Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

(17b) Kaca 69 - 77

 

( Bab candraning wanita wontên 21 warni - 3 )

2. Bab candraning wanita wontên 21 warni; Tandha-tandha ciri awon saening wanita.


Kaca 58 - 77.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 69

191 Asmaradana

5.
Dènsantosa ngati-ati |
panahan-pamathêtira |
de (ng)gonne kasusu rêke |
wit kadêrêng wijilira |
Risang Hyang Kamajaya |
iku tinulaka gupuh |
ing sarana japamantra ||

6.
Panulak kudu ngênggonni |
ana ing gajêging gêla |
ywa di-nggo lêga driyane |
prasane rahsa kang arsa |
rosa mrih kawudhara |
wujuding wisaya muhung |
sang pastapurusanira ||

7.
Têka ênêngna kariyin |
dumunung ana ing (n)jaba |
utawa ing sajêrone |
wiwaraning dhatulaya |
kang mangkono pratingkah |
gumantung parênging kayun |
ing sakaro-karonira ||

8.
Rèhning sang wanita lagi |
kalêson sayah ing ngaprang |
kasêdyakna ing driyane |
anjangkah tindak utama |
tumulung marang mêngsah |
amung usadaning rapuh |
waluyaning kang sangsara ||

9.
Dènnya kataman ing bindi |
kudu tinuju ing prana |
lêlantaran tumanduke |
usada mau kalawan |
anganggowa sarana |
dhingin têmbung manis arum |
miluta sih manuara ||

10.
Lêlewa solahing dhiri |
lan kêdhap liringing netya |
myang biyantu ywa talangke |
ing solah ukêling pasta |
(ng)gugah kêrining pasta |
kudu sarèh tindakipun |
ora kêna daya-daya ||

11.
Bokmanawa amarêngi |
usada bisa tumama |
tumanduk marang prasane |
suka giranging wardaya |
sumarambah sarira |
têmah waluya satuhu |
ngadêg manèh kasuranya ||

12.
Lir sardula mangsa daging |
kang priya tanggap prayitna |
solah tan na prabedane |
kudu anuju ing prasa |
lir mau duk bubuka |
kalawan èngêta kulup |
wawadining kang wanita ||

13.
Adarbe aji pêrmati |
Sukmanyana namanira |
têlênging baga dununge |
yèku mau kang karasa |
nyêndhol pucuking pasta |
dènyarsa mungkasi pupuh |
kono kêrêp dèn-gada-a ||

14.
Adate datan alami |
sardula nuli palastra |
mêngkono ing sabanjure |
nganti ping pirang rambahan |
dene yèn wus karasa |
marêm lêga ing tyasipun |
yèn wanita mudhar prasa ||

15.
Kudu tanggap ambarêngi |
padha amêdhar ing prasa |
iku ingkang binasakke |
widagda anuju prasa |
undhagi ing asmara |
dene suwe gêlisipun |
wanci kala bratayuda ||

Jilid 3 - Kaca : 70

16.
Iku tan kêna dinugi |
gumantung badan priyawak |
sênêng parêng ing driyane |
yèn ta mungguh bêbakunya |
kang prêlu jalma priya |
patrap miwah solahipun |
sanggama kudu santosa ||

17.
Pamêkak wijilirèki |
Sang Bathara Kamajaya |
myang kudu widagda rêke |
myang waskitha panujunya |
prasane kang wanita |
dene êmpan papannipun |
dhingin tumraping sarira ||

18.
Kudu nyarèhkên salir ning |
lawan angadhêm-adhêma |
angkara sêrênging tyase |
pakolèhe nora dadya |
kagèting pra jawata |
wêkasan katarimèku |
bisa kawawa amênggak ||

19.
Kasêsane wijilnèki |
Sang Bathara Kamajaya |
têmah tutug sakarsane |
kang kapindho kudu bisa |
(ng)gêgasah anyênyongah |
mring angkara srênging kayun |
lawan grêgêting wanita ||

20.
Pakolèhe kang pawèstri |
wus kataman kang mangkono |
harda sêrênge driya |
tandya cumêpak dunungnya |
kayanganing Hyang Kama |
iya Hyang Asmara tamtu |
cêpak pamudharing prasa ||

21.
Pamarsudining sarêsmi |
kang wus sun-gêlar sadaya |
kanggo srana lantarane |
dènnya yun angawruhana |
mring asal wijinira |
manungsa sajatinipun |
kasbut têmbung paribasan ||

