Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang

 (02) Kaca 07 – 11

 

( Mas Cêbolang kalihan para santrinipun sami têrbangan )

II. Ing Pondhokan kawontênakên pèngêtan Kolipun bapakipun Amat Têngara. Mas Cêbolang kalihan para santrinipun sami têrbangan, cakêpanipun mêmuji agami Islam.
Para tamu sakalangkung kapranan.


Kaca 07 - 11.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 6

176 Girisa

1.
Apan praptanira wisma |
wanci waktu Mahrib ika |
ing sabakdanira Ngisa |
nahan bok Amat Têngara |
ngacarani tamunira |
lah anak suwawi nêdha |
pun biyang kangên kalintang |
de ngantos lami rêrencang ||

2.
Mangke sabibaring nadhah |
bilih sami botên sayah |
kalêrês êkoling yayah |
ulun sampun olah-olah |
padatan pra tamu kathah |
Mat Têngara latah-latah |
ngucap Astagpirolah |
ingsun kasupèn sa-Allah ||

Jilid 3 - Kaca : 7

3.
Mèsêm ling Ki Mas Cêbolang |
adhi inggih kasinggihan |
prayogi sami lênggahan |
asasambèn tarêbangan |
wawi sami ingicipan |
sawarnining sasêgahan |
wusing nadhah dhadhaharan |
dyan mirantos palinggihan ||

4.
Tamunya wus samya prapta |
para kêtip myang ngulama |
modin marbot sarta tangga |
kang samya sarju ing nala |
linggih urut pangkatira |
Mat Têngara gita-gita |
mêrnahakên ingkang prapta |
lumintu sasêgahira ||

5.
Ki Mas Cêbolang tumuntur |
amanggihi saha matur |
wilujêng kalangkung sukur |
tan pantara santri catur |
samya majêng saha matur |
tarêbang ngêncêngi pluntur |
wusnya kêncêng nulya katur |
tamu ngulama Dul Gapur ||

6.
Nanging Dul Gapur tan arsa |
wis ta padha narêbanga |
aja ana taha-taha |
Bismilah payo kawita |
Nurwitri ingkang abawa |
pasèh swara tan kuciwa |
rame kadi sabênira |
pra tamu kêtip ngulama ||

7.
Eca sami saraseyan |
sinambi anyanyamikan |
Cêbolang ingkang tinêmbang |
anak wontên ngêl-ungêlan |
sabar aris ati antêng |
andhap narima wirangan |
angangge panggawe bêcik |
kusut nganggo panganggenya ||

8.
Asih padhaning manungsa |
ngapura kaluputannya |
duk rikala prajangjean |
angulihakên titipan |
arampekan atabêri |
tutur bênêr ora cidra |
panggawe kang apaedah |
iku ngèlmu lawan sarak ||

9.
Kadiparan surasanya |
Mas Cêbolang aturira |
saking ing pamanggihkula |
punika yèn condhong karsa |
nahan pra tamu sadaya |
samya anilingkên karna |
dènnira ayun miyarsa |
suwara ingkang winahywa ||

10.
Sabar aris ati antêng |
punika bêtah myang tahan |
paramarta angaksama |
madhêp ing Allah Tangala |
datan èngêt ing lyanira |
de andhap nrima wirangan |
lair narima kasoran |
nanging boya nguthuh nistha ||

11.
Batin (m)bêg luhur sanyata |
de nganggo panggawe bêcik |
nglampahi panggawe ingkang |
kaanggêp sae mupakat |
mênggahing pranatan sarak |
kusut nganggo panganggenya |
punika ingkang manungsa |
ajrih asih ing Hyang Suksma ||

Jilid 3 - Kaca : 8

12.
Ing lair trus batinira |
amangangge (ng)gèn-anggènnya |
kang winênangkên tyang Islam |
sandhang têdha kalakuwan |
de asih padha manungsa |
anyuwunkên pangapura |
ing sakèhing dosanira |
ing tiyang Islam sadaya ||

13.
Kang gêsang tuwin kang pêjah |
ing lair amurih tobat |
de ngapura kluputannya |
puniku ugi bêtahan |
paramarta angaksama |
madhêp ing Allah kang sarta |
tan èngêt mring liyanira |
kang miawon ingaksama ||

14.
De duk kala prajangjian |
punika janjian lawan |
ing Gusti Allah Tangala |
kala jaman ajal ika |
ing alam arwah sanyata |
utawi jaman Duriyat |
de angulihkên titipan |
titipane Allah ika ||

