Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (12) Kaca 41 – 50

 

( Kaprayogèkakên Nilar Praja Mantaram Jalaran Kathah Rubedanipun )

VI. Mas Cêbolang kaprayogèkakên nilar praja Mantaram jalaran kathah rubedanipun, mila ugi lajêng pamit. Taksih wontên ing griyanipun Amat Têngara, Mas Cêbolang kapanggih Ki Ajar Sutiksna ing Kêpurun, kaparingan katrangan bab petang: Pati-dina, Rakam, tuwin bab Main Kartu.


Kaca 41 - 50.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 41

183 Wirangrong

36.
Baya sawêngi tan uwis |
Nurwitri mèsêm turnya lon |
inggih kasinggihan basanipun |
angalêm manising |
madu gêndhis myang kilang |
mênggah dhawuh kang pungkasan ||

37.
Kadipundi ing panggalih |
kang iku kang dakraos |
paran rêmbugira ingsun turut |
janji nora mulih |
marang ing Sokayasa |
Nurwitri mucung turira ||

184 Pocung

1.
Punapinggih ing panggalih dèrèng tutug |
prayogi prasaja |
kula botên nêdya kari |
ngèstokakên dhawuhipun sang kawindra ||

2.
Kêncênging tyas kakang aku arêp (m)banjur |
marang tanah wetan |
manut tumindaking sikil |
mêngko yèn wus têka ing pondhok pamitan ||

3.
Marang simbok marang adhi yèn wus dhaup |
banjur bae mangkat |
prayogane laku santri |
langkung atut jangji nuntên kalaksanan ||

4.
Nêngna wau kang eca imbalan wuwus |
naban Mat Têngara |
yun mêthuk tamunirèki |
lagya dandan kasaru ana dhatêngan ||

5.
Abdidalêm ajar asramèng Kapurun |
anama Sutiksna |
(n)darojog lumêbèng panti |
Ki Têngara gurawalan dènnya mapag ||

6.
Lon umatur bêgja kêmayangan èstu |
paduka tumêdhak |
Ki Ajar wacana aris |
iya jêbèng (ng)gonningsun sowan mring praja ||

7.
Tampi dhawuh sesuk ing sadurungipun |
purnamaning surya |
karsane sri narapati |
ingsun kinèn umarêg manjing jro pura ||

8.
Karsaning Hyang kinèn mampir ing wismamu |
ywa kurang aksama |
pêksa ulun angrêgêdi |
ing wismanta muhung saratri kewala ||

9.
Banjurêna (ng)gonnira amapag tamu |
kotamaning gêsang |
urmat maring ing têtami |
(ng)gonku mampir basane kapasang yogya ||

10.
Mat Têngara (ng)guguk lajêng mapag tamu |
praptèng (n)jawi dhadhah |
Mas Cêbolang wus kaèksi |
kapang-kapang tundhuk lawan Mas Cêbolang ||

Jilid 3 - Kaca : 42

11.
Adhuh kakang de kantos sadintên muput |
baya kacondhongan |
Mas Cêbolang lingira ris |
kula pamit ngantos rambah kaping tiga ||

12.
Dhawuhipun kinèn angêntosi surup |
kilap ta rahadyan |
têka kaparêng panggalih |
tanpa wangsul punapa saatur kula ||

13.
Kakang sokur kaparêng radyan tumênggung |
kula katamuan |
Ki Ajar Sutiksna sidik |
wus tinutur sadaya mring Mas Cêbolang ||

14.
Kula laju Ki Ajar ngantos nèng pintu |
tandya wus lumampah |
Ki Ajar mapag nèng kori |
tundhuk nulya pinarak anèng pandhapa ||

15.
Mat Têngara lan santri catur abikut |
nata pasunggata |
samêkta lumadyèng ngarsi |
Mas Cêbolang ngancarani Kyai Ajar ||

16.
Lah sumangga rinahaban sêgahulun |
Kyai Ajar tanggap |
wusing nadhah dyan cinarik |
kinantunkên wedang kalawan nyamikan ||

