Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (20a) Kaca 85 – 105

 

( Mas Cêbolang dumugi ing Prambanan )

VIII. Mas Cêbolang dumugi ing Prambanan, nyipêng griyanipun Lurah Harsana. Ningali Candhi Sèwu, Candhi Jonggrang sarta mirêngakên dongèngipun wiwit jaman Prabu Dewanata ing Pêngging, Prabu Dipanata ing Salêmbi mêngsah Prabu Karungkala ing Prambanan ngantos Bandung Bandawasa nyipta Candhi Sèwu lan Rara Jonggrang dados rêca.

Ing nalika ingkang jumênêng ing Prambanan Prabu Baka, kêrsa nglalipur panggalih kanthi abên sawung. Sang pramèswari kalihan para garwaning abdidalêm ngawontênakên lêlangên abên gêmak lan abên kêmiri. Punika wiwitipun ing Tanah Jawi wontên lêlangên abên-abên wau.


Kaca 85 - 131.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 85

195 Pangkur

33.
Kakang Nurwitri Saloka |
Kartipala kalawan Palakarti |
padha bêrdandanna gupuh |
têngah dalu lumampah |
karêntêging tyasingsun ngetan mangidul |
sandika kang sinung sabda |
sawusira amiranti ||

34.
Tumurun saking ngasrama |
titi sonya wus ngancik gagat enjing |
sukèng tyas risang nahênkung |
miyat rêngganing tawang |
taranggana sumunare wèh mawêlu |
kalindhih cahyaning candra |
kaping salawe marêngi ||

35.
Alon wau tindakira |
miyarsakkên ungêling paksi-paksi |
srigunting munya jêthithut |
kacêr sikatan tanggap |
mêdhar swara cocak kuthilang ambarung |
jalak-urèn pênyu kadya |
anyênggaki lantik-lantik ||

36.
Jêkikèring ayamwana |
tuhu kolik sauran ngêlik-ngêlik |
bêrkutut anduduk layu |
dêrkuku bêbêkuran |
tangèh lamun ucapên langêning manuk |
mawèh sênênging wardaya |
suka kang andon lumaris ||

37.
Wanci bangun praptèng ngandhap |
Sang Hyang Surya mungup saking jaladri |
miyak lamuking kang gunung |
rêmu-rêmu rêspatya |
saput siti nulya Hyang Baskara mungup |
anèng pucaking ngaldaka |
madhangi sakèh dumadi ||

38.
Rame kang anggarap sawah |
dhangir têgal têmbangan lantik-lantik |
nora tiba pada (n)dlujur |
angêlik sak-sayaha |
sasênggakan ja lali lo titipaku |
gambir bako ya mas ya mas |
bubar panèn dak tikêli ||

39.
Suka kang andon lumampah |
Ki Nurwitri Saloka mijêt ati |
dudu padon si dêruhun |
baya mamèrkên swara |
dudu uwong ngêlik kaya asu (m)baung |
otote pating karêncang |
matane pating pandêlik ||

40.
Ana sawiji jajaka |
dhasar blatèr swarane rata apik |
sugih apilan puniku |
labête kêrêp manjak |
nunggang luku uning kang andon lumaku |
tandya ki jaka ra-ura |
gumlangga wilêt patitis ||

41.
Sawi janur kula ya mas |
gandariya gandhung kang pindha warni |
kêmbang kapas kapilêngkung |
jroning tyas kudhandhangan |
pêksa ngarang wursita kawarnèng kidung |
lêsung dawa tadhah udan |
kêpalang tuna ing budi ||

Jilid 3 - Kaca : 86

42.
Tur durung wêruh pa pincang |
mandèkneya kumudu mudun bumi |
pindha kridhaning para nung |
mêdhar mawantra-sita |
bocah cilik klambi abang ikêt wulung |
manthêng pamèting lukita |
yayah wikramèng pangèsthi ||

43.
Ana kacang nunggang tela |
wus kacihna ajaran durung bangkit |
kêmbang salak sari nyamplung |
ngathêkêr nitrèng kata |
mung kinarya tambêl butuh trima lowung |
kampyang lawang saupama |
tangèh wruh lèrèging kawi ||

44.
Wadhuk pitik (ng)gih man dhoplang |
kil-kil bungkil cagak awak ya sikil |
tan tolèh ing sarusiku |
saking siguging basa |
basakneya basane bangsa sinau |
macan tenong sarwa cingkrang |
mardawa mardining wadi ||

45.
Pitik-walik saba jogan |
kranjang blarak mas ngantèn kandhang pitik |
yèn bisa-a kang ginilut |
pindha pra pramèngsastra |
nanging wêgah kawêkèn ngupaya têmbung |
abang-abang dudu kidang |
kongsi wêgah mamanasi ||

46.
Wus katon kang wawangsalan |
korèk-korèk kêpèke dèn-gojagi |
antuke mung pak boletus |
prandene sotaning tyas |
lelewane napak tilas pra pinutus |
pindhang lulang kacèk apa |
lawan ingkang sugih picis ||

47.
Dadya rindhik kang lumampah |
samya kèndêl nahan kang nambutkardi |
maspadakkên kang lumaku |
sawênèh ana ngucap |
pyayi ngêndi dene wayahe kêmlancur |
njlanthir kaya kêcik bajang |
sêdyane marang ing ngêndi ||

48.
Mampira mring wismaningwang |
dak (ng)go bibit têmbene mèn mêtoni |
ya ngono kang apa (n)jaluk |
kang sinung ujar ngakak |
aku trima (m)belakke anakmu gêndhuk |
gèdhèg-gèdhèg kêdhèp têsmak |
lir mêndêm Pucung ngacuwis ||

196 Pocung

1.
Lampahipun ing Kêpurun wus kapungkur |
ngancik ing Prambanan |
surya mèh tumamèng wukir |
lêrêm anèng ngèrèng-èrèng pinggir jurang ||

Jilid 3 - Kaca : 87

2.
Samya lungguh nèng ngisoring mandera-gung |
suluring mandera |
nutup rapêt padhas-curi |
ngêmbês ngêtuk saking sukuning kang arga ||

