Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (17a) Kaca 58 - 68

 

( Bab candraning wanita wontên 21 warni - 3 )

2. Bab candraning wanita wontên 21 warni; Tandha-tandha ciri awon saening wanita.


Kaca 58 - 77.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 58

189 Dhandhanggula

1.
Mas Cêbolang awacana ririh |
adhi Amat dhawuhe sang tapa |
prayogi dènèstokake |
Ki Amat lon sumambung |
inggih kakang langkung utami |
mugi kalajêngêna |
matur sang awiku |
kula mirêngakên kewala |
awit saking botên darbe pacul kudhi |
basane ya walaka ||

2.
Kang sinung ling mèsêm matur malih |
kadiparan ing darunanira |
mawi nitik wong tuwane |
tumrap ing jodho wau |
muhung dhatêng badan pribadi |
Ki Ajar angandika |
karêpe puniku |
miliya darah winahya |
yèn manungsa ingkang winahyu sayêkti |
saka rahayuning tyas ||

3.
Satuhune (ng)gonningsun cariwis |
mung minangka cêr-ancêr kewala |
dene ingkang sajatine |
salaki-rabi mau |
mèh satêmah nora praduli |
matitisakên candra |
mangkene liripun |
kayata manising ulat |
ayu endah dhèmês luwês mêrakati |
prigêl solah tênaga ||

4.
Tarlèn kanggo sarana malatsih |
thukuling kasênêngan pra priya |
mula ana pralambange |
bêbakuning adhaup |
dudu bandha myang dudu warni |
mung ati paitannya |
basa jodho muhung |
sênêng parênging wardaya |
condhong runtut sakarone nunggal budi |
têmah samya rumêntah ||

5.
Wêlas-asih katrêsnane manjing |
sanepane pangrêngkuhing bapa |
mring anak kang dadya tyase |
de êmpan papanipun |
surasane ingkang kadyèki |
kayata jalma priya |
dahat akayungyun |
mring dyah dêdêg dhuwur kêra |
yèn lumampah mayug-mayug nyumêlangi |
parandene jroning tyas ||

6.
Tan kapanduk gêla cuwa gêthing |
têka banjur wêlase rumêntah |
ana dyah sirung ulate |
(n)jênggurêng ambêsêngut |
sarwa kasar wicaranèki |
priya kang sênêng datan |
kapanduk ing mutung |
elik kapok kawus merang |
patrap ingkang mangkono malah mimbuhi |
sênêng suka sih trêsna ||

7.
Babasane mungguh wong asêngit |
nora kurang ing pamadanira |
êmpan papane mangkene |
ana dyah anom ayu |
gandês luwês manis mrakati |
kang mangkono nir dadya |
rênaning kang kalbu |
malah amimbuhi ewa |
têrkadhangan gêthing gêlane kapati |
mangkono papadhanya ||

Jilid 3 - Kaca : 59

8.
Dadi têtêp wong salaki-rabi |
gumantung nèng sênênging wardaya |
candraning warna parlune |
pèngêt mring mudha punggung |
supayane angati-ati |
pamilihe maring dyah |
lamun bisa antuk |
èstri kang kalêbu candra |
amimbuhi marang sênênging prajèki |
sênêng têntrêm raharja ||

9.
Mangka olèh jodho tan prayogi |
wanda têrus kalakuwanira |
bakal narik sangsarane |
mula sadurungipun |
dadi jodho kudu patitis |
kalamun wus rumêntah |
sih katrêsnanipun |
pambirate nora gampang |
ing satêmah ambêk sura nêmpuh wani |
marang ing kasangsaran ||

10.
Ngupayaa èstri kang (n)darbèni |
ambêg têpa ing rahsa kalawan |
dana ing têpa katrine |
kang têmên tobatipun |
lila marang kang aran bêcik |
pawèstri kang mangkana |
adat watakipun |
kajèn sarta kinurmatan |
mring kakunge nyirnakkên angkarèng laki |
sih trêsnane rumêntah ||

11.
Têpa ing rasa karêpirèki |
lumuh rikuh ing liyan suminggah |
yèn nir têpa ing rasane |
sring nganakake iku |
irèn mèrèn dumadi drêngki |
dana têpa karêpnya |
bisa-a suminggun |
panyaru panyikuning lyan |
yèn tan darbe dana ing têpa pan asring |
dahwèn srèi watêknya ||

