

27.
Tan antara atmajane pindha wiku |
para dyah warnèndah |
karêngga busana adi |
samya marêg jèjèr awiraga raras ||

28.
Pindha wiku angling iki atmajaku |
êndi kang dadya tyas |
pilihên salah sawiji |
Kyai Hardasangsara matur manêmbah ||

29.
Ingkang cakêt paduka punika rujuk |
(n)jêng kyai ngandika |
apa uwis ora pangling |
inggih sampun donya akir tan kalepyan ||

30.
Yèn mangkono kulup wis muliha gupuh |
sapraptamu wisma |
isihhing ngomah dènbêrsih |
jogan (n)jêmbrung kêndhi datan isi toya ||

31.
Lamun uwus barêsih wismanirèki |
banjur abalia |
lan (ng)gawaa saput pranti |
ing dhaupmu kalawan arinta rara ||

32.
Kang sinung ngling nêmbah sandika turripun |
byar katingal wana |
dyan mantuk lan jurukunci |
praptèng wisma ki juru alon lingira ||

33.
Benjing wangsul (m)bêktaa arta salangkung |
dene yèn tan gadhah |
kula ngêjogi rumiyin |
amung têmbe tamtu nyaur sampun cidra ||

34.
Wus sinanggup Ki Harda gancangan mantuk |
sapraptaning wisma |
anyingkirkên anak rabi |
wus barêsih nulya wangsul dhatêng Roban ||

35.
Wus pinangguh jurukunci tanya bagus |
napa (m)bêkta arta |
saèstunipun kiyai |
botên (m)bêkta nyuwun pitulungan para ||

Jilid 3 - Kaca : 4

36.
Inggih anak sampun sumêlang ing kalbu |
jrukunci marentah |
mring rabi myang warganèki |
dènsamêkta besuk ing malêm Jumuwah ||

37.
Dhaupipun anakku kang nêmbe rawuh |
Mas Hardasangsara |
kalawan putrane kyai |
pasang tarub sajèn-sajèn kaya adat ||

38.
Nulya tapuk kadya carane yun mantu |
samêkta sadaya |
malêming Jumuwah ari |
ing pandhapa myang wisma pating palêncar ||

39.
Têngah dalu kêndhuri sêkul majêmuk |
wusing byar raina |
ki jurukunci lumaris |
sarwi ngirit kang ayun nampi ganjaran ||

40.
Amamêling anak mangke mantukipun |
sampun botên susah |
akampir ing wismamami |
wontên margi tan mawi mampir-mampira ||

41.
Myang ing têmbe bilih wus kalakyan dhaup |
dados rayat (n)dika |
punika kang ngati-ati |
sampun purun lamun pinintan asmara ||

42.
Kasanggiya krama kewala (ng)gih sampun |
dene yèn wus cêlak |
sakintên antara lalis |
lah punika sawêg (n)dika turutana ||

43.
Bilih botên makatên apan tartamtu |
(n)dika nandhang bangkrah |
(m)botên jamak-jamak jalmi |
yèn tan bangkrah saèstune lajêng pêjah ||

44.
Sampun sanggêm sapraptaning ing wana gung |
nèng ngandhaping kamal |
kumêlun padupanèki |
wus katingal nèng wisma ngadhêp pandhita ||

45.
Datan dangu atmaja dyah juga mêtu |
ganda balarongan |
badhêg arus kêcing bacin |
badan bangkrah daging (m)blêdhag mili nanah ||

46.
Gruyuh-gruyuh lalêr kadi tawon kambu |
(n)jêng kyai ngandika |
kulup apa ora pangling |
apa iya iku kang kok pilih mana ||

47.
Kang tinanya èstu (m)botên pangling ulun |
lêrês (ng)gih punika |
kang kula pilih rumiyin |
lah ta rara mèlua bojomu ika ||

48.
Hèh ta kulup wis tampanana bojomu |
rahap tinampanan |
kanthèn mêdal saking panti |
byar nèng wana rayatipun wus waluya ||