3.
Ting karêncang tumali ing watu-watu |
pucuk nyongat pêthak |
amarêntul mijil warih |
tètèsing kang toya tumibèng ing sela ||

4.
Têmah nglumpuk kalêmpaking toya wau |
marawayan marang |
sumbêr toyanira wêning |
mina alit-alit gumêbyar liwêran ||

5.
Sru kacaryan miyat wêninging kang ranu |
myang solahing mina |
sang andon mring têpi warih |
ngayêm-ayêm sarira cacawuk toya ||

6.
Nulya wontên pawèstri kang ayun ngangsu |
kandhêg lampahira |
Palakarti lingira ris |
(n)dawêg adhi lajêng angambila toya ||

7.
Lah ing ngriki pundi namane kang dhusun |
pangagênge napa |
umbul bêkêl kenthol tinggi |
lurah miwah ing pundi pagriyanira ||

8.
Inggih ngriki Parambanan ranning dhusun |
ki lurah Harsana |
kang dados pangagêngnèki |
kwajibannya rumêksa candhi sadaya ||

9.
Candhi Sèwu candhi Jonggrangan puniku |
kèndêla sakêdhap |
kula poyanane dhisik |
nulya wangsul kang arsa ngangsu mring sêndhang ||

10.
Praptanipun kalurahan kulanuwun |
ki lurah ing sêndhang |
wontên dhatêngan ki santri |
ingkang kalih taksih anèm anjênthara ||

11.
Radi bêsus jatmika pasêmonipun |
Harsana duk myarsa |
nyandhak sarung langking aglis |
kinalungkên anyangking kudhi tarantang ||

12.
Bêluk-bêluk èh-èh êmbokne si gêndhuk |
anggodhoga wedang |
adanga bêras kang wangi |
nyambêlèha pitik cêmani kang dhra ||

13.
Wus umentar praptèng sêndhang mundhuk-mundhuk |
Mas Cêbolang tanggap |
Harsana asung pambagi |
kulanuwun kang nêmbe tigas kawuryan ||

Jilid 3 - Kaca : 88

14.
Ajarwaa sinambat sintên wong bagus |
ing pundi pinangka |
miwah arsa dhatêng pundi |
yèn kaparêng lèrèha ing wismakula ||

15.
Cêbolang ngling kula santri saking Kêdhu |
anama Cêbolang |
punika nama Nurwitri |
Ki Saloka Palakarti Kartipala ||

16.
Sêdya ngluyug anut saparanning suku |
yèn kapadhan karsa |
ulun ayun aningali |
candhi-candhi wawêngkoning Parambanan ||

17.
Ki Harsana panuju sru sukèng kalbu |
kapasang sayogya |
sawarnining candhi-candhi |
rêca-rêca kula kang wajib rumêksa ||

18.
Wawi bagus rumuhun mring candhi Sèwu |
lajêng mring Jonggrangan |
sampuning ningali candhi |
mangke dalu sipênga ing wismakula ||

19.
Lumaksana lurah Harsana nèng ngayun |
Cêbolang kalawan |
catur santri atutwuri |
tan pantara dangu praptèng candhi Sasra ||

20.
Winursita candhi Sèwu manggènnipun |
anèng ngara-ara |
ragi mênggêr sawatawis |
papan wradin pasagi binatur sela ||

21.
Inggilipun sapanjongak kadung-kadung |
gapura majupat |
pratisthèng têngah capuri |
minggahipun mawa dhak-undhakan astha ||

22.
Pipining kang gapura sakawan wau |
sinungan gupala |
gêng luhur jegrang ngajrihi |
mandhi gada pindha Hyang Cingkarabala ||

23.
Candhi alit lir wisma pajagan dhapur |
thinarik tinata |
ngubêngi kanang capuri |
kathahipun kalihatus sadayanya ||

24.
Jrambah nginggil sinarasah sela alus |
têngahing jarambah |
candhi gung luhur mantêsi |
catur tajug blowong pasagi têngahnya ||

25.
Sisih kidul mawa gothaka tan têrus |
kilèn êlèr samya |
gothaka buntu tulya-sri |
rinarêngga ingukir pinatrap puspa ||

26.
Namung wêtan sinungan gapura luhung |
sela rinumpaka |
lung-lungan rêmit rêspati |
apapindha pêksi ngrabasèng puspita ||

Jilid 3 - Kaca : 89

27.
Margi têrus anjog kalowongan wau |
nanging tan warata |
mawi mangandhap manginggil |
tri onjotan tumurun praptèng lowongan ||

28.
Kang samya non ngubêngi capuri kêmput |
wangsul ing gapura |
kang êlèr tandya manginggil |
praptèng jrambah rêsik agasik warata ||

29.
Amalipir mangilèn ing lampahipun |
duk praptèng jarambah |
kang kidul Cêbolang angling |
pucak candhi katingal papak warata ||

30.
Drêng kapencut arsa uning pucakipun |
punapa wontêna |
margi atanapi kenging |
minggah maring pucaking candhi punika ||

31.
Kang sinung ling Ki Harsana lingira rum |
(ng)gèr kauningana |
botên wontên margi malih |
lan punika ngalowong dumugi ngandhap ||

32.
Wawi laju praptèng sisih wetan (n)dulu |
gapura rinêngga |
dangu dènnira ningali |
ascarya (m)bêg miyat rêmiting garapan ||

33.
Cêbolang ngling punapi kenging lumêbu |
lah bagus sumangga |
janji kula ingkang ngirid |
ingkang sampun sêpên ingkang kara-kara ||

34.
Samya mangsuk margi minggah gya tumurun |
sabên saonjotan |
wontên gapuranya alit |
gapura kang pungkasan kilèn dyan mandhap ||

35.
Praptèng têngahing candhi jarambah alus |
wradin rêsik gilap |
sapangandhap sapanginggil |
rêsik gasik nir lumut simbar myang katang ||

36.
Samya ngungun Nurwitri tatanya arum |
bilih mangsa jawah |
punapi tan kilèn warih |
dene botên wontên tabête kang toya ||

37.
Lamun nglumut iba ta rêkaosipun |
anggènnipun (m)bucal |
sagêde rêsik gumrining |
Ki Harsana gumujêng alon lingira ||