12.
Têmên tobatipun lila yêkti |
ing karêpe tobating nang soka |
kang têmên lawan lilane |
ana maning linuru |
pawèstri kang têmên (n)darbèni |
watêk ran sama beda |
dana dhêndha iku |
lawan kang bisa uninga |
ing babasan guna busana lan malih |
baksana myang sasana ||

13.
Pambêkaning pangrêngkuh yèn olih |
kang sawanda saekapraya lan |
sajiwa dene wêrdine |
têmbung sama puniku |
apan padha karêpirèki |
andarbènana watak |
sih sakèh tumawuh |
beda pilah karêpira |
(n)darbènana watêk kulina lan bangkit |
anênimbang widagda ||

14.
Dana kang (ng)gêganjar karêpnèki |
(n)darbènana watêk sukarêna |
asung sênêng mring samane |
dhêndha têgêse kukum |
de karêpe ingkang (n)darbèni |
watêk putus lan tatas |
ing pamiyakipun |
nalar ala lan sayogya |
(ng)gonne ngêmpan mapanakên tan nalisir |
cèplês tan ana cacat ||

Jilid 3 - Kaca : 60

15.
Guna iku kapintêran wasis |
bisa wêruh lan mangêrti marang |
wawênang kawajibane |
sakèh pakaryanipun |
ingkang tumrap marang pawèstri |
busana têgêsira |
panganggo satuhu |
karêpe bisa uninga |
lan angêtrapake rajadarbèknèki |
ingkang pancèn kasandhang ||

16.
De baksana pangan têgêsnèki |
pikajênge kang bisa uninga |
kalawan anandukake |
ubêt kayaning kakung |
kang binukti ing sabên ari |
sasana têgêsira |
panggonan puniku |
karêpe bisa uninga |
amamantês mamangun amrih prayogi |
sajroning wismanira ||

17.
Asawanda têgêse sarupi |
asawangan utawa sawarna |
karêpe iku mangkene |
sinêdyakna jro kalbu |
badan kalih dadi sawiji |
êmpan papanne ingkang |
darbe ambêk ika |
pngrêngkuh lawan rumêksa |
marang laki kadi rumêksanirèki |
mring badane priyangga ||

18.
De saekapraya têgêsnèki |
budi sawiji pikajêngira |
darbeya (m)bêg pangrêngkuhe |
marang ing priyanipun |
sinêdyakna anunggal kapti |
asajiwa têgêsnya |
sawiji nyawèku |
karêpe èstri darbeya |
ambêk sêtya pangrêngkuhing marang laki |
lir nyawane priyangga ||

19.
Wis kacakup iku bae kaki |
pamilihe wanita kinarya |
jodho salawas-lawase |
Mas Cêbolang umatur |
wus binabar ingkang prayogi |
mangkya ta ingkang wênang |
tinampik pakulun |
pawèstri kadi punapa |
èstunipun kawula dèrèng udani |
mugi kawêdharêna ||

20.
Kyai Ajar angandika aris |
titikan ciri sranduning badan |
ingkang nandhakkên alane |
mring kalakuanipun |
yèn ngupaya parawan sukci |
panitike manawa |
cilik kang pambayun |
tan ngadêg wus katon wudhar |
lamun agêng wus gumandhul nora isi |
ganthênge wonga-wonga ||

Jilid 3 - Kaca : 61

21.
Katon kêndho gwaya sulak wilis |
kawistara kurang sênênnira |
ramping wus mêkar bokonge |
tinampika puniku |
krana ika mangkono kaki |
titikan panêngêran |
kênya ingkang uwus |
anglakoni sinanggama |
maring kakung yêkti dudu prawan sunthi |
sarine uwus wigar ||

22.
Lawan manèh lamun ana èstri |
ababira (ng)ganda nora eca |
abangêr wimbuh aruse |
alatêng bacin sêmu |
kawoworan (n)dulêg tur amis |
lan manèh githokira |
mambu wanginipun |
sêkar kawoworan ganda |
amis arus wêngur tangèh yèn kawilis |
sakèh aruming ganda ||

23.
Utawa yèn tlapakane tipis |
mripat katon biru sèrètira |
sulak biru thêthêlênge |
puniku nora arus |
ing wajibe kudu tinampik |
adat kang wus kalakyan |
kang mangkono mau |
asring (n)darbèni simpênan |
lara raga dene ta dumunungnèki |
nèng wadining wanita ||

24.
Lan maninge yèn ana pawèstri |
swaranira brabah kadi priya |
kang agor sêmu erake |
wadon ingkang kadyèku |
ing adate sok andarbèni |
watêk panastèn ewan |
mring samèng tumuwuh |
datan saranta driyarda |
daya-daya tan trima panduming laki |
yèn bisa singkirana ||