15.
Roh rabani roh nurani |
roh rahmani roh nabadi |
tuwin roh badan ilapi |
roh yyawani roh tamiyis |
roh rewani roh kulupi |
ingkang roh sasanga iki |
punika ingkang mêngkoni |
sadaya pan roh ilapi ||

16.
Tartamtu mantuk mring Allah |
sampun samantên kewala |
mangkya rampèkan têhêrnya |
angrakêtakên ing mêngsah |
tuwin tiyang sudra papa |
kaswasih tan na bineda |
inganggêp kadang sadaya |
nir sangga-runggining driya ||

17.
De tutur bênêr tan cidra |
pitutur anggêring sarak |
mirit saking Dalil Kur'an |
Kadis Ijêmak myang Kiyas |
dene panggawe kang ana |
paedahe (ng)gih punika |
tuhu anglampahi ingkang |
kawajibakên ing sarak ||

18.
Myang kang sinunatkên ing sarak |
nyêgah awisan sadaya |
kang badhe damêl niaya |
ing badanipun priyangga |
tuwin mring tyang sasanèsnya |
pungkasan ngèlmu myang sarak |
kawruh sasêrêpan marang |
khukum-khukum miwah sarak ||

19.
Pranatan myang paprentahan |
kang trang saking Gusti Allah |
lumantar ing pra ambiya |
Kangjêng Nabi kang minulya |
lah sampun namung punika |
gayuhing pamanggih kula |
lêrês lêpate sumangga |
suka kang samya miyarsa ||

Jilid 3 - Kaca : 9

20.
Dhaup ki anak Cêbolang |
kalawan pamanggihingwang |
gosok godhi botên nyimpang |
dhuh anak wawi winêdhar |
Dalil Kadis lan Ijêmak |
Kiyas kibir ujubriya |
sumêngah sami rinasa |
Cêbolang manis wacana ||

21.
Kanang Dalil têgêsira |
Dalil Kur'an (ng)gih punika |
pangandikaning Hyang Suksma |
kang asal saking ing Sabda |
ananging datanpa swara |
miwah datan mawa sastra |
tanpa tinêmbungkên kathah |
tan purwa datan wasana ||

22.
Langgêng botên ewah-ewah |
ingkang katêdhakan marang |
panggalihe Nabi duta |
lalantaran lesanira |
Malaekat Jabrailla |
akanthi suwara sastra |
têmbung wiwitan wêkasan |
kang asung têdah sanyata ||

23.
Kêdah khukum wajib mokal |
sunat wênang mêkruh karam |
artine Dalil punika |
anggêr-anggêr kang atêdah |
ing salêrêsing khukhumah |
utawi sabarang tingkah |
ingkang badhe linampahan |
mêndhêt saking dhawuh Allah ||

24.
wontên lapalipun uga |
nahnu akrabuilèkum |
wakinna latup sirana |
makna ngandikaning Allah |
marang Kangjêng Rasullolah |
Sun iki parêk lan sira |
katimbang lan sadayanya |
nanging sira tan uninga ||

25.
Ponang Kadis têgêsira |
ngandikaning Nabi duta |
ananging ingkang na liya |
saking gagêbêngan ingkang |
kakaranganipun Kur'an |
kang dèn-dhawuhkên sadhengah |
sakabating Rasullolah |
ingkang nocoki kalawan ||

26.
Suraosing dhawuh Kur'an |
pramila Kadis minulya |
sumêrêpipun yèn nyata |
saking Nabi gustikita |
kêdah saking pra sakabat |
kang sinung sabda (n)Jêng kita |
miturut dugi samangkya |
yèn tan têrang èstu dosa ||

27.
Artose pamanggihkula |
Kadis wau dhawuhira |
(n)Jêng Nabi Muhamad duta |
Dalil Kadis arannira |
lapalipun lae saka |
miskihi sae-aun wa |
-huwas-samingul basira |
dene maknane winarna ||

Jilid 3 - Kaca : 10

28.
Satuhune Allah boya |
ana ing upamanira |
iya Allah kang miyarsa |
ningali tan kasamaran |
nahan kang samya miyarsa |
Mas Cêbolang ngandikanya |
manthuk-manthuk sukarêna |
anak para lajêngêna ||