38.
Lêbêt ulun mariki saèstu amung |
yèn wontên dhatêngan |
ingkang kaparêng ningali |
kilap inggih têka makatên kewala ||

Jilid 3 - Kaca : 90

39.
Sajêgulun saèstu dèrèng sumurup |
kleyang ingkang dhawah |
wontên ing nglêbêt puniki |
dalah lêbu blêdug tan ana tumiba ||

40.
Wawi sampun bokbilih botên kacukup |
ningali Jonggrangan |
sêlak kasaput ing ratri |
wus umêdal praptèng jawining gothaka ||

41.
Dyan tumurun mêdal gapura kang kidul |
lajêng lampahira |
miyat candhi alit-alit |
candhi Lumbung pasagi majêng mangetan ||

42.
Pungkas kidul candhi Pawon namanipun |
ajênge mangetan |
gothak têrus dènlêbêti |
mêdal laju ngidul-ngilèn lampahira ||

43.
Santri catur prasamya imbalan wuwus |
eramku tan kêndhat |
sabên uning candhi-candhi |
panggarape kaya paran duk ing kuna ||

44.
Nurwitri kiraku pujan sadarum |
crita jaman Buda |
padha bêtah tèki-tèki |
pramilane panyuwunne krêp katêkan ||

45.
Kartipala angling ingkang candhi Mêndut |
tatale kang sela |
ngundhung-undhung kadi wukir |
dadya cihna dadine candhi kinarya ||

46.
O o iya ewuh têmên kiraningsun |
wis ta êmbuh kakang |
pikirku nora dumugi |
pak Harsana pundi ing candhi Jonggrangan ||

47.
Kilèn niku (ng)gèr sing (ng)gamêng kadya dhusun |
nahên lampahira |
wus (n)dungkap minggah sakêdhik |
myat capuri kinubêng cêpaka pêthak ||

48.
Jênar arum candhana kumuning mlêtuk |
myang pacar kênanga |
cina warsiki srigadhing |
nagasari rêjasa kananga soka ||

49.
Samya sêdhêng iya (m)babar ganda arum |
kasilir maruta |
nampêg kang andon lumaris |
kataman ing ganda rum sarira sumyah ||

50.
Èrèng-èrèng klapa dênta mubêng kêmput |
myang klapa mawarna |
sinêling lan jambe wangi |
mayangmêkar Sinome candhi Jonggrangan ||

Jilid 3 - Kaca : 91

197 Sinom

1.
Ambanon binatur sela |
mangidul ujurirèki |
inggil sapundhak watara |
dhak-undhakan tundha katri |
têmu-gêlang ngubêngi |
jrambah nginggil siti alus |
sêkar-sêkar mawarna |
ngrênggani kang astha candhi |
ingkang mungging babagan candhi Jonggrangan ||

2.
Ananing candhi winarna |
sisih wetan cacah katri |
samya ngilèn ajêngira |
sisih kilèn ugi katri |
mangetan ajêgnèki |
ajêng-ajêngan katêlu |
sisih êlèr satunggal |
mangidul ajêngirèki |
sisih kidul satunggal ngalèr ajêngnya ||

3.
Kang mungging padon lor-wetan |
candhi Uma namanèki |
pasagi sarasah sela |
datan mawi pinaringgit |
ngandhap praptaning nginggil |
tigawêlas tlundhakipun |
isi rêca sakawan |
maju-pat manggènnirèki |
Dèwi Uma Sang Hyang Brama Lodra Kala ||

4.
Sakiduling candhi Uma |
têngah lêrês ing botrawi |
winastan candhi Andana |
mangilèn lajêngirèki |
gêng-inggil langkung kêdhik |
lawan candhi Uma wau |
dhak-undhakan sawêlas |
jrambah srasah sela langking |
pinaringgit nanging wus kathah kang risak ||

5.
Pasagi kang wawangunan |
isi rêca kawan siki |
nèng têngah Lêmbu Andana |
mangilèn ajêngirèki |
Lêmbu Andini munggwing |
pojok kidul-kilènipun |
mangalèr ajêngira |
Lêmbu Andini ingapit |
rata mawi pangirit kuda sajajar ||

6.
Ingkang anèng kidul-wetan |
winastanan candhi ê-Sri |
pasagi sinrasah sela |
datan mawi pinaringgit |
kêmbar lan Uma candhi |
sami triwêlas mandhuwur |
rêca catur maju-pat |
Sri kilèn amangku margi |
kang lèr Maya Endra kidul Guru wetan ||

7.
Nèng kidul dumunung têngah |
sakilèning candhi ê-Sri |
winastanan candhi Candra |
mangalèr ajêngirèki |
pasagi andhap alit |
undhak-undhakannya pitu |
jarambah sinarasah |
sela krêsna tan rininggit |
rêcanira sajuga nama Hyang Candra ||

Jilid 3 - Kaca : 92

8.
Ing pojok kidul-pracima |
candhi Brama wastanèki |
pasagi sinrasah sela |
datan mawi pinaringgit |
jêng-ajêngan lawan Sri |
undhak-undhakan salangkung |
têngah ingkang jarambah |
kadi sumur tinon wingit |
rêca tiga majêng ngalèr ngidul ngetan ||

9.
Kang pênêr ing dhak-undhakan |
mangkya Brama amandhiri |
busana cawêt kewala |
Sang Hyang Bayu ingkang munggwing |
ing sakidul parigi |
de kang anèng loring sumur |
winastan Sang Hyang Kala |
langkêp busananirèki |
samya ngadêg tumèmplèk ing papan sela ||

10.
Salèring kang candhi Brama |
têngah lêrês binotrawi |
majêng ngetan jêng-ajêngan |
kalawan Andini candhi |
agung luhur pribadi |
punika ingkang sinêbut |
nênggih candhi Jonggrangan |
de candhi sapta gêng alit |
grêbanipun anama candhi Jonggrangan ||

11.
Maju-pat margine minggah |
mawa dhak-undhakan sami |
ing kiwa têngên sinungan |
papagêr sela ingukir |
wawangunan pasagi |
sinarasah sela alus |
pinaringgit rinêngga |
ingukir gambaran adi |
lalampahanira Sang Bathara Rama ||

12.
Wit linggar saking Ngayodya |
dumugi pêjahirèki |
sang buminata Ngalêngka |
mila gambaran mawarni |
ana kang kadi jalmi |
lir wanara pêksi diyu |
tanapi kakajêngan |
arga wana myang jaladri |
wandanira tan pae kalawan rêca ||

13.
Satêngahing kang jarambah |
candhi sawatawis inggil |
dhapur tajug sawatara |
sakawan wadana mawi |
gothaka pênêr margi |
kang nèng jroning gothakèku |
nênggih kang sisih wetan |
lêrês marginya manginggil |
apan warni tumpakan lirpendah sima ||

14.
Ing sangajênging gothaka |
rêca cawêt amandhiri |
winastanan Sang Hyang Siwah |
ngajêngan sumuran alit |
sirah naga nutupi |
gothaka kang sisih kidul |
rêca marabot lênggah |
wasta Hyang Kanekasiwi |
ingkang manggon gothaka kilèn winarna ||

15.
Rêca lênggah sirah gajah |
marabot Hyang Gana nami |
nahan kang anèng gothaka |
ing sisih êlèr winarni |
rêca mrabot mandhiri |
sakawan astanirèki |
satunggal ngasta sêkar |
tumèmplèk grananirèki |
kang sajuga ngasta cis kalih nèng dhadha ||

Jilid 3 - Kaca : 93

16.
Cakêt suku ingkang ngarsa |
rêca alit-alit kalih |
punika ingkang winastan |
Rara Jonggrang narambahi |
namaning kanang candhi |
kang nèng lèr-kilèn winuwus |
salèring candhi Jonggrang |
candhi Wisnu namanèki |
majêng ngetan jêng-ajêngan candhi Uma ||

17.
Pasagi sinrasah sela |
datan mawi pinaringgit |
kêmbar lawan candhi Brama |
têngahing jarambah mawi |
[...] |
sumuran singit asingup |
rêca tri kang nèng wetan |
pênêr marginya manginggil |
ran Hyang Wisnu mandhiri cawêt kewala ||

18.
Hyang Endra kidul sumuran |
lèr sumur Hyang Bayu nami |
marabot mandhiri samya |
tumèmplèk papan rêspati |
kang mungging lèr mungkasi |
candhi Surya majêng ngidul |
kêmbar lan candhi Candra |
sapta dhak-undhakanèki |
nèng têngahing candhi Wisnu lawan Uma ||

19.
Sigêg gantya Ki Harsana |
dènnya ngirid sampun prapti |
sakiduling candhi Uma |
samya ngaso ngaring-aring |
Harsana lingira ris |
lah suwawi anak bagus |
minggah mring candhi Uma |
inggih kang êlèr puniki |
sayogyaning Cêbolang sarencangira ||

20.
Wus tamat dènnira mulat |
tumurun mangidul kêdhik |
minggah mring candhi Andana |
tamat dènnira ningali |
tumurun ngidul malih |
minggah candhi Sri puniku |
wus tamat dènnya mulat |
tumurun mangidul kêdhik |
nulya minggah mangidul mring candhi Candra ||

21.
Tan dangu tumurun sigra |
mapan ngilèn tan atêbih |
minggah maring candhi Brama |
tamat dènnira umèksi |
Harsana tansah criwis |
mêdharakên namanipun |
candhi myang rêca-rêca |
ingkang samya dèntingali |
gya tumurun ngalèr mring candhi Jonggrangan ||

22.
Margine minggah marapat |
wetane kang dènunggahi |
praptèng sumur tutup naga |
mangidul lampahirèki |
nêkuk mangilèn nuli |
gadhug pojok dyan manêkuk |
ngalèr gadhug padonan |
mangetan lampahirèki |
praptèng ngajêng gothakaning Rara Jonggrang ||

Jilid 3 - Kaca : 94

23.
Ki Harsana lon lingira |
lah punika iloknèki |
ingkang anama Jonggrangan |
suwawi dipunlêbêti |
Cêbolang catur santri |
lumêbêt mambêt ganda rum |
sêkar konyoh angambar |
padupane tharik-tharik |
turut pinggir lawan tepas rara tumpak ||

24.
Rêca Jonggrang ginarayang |
alus kalimis kumlinthing |
sajatine sanès sela |
tamat dènnira ningali |
mêdale tanya maring |
Ki Harsana èstunipun |
rêca (m)bok Rara Jonggrang |
dene alus kumalinthing |
anggèr niku sayêktose sanès sela ||

25.
Criyose kang wus suwarga |
punika parunggu yêkti |
Nurwitri njlimêt umiyat |
corèkan kang mungging ringgit |
kêmput dènnya ningali |
tanya gambar punapèku |
criyose (ng)gih punika |
Bathara Rama ing nguni |
putra nata nagri Ngayudya Indhustan ||

26.
Nurwitri alatah-latah |
kathah èmpêripun inggih |
wontên gambare wanudya |
tan kêmbên anèng ngisor wit |
nginggiling uwit mawi |
kadi wanara mêthangkruk |
kula èngêt samana |
têmbung têmbungipun kawi |
jawanipun Anoman uwus malumpat ||

27.
Praptèng witing nagapuspa |
mulat mangandhap umèksi |
wanudya yu aking kêra |
gêlung risak awor siti |
kang iga-iga kèksi |
tanpa kêmbên jatosipun |
punika nyatanira |
Ki Harsana inggih-inggih |
wus tumurun mangsuli margi duk minggah ||

28.
Atatanya kadiparan |
sêkar konyoh amênuhi |
padupanipun angambra |
Harsana aris nauri |
sabên pêkênan ngriki |
kathah para bakul-bakul |
tanapi palanyahan |
samya nyunyuwun supadi |
gangsar laris (ng)gènnipun ngupaya têdha ||

29.
Utawi yèn dintên malang |
malêm Jumngah (ng)Gara-kasih |
ugi kathah ingkang samya |
atur dupa buratwangi |
kula nuwun tan uning |
kang dadya panuwunipun |
manawi dipun-nalar |
èstu tan panggih-pinanggih |
pundi wontên arca asung kamirahan ||

30.
Ananging sampun dilalah |
(m)bokmanawi awit saking |
kang yasa bêtah cacêgah |
dumadi manungsa luwih |
tyas manggung ênêng-êning |
katrima panyuwunipun |
dumugi ing samangkya |
katrimahe nyarambahi |
kang sinung ling manthuk-manthuk sadayanya ||

Jilid 3 - Kaca : 95

31.
Gya mangalèr lampahira |
candhi Wisnu deninggahi |
wus tamat dènnya tumingal |
tumurun ngetan sakêdhik |
mangalèr minggah candhi |
Surya tan pantara dangu |
tumurun gya mangetan |
wangsul kidul Uma candhi |
samya kèndêl Mas Cêbolang ngunandika ||

32.
Candhi bagus sadayanya |
rêca apik-apik sami |
nanging wus akèh kang rusak |
kari Jonggrangan kang apik |
wanci surup Hyang Rawi |
gantya Sang Hyang Wulan timbul |
nyunari sabuwana |
enggar rarywa alit-alit |
jalu èstri gumêrah samya dolanan ||

33.
Harsana manis lingira |
sèstu kula-aturi |
lêrêm dhatêng griyaningwang |
Mas Cêbolang nayogyani |
tandya samya lumaris |
prapta pakaranganipun |
lumêbêt mring pandhapa |
nèng salu wus dèn-gêlari |
klasa batu lêmir kêntèl pêthak-pêthak ||

34.
Pasugata wus tinata |
wedang têmu kêmpling-kêmpling |
linalapan gêndhis klapa |
cinithak samripat kucing |
pêthake sêmu kuning |
kêthak-kêthak nanging êmpuk |
nyamikan gêmblong jadah |
jênang dodol lawan wajik |
kêtan salak gula sêmut karasikan ||

35.
Pondhoh pudhak abrit pêthak |
jênang pala arum gurih |
jênang durèn jênang nangka |
sadaya binuntêl upih |
tumumpang anèng piring |
ontongan kalobot alus |
têmbakone garangan |
upêt mancung alus gilig |
slêpa alus kêbak bon-abone sêdhah ||

36.
Ki wisma ngling lah sumangga |
sawontêne dènrahabi |
lumayan jampi katoran |
manawi sampun dumugi |
lèlèh-lèlèh prayogi |
pambingkasing suku rasuh |
sasmita Mas Cêbolang |
mring catur santrinirèki |
samya rahab minum wedang nyanyamikan ||

37.
Bikut ngladosi ki wisma |
wedang lukak dèn-êjogi |
sawontêne nyanyamikan |
linarihakên waradin |
dadya tamunirèki |
sadaya sêmada tuwuk |
suwawi dinugèkna |
ulun amit malbèng panti |
ambejani dhumatêng (m)bok-jêngandika ||

Jilid 3 - Kaca : 96

38.
Cêbolang (n)dhêku lingira |
saèstu botên (n)darbèni |
rikuh pakèwêt wus kadya |
nèng (ng)gonne yayah pribadi |
enggar kiyai panti |
kaduga sajroning kalbu |
malbèng mring wisma tanya |
(m)bokne apa wus miranti |
kirang kêdhik sawêg ngêngêt sate ayam ||

39.
Galemboh piyik kêmbaran |
sawêg sami dènwadhahi |
nahan tamu kang tinilar |
lèlèh-lèlèh rêm-rêm pitik |
wênganing lawang kori |
Ki Wisma mêdal rumuhun |
paladèn pinrentahan |
angundurkên dhaharan |
glis wis ginanti anduduk sunggata nadhah ||

198 Mêgatruh

1.
Dyan tinata ajang kinênongan sêkul |
ulam rinampat mawarni |
jangan cupang sambêl jagung |
pêcêl-pitik jangan mênir |
lodhoh pindhang ayam bumbon ||

2.
Sambêl ulêg trasi abrit radi kaduk |
lalabanira mawarni |
rampunging panatanipun |
tamune wus samya linggih |
Lurah Harsana lingnya lon ||

3.
Lah suwawi punika barkahing ratu |
prayogi dipunrahabi |
kang sinung ling samya (n)dhêku |
sawusira awawanting |
Bismilah gya nadhah alon ||

4.
Ki wisma ngling sampun mawi kadhung-kadhung |
ulun iki mung sadrêmi |
makatên (ng)gèr êliripun |
kula pinaringan sabin |
tigang êjung dados lungguh ||

5.
Wah ampilan kathahipun gangsal êjung |
punika pirantosnèki |
sêgah ing sawarninipun |
kang sami ningali candhi |
lajêng lèrèh griyaningong ||

6.
Myang sudhiya sasipêngan ingkang patut |
bilih ngantos nguciwani |
èstu kataman babêndu |
Cêbolang sasantrinèki |
(n)donga ngluhurkên sang katong ||

Jilid 3 - Kaca : 97

7.
Pragat donga anadhah malih pikantuk |
galemboh kang dènparêngi |
wus dumugi dènnya kêmbul |
mundur wowohan gumanti |
salak kêpêl pisang-katong ||

8.
Wedang bubuk kênthêl gêndhise ginêbyur |
sabun-pisangmas binrêndhil |
punika pamangsêgipun |
miwah pangusaping amis |
kang sinung ling samya dhokoh ||

9.
Wusnya tutug wênèh dêgan miwah udut |
Harsana eca manggihi |
Mas Cêbolang tatanya rum |
wontênipun candhi-candhi |
nguni paran kang cariyos ||

10.
Anak bagus gotèkipun tiyang sêpuh |
wontên cariyos kakalih |
kang satunggal jamanipun |
kraton Pêngging Dwarawati |
kalih Majapait kraton ||

11.
Pundi ingkang lêrês jêr sami tan wêruh |
Mas Cêbolang miminta sih |
dhuh babo kang pinisêpuh |
bilih kaparêng ing galih |
amêdharna kang cariyos ||

12.
Kaoling kang jaman Pêngging kratonipun |
Ki Harsana nayogyani |
mapan dènnya lungguh timpuh |
siduwa tanganirèki |
pasang karna kang ayun wroh ||

13.
Binathara sri ing Pêngging ajujuluk |
Pancadriya narapati |
samuksanya tilar sunu |
catur jalu pêkik-pêkik |
samya prawirèng palungon ||