Jilid 3 - Kaca : 5

49.
Ganda arum warna yu busana luhung |
lajêng lampahira |
tan dangu prapta ing panti |
(n)jujug sênthong tanggane tan na uninga ||

50.
Sang rêtna ngling manis gapyak lukita rum |
guru lakiningwang |
punapi inggih puniki |
wisma tuwan iya iki wismaningwang ||

51.
Dhuh ki raka sarèhning wus uning ulun |
mugi akantuna |
kula wangsul mring asrami |
amung sabên malêming ari Jumuwah ||

52.
Lan malême Anggarakasih puniku |
ing sênthong punika |
rinakita kang barêsih |
gêlarana klasa lus sêkar sêtaman ||

53.
Dilah murub padupane aywa kantun |
dhuh woding tyasingwang |
parentahmu daklakoni |
risang pindha apsari wus tan katingal ||

54.
Malêmipun Jumuwah prapta sang ayu |
(n)jujug pasênêdan |
Ki Sangsara amanggihi |
sang rêtna ngling ki raka ijêngandika ||

55.
Punapi tan darbe rayat miwah sunu |
saèstune gadhah |
nanging uwis dak buwangi |
awit ajrih manawa kataman duka ||

56.
Sang rêtna yu ngujiwat anyiwêl pupu |
kula botên watak |
prayogi dipuntimbali |
mêsakake wong wis mèlu lara-lapa ||

57.
Iya yayi lamun wis ana dhawuhmu |
Ki Harda gya mentar |
anak rayat dènboyongi |
praptèng wisma makidhupuh dènnya marak ||

58.
Mung suwara datan katingal kang wujud |
(m)bakyu apa iya |
sira rayate ki panti |
lêstarèkna (ng)gonmu ngladèni ki raka ||

59.
Mung wêkasku poma èstokna satuhu |
aywa nganggo sira |
bangun-tulak gadhung-mlathi |
kang sinung ngling umatur inggih sandika ||

60.
Sang rêtna-yu anulya pamitan mantuk |
pêndhaking Jumuwah |
prapta kadi kang rumiyin |
wacana rum ki raka wisma paduka ||

61.
Têka (n)jêmbrung datan wontên isinipun |
yayi kaya paran |
ênggonku ngisèni panti |
kang dak pangan sadinane dêngap-dêngap ||

62.
Angujiwat sang ayu wacana arum |
lah benjing kewala |
malêmipun (ng)Garakasih |
pojok griya sakawan pinasangana ||

Jilid 3 - Kaca : 6

63.
Bumbung wulung watês êros panjangipun |
têmbe isinira |
tinukokna prabot pranti |
wusnya mêling sang dyah wangsul mring asrama ||

64.
Pojok catur wus tinrapan bumbung wulung |
(ng)Gara kasih enjang |
gupuh dènnira mêndhêti |
bumbung catur kêbak uwang mas salaka ||

65.
Kyai wisma suka amarwata sunu |
ing samarganira |
rêjêki lajêng (n)dalidik |
karya wisma kadi dalêming bupatya ||

66.
Rajabrana uwang tan kêna ingetung |
sabên malêm Jumungah |
atanapi (ng)Garakasih |
sang dyah ayu kang sung brana dènnya prapta ||

67.
Datan kêndhat miluta minta pulang hyun |
nanging Ki Sangsara |
bakuh mung anyanggi-krami |
amituhu jurukunci wêlingira ||

68.
Lami-lami bokmanawi sampun nyathuk |
lawan takdirira |
ki wisma têka nuruti |
asalulut enjinge lajêng palastra ||

69.
Waris amung satunggal anake jalu |
lawan biyangira |
kasugiyannya lêstari |
nanging datan pinundhut kinathik garwa ||

70.
Lawan botên sasaji kadi rumuhun |
namung sabên warsa |
alêstantun kintun picis |
dhatêng jurukunci salawe rupiyah ||

71.
Sampun cuthêl ênggèr ing cariyosipun |
(n)dawêg asewangan |
myang sami andum basuki |
(ng)girisakên kasugiyan saking setan ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (00) Isi Jilid 03
  • (02) Kaca 07 – 11 >