17.
Sarwi êmpuk-êmpuk raos manis arum |
Kyai Ajar tanya |
kenthol ulun nilakrami |
sinambating wawangi miwah pinangka ||

18.
Mas Cêbolang matur purwa wusanèku |
Kyai Ajar latah |
kalingane wong ngasigit |
atmajane risang wus slira-bathara ||

19.
Yèn kandhêga anèng ing praja Matarum |
babo kambing wana |
narendra Cintakapuri |
pangudange sudarma nir pangrèhpraja ||

20.
Damar mancung samantên kewala cukup |
nahan Mas Cêbolang |
nglocitèng tyas duk miyarsi |
cocog têmên lan dhawuhe sang kawindra ||

21.
Têka jumbuh baya iki wus sakuwu |
alon aturira |
yèn sang wiku nayogyani |
benjing-enjing ingsun nilar Ngèksiganda ||

22.
Manthuk-manthuk Sutiksna wacana arum |
tabiyating praja |
sabarang nganggo winilis |
mrih pakantuk ing lampah mrih tan sangsaya ||

23.
Etung pati-dina puniku pakantuk |
kalamun lêlungan |
ngupaya kasil sakalir |
patine kang dina yèku ywa katrajang ||

24.
Watonnipun nêptuning dina ingetung |
kalawan pasaran |
kinumpulkên dadi siji |
awit wetan winilis etung sajuga ||

Jilid 3 - Kaca : 43

25.
Loro ngidul katêlu mangulon laju |
mangalor kaping pat |
balik awit wetan malih |
ngêndi dhoke iku kang ran pati-dina ||

26.
Akad lima Isnène papat kang nêptu |
Salasa titiga |
Rêbo pitu wolu Kêmis |
Jumwah nênêm Saptune nêptu sasanga ||

27.
Pasaranne Kaliwon nêptune wolu |
Lêgi nêptu lima |
Paing sanga nêptunèki |
Pon pipitu Wagene nêptu sakawan ||

28.
Pati-dina nuju nèng wetan cinatur |
yèn kapanggih nawa |
myang têlulas lawan malih |
pan kapanggih pitulas ingetangira ||

29.
Akad Wage Sênèn Lêgi nawa jumbuh |
Akad Kaliwon lan |
Sênèn Paing Kêmis Lêgi |
Jumngah Pon Saptu Wage ênêmbêlas ||

30.
Kêmis Paing kapanggih pitulas iku |
Sêtu Kliwon uga |
pitulas etangannèki |
pati-dina nèng wetan apan sasanga ||

31.
Pati dina ana kidul kang tinutur |
kalamun kapanggya |
sadasa kalawan malih |
yèn petange ingkang panggih kawanwêlas ||

32.
Akat Lêgi kalawan Slasa Ponnipun |
Junungah Wage pan |
nêptunipun apan sami |
anyadasa punika ing petangira ||

33.
Akat Paing lawan Rêbo Êponnipun |
Jumungah Kliwonnya |
Sêtu Lêgi iku sami |
ngawanwêlas pati-dina kidul sapta ||

34.
Pati-dina nuju nèng kulon ginalur |
yèn kapanggih sapta |
sawêlas kalawan malih |
pan pinanggih limalas ing petangira ||

35.
Slasa Wage kapanggih sapta ingetung |
Sênèn Pon kalawan |
Slasa Kliwon Rêbo Wage |
Jumwah Lêgi sami kêpanggih nyawêlas ||

36.
Rêbo Kliwon Kêmis Êpon malihipun |
Jumungah Paingnya |
nglimalas petangirèki |
pati-dina nèng kulon etange astha ||

37.
Pati-dina ana êlor kang winuwus |
yèn katêmu astha |
kalawan rolas lan malih |
yèn pinanggih nêmbêlas ing petangira ||

38.
Sênèn Wage Slasa Lêgi padha wolu |
Akad Pon kalawan |
Sênèn Kliwon Slasa Paing |
Rêbo Lêgi Kêmis Wage padha ngrolas ||

Jilid 3 - Kaca : 44

39.
Rêbo Paing lan Kêmis Kaliwonnipun |
miwah Saptu Ponnya |
samya nêmbêlas winilis |
pati-dina nèng lor sapuluh kathahnya ||

40.
Pati-dina nèng têngah sawiji amung |
katêmu wolulas |
nuju dina Saptu Paing |
tamat ingkang etangan patining dina ||

41.
Lamun maksih umbèr singkirana kulup |
etang kang tan arja |
mung yèn kaslêpêg ywa gigrig |
tyas kang kandêl kumandêl Suksma Kawêkas ||