14.
Pambajênge raja pandhita jujuluk |
Rêsi Dewabrata sidik |
Madyapanjang dhepokipun |
panggulu jumênêng Pêngging |
Sri Dewanata kinaot ||

15.
Suwêg darbe putra sajugèstri ayu |
nama Dèwi Rarasati |
seda kunduran kang ibu |
sumêndhi natèng Salêmbi |
Sri Dipanata wiranom ||

16.
Putra katri Dyan Damarmaya kang sêpuh |
martapi nèng Parangtritis |
Dyan Citrasena panggulu |
Dyah Citrawati wuragil |
ayu kuning therok-therok ||

Jilid 3 - Kaca : 98

17.
Wuragile Sri Endranata linuhung |
kang tinanêm anèng nagri |
Sudimara kratonipun |
nanging dèrèng asisiwi |
bagus prawirèng pakewoh ||

18.
Kacarita wontên narapati diyu |
Sri Karungkala wawangi |
ing Prambanan prajanipun |
darbe ari warni jalmi |
Rara Jonggrang moblong-moblong ||

19.
Yaksendra kung mring dyah Rarasati wau |
atmaja sri natèng Pêngging |
gya atur surat panuwun |
duta kalih kang lumaris |
sêrat katampèn sang katong ||

20.
Asru bêndu narapati dhawuhipun |
pa-gene rajanirèki |
murang kramaniti tuhu |
tanpa ngrasa yèn pinasthi |
nèng soring amparaningong ||

21.
Amung eling watêke raksasa êdur |
(n)jujurkên angkara budi |
caraka mundura gupuh |
dhawuhna wangsulanmami |
mring rajamu yaksakatong ||

22.
Ananira sisiku pan saka saru |
iku bae yaksa-aji |
ngrasakna dènkongsi gadhug |
mundur caraka kakalih |
sang aprabu dhawuh alon ||

23.
Yayi Endranata lumakuwa gupuh |
mring Madyapanjang sumiwi |
kakang wiku yèn sa-arju |
ingsun aturi tumuli |
de kakang patih sunkongkon ||

24.
Ngupaya-a saraya jalma linuhung |
linirukkên ing ngajurit |
kang bisa nyirnakkên ripu |
bakal ingsunpatêdhani |
Rarasati putraningong ||

25.
Nêmbah matur sandika kang sinung dhawuh |
anulya Prabu Salêmbi |
yèn makatên karsa prabu |
amba tantune rumiyin |
Citrasena putraningong ||

26.
Natèng Pêngging kaparêng dadya tan èstu |
utusan kiyai patih |
sang prabu jêngkar ngadhatun |
bubaran kang samya nangkil |
Sri Salêmbi cinariyos ||

27.
Sapraptane ing praja ngandika arum |
maring putranya taruni |
Citrasena mau ingsun |
tampa dhawuhe kakaji |
sirarsa sinrayèng pupoh ||

Jilid 3 - Kaca : 99

28.
(m)Birat maring murangniti lamun unggul |
bakyunira Rarasati |
dhinaupkên lan sirèku |
minangka ganjaranèki |
putra nêmbah matur alon ||

29.
Tumètèsing dhawuh sandika pan amung |
rèhning badan-ulun yêkti |
tan bangkit sadayanipun |
sarerekaning ngajurit |
mila nyuwun mopo ingong ||

30.
Sang aprabu ngandika lah iku kulup |
rèhning sira satriya di |
kudu sudira ing kewuh |
wruhanta sagung dumadi |
sajatine sutaningong ||

31.
Kawisesa dening purbaning dewagung |
nadyan punjul dibya sêkti |
yèn pasthi karsa dewagung |
kinarya asoring jurit |
tan wurung nêmahi kasor ||

32.
Nadyan cubluk tan darbe srana sajumput |
yèn pinurba mênang pasthi |
iya kalêksanan unggul |
anggêr wani sêtya eling |
kumandêl wisesèng pandom ||

33.
Ing saèstu pinayungan rèh rahayu |
marma pikirên kang êning |
atmajendra nêmbah (n)dhêku |
sumêne ngênthêlkên budi |
linilan mundur wotsinom ||

34.
Sang aprabu wawarta mring garwa wadu |
patêmbayaning raka ji |
putra binobotan kewuh |
ing mangya lagya pinikir |
kang garwa suka katongton ||

35.
Nahan gantya Radyan Citrasena wau |
saundurnya lajêng manjing |
ma-astuti ing dewagung |
amêrês êninging budi |
budaya tekating punton ||

36.
Sangêt limut sakêclapan tyas kumênyut |
wasana kasêlan lali |
kalimput ing hawanêpsu |
mangkana tandya nimbali |
ingkang rayi sang lir sinom ||

37.
Citrawati sapraptaning ngarsanipun |
winartanan rèh karsa ji |
kang rayi myarsa rawat luh |
mêlas asih anyungkêmi |
kêdah tutwuri sang anom ||

38.
Rangu-rangu narpatmaja têmah limut |
kang rayi sinambut maring |
maderaras mêdhar kayun |
brêmara angingsêp sari |
ing antara dasih wadon ||

Jilid 3 - Kaca : 100

39.
wontên ingkang uninga ing tingkahipun |
gupuh amunjuk sang aji |
kagyat têmah asru bêndu |
jaja bang mawinga wêngis |
têdhak panti putra katong ||

40.
Sarwi musthi sang sudibya karsanipun |
mrih lenaning narpasiwi |
samana rahadyan sampun |
wikan têdhaking ramaji |
tyas gugup lumajêng lolos ||

41.
Lawan ingkang rayi risang rêtnaningrum |
nata uninga nututi |
ambujêng palajêngipun |
sang Dèwi antuk pambudi |
malbèng urung-urung miyos ||

42.
Praptèng jawi nginthar tan atolèh pungkur |
radyan kapêngkok capuri |
cakêt lan butulan kidul |
malumpat praptèng ing jawi |
tan tolèh praja lunga non ||

43.
Karsaning Hyang datan nunggil lampahipun |
rahadyan lawan kang rayi |
mangilèn lawan mangidul |
yata risang narapati |
hardaning runtik gya miyos ||