25.
Kabèh-kabèh gotèking wong ngardi |
de watonne wirasat kacêtha |
imam-supingi kaole |
nèng kono babaripun |
ingkang ala lawan kang bêcik |
Kimas Cêbolang nêmbah |
matur ing sang wiku |
saupami wus kalakyan |
dados jodho patrap pamêngkunirèki |
wajib rumêksanira ||

26.
Kyai Ajar awacana aris |
kang rumuhun rumêksa maring dyah |
kang durung (ng)garapsarine |
aja nganti tinêmpuh |
sinanggaman luwange nguni |
asring dumadya kênya |
lènjèh têmbenipun |
tan bisa (n)darbèni wêka |
dadi purus-senthe babasanirèki |
sayogya sabarêna ||

27.
Rumêksane marang ing pawèstri |
kang wus tumrap ing sapalakrama |
kudu jêmbar sabar sarèh |
myang paramartanipun |
haywa pêgat sira ngênggonni |
têpa lawan prayitna |
mangkene liripun |
sira aja nganti lena |
wit watêke wanita puniku asring |
kadunungan tyas cêkak ||

Jilid 3 - Kaca : 62

28.
Calak-mamak cêkak ponang budi |
jangkah cêndhak miwah kadunungan |
kurang jêjêg piyandêle |
lire ingkang puniku |
ati kurang-antêpan asring |
owah gingsire gampang |
têrkadhang kalayu |
marang priya liyanira |
kang jalaran katarik kêpengin saking |
sabab limang prakara ||

29.
Wirya rahsa guna dana warni |
de wijange wirya kaluhuran |
karêpe wanita kuwe |
sring melik marang kakung |
kang ngungkuli bojonirèki |
ing kaluhuranira |
rahsa têgêsipun |
iya rahsa pikajêngnya |
wanitèku asring kadunungan kapti |
sru kapengin kumêdah ||

30.
Sinanggama priya sanèsnèki |
ingkang sabab saking bosên kêmba |
kurang marêm mring lakine |
sardana têgêsipun |
sugih arta rajabrana-di |
karêpe kang wanita |
yèku sring kapencut |
mring arta rajabarana |
awit saking kurang kasamêktanèki |
labêt angkara-murka ||

31.
Guna apan kapintêran nênggih |
pikajênge wanita punika |
sring melik priya liyane |
ingkang asugih kawruh |
myang undhagi pakaryan wasis |
luwih ing priyanira |
rupa têgêsipun |
iya rupa karêpira |
wanitèku sring kalayu mring wong sigit |
kang ngluwihi priyanya ||

32.
Kang sinung ling sami mangastuti |
matur malih Kimase Cêbolang |
aji Asmaragamane |
punapi warninipun |
sarta atrap panganggenèki |
paran tumandukira |
Ki Ajar lingnya rum |
aji yèku karêpira |
aji-aji pakurmatan rêrênggan ari |
dene basa asmara ||

33.
Jarwanira sêngsêm jroning ati |
sanggama salulut dene ingkang |
binasakkên salulute |
pupulêtan saèstu |
ya momoran kalawan malih |
kukumpulan wêrdinya |
dadi karêpipun |
kang aji Asmaragama |
pupulêtan amoring jalu lan èstri |
rêngganing kasêngsêman ||

34.
Mas Cêbolang ngangsêg matur ririh |
woring jalma priya lan wanudya |
têka mawi rarênggane |
paran ta patrapipun |
Kyai Ajar mèsêm nauri |
sarèhning bab sahuwat |
wadi basanipun |
saru lamun kamêlokna |
prayogane pratelan sajroning rêsmi |
dhinapur pancakara ||

Jilid 3 - Kaca : 63

35.
Lamun pastapurusanirèki |
durung kiyat myang durung santosa |
jwa kasêsa nandukake |
ingkang mangkono mau |
bokmanawa ambalenjani |
dayane tan widada |
têmah gêla tyasmu |
têrkadhang amanggih ewa |
lan wanita marga tan kapadhan kapti |
tiwas wadi kabuka ||

36.
Yèku kêna rubedaning rêsmi |
ingaranan katitih asmara |
wit durung abiprayane |
kasêngka angsahipun |
marma daya tan lana nuli |
marlupa nir ing karkat |
kacarita iku |
awit rahsa tuwin jiwa |
durung samya kawêngku dening kridhaning |
ing Risang Hyang Pramana ||