22.
Sing sapa wonge tan uning |
marang wiji asalira |
sayêktine nora wêruh |
mring jati paranning sêdya |
kang têmbe wêkasannya |
kacrita kurang satuhu |
mring sampurnaning kamuksan ||

23.
Pae kang wus ngudanèni |
ing purwa madya wusana |
ananing sarira kiye |
wêkasan sirna tan gatra |
uwas sumêlanging driya |
têtêping jumênêngipun |
manungsa jati sampurna ||

24.
Mas Cêbolang matur aris |
babo aywa katanggêlan |
kaparênga mêdharake |
asal wijining manungsa |
dadosa lêlantaran |
jati paranning sêdyèku |
mring sampurnaning kamuksan ||

25.
Ki Ajar ngadika aris |
iku kaki nora kêna |
isih gaib bêbasane |
têgêse isih pingitan |
èdi alus lan samar |
angèl ewuh ingkang langkung |
bêcik (m)banjurkên carita ||

Jilid 3 - Kaca : 71

26.
Bab patrape andon-rêsmi |
bisa (n)dadèkkên jalaran |
mêtêng ngandhêg babasane |
duk mau pulang asmara |
kayadene pratingkah |
kang wus suncritakkên ngayun |
yèn pinarêng ing Pangeran ||

27.
Kinon dadi lantaraning |
anitahakên manungsa |
kacrita mungguh ing raos |
enak kapenake beda |
kalawan sabênira |
sasolah tingkahe lulut |
amung mindêng rasa nikmat ||

28.
(n)Dêdêl sêndhal myang saraping |
pawèstri utawa priya |
kalamun prasaning raos |
rahsa sajati kawudhar |
dening jiwa pramana |
akawistara dumunung |
nèng lêlêt pulêting sahwad ||

29.
Nahan kono sapucuking |
ing pastapurusanira |
sayêkti mawa karaos |
dhingin lir sinêndhol mina |
yèku purayanira |
dununging Kamajayèku |
mijil minangka lalisah ||

30.
Warnane kang rahsa putih |
tan pantara pucakira |
pastaprusa krasa manèh |
kayadene ingamêdan |
lambening keyong-gondhang |
yèku wênganing kang pintu |
kayangan Hyang Kamajaya ||

31.
Pamudharing rahsa putih |
sarta soking rahsa mêrta |
asrêp kalangkung nikmate |
ing adat sakaliyannya |
sarêng sênggoring napas |
duk mangkono angganda rum |
lir sêkar mêlati kadya ||

32.
Nêdhêng (m)babar sari amrik |
arum-arume angambar |
kabèh kang dak-wêdharake |
manawèku gara-gara |
pangaribawanira |
turuning cahya dibyanung |
lêlantaran saking priya ||

33.
Dumrojog nulya tinampi |
anèng guwa garbaning dyah |
yèn jêntus mukaranahe |
wanita banjur awawrat |
tumêkèng sangang wulan |
nir ing sambekalanipun |
langkêp ambabar manungsa ||

34.
Lan ana pralambang malih |
yèn priya lawan wanita |
ênggonne sarêsmi rêke |
pamudharing risang prasa |
dhaup asasarêngan |
Sang Hyang Kamajaya kumpul |
kaparêng dening Pangeran ||

35.
Ayun anithahkên wiji |
kumpuling Hyang Kamajaya |
gumolong kandhêg dununge |
nèng guwa garbanirèng dyah |
binasakakên wawrat |
sawulan tumêkanipun |
nir nalisir sangang candra ||

Jilid 3 - Kaca : 72

192 Salisir

1.
Kalamun lagi sacandra |
(ng)gonne nora (ng)garap-toya |
upamane iku dadya |
Kusuma anjrah ngakasa ||

2.
(n)Dungkap antuk kalih candra |
dènnya nora (ng)garap-toya |
diupamakake pindha |
Brêmara ngajab gêgana ||

3.
Lamun lagi tigang candra |
lêstari tan (ng)garap-toya |
iya iku upamanya |
Lir isining wuluh wungwang ||

4.
Lamun lagi patang candra |
upamane apan kadya |
Barama sakonang ika |
angasatakên samodra ||

5.
Lamun lagi limang candra |
dènnya anggarbini ika |
di upamakakên kadya |
Tapaking kuntul ngalayang ||

6.
Lamun lagi nênêm candra |
dènnya anggarbini ika |
ngibarat kadi Canthoka |
kinêmulan êlèngira ||

7.
Yèn pitung wulan tumêka |
wolung sasi sangang candra |
ngibaratake Kadya jalma |
lumpuh ngidêri bawana ||

8.
Wau ta Cêbolang nulya |
matur sarwi ngaraspada |
paran mulabukanira |
bab jabangbayi punika ||

9.
Wujut tuwin wawatêkan |
myang dhawahing lalampahan |
awarni kakalih apan |
wujud jalu kalawan dyah ||

10.
Klakuwan awon lan sae |
sarta têmbe lampahane |
dhawah bêgja sangsarane |
manggih wirya myang asore ||

11.
Ki Wasi alon lingira |
kacrita yèn kono iya |
winahyu ing tibanira |
mula pangeranging basa ||

12.
Luput pisan kêna pisan |
dumununge iku ana |
panjing suruping waskitha |
jalma lumrah tan uninga ||

13.
Karana isih ginaib |
batal yèn kaucapêna |
sadurunge kawistara |
lair saking guwagarba ||

14.
Awit kang mangkana iya |
satuhu gêng-gênging dosa |
wit wani-wani narbuka |
(m)dhingini karsaning Sukma ||

15.
Kacrita tumandukira |
babasan aliru lambang |
utawa wolak-walikan |
mangkene ingkang pratelan ||

Jilid 3 - Kaca : 73

16.
Jroning ayun pulang-raras |
priya kalawan wanudya |
yèn priya kang darbe karsa |
bangêt harda mring wanudya ||

17.
Sasuwene (n)don asmara |
adrêng sêrênging kang karsa |
layap liyêp luyutira |
nganti praptèng ciptamaya ||

18.
Sabanjure mudhar prasa |
kapanujon pinarêngan |
wahyaning kang mangsakala |
karsaning Hyang Maha Mulya ||

19.
Nitahkên wiji manungsa |
rèhning harda karsèng priya |
dadi pakolèhe padha |
kalawan cipta wanodya ||

20.
Kira-kira bokmanawa |
kadadeyaning kang jalma |
laire ing têmbe iya |
dumadya jalma wanita ||

21.
Dene kosokbalinira |
yèn dyah ingkang darbe karsa |
harda adrêng marang priya |
kridha lir kasêbut ngarsa ||

22.
Kira-kira bokmanawa |
kadadeyaning kang jalma |
laire ing têmbe iya |
anumusi dadi priya ||

23.
Mangka kapanujon ana |
priya lan dyah darbe karsa |
sakarone padha harda |
kridha laksana widada ||

24.
Kira-kira bokmanawa |
kadadeyane kang jalma |
laire ing têmbenira |
dhampit jalu lan wanita ||

25.
Ana manèh saupama |
sujalma priya kang mangka |
ing sadurung-durungira |
bangêt kayungyun bisa-a ||

26.
Pinaringan adarbeya |
atmaja mijil wanodya |
panutanira ing nala |
tumêka ing ciptamaya ||

27.
Banjur amulang-asmara |
ulah kridhaning laksana |
nunggal ing ngarêp sadaya |
yèku ingkang binasakna ||

28.
Dholog katlusuban jatya |
lirirra ingkang mangkana |
cipta kasêlan ing cipta |
kira-kira bokmanawa ||

29.
Kadadeyaning babayi |
laire têmbe mêtoni |
wujud kêmbar loro iji |
tur iku padha pawèstri ||

30.
Dene kosokbalinira |
yèn wanudya ingkang mangka |
sadurung-durunge harda |
kayungyun atmaja priya ||

Jilid 3 - Kaca : 74

31.
Sarta banjur darbe karsa |
adrêng mring priya asmara |
saolah kridha lêksana |
nunggil lir kasêbut ngarsa ||

32.
Kira-kira bokmanawa |
kadadeyaning susuta |
têmbe lair wujudira |
kêmbar loro padha priya ||

33.
De alus hardaning karsa |
tumêka ing ciptamaya |
kaya kang kasêbut ngarsa |
nora muhung wahananya ||

34.
Dadi jalu lan wanita |