44.
Praptèng (n)jawi animbali patihipun |
winangsit sakèhing wadi |
myang kinèn amatah wadu |
ngulati sang narpawisi |
yèn kapanggya sak (ng)gon-ênggon ||

45.
Kacêkêla bangga kalilan linampus |
lawan kinèn angulati |
kesahe kusumaningrum |
bilih kapanggih karsaji |
kinèn wangsul mring kadhaton ||

46.
Sadosanya ingaksama linalimput |
manêmbah rêkyana patih |
ngungun lèngsèr ngarsa prabu |
wus matah punggawa mantri |
sri narendra angadhaton ||

47.
Pramèswari winartan laksanèng sunu |
tistis margiyuh wiyati |
de katri atmajanipun |
mangkya wus wisata sami |
mangkana tyasnya sang katong ||

48.
Kararantan wimbaning barubah bangun |
kèngêtan atmaja nguni |
Dyan Damarmaya puniku |
manawi sagêt pinanggih |
kêni sinrayèng palugon ||

49.
Ing wasana raosing tyas sang aprabu |
dahat merang mring rakaji |
cidraning atur panuwun |
saking kawilêt rudatin |
mrês budi sidaning pandon ||

Jilid 3 - Kaca : 101

50.
Wanci titi sonya nis saking kadhatun |
nglugas kaprabon narpati |
mung kadi caraning wiku |
ing karsa arsa ngulati |
dyan Damarmaya kang andon ||

51.
Wirandhungan laksanèng sopana nêmpuh |
nasak wana jurang trêbis |
prapta anggranirèng gunung |
palawangan rêrêm mangkin |
mindêng mursita sang katong ||

52.
Amiminta wasitaning jawata gung |
mugi sagêda kapanggih |
dyan Damarmaya ing dangu |
sanityasa sru sêmadi |
tumuntu êninging panon ||

53.
Apaparab Manikhara mahawiku |
mahas ngasêpi pribadi |
angkara murka kalimput |
nahan gantya kang winarni |
sang rêtna lampahnya Gamboh ||

199 Gambuh

1.
Dyah Citrawati nglangut |
krêkating tyas ngulati sang bagus |
myarsa warta yèn wontên pandhita luwih |
mahas palawangan gunung |
sang dyah lumaksana gupoh ||

2.
Sêdyanira ing kalbu |
muhung tanya kadang dunungipun |
sigra minggah kapirangu praptèng nginggil |
laju marêk mahawiku |
makidhupuh awotsinom ||

3.
Pindha wiku kumêpyur |
karsaning Hyang sakaliye pandung |
dupi miyat wanudya yu ingkang prapti |
kongas rarasing karsa kung |
subrata wigar anglamong ||

4.
Nambrama manis arum |
tigas kawuryan kang nêmbe rawuh |
saking pundi pinangka myang sêdyèng kapti |
sintên sinambating arum |
sumêngka prapta ing dhepok ||

5.
Dyah kumbi nêmbah matur |
amba datan darbe nama èstu |
sangkan paran lir kleyang katiyup angin |
tambuh puwaraning kalbu |
anut sir ingkang linakon ||

6.
Maharsi duk angrungu |
lir jinait dahat sukèng kalbu |
angandika pasajan bae wong manis |
yèn sambada tyas asarju |
utaminira masingong ||

Jilid 3 - Kaca : 102

7.
Rêrêma dhepokingsun |
jumênênga tatimbanganulun |
dyah tumungkul manêmbah sumanggèng kapti |
inggaling crita wus dhaup |
nir subasita karongron ||

8.
Sinung nama sang ayu |
Endhang Panêpi tansah monglulut |
rêrèntèngan lir mintuna lawan mimi |
sing ênêng puja kapungkur |
mung monglulut nora êpot ||

9.
Labêtira sinêngkut |
têmah wawrat dungkap mangsanipun |
sangang candra sang wiku tatanya yêkti |
asal-usule ing dangu |
Endhang Panêpi wotsinom ||

10.
Dhuh gurulakiulun |
saèstune putrine sang prabu |
ing Salêmbi Dipanata narapati |
Citrawati nama ulun |
kapitèng tyas wiku katong ||

11.
Jrih têbah dhadha ngadhuh |
nora nyana babo raganingsun |
lamun tampa babênduning Hyang Linuwih |
Citrawati nêmbah matur |
paran kang dados rudatos ||

12.
Wiku ngling arawat luh |
dahat eloking lalakoningsun |
salugune manira ramanta nini |
Prabu Dipanata ingsun |
ing Salêmbi prajaningong ||

13.
Sru kagyat sang dyah ayu |
sanalika èngêt tan kalimput |
gêtun wirang anjrit nungkêmi rama ji |
wusing lilih ing pamuwun |
kang rama ngandika alon ||

14.
Èh nini putraningsun |
puluh-puluh nalar wus kabanjur |
padha tampa babênduning Hyang Linuwih |
ora luwih amung mlupuh |
minta aksamaning Manon ||

15.
Dupi ing wanci dalu |
sang awiku murut saking gunung |
kondur maring praja kang putra tan uning |
enjinge rama rinuruh |
èstu lolos saking dhepok ||

16.
Inggal dènnya tumurun |
lampahira praptèng sirahipun |
lèpèn Opak sang dyah kandhêg angalêntrih |
karaos wawratanipun |
sigêg gantya kacarios ||

17.
Nahên ta lampahipun |
Radèn Citrasena kang anglangut |
saking praja kalunta-lunta prihatin |
tambuh kang sinêdyèng kalbu |
prapta Ngenta-enta dhukoh ||

Jilid 3 - Kaca : 103

18.
Nuju wismaning Buyut |
Tularsiram kagyat narpasunu |
non wanodya yayah atmajèng narpati |
radyan malbèng wisma Buyut |
Tularsiram gupoh-gupoh ||

19.
Angancarani tamu |
matur pinangka sinêdyèng kalbu |
miwah nama radyan pasaja mangsuli |
Radèn Citrasena ingsun |
atmaja Salêmbi katong ||

20.
Kaki tatanya ingsun |
sapa baya paparabirèku |
lawan mau ingsun miyat rara adi |
nèng memeyan gya lumêbu |
apa atmajamu wadon ||