42.
Mas Cêbolang matur kapundhi kaêmbun |
dadosa jijimat |
timbalane sang ayogi |
bilih wontên malih kang kêdah winekan ||

43.
Kêparênga mêdharkên sawontênipun |
kinarya darsana |
kalawan ing têmbe wingking |
bilih wontên anak putu kang tatanya ||

44.
Ana maning petungane kanca gunung |
ingaranan Rakam |
kaanggo salaki-rabi |
myang ngadêgkên omah sapapadhanira ||

45.
Sawusipun pakantuk dinane Wuku |
tinumpangan Rakam |
tumbuk kang wis ran prayogi |
lan manggonning wulan tumrap ing pakaryan ||

46.
Panjukuke uga saka nêptunipun |
ingaran pasaran |
kinumpulkên dadi siji |
Jurudêmung nênêm-nênêm pambuwangnya ||

185 Jurudêmung

1.
Nêptuning ari pasaran |
beda lan kang kasbut ngayun |
Jumuwah siji ingetung |
Saptu loro Akad tiga |
Sênènne sakawan nêptu |
Slasa lima Rêbone sad |
Kêmise nêptu pipitu ||

2.
Dene nêptune pasaran |
Kaliwon siji puniku |
Lêgi loro Paing têlu |
Êpon nêptune sakawan |
Wage lima ingkang nêptu |
wusing kumpul kajupukan |
aranne mangkya winuwus ||

3.
Kalamun kari anjuga |
ingaranan nuju padu |
awon dene watakipun |
sabarang kudu sulaya |
apadudon tansah ngêdur |
yèn kanggo (n)dhaupkên apan |
pangantèn sulayèng kayun ||

4.
Kari kalih ingaranan |
Dêmang-kandhuruwan iku |
mungguh watêke liripun |
kakurangan sandhang pangan |
kêrêp nandhang lara tuhu |
lamun kanggo palakrama |
pangantèn nandhang kadyèku ||

Jilid 3 - Kaca : 45

5.
Kari têlu ingaranan |
Sanggar-waringin pakantuk |
bêcik asrêp watakipun |
anêmu suka raharja |
rêjêkinira sêmpulur |
kaanggowa palakrama |
uga mangkono pinangguh ||

6.
Kari papat ingaranan |
Mantri-sinaroja bagus |
kadugèn sakarsanipun |
winantu suka raharja |
sênêng tan kuciwèng sêmu |
kanggo (n)dhaupkên pangantyan |
puniku luwih pakantuk ||

7.
Kari lima apan aran |
Macan-kêtawang liripun |
tinêbihan kinèringan mung |
sring ana kang sêdya ala |
lan asring kelangan iku |
kaanggowa palakrama |
uga mangkono tinêmu ||

8.
Pungkasan kari nêm aran |
Nuju-pati watakipun |
mati pêt rêjêkinipun |
sandhang panganne rêkasa |
lamun ana mantèn dhaup |
nora lawas dadi pêgat |
tur nandhang susah mawantu ||

9.
Dina kang petungannira |
Anuju-padu winuwus |
ana lima iku kulup |
Akad Pon Sênèn Paingnya |
Slasa Lêgi puniku |
Rêbo Kaliwon kalawan |
Saptu Wage mung puniku ||

10.
Nuju Dêmang-kandhuwuran |
ri Akad Wage puniku |
Sênèn Êpon kalihipun |
Salasa Paing titiga |
Rêbo Lêgi kang kacatur |
Kêmis Kaliwon kalima |
Jumuwah Kliwon nêmmipun ||

11.
Sanggar-waringin manggonnya |
ri Sênèn Wage puniku |
Slasa Êpon kalihipun |
Rêbo Paing katiganya |
Kêmis Lêgi kaping catur |
Jumuwah Lêgi kalima |
Saptu Kliwon kanêmmipun ||

12.
Nuju Mantri-sinaroja |
Akad Kaliwon puniku |
Slasa Wage kalihipun |
Rêbo Êpon katiganya |
Kêmis Paing kaping catur |
Jumuwah Paing kalima |
Sêptu Lêgi nênêmmipun ||