37.
Dupi myarsa sabdaning sang rêsi |
anggalêgês ing tyas kajumbuhan |
wus ngalami sadayane |
kusute apulang hyun |
Mas Cêbolang umatur aris |
ulun matur pasaja |
ing sayêktosipun |
kêrêp kaprangkul mangkana |
rèhning bodho dados botên anganglangi |
ingkang dumadya sabab ||

38.
Amung lajêng anyêl pêgêl sêdhih |
kawimbuhan sangêt lingsêm merang |
muring-muring wêkasane |
rêngune tan dumunung |
pramilane panyuwunmami |
mugi kawêdharêna |
inggih sababipun |
têmbung katitih asmara |
kadiparèn Ki Ajar mèsêm lingnya ris |
mangkene wijangira ||

39.
Akalindhih utawa kaêndhih |
wardinira kadhêsêk kasoran |
kasêsêg kasêsêlane |
lan katumpangan iku |
dene têmbung asmara kaki |
têgêse brai brata |
myang kasêngsêm tuhu |
dadi karêpe wicara |
katumpangan myang kasoran sêngsêm yêkti |
akanthi katêrangan ||

190 Kinanthi

1.
Katitih asmara mau |
sabab rubeda kang nglêndhih |
mungguh kawujudaning kang |
asring murungakên kapti |
tumanduke kang asmara |
limang golongan kèhnèki ||

Jilid 3 - Kaca : 64

2.
Ing sagolongan dèn-etung |
ana patang sabab nami |
gunggunge rongpuluh sabab |
kang sagolongan winarni |
lamun lagi kapandukan |
susah lara luwe arip ||

3.
Rong golongan yèn kapanduk |
êgêg ênêg gigu elik |
tri golongan kapandukan |
mutung kapok kawus isin |
catur golongan winarna |
manawa kapanduk dening ||

4.
Jêlèh kêmba bosên manuh |
limang golongan mungkasi |
jangkêpe kang kalihdasa |
lamun kapandukan dening |
gêla ewa cuwa jinja |
warastra dayanira nir ||

5.
Gêr gumuyu sadayèku |
lêrês timbalan sang yogi |
mênggah sagêting sumimpang |
ing rubeda kang kawijil |
kadiparan sêtiyarnya |
supados krodha lêstari ||

6.
Ki Ajar mèsêm lingnya rum |
lamun senapati miris |
sêntorên udaka wimba |
têgêse tinuruh dening |
banyu adhêm ing padasan |
mêksa mirut ing ngajurit ||

7.
Yèn wus mangkono pinupus |
tan kêna dèn-sêtiyari |
sikil apus papadhanya |
karêpe lêmês lir tali |
dene yèn (ng)gonne ngucira |
mligi mung jalaran saking ||

8.
Rubeda rong puluh mau |
sêtiyare angèl gampil |
kudu amaluya kridha |
maluya jarwa mêmulih |
kridha têgêse panggagas |
utawi jinarwan osik ||

9.
De karêpe kudu-kudu |
mumulih nguyaring ati |
gêlênging pra samya rahsa |
lamun katarima bangkit |
golonging prasa lan rahsa |
bisa umangsah lêstari ||

10.
Pramilane aywa ngawur |
pamilihe marang èstri |
dingati-ati diawas |
karana yèn bisa olih |
wanodya prasaning rahsa |
ingkang wus saekakapti ||

11.
Tartamtu ngilangkên sagung |
rubeda kang mawèh miris |
gêndam langêning asmara |
ing satêmah mahanani |
pamoring lulut susila |
awit binuka kang dadi ||

Jilid 3 - Kaca : 65

12.
Langêning pramana mungkul |
ingkang binasakkên kaki |
pamoring lulut susila |
woring jalu lan pawèstri |
binuka tanpa rubeda |
sênêng parêng kang pinanggih ||

13.
Daya santosaning purus |
iku pan katarik saking |
obah solahing kang raga |
katumusan srênging ati |
dene sêrênging kang driya |
krêkating jiwa mêngkoni ||

14.
Krêkating jiwa puniku |
daya pangrasa murbani |
dayaning pangrasa apan |
wisesaning rahsa yêkti |
dene wisesaning rahsa |
prabaning pramana jati ||

15.
Lamun pinikir satuhu |
wus tetela bab sarêsmi |
nora kêna ginagampang |
akèh rubedanirèki |
ewadene ana uga |
warna warnane kang jalmi ||