21.
Mèsêm Ki Buyut matur |
amba nama Tularsiram Buyut |
lare èstri wau kang lumêbèng panti |
punika ran Rara Budhur |
saèstu wêkamba wadon ||

22.
Ngling malih sang bagus |
lah ta kaki yèn sambadèng kalbu |
sutanira sunpundhut dadya suwami |
Ki Buyut dupi angrungu |
pangandikane sang anom ||

23.
Langkung pirênèng kalbu |
karananya ni Budhur satuhu |
warni awon nanging sangkanira alit |
sinidhikara mantrèku |
kasmaran kang samya anon ||

24.
Ènggale sampun dhaup |
kinurmatan ing sapantêsipun |
ing wasana nyi Budhur datan nyondhongi |
sabên pinarpêkan murut |
sarwi angujari awon ||

25.
Langkung merang sang bagus |
ri saksana anglês saking dhukuh |
lampahira praptèng Tarayêm pinanggih |
Buyut Kasimpar rannipun |
rahadyan tinanya alon ||

26.
Nama myang sêdyanipun |
walèh lamun atmajèng sang prabu |
ing Salêmbi Citrasena aranmami |
Kasimpar urmat kalangkung |
angèdi-èdi sumugoh ||

27.
Sadangunira lungguh |
Buyut mawas suluhing kang sêmu |
wus kawuryan rahadyan sêmu prihatin |
lon matur dhuh narpasunu |
mugi aywa walangatos ||

28.
Paran darunanipun |
de kawuryan sru sungkawèng kalbu |
radyan angling lamun tinampik pawèstri |
Kyai Buyut manthuk-manthuk |
yèn mung makatên kemawon ||

Jilid 3 - Kaca : 104

29.
Ngong atur srananipun |
nanging warni gana rewandèku |
yèn ingagêm lajêng warni kêthèk putih |
rinuwat wangsul lir wau |
ing salêbêtipun dados ||

30.
Wanara warni pingul |
sadhengah kang miyat sru kayungyun |
mung punika sarana sumanggèng kapti |
radyan kewran dahat giyuh |
drênging karsa têmah nêmpoh ||

31.
Buyut Simparan mundur |
amet srana sinaoskên gupuh |
saha matur benjang sarampunging kardi |
srana kaparingna wangsul |
punika pupundhèningong ||

32.
Ing nguni bapaulun |
nama Rêsi Jêmbawan pinunjul |
kala obong awu mawujud puniki |
dadya sarana sih-lulut |
radyan sung wangsulan sagoh ||

33.
Gana ingagêm sampun |
warni kêthèk pingul nulya wangsul |
maring Ngenta-enta (n)jujug sêndhang wêning |
kang garwa nuju nèng ranu |
glundhung sêmprong aciciblon ||

34.
Dupi myat kêthèk pingul |
gugup mêntas busana rinasuk |
gandrung-gandrung kapirangu sru makingkin |
pinarpêkan kêthèk lulut |
binêkta mring wisma gupoh ||

35.
Sabên ing wanci dalu |
tansah dènnya krasikan monglulut |
atut runtut sacara-caraning jalmi |
dadya wawrat Rara Budhur |
Kyai Buyut dupi anon ||

36.
Dahat merang sru bêndu |
Rara Budhur lawan kêthèk pingul |
kinèn kesah kalihe sarêng lumaris |
praptèng madyaning wana gung |
ngaup sor mandira ngayom ||

37.
Dumugi samaya wus |
(m)babar jalu warni kapi pingul |
Rara Budhur konduran tan uning siwi |
prananing radyan sumêmprung |
wangsul sipat bagus anom ||

38.
Citrasena satuhu |
ngunguning tyas sru merang gagêtun |
dyan tinilar lêpas lampahira prapti |
têpi Opak sirah pangguh |
lawan kadangira wadon ||

Jilid 3 - Kaca : 105

39.
Citrawati rinangkul |
nêng-onêngan wartan-winartan wus |
lalakoning sarira praptèng (ng)garbini |
yèn mangkono (n)jêng rama wus |
nandhang pawêlèhing Manon ||

40.
Yayi upama ingsun |
mulih marang praja lan sirèku |
pasthi ilang dukane (n)jêng rama aji |
antuk aksama satuhu |
Jurudêmung wong aloro ||

200 Jurudêmung

1.
Dangu onêng-onêngan |
sakaliyan rajasunu |
sang dyah mêtêg dènnira yun |
anglairakên wawratan |
wus ambabar mijil jalu |
gêng panjang warnia rasêksa |
lena konduran sang ayu ||

2.
Rahadyan rudah ing nala |
kadya pêcat jiwanipun |
ing kali Opak jumêgur |
banjir bandhang ranpa sangkan |
ngêlêbi dharatanipun |
layon dyah binêkta toya |
rahadyan (ng)garagap gugup ||

3.
Jabangbayi wus binêkta |
ngili marang ing pupunthuk |
apan binarsihan sampun |
ki jabang tansah amular |
radyan ngunandikèng kalbu |
sapa baya nusonana |
marang bayi warna diyu ||

4.
Robing toya gya binêkta |
mring têpining lèpèn wau |
kinokopakên ing ranu |
dangu dènnya ngokop toya |
mèh sat isining kang ranu |
nora kêmba panginumnya |
anulya sinêndhal gupuh ||

5.
Katêlah têkèng samangkya |
Opak alit ilinipun |
ki jabang sinung jujuluk |
nênggih Kaladrêmbamoha |
Darmamoha parabipun |
rahadyan èngêt putranya |
kênyung tinilar wana gung ||

6.
Pinurugan gya binêkta |
sampun sinungan jujuluk |
Barabudha Kapi-pingul |
tinunggilkên Darmamoba |
pinarnah têpining ranu |
kalihe tinilar mentar |
kundur marang prajanipun ||

7.
Sapungkurira rahadyan |
wontên danawèstri agung |
nama Witrita puniku |
datan têbih dhangkanira |
lan kali Opak panuju |
sêdyarsa mangambil toya |
uning jabang kalih wau ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (19) Kaca 81 – 84
  • (20b) Kaca 106 – 123 >