13.
Anuju Macan-kêtawang |
ri Akad Lêgi puniku |
Sênèn Kliwon kalihipun |
Rêbo Wage katiganya |
Kêmis Êpon kaping catur |
Jumungah Êpon limanya |
Saptu Paing nênêmmipun ||

14.
Nuju-pati pungkasannya |
ri Akad Paing puniku |
Sênèn Lêgi kalihipun |
Slasa Kaliwon katiga |
Kêmis Wage caturipun |
Jumuwah Wage kalimanya |
Saptu Pon pungkasanipun ||

15.
Tamat petunge kang Rakam |
sirik yèn maido kulup |
yèn ngandêlkên dadi luput |
anggon-anggon ana sira |
wus samene bae cukup |
nahan kang samya miyarsa |
sukèng tyas tan ana ngantuk ||

Jilid 3 - Kaca : 46

16.
Ki Ajar malih ngandika |
nalika nom-nommaningsun |
kang dadya sêngsêming kalbu |
tan lyan namung ngabotohan |
kêplèk kècèk posing-dhadhu |
saya lama mundhak (n)dadra |
nganti wêgah sudarmèngsun ||

17.
Barang darbèking wong tuwa |
êntèk dak (ng)go main dhadhu |
basa wis blindhis katèngsun |
isin marang ing sasama |
kalawan bangêt wêdiku |
marang yayah miwah rena |
kalakon lunga ngalangut ||

18.
Ana sawiji juragan |
saka Ngatasangin iku |
wêlas trisna mring awakku |
tinari kinèn miluwa |
mulih marang prajanipun |
bangêt bungahing tyas-ingwang |
banjur ginawa mring prau ||

19.
Sajrone nèng prau layar |
Ki Juragan sabên dalu |
kasukan lan rowangipun |
para juragan hartawan |
sarananing rupa kêrtu |
rèhingsun karêm kasukan |
sabên nonton muput-muput ||

20.
Ana gêlane tyasingwang |
bayarane têka kantun |
sajrone nyêkêl mung etung |
Ki Juragan anggraita |
wasana alon lingipun |
luwih sênêng sira baya |
marang ing kasukan kêrtu ||

21.
Aturku dahat karênan |
tuwan gya angsung pitutur |
sadurunge sira pêcus |
ingkang dhingin ngawruhana |
rèhning iki langênnipun |
pra luhur Ngatasmaruta |
tabiyat kudu tiniru ||

22.
Ing nalikane kasukan |
tan kêna murang-rèh iku |
ing kaluhuran saèstu |
wit wus kabudi dening kang |
para marsudi budyanung |
tinêmuning ing pambudya |
nitik saka prantinipun ||

23.
Èdi panggonan pinarnah |
tan ana kuciwèng sêmu |
sarta kèh gumêlaripun |
tan katon wujuding arta |
ingkang minangka tohipun |
muhung sêtyane wacana |
ingkang inganggêp ginugu ||

24.
Dadine iki kasukan |
tetela têmên yèn dudu |
bobotohan golèk untung |
dudunung ran kalangênan |
para satriya pra luhur |
ingkang nganggo papantêsan |
sanadyan lêlangên iku ||

Jilid 3 - Kaca : 47

25.
Sasuwene kalangênan |
ngati-ati tan kalimput |
kaprabonira ngaluhur |
jatmikane solahbawa |
awit kang mangkono mau |
makuthaning kaluhuran |
lamun dianggo wis tamtu ||

26.
Sumorot prabaning wirya |
sarta mawa prabawa gung |
kawuryan lajêring punjul |
sasamanirèng tumitah |
kulup aku basa krungu |
dak rasa nadyan botohan |
nanging nora tinggal ngèlmu ||

27.
Tatakrama wiryèng praja |
tuwan (m)banjurke pitutur |
mulane sasuwenipun |
kasukan lamun pinuju |
ngêdum tan anyêkêl kêrtu |
datan kêna tumingala |
mring kêrtu cêkêlanipun ||

28.
Mêngsah sakiwa têngênnya |
myang babarpisan tan antuk |
muruki pamainnipun |
ênggonne tumingal ngantya |
ngawonakên jêjêging lungguh |
rongèh rècèh pamicara |
ingkang mangkono puniku ||

29.
Winawas kurang jatmika |
nyudakkên ujwalanipun |
wingiting ngawirya suwung |
de muruki iku apan |
amung ala kang pinangguh |
sabab lamum kabênêran |
ênggonne muruki mau ||

30.
Nora wurung iku dadya |
muring-muring mungsuhipun |
yèn tan kabênêran èstu |
jalma ingkang winurukan |
panutuhe wantu-wantu |
malah asring ingaranan |
angloropakên mring mungsuh ||

31.
Yèn (ng)gonne muruki apan |
awit paron êtohipun |
têmbung barandonan rukun |
iku saya ora kêna |
saru luput nistha muput |
sabab dudu panggaotan |
kang muhung ngupaya untung ||

32.
Iki lalangên kawiryan |
pêpantêsaning ngaluhur |
uwong kang mangkono mau |
èstu kêna ingaranan |
ngrêgêdi lêlangênipun |
wong agung ngawiryèng praja |
lan manèh kajaba iku ||

33.
Mangka sajroning kasukan |
solahbawa kurang patut |
murang tatakramanipun |
myang ngêcakkên tyas dursila |
iku aprasasat uwus |
rucat kasatriyanira |
tan pantês kumpul ngaluhur ||

34.
Gumêlaring solahbawa |
ingkang uwus kasêbut ngayun |
para amarsudi kawruh |
banjur anggubah wasita |
patraping lêlangên kartu |
kinarya kakalih warna |
nunggil-misah rasanipun ||

Jilid 3 - Kaca : 48

35.
Kang sapisan winasitan |
nênêm ukara puniku |
tarampil ingkang rumuhun |
tarêtip tata tumulya |
tajêm tumeja nêmmipun |
sawijine kapralambang |
sastra pandhawa wandèku ||

36.
Kalima sastra suwara |
aksara O[...] kang rumuhun |
aksara I[...] kalihipun |
aksara U[...] kaping tiga |
aksara A[...] kaping catur |
aksara E[...] kalimanya |
wasita jinarwan Gambuh ||

186 Gambuh

1.
Tarampil têgêsipun |
aparigêl pangasuting kêrtu |
tumindake nora cêpêt ngati-ati |
ingkang katon alus turut |
datan gumluwèh garoboh ||

2.
Tarêtip têgêsipun |
aparimpên myang rêmit satuhu |
kayata yèn angasut myang ngêdumnèki |
miwah panyêkêling kêrtu |
tulising jro gyan tan anon ||

3.
Yèn cêkêlanirèku |
nganti katon kiwa têngênipun |
kêna yêkti panggrayang kirang prayogi |
dinakwa lamun sakuthu |
kalêbu ati dur awon ||

4.
Yèn nganti katon mungsuh |
nir pikantuk tumrap badannipun |
ing panyêkêl haywa-pêgat ngati-ati |
lawan tan miturut wuruk |
nora arus têmah awon ||

5.
Tata mangke winuwus |
apan bêcik lir dêksura anduk |
ngêlungake anjupuk miwah nampani |
mêsthi tangan têngên iku |
kang katon taklim tinonton ||

6.
Tumuli têgêsipun |
rikat cêkat kayata yèn ngasut |
ngêdum (m)buwang atanapi anampèni |
ywa nganti dènatag mungsuh |
wit katon tanpa rimaos ||

7.
Tajêm mangke cinatur |
jarwanira tajêm jêjêg bakuh |
solahbawa pratingkah myang ulat liring |
tatag têtêg nora eguh |
sajrone kasukan kono ||

8.
Tumeja têgêsipun |
padhang ganthêng ing jro (n)jaba têrus |
lamun lagi kalah ywa katingal ngucir |
tuwin singkêl ingkang kalbu |
runtiking tyas kaparojol ||

Jilid 3 - Kaca : 49

9.
Iku awon dinulu |
warnanira mêsthi bêsêm bêsum |
dene lamun mênang ywa nganti kaèksi |
gambira girang gumuyu |
gawe pangrasa kang awon ||

10.
Gantya ingkang winuwus |
pralambange Sastra-lima iku |
ingkang dingin aksara O karêpnèki |
muni Olah têgêsipun |
sajroning kasukan katon ||

11.
Apan wus tinartamtu |
ing bêcike solah tingkahipun |
obah-osik trapsilane badannèki |
ywa ngandika katon tanpa tut |
gêdhene sinaru ing wong ||

12.
I yèku karêpipun |
muni Ilat têgêse kang catur |
ing sajroning kasukan apan pinasthi |
bawa pangucape turut |
tan akarya rênguning wong ||

13.
U yèku karêpipun |
muni Ulat karêpe puniku |
ing sajroning kasukan kawuryan wêning |
dumilah pasêmonipun |
ing netra mancur mancorong ||

14.
A yèku karêpipun |
muni Ati apan têgêsipun |
ing sajroning kasukan iku pinasthi |
budi (m)bêg raharjèng kalbu |
sumingkir kang aran awon ||

15.
E mangkya karêpipun |
Èngêt-etung dene têgêsipun |
jro kasukan èngêta sakalir kalir |
kabèh kang winahya wau |
sarta etung nora keron ||

16.
Wasita sadayèku |
kang wus kasêbut ing ngarêp wau |
ing pambudi bisane kalakon kaki |
guna satata satuhu |
gambuh janjine kalakon ||

17.
Karêpe iku kulup |
ing sabisa-bisa kudu-kudu |
kulinakna solahbawa kang prayogi |
lamun wus kulina patuh |
manawa wus bisa matoh ||

18.
Mupangati satuhu |
mring sarira sapiturutipun |
yèn kacakup tandha tabiyat miwiti |
kluhuran sakadaripun |
wiwinih kawiyak kaot ||

19.
Sanadyan têdhakipun |
wiryèng praja lamun tan kadyèku |
agung rakêt pakarti dur dhusthêng budi |
yêkti nut tabiyatipun |
wong kompra bajingan kopyok ||

Jilid 3 - Kaca : 50

20.
Upama ron kêtrilung |
nora jênak nèng sasananipun |
dilalahe kudu rontog aparithil |
singsal saking kawiryan nung |
ngalarah saênggon-ênggon ||

21.
Tan tuwuh wijilipun |
ing utama rêmbêsing kang madu |
yèn tan ngene bêcik aja anglakoni |
kasukan sukaning kalbu |
tuwas cinirènan awon ||

22.
Titi têtêsing tutur |
dyan winulang lakuning kang kêrtu |
wusing bangkit pra hartawan Ngatasangin |
angarsakkên raganingsun |
(ng)ganêpi kasukan kêrtos ||

23.
Padha sih trêsna tuhu |
ana ingkang kabrojol calathu |
tamtu dudu sabarangan wong puniki |
katara ing tindak tanduk |
trah daniswara karaton ||

24.
Piwulang saya lulut |
palaling Hyang bangêt (ng)gonku (ng)gilut |
wong saprau kabèh padha ngaji-aji |
wusananing ingsun sinung |
èngêt dening Sang Hyang Manon ||

25.
Anèng Cirêbon labuh |
aku matur marang ing tuwanku |
nyuwun kari ana ing Cirêbon nagri |
nangkoda tan walangkalbu |
malah asung marang ingwang ||

26.
Arta myang barang agung |
rèhning ulun dagang nora maju |
arta barang nora lawas banjur ênting |
graitaning tyas tan lyan mung |
mahas ngasêpi lunga (n)don ||

27.
Cêkake nèng Kapurun |
sinaruwe Kangjêng Sultan Agung |
têkan mangke tulus sihirèng narpati |
wong apatrap luwih atut |
kanggo ing sak ênggon-ênggon ||

28.
Iki wus lingsir dalu |
ulun arsa cumawis malêbu |
anak putu padha kariya basuki |
kang liningan samya ngujung |
Ajar Sutiksna wus miyos ||

29.
Sigêg Sutiksna wiku |
Mas Cêbolang alon wuwusipun |
adhi Amat kula kalangkung kepengin |
sowan maring ing Kaparun |
bêkti mring sang ajar kaot ||

30.
Kakang kula tumuntur |
inggih yayi kalangkung pakantuk |
benjing enjing kewala pinikir malih |
rehning sampun wanci dalu |
lothung wawi sami aso ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (11) Kaca 34 – 40
  • (13) Kaca 51 – 54 >