29.
Mangkya Ijêmak têgêsnya |
mupakatna pra ngulama |
langkungipun saking tiga |
sami nocogi sadaya |
suraosing Dalil Kur'an |
tuwin Kadis Rasullolah |
tumraping dhatêng Khukumah |
utawi sadhengah tingkah ||

30.
Bilih wontên tiyang ingkang |
anyuraos Dalil Kur'an |
myang Kadis mangka sulaya |
lan panimbanging ngulama |
punika apan winastan |
tiyang Kirijiyah nama |
jinabakkên saking para |
pakêmpalaning ngulama ||

31.
Kêploking kanang Ijêmak |
wus mupakat pra ngulama |
lah lapalipun punika |
la mawujuda Ilollah |
maknanipun ora ana |
ingkang wujud amung Allah |
tan ana Pangeran uga |
ingkang sinêmbah mung Allah ||

32.
Kiyas têgêsnya piridan |
nulat saking lalampahan |
lêpiyan kang wus kalakyan |
saking para nabi ingkang |
dèrèng rinumbak khukhumnya |
myang saking para ngulama |
kang muklis ing kina-kina |
punika wajib dèn-anggya ||

33.
Dados ingkang nama Kiyas |
tuladan khukhum ing kina |
wontên rapale punika |
la ina laha tangala |
la esa ngahèni data |
maknanipun satuhunya |
Allah iku ora ana |
tinêmu paningalira ||

34.
Warnining wujud punika |
têkaburing tyas kang lagya |
gumêrtês dèrèng kawahywa |
gaib samar tan na samar |
inggih punika sujanma |
ingkang manahipun gadhah |
pamrih supados gadhaha |
pangucap myang solah tingkah ||

35.
Ginumunana ing kathah |
tyang sanès eram ing kathah |
sanadyan malah cinamah |
inggih wus nama ujubbah |
yèku klakuaning manah |
ingkang murungakên lampah |
rahayu sakawan cacah |
ujubriya kibir sumngah ||

Jilid 3 - Kaca : 11

36.
Riya têkabur wus gatra |
ing cipta têkbiring nala |
dèrèng dumunung ing swara |
namung wus katon ing driya |
yèku tiyang ingkang gadhah |
manah pamrih ing sadhengah |
pandamêl sasaminira |
katingalkên ing lyan janma ||

37.
Kibir têkabur wus mêdal |
kalair wontên ing lesan |
yèku tyang kang gadhah manah |
tan kungkulan ing sasama |
angraos luhur priyangga |
kabisane tan na madha |
sanadyan ora sanyata |
nanging mêksa harda (n)dadra ||

38.
Sumêngah têkabur ingkang |
amanggèn tan owah-owah |
ambêg kumêmbêng sarira |
yèku tiyang ingkang gadhah |
manah pamrih ing sasolah |
-bawa kamirêng ing kathah |
nir sakèhing parah-parah |
[...] ||

39.
Nuwun anamung punika |
condhong botêne sumangga |
(ng)gih anak wus tan prabeda |
lawan kawruhe pun bapa |
amêwahi sasêrêpan |
nêngna kang samya rêrasan |
kandhuri lumadyèng ngarsa |
-nira pra tamu sadaya ||

40.
Nahan sawusing samakta |
lajêng Ki Amat Têngara |
ngancarani tamunira |
punika Kolle pun bapa |
kadi padatan sumangga |
pra tamu Bismilah sigra |
maos Patekah sadaya |
bakdaning donga gya nêdha ||

41.
Pakantuk rahabing nala |
para tamu wus paliman |
sarwi nyangking bêbrêkatan |
pandhapa wus binêrsihan |
dening pra santri sakawan |
Ki Amat masih gunêman |
lah ki raka kadiparan |
sanèsing Kikam lan Kitam ||

42.
Tinampèn kawicaksanan |
lêpasing pambudi-tama |
Kitam bundhêlan atinya |
e makatên sanèsira |
ah kakang wawi sumangga |
sami nêntrêmakên raga |
rèh benjing-enjing yun sowan |
dhatêng ing Sujanapuran ||

43.
Sadalu sakeca nendra |
enjinge ingkang winarna |
Mas Cêbolang wus busana |
tuwin Ki Amat Têngara |
Nurwitri wae mèlua |
katêlu pisan kariya |
wus mangkat saking ing wisma |
sêkar salin Dhandhanggula ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (01) Kaca 01 - 06
  • (03) Kaca 12 >