Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (20b) Kaca 106 – 123

 

( Mas Cêbolang dumugi ing Prambanan )

VIII. Mas Cêbolang dumugi ing Prambanan, nyipêng griyanipun Lurah Harsana. Ningali Candhi Sèwu, Candhi Jonggrang sarta mirêngakên dongèngipun wiwit jaman Prabu Dewanata ing Pêngging, Prabu Dipanata ing Salêmbi mêngsah Prabu Karungkala ing Prambanan ngantos Bandung Bandawasa nyipta Candhi Sèwu lan Rara Jonggrang dados rêca.

Ing nalika ingkang jumênêng ing Prambanan Prabu Baka, kêrsa nglalipur panggalih kanthi abên sawung. Sang pramèswari kalihan para garwaning abdidalêm ngawontênakên lêlangên abên gêmak lan abên kêmiri. Punika wiwitipun ing Tanah Jawi wontên lêlangên abên-abên wau.


Kaca 85 - 131.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 106

200 Jurudêmung

8.
Mawa ciri namanira |
ri saksana dyan sinambut |
binêkta mring dhangkanipun |
sukèng tyas ingambil suta |
dhasare tan darbe sunu |
lakine uwis palastra |
kêna arahan duk nglurug ||

9.
Ginamatèn kalihira |
sih trêsnanira kalangkung |
kadya wêkanya satuhu |
kalihe sampun walagang |
timbang sih trêsna mring biyung |
samya bisa tatajalma |
nama gantya kang winuwus ||

10.
Nagara ing Parambanan |
kyatingrat sang yaksaprