Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (11) Kaca 34 – 40

 

( Nêrangakên Bab Petangan Warni-warni )

V. Tumenggung Sujanapura nêrangakên bab petangan warni-warni:
1. Nyumêrêpi dhawahing tanggal sapisan wulan ngajêng;
2. Ngupadosi angkaning taun, windu, kurup, dalah watakipun;
3. Ngupados nama dhêdhasar aksara Jawi;
4. Petang jêjodhoan dhasar dintên sarta pêkênan lairipun têmantèn jalêr èstri sarta dhêdhasar namaning têmantèn kêkalih miturut aksara Jawi.


Kaca 34 - 40.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 34

181 Sinom

50.
Ing wanci surya gumlewang |
dyan mênggung ngandikèng dasih |
èh ta bocah panakawan |
dhaharku yèn wus miranti |
gawanên mrene uwis |
dak kêmbul lan anak bagus |
sêkul ulam lumadya |
tinata anèng ing dhimpil |
dyan tumênggung nadhah lawan Mas Cêbolang ||

51.
Nutug kalih dènnya nadhah |
linorotkên mring Nurwitri |
Cêbolang nêmbah pamitan |
dyan tumênggung anglilani |
ngandika arum manis |
mêngko sore bae kulup |
muliha mring pondhokan |
upamane wong ambukti |
durung tuwuk salin têmbang Pangkur barang ||

182 Pangkur

1.
Cêbolang kalangkung suka |
duk winêngan dènnya marsudèng budi |
kaindhakaning kang kawruh |
umatur kadi paran |
bilih badhè sumêrêp ing dhawahipun |
dintên tanapi pêkênan |
tanggalipun wulan ngarsi ||

2.
Utawi angkaning warsa |
nanging taunnipun datan tinulis |
punapadene kang windu |
paran ing pangupaya |
dyan tumênggung alon pangandikanipun |
lamun arsa milang tanggal |
mangkene pangupayèki ||

3.
Nêptuning taun ingetang |
Alip siji Ehe lilima nênggih |
Jimawal nêptu katêlu |
Je pitu Êdal papat |
Ehe loro Wawu nênêm nêptunipun |
Jimakir nêptu titiga |
kinumpulan nêptu sasi ||

4.
Sura pitu nêptunira |
Sapar loro Mulut katiga yêkti |
Rabingulakir limèku |
Jumadilawal nêmnya |
Madilakir siji Rêjêp kalih nêptu |
Ruwah papat Pasa lima |
Sawal pitu nêptunèki ||

5.
Dulkangidahe satunggal |
de Bêsare titiga nêptunèki |
nêptuning wulan myang taun |
ginunggung dyan ingetang |
manut Kurup kang dadi kawiting etung |
pama Kurup Ngarbangiyah |
Rêbo kawit etang siji ||

6.
Iki Êje taunnira |
arêp ngetang tanggale Bêsar ngarsi |
Êje nêptune pipitu |
Bêsare nêptu tiga |
nêptu taun lan sasi gunggung sapuluh |
tanggale mêsthi Jumuah |
dene yèn arsa ngulati ||

Jilid 3 - Kaca : 35

7.
Pasaranne ingkang tanggal |
kawruhana nêptune tahun sasi |
Alip lima He nawèku |
Jimawale sakawan |
Êje têlu Êdal loro Be pipitu |
Wawu siji nêptunira |
Jimakir lima winilis ||

8.
Sura Sapar samya lima |
Mulut Rabingulakir nyanga sami |
Jumadilawal tatêlu |
Jumadilakir tiga |
Rêjêb Ruwah samya kalih nêptunipun |
Pasa Sawal anyatunggal |
Sêla Bêsar gangsal sami ||

9.
Iki Je nêptu têtiga |
sasi Bêsar lilima nêptunèki |
tri lan lima dadi wolu |
yèn Kurup Arbangiyah |
awit etung siji Kaliwon puniku |
pasthi tanggal Bêsar ngarsa |
ing dina Jumuah Paing ||

10.
Kalamun Kurup Kamsiyah |
pasaranne ingetung awit Lêgi |
mangkono saurutipun |
dene angkaning warsa |
lamun ayun angawruhi taunnipun |
iku dhingin ngawruhana |
wiwitane ingkang warsi ||

11.
Duk Ajisaka ngajawa |
etung siji Wawu taunnirèki |
lorone Jimakir iku |
Alipe taun tiga |
Ehe papat Jimawal kalimanipun |
Je nênêm Dalle kasapta |
Be wolu dyan Wawu maning ||

12.
Wowolu cacahing warsa |
pira kèhe angkaning punang warsi |
dyan binuwang wolu-wolu |
kalamun nganti têlas |
pan tartamtu iku Êbe taunnipun |
kalamun kariya tunggal |
apan Wawu taunnèki ||

13.
Kari dwi Jimakir warsa |
kari têlu Alip taunnèki |
kari papat Ehe taun |
kari lima jimawal |
kari nênêm Êje punika kang taun |
kari pitu Dal kang warsa |
saiki angkaning warsi ||

14.
Sèwu limang-atus lawan |
sawidak-nêm kasuda wolu kaping |
satus nawa-luh limèku |
pasthi nênêm karinya |
angka nênêm apan Êje taunnipun |
apa iya nora salah |
nuwun sampun botên sisip ||

15.
Mênggah windu kadiparan |
lah mangkene patrape ngupayèki |
sapira angkaning taun |
kang ayun kinawruhan |
ingkang dhingin kasuda loro puniku |
Wawu Jimakir windunya |
Sangara ingkang (n)darbèni ||

Jilid 3 - Kaca : 36

16.
Anulya malih ingetang |
sakirane angkane ingkang warsi |
wusing kalong loro mau |
banjure kaparaa |
têlungpuluh-loro yèn cèplês puniku |
tartamtu windu Sangara |
dene ta kalamun kari ||

17.
Ji ro lu pat têkèng astha |
windunira Sancaya pan wus pasthi |
yèn kari sanga sapuluh |
tumêkane nêmbêlas |
windu Adi puniku pan wus tartamtu |
kari pitulas tumêka |
patlikur windunirèki ||

18.
Tartamtu Windu Kunthara |
lamun kari salawe têkanèki |
têlungpuluh-siji iku |
bali Windu Sangara |
lah cocogna taun sèwu-limangatus |
sawidak-nêm kasudaa |
pan roro bae rumiyin ||

19.
Sakarine kaparaa |
têlungpuluh-loro pira kang kari |
Cêbolang sawusnya ngetung |
umatur kantunnira |
wolulikur dhawah punapa kang windu |
kulup Windune Sangara |
iya ing taun puniki ||

20.
Babo kulup cocogêna |
apa bênêr mungguh pangetungmami |
Mas Cêbolang nêmbah matur |
lêrês dhawah Sangara |
dhuh pukulun mugi paringa pituduh |
kridhaning aksara Jawa |
dyan mênggung ngandika aris ||

21.
Ana kaol kawruhana |
nêptuning kang aksara kang winilis |
ha ya nêptune sapuluh |
na ba loro nêptunya |
da ma ta pan papat iku nêptunipun |
pa ra ka wolu nêptunya |
ca ja têlu nêptunèki ||

22.
De ga wa la tha nya dha nga |
apan sami nênêm nêptunirèki |
sa rolas nêptunirèku |
yèn arsa asung nama |
marang lare miwah marang wong ngasêpuh |
apa ta aksaranira |
kang kalêbu jroning nami ||

23.
nêptu kang urip ingetang |
kinumpulkên sapira akèhnèki |
pambuwange pitu-pitu |
pama kari sajuga |
Sagara-lit punika langkung linuhung |
watêke sagara apan |
amot ing sakalir-kalir ||

24.
Yèn kari loro ingaran |
Kidang ancik-ancik arungga yêkti |
watak angkuh lawan lêngus |
panastèn tur melikan |
lamun kari têlu iku luwih bagus |
aran Satriya-wibawa |
pênêt sandhang pangan luwih ||

25.
Lawan ana singgihira |
rada darbe panggayuh kang utami |
yèn kari papat puniku |
aran Bumi-kapêtak |
wawatake kangèlan sakaliripun |
lamun karine lilima |
Satriya-wirang namèki ||

Jilid 3 - Kaca : 37

26.
Punika ala priyangga |
lamun kari nênêm namanirèki |
Sumur sapucaking-gunung |
tiba sêdhêng watêknya |
lamun têlas Purnama-sidhi rannipun |
pan pênêt padha trang nala |
upama namaning janmi ||

27.
Harjana nêptu limalas |
gya binuwang pitu-pitu ping kalih |
kari siji etungipun |
Sagara-lit tibanya |
lamun jênêng Suwarjan etung salikur |
pinèt pitu kaping tiga |
cèplês lan Purnama sidhi ||

28.
Apa wus mangêrti sira |
Mas Cêbolang umatur mangênjali |
kula nuwun inggih sampun |
radyan malih ngandika |
ana maning kridhaning sastra rongpuluh |
kanggo ngetang jatukrama |
nanging nêptune ginanti ||

29.
Ha siji Na loro ika |
ca têtêlu ra papat ka limèki |
da nênêm ta pan pipitu |
sa wolu wa sasanga |
la sapuluh pa sawêlas nêptunipun |
dha rolas ja-ne têlulas |
ya patbêlas nêptunèki ||

30.
Nya limalas ma nêmbêlas |
ga pitulas ba wolulas nêptunèki |
tha sangalas nga rongpuluh |
wus jangkêp dyan ingetang |
dhewe-dhewe nama lit wadon rumuhun |
gunggunge katêmu pira |
sanga-sanga (ng)gonne nglongi ||

31.
Banjur aranne kang lanang |
pan katêmu pira kumpulirèki |
uga jinupuka gupuh |
lah iya sanga-sanga |
sakarine aranne wadon lan jalu |
iku kulup kang dènetang |
patrap Wirangrong gumanti ||

183 Wirangrong

1.
Lamun kari padha siji |
awèt (ng)gonnira jojodhon |
yèn kari siji lan ro kang jalu |
sih siniyan bêcik |
tan pêgat salaminya |
tulus dènnya palakrama ||

2.
Yèn kari siji lan katri |
nora awèt kang jêjodhon |
kêrêp tutukaran pêgat laju |
yèn kari sawiji |
kalawan kari papat |
tan awèt gêlis pêgatan ||

3.
Kari siji lan limèki |
awèt (ng)gènnira jêjodhon |
kari siji lawan nênêm iku |
ora awèt mêsthi |
tan lami nuli pêgatan |
harda adrêng tan widada ||

Jilid 3 - Kaca : 38

4.
Kari juga lan saptèki |
gêlis pêgat banjur satron |
yèn kari sawiji karo wolu |
santosa utami |
yèn duwe anak brêgas |
ambêg marta budi-darma ||

5.
Yèn kari siji kang èstri |
jalu kari sanga pantog |
iku kang panuju jarakipun |
(ng)gawa bêgja jati |
sartane kang dêrajat |
mangkya gantya karinipun ||

6.
Kalih èstri jalu kalih |
kasênêngan asih yêktos |
sarta olèh rahmating Allahu |
lamun kari kalih |
lan tiga tan prayoga |
salah siji glis palastra ||

7.
Kari ro lan papat bêcik |
salawase nora pêdhot |
kari ro lan lima nora arus |
dadi pêgat pasthi |
kari ro lan kari sat |
atute puniku lawas ||

8.
Kari ro lan pitu pasthi |
awèt (ng)gonnira jêjodhon |
yèn kari ro lawan kari wolu |
santosa ing krami |
kari ro lawan sanga |
awèt tur olèh dêrajat ||

9.
Mangkya kari tiga lan tri |
kêrêp anêmu pakewoh |
lawan kêrêp lungan watêkipun |
lamun kari katri |
lan papat tan prayoga |
ora condhong dadi ala ||

10.
Kari têlu lan limèki |
ora awèt dadi pêdhot |
yèn kari tri lan pat iku atut |
katrimèng Hyang Widdhi |
purwa wasananira |
ora ana kara-kara ||

11.
Kari tri lan pitu nênggih |
akèh bilai pinanggoh |
jalu kalah lawan wadonipun |
kari tri lan asthi |
tan bêcik dadi pêgat |
lamun bisa singkirana ||

12.
Kari tri lan sanga bêcik |
olèh rahmating Hyang Manon |
tutug salaminya atut runtut |
têntrêm tan kuwatir |
êntèk kang kari tiga |
tumêkane kari sanga ||

13.
Padha kari papat bêcik |
lanang kawisesèng wadon |
tansah sih siniyan sru kayungyun |
kari papat èstri |
kang lanang kari lima |
ora bêcik dadi pêgat ||

Jilid 3 - Kaca : 39

14.
Kari papat lan nêm ugi |
ora bêcik dadi pêdhot |
yèn kari sakawan lawan pitu |
sih siniyan nanging |
ana satrune juga |
sarate kudu prayitna ||

15.
Kari papat lan asthèki |
sih-siniyan tanpa pêdhot |
lamun kari papat lan sangèku |
yêkti nora bêcik |
akèh angkaranira |
mangkya ta ingkang ginantya ||

16.
Padha kari limanèki |
akèh bilai pinanggoh |
kari lima lawan nênêm iku |
uga nora bêcik |
amêsthi dadi pêgat |
prayogane singkirana ||

17.
Yèn kari lima lan kari |
pitu dadi ajêjodhon |
ingkang wadon manut maring kakung |
kari lima nênggih |
lan wolu tan prayogi |
dadi pêgatan sanyata ||

18.
Yèn kari lima lan kari |
sanga iku ati tabon |
tansah sih siniyan lawan antuk |
nikmat lair batin |
iku kang dènupaya |
têlas kang wit kari lima ||

19.
Padha kari nêm winarni |
bêcik slawase tumuwoh |
kari nêm lawan kari pitu |
punika lêstari |
sanak sadulur padha |
asih mring kang palakrama ||

20.
Kari nêm lan wolu bêcik |
bungah sênêng kang pinanggoh |
kari nêm lan sanga bêcik namung |
kang wadon pinasthi |
kêrêp di (ng)go rêrasan |
tamat kari nêm ginantya ||

21.
Wadon kari pitu sami |
jalu kari pitu awon |
ora awèt lawan gung kawêngku |
pinurih manuting |
marang ing awakira |
karsaning wadon masesa ||

22.
Kari pitu lan asthèki |
awèt (ng)gonnira jêjodhon |
nging lanang kaprentah kinèn nurut |
maring ingkang èstri |
kari sapta lan sanga |
lawas-lawas dadi pêgat ||

23.
Gantya kari wolu èstri |
jalu kari wolu jumboh |
puniku prayoga dènnya dhaup |
ing salaminèki |
tan ana sangsayanya |
yèn bisa dènulatana ||

24.
Yèn kari wolu kang èstri |
jalu kari sanga manggon |
bêcik awèt dènnya dhaup runtut |
nanging mênèknèki |
akèh bilainira |
ingkang iku kang prayitna ||

Jilid 3 - Kaca : 40

25.
Pungkasane etung bincil |
kari sanga lanang wadon |
èstri kèdhêp marang kakungipun |
ananging sring-asring |
tukaran lawas-lawas |
wus tartamtu dadi pêgat ||

26.
Tamat jarak laki-rabi |
upamane ingkang wadon |
aranne Kaminêm pan katêmu |
sangalas winilis |
binuwang sanga-sanga |
dadine kari sajuga ||

27.
Kang lanang aran Surahmin |
pan wolulikur pinanggoh |
anulya dènêlong sanga ping tlu |
uga kari siji |
padha siji karinya |
tiba awèt palakrama ||

28.
Kaki apa wus mangêrti |
sapiturute mangkono |
Mas Cêbolang matur nuwun sampun |
saèstu kapundhi |
sadaya pangandika |
kang wus dhumawuh mring amba ||

29.
Tarlèn sungkême kang dasih |
ing lair tumêkèng batos |
ing donya dêlahan tan kalimput |
rumasuk tyas siri |
dyan mênggung angandika |
he kulup alkamdulillah ||

30.
Basane ingsun mijèni |
muji tuwuh tumêkèng woh |
nir sakèhing ama dadi subur |
woh dadi tan malih |
malah kapara mundhak |
rupa èdi amirasa ||

31.
Ywa kaduk abela tampi |
kulup sun pojar sayêktos |
lamun sira jênak nèng Matarum |
rèhning mudha pêkik |
kèh kang dadi rubeda |
sambekalane tyas mudha ||

32.
Mas Cêbolang duk miyarsi |
katuju tyasnya sumêdhot |
nêmbah ngraup suku saha matur |
dhuh sang pramèngkawi |
saèstu kasinggihan |
pangandika kang winahya ||

33.
Datan langkung ingkang dasih |
nyuwun pangèstu kemawon |
pinaringan èngêt tyas rahayu |
undur-ulun saking |
ing ngarsa (n)jêng paduka |
lajêng (n)dumugèkkên lampah ||

34.
Sun paring pangèstu kaki |
ywa pêgat prayitnèng batos |
èh Nurwitri sira wêkasingsun |
saparan hya kari |
lawan bêndaranèki |
Nurwitri nêmbah sandika ||

35.
Mas Cêbolang lan Nurwitri |
wus mundur lampahira lon |
nèng marga datansah imbalwuwus |
lah kakang Nurwitri |
risang paramabasa |
kalamun ta ginunggunga ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (10) Kaca 32 – 33
  • (12) Kaca 41 – 50 >