16.
Kang nyêbal saking critèngsun |
tanpa nganggo milih nampik |
sumêngka tandhing dyah wrêda |
tan kapanduk êngah wigih |
lalawanan lan wanita |
kang bangêt kaciwèng warni ||

17.
Têka boya-a kapanduk |
rasa kêmba ewa gêli |
myang lalawanan kalawan |
dyah kang (ng)ganda lêngur lêdhis |
uga nora kapandukan |
ing rahsa gêgigu elik ||

18.
Bisa daga(?) sakèhipun |
rubedaning pulang rêsmi |
kang mangkono samanira |
jalma karêm nadhah guling |
tangèh marêming kang driya |
mung lobane dènubyungi ||

19.
Sabarang karêman tamtu |
wus têtela nora bêcik |
ngugung sabyantuning daya |
ngangsa-angsa ing sarêsmi |
satêmah nandhang sangsara |
ubêngan sajêge urip ||

20.
Ulun banjurake tutur |
tumanduke bab sarêsmi |
ingkang nir sakèh sangsaya |
lire wus mulur salêsih |
adoh sakèhing rubeda |
iya iku diaranni ||

21.
Susila pamoring-lulut |
(m)babar langên pramadani |
uga dak dhapur carita |
kadya(ng)ganing senapati |
umangsah ing rananggana |
arsa rumabasèng biting ||

22.
Lamun pastapurusa wus |
kiyêng kiyat nyantosani |
kyèhning daya wus samêkta |
tandya tindakna dènaglis |
umangsah ing rananggana |
yêkti nora nguciwani ||

Jilid 3 - Kaca : 66

23.
Tumêmpuh campuhing pupuh |
nanging dènprayitna kaki |
ing tindak aywa sêmbrana |
(ng)gonne nuju prasanèki |
mring wanita mêngsahira |
supadi lêganing ngati ||

24.
Dipun waspada ing dunung |
jroning sasti(?) kono mawi |
mustikaning rahsa mulya |
rinêksa pra jawata di |
aran Sang Hyang Otapatra |
Sang Hyang Gambira sisilih ||

25.
Wuri purana dumunung |
yèn tinêmpuh dening bindi |
watak kêri prasanira |
nuli babantune prapti |
pipingitan ing jro baga |
ingaran Hyang Asmara di ||

26.
Apaparab Hyang Cakrèku |
asarosa biyantoni |
wimbuh kêri grimingira |
narik daya ajunèki |
mring Sang Hyang Purnama-sangka |
iya Sang Kamajaya di ||

27.
Pamèting rahsa mrih jumbuh |
srana nganggowa sirèki |
pratingkah ukêling pasta |
kacarita solahnèki |
duk murwani lumaksana |
karya pupucuking jurit ||

28.
Sakèhing daya biyantu |
aywa sinêru rumiyin |
ing tindak kêdah saranta |
pangangkah amung mumurih |
kêri prasaning wanita |
kalamun wus sawatawis ||

29.
Muyêk campuhing prang pupuh |
nênggala tumêmpuhnèki |
tinangkis ing bandabaya |
saking rosaning panggitik |
kuwating panangkisira |
dahana mubal mawêrdi ||

30.
Sumundhul ngakasa wimbuh |
susumuke api-murni |
kukus katut samirana |
prapta tumanduk prasa di |
kêkêrine mêngsahira |
gumriming sangsaya (n)dadi ||

31.
Gantya wau Sang Dyah Ayu |
tan gumingsir anadhahi |
mubal mêtuning dahana |
sumrambah sariranèki |
tan kuwawa nabênnana |
gumriminge rasa kêri ||

32.
Harda ngambra-ambra wimbuh |
wantu watake pawèstri |
yèn wus liwung krodanira |
datan saranta ing budi |
sigra amusthi sanjata |
pusaka saking dewa di ||

33.
Ganjaranira Hyang Guru |
nèng jroning baga piningit |
yèku kang hru barunastra |
sumêmbur amijil warih |
tirta lir yiyiting mina |
kumêmbêng jro baganèki ||

Jilid 3 - Kaca : 67

34.
Ngêlêm pasta purusèku |
wau ta ingkang winarni |
sira sang pastapurusa |
kêlêm kinêlêm ing warih |
tan mantra-mantra riringa |
ing solah saya mawêrdi ||

35.
Barunastra wis kinêbur |
lir ombaking jalanidhi |
ganggêng irim-irim ingkang |
mungging têpining jaladri |
karoban toya satêmah |
ngêmpêl mirut nganan ngering ||

36.
Nahan ramening kang pupuh |
nulya na swara dumêling |
lamat-lamat kapiyarsa |
surasa sung wasita di |
èh kulup sira sang pasta |
poma dènprayitna kaki ||

37.
Panarik sêndhaling limpung |
maju myang mundurirèki |
papanne lunyu sadaya |
wus tan kêna dikawali |
wit iluning barunastra |
saya drês panyêmburnèki ||

38.
Dene (ng)gonnira lumaku |
yèn lena ina nêmahi |
kaplèsèting angsahira |
rêbah gadane kalindhih |
katikêl dadya rubeda |
rogabrata andhatêngi ||

39.
Pilêg kadadeyanipun |
benjing maning yèn ajurit |
tumus mahanani roga |
mring pasti baga nulari |
yèn iku tan sinucekna |
sawuse ngadoni jurit ||

40.
Mênèk pastapurusèku |
kataman ing roga jawi |
ubêngang ing arannira |
èngêtana aywa nganti |
sakarone mangunyuda |
yèn malanira durung nir ||

41.
Têmên tinumanna matuh |
kaliye waluya jati |
mangka ujaring saloka |
yèn priya anandhang sakit |
kaprênah jro pastanira |
lamun arsa mangsah jurit ||

42.
Yoga nguyuha rumubun |
prêlu ngorotna sasakit |
murih ywa nganti tumular |
mring wanudya mungsuhnèki |
lan kulup sira wêruha |
adat wataking pawèstri ||

43.
Yèn wis mijil yiyidipun |
gumriminge saya (n)dadi |
mêmpêng dêrêngirèng prasa |
kawistara ing pangèksi |
kiyat kiyêng sariranya |
kêjêng kêjêr maratani ||

44.
Sira adarbeya kayun |
tutulung mêngsah kapilis |
tumraping Asmaratantra |
tan lyan wisaya linuwih |
solahing pastapurusa |
sêngkakna pamukirèki ||

45.
Pamukuling gada têmpuh |
kang ajêg myang dèn-kêrêpi |
kalawan dipun waspada |
mawassa sasmita lungit |
adat wantuning wanita |
yèn wus liwung ing ngajurit ||

46.
Lêlewane nulya thukul |
pratingkah solahing dhiri |
wit saking kurang prasaja |
jatine karsanirèki |
(m)biyantu solahing pasta |
kinèn anujuwa maring ||

47.
Dununging prasa sirèku |
tinrajanga kang supadi |
sinêndhol pucuking pasta |
têka turutana aglis |
sakarsanirèng wanudya |
yèn pinarêng datan lami ||

48.
Sang dyah mudhar prasanipun |
pratandhane kang sayêkti |
yèn wanita mudhar prasa |
wataranira katawis |
gara-gara jroning baga |
nyêndhol pucuking pastèki ||

49.
Laraping gupala wimbuh |
kabukaning wiwara-di |
jênêke Hyang Kamajaya |
aliya tandha kang uwis |
kang sayêkti kawistara |
kawawas sranduning dhiri ||

50.
Lir koncatan yitmanipun |
nglumpruk marlupa ngalêntrih |
kadi-kadi tan kuwawa |
nyandhang nikmating rahsa di |
sêsambate mêlasarsa |
karya trênyuh tyas gung branti ||

Jilid 3 - Kaca : 68

191 Asmaradana

1.
Cuthêl ujare kang wangsit |
yèn ta mungguh têtakêran |
mawas wujuding warnane |
panguja lêganing kênya |
kaya wus kasêmbadan |
pratandhane dene uwus |
kapanduk badan marlupa ||

2.
Ewamangkono sarèhning |
manungsèku beda-beda |
ana kang bangêt karsane |
ana kang mung sawatara |
dene mungguhing patrap |
sajroning sanggama mau |
priya kudu amawassa ||

3.
Ulat liringe pawèstri |
lan mawas badan priyawak |
yèn wus kapandukan tyase |
carêm marêm miwah lêga |
duk èstri mudhar prasa |
sinarêngan puniku |
jumbuhing wêdaling prasa ||

4.
Kalamun tyasira maksih |
kapanduking rasa cuwa |
jalaran kurang lêgane |
iku pamudharing prasa |
ywa sarêng tinanggapna |
ananging asring kalayu |
kudu mudhar ingkang prasa ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (16) Kaca 57
  • (17b) Kaca 69 - 77 >