duk lagi andon-asmara |
kridha myang cipta punapa |
kang mangkana cinarita ||

35.
Bakal mahanani iya |
mring wêwatêkaning suta |
pramila para sujana |
para bèrbudi sarjana ||

36.
Ingkang wus padha waskitha |
ing kridha tuwin pangripta |
banjur kanggo têngêr nama |
marang ing atmajanira ||

37.
Bab iku ta kawruhana |
wiji wus momor cangkoknya |
mula jalu lan wanita |
lah êndi ingkang santosa ||

38.
Padha adarbe kawasa |
saksi kang kanggo pratandha |
bêbasane ila-ila |
ujare sujalma kuna ||

39.
Nadyan priya lan wanodya |
yèn nuwuhakên atmaja |
isih anèng guwagarba |
mangka salah sijinira ||

40.
Sêngit niaya sawiyah |
maring samining tumitah |
asring mahanani bocah |
dadi ceda kurang lumrah ||

41.
Mula têka jaman mangkya |
katêlah isih anganggya |
têmbung pèngêt yèn kataman |
ewa sêngit nganiaya ||

42.
Nyêbut jabangbayi ika |
supayane aywa ngantya |
têmbe lair namdhang ceda |
lêstari Mijil prayoga ||

193 Mijil

1.
Mas Cêbolang matur mangênjali |
asmaraning wadon |
yèn panuju sinanggama rêke |
ingkang pundi prayoganirèki |
tingkahing karêsmin |
nyuwun wêdharipun ||

2.
Kyai Ajar angandika aris |
yèn nitik lalakon |
jalma priya akèh rubedane |
sabênêre kalamun pawèstri |
lagi sinarêsmi |
amung kudu manut ||

Jilid 3 - Kaca : 75

3.
Mring ombaking priya mituruti |
ananging wong wadon |
akèh ingkang nguciwani lire |
lingsêm nir pakolèh kanggo wadi |
mênèk dènarani |
èstri lènjèh kakung ||

4.
Kèh-kèhing dyah kadhang andarbèni |
reka gila wangkot |
sabên arsa rinurah kuthane |
rewa-rewa tan arsa nglanggati |
kêlakone nganti |
pinaripêksèku ||

5.
Mungguh gêlar kang mangkana kaki |
karêpe supados |
ywa kinira pawèstri wus lènjèh |
lan kinira èstri karêm rêsmi |
satêmah dumadi |
kasêrêng ing kakung ||

6.
Iya iku aran kapanduk ing |
rubeda sayêktos |
wêkasane asmara campuhe |
nora bisa widada sakapti |
lawan ana malih |
gêlare dyah iku ||

7.
Yèn pinuju sinanggamèng laki |
abipraja gupoh |
ing sasolah obahing ragane |
andadèkkên gancanging pakarti |
aju undurnèki |
pastapurusèku ||

8.
Kang mangkana supaya mimbuhi |
sakecaning raos |
akataman sruning panggosoke |
muwuhakên panasing hawèki |
pan rubeda ugi |
glis pamudharipun ||

9.
Êmpan papan lan maningirèki |
babakuning wadon |
kudu awaskitha pamawase |
nuju tanggap mring karsaning laki |
solahbawa pasthi |
nut pangrèhing kakung ||

10.
Dene ingkang dadya saranèki |
kang dhingin rumojong |
buka marang sêrêng angkarane |
karsa dhadhag kasêngsêma rêsmi |
patrap kang kadyèki |
ing pakolèhipun ||

11.
yêkti bakal amimbuhi maring |
kiyating kang badhong |
nora mêmbat katiban gadane |
kang kapindho niyatna amardi |
kêncêngna dayaki |
kukuwatanipun ||

12.
Baga miwah sasaminirèki |
ing pratingkah kados |
amamathêt mêtuning uyuhe |
kang mangkana pakolèhirèki |
ngrapêtkên pintuning |
pasti baganipun ||

13.
Mêlar-mingkus daya wiwaraning |
baga kang wus (m)bathok |
cukup muhung lawan biyantone |
ing papathêt culling napasnèki |
angsal ing prang tandhing |
kudu nganggo lagu ||

Jilid 3 - Kaca : 76

14.
Gêlar aran Mangkaradibya di |
mungsuhira wadon |
kapapanna mangiwa iringe |
risang krodha anumpangêna ing |
pupu mêngsahnèki |
kaprênahna lambung ||

15.
Risang krodha kang têngên dènmathis |
pakolèh sayêktos |
tahan lawan kwasa sarosane |
tambah nyakêtakên dènirèki |
kumudasmara di |
kacondhongan lulut ||

16.
Ing wasana mungguhing sarêsmi |
nadyan mung sakloron |
tur dumunung parimpên ênggone |
tan kawruhan ing jalma sawiji |
pêpanthênging ati |
ywa nganti kalimput ||

17.
Mring surasa lan dunungirèki |
têmbung tri pinathok |
nistha madya lawan utamane |
lire nistha iku tan prayogi |
madya têgêsnèki |
sêdhêngan puniku ||

18.
De utama têgêse prayogi |
karêpe suraos |
kang mangkono salah pratingkahe |
ing sajroning lagya andon-rêsmi |
kudu anyingkiri |
tanduk kang tan patut ||

19.
Madya utama ingkang prayogi |
wijanging wiraos |
aran nistha niru pratingkahe |
satokewan dènnira sarêsmi |
yêkti nora apik |
lamun dadi sunu ||

20.
Asarêsmi mituruta kadi |
wasita kinaot |
nayakèngrat marang ing mantune |
kyating jagad Sayidina Ngali |
wênang mokalnèki |
kabèh wus kasêbut ||

21.
Kaya-kaya uwis anyukupi |
ing pituturingong |
wit pamilih nganti tumêkane |
têmpuhing prang dadining babayi |
nanging iku mligi |
kawruhe wong gunung ||

22.
Kang sinung ling samya mangênjali |
aturira alon |
wêtyaning ling inggih saèstune |
sru kapundhi tumanêm ing ati |
pêpèngêt kaèsthi |
dinohna kalimput ||

23.
Ing sasagêd badhe nglêksanani |
supados dumados |
awidada kangge salamine |
ajêjodhon donya praptèng akir |
Ki Ajar nganthuki |
bangêt suka sukur ||

24.
Kulup Amat mêngko tabuh katri |
lah muliha gupoh |
karsadalêm (n)jêng sultan wiyose |
sêsuk esuk nuju ri Rêspati |
sira sinung linggih |
dadya katib sêpuh ||

Jilid 3 - Kaca : 77

25.
Nora luwih pujastutimami |
lêstari kalakon |
tinêbihna ing sambikalane |
mung kakangmu lan sakawan santri |
dimèn padha kari |
aywa mèlu mantuk ||

26.
Wus kacêtha papasthèn pinasthi |
dalajading kang wong |
sira iku kulinèng prajane |
kakangira kulina ing wukir |
mahas ing asêpi |
praptèng maotipun ||

27.
Rèh wus wanci angasowa sami |
Kyai Amat gupoh |
ngaraspada angraup sukune |
saha matur timbalan sang yogi |
kalangkung kapundhi |
pangèstu pukulun ||

28.
Mas Cêbolang lan sarowangnèki |
sapraptaning pondhok |
Kyai Amad ngrungkêbi padane |
mring Kimase Cêbolang sarya ngling |
adhuh kadangmami |
woding manahulun ||

29.
Boya sagêd pisah ingkang rayi |
saparan rumojong |
botên bingah antuk nugrahane |
sinêngkakkên drajat dadya kêtib |
wus sinêdyèng ati |
bêgja lara lampus ||

30.
Aywa bêndhèng kakang lawan mami |
tulusa karongron |
Mas Cêbolang sêrêt wangsulane |
adhuh yayi (ng)gih samantên ugi |
rasaning tyasmami |
langkung awratipun ||

31.
Yèn pisaha kalawan pun adhi |
tuwin lan pun êmbok |
asru trêsna lir yogane dhewe |
nanging paran dènnira sumingkir |
ing kodrating Widdhi |
citrèng lokilmakpul ||

32.
botên langkung samya (n)dum basuki |
bêkti katur simbok |
têmbe bilih wus pinarêngake |
dening Widdhi ulun tamtu tuwi |
dhatêng ing Mantawis |
sipêng kalih tèngsu ||

33.
Kyai Amat lêjar sawatawis |
dupi wanci bodhol |
Mas Cêbolang lan catur santrine |
samya ngatêr ing ngare wus prapti |
sasalaman sami |
myang andum rahayu ||

34.
Kang lumaris mangu nolih-nolih |
luhira drês miyos |
tan cinatur nèng marga lampahe |
praptèng wisma renanira nyai |
mapag anèng kori |
atatanya arum ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (17a) Kaca 58 - 68
  • (18) Kaca 78 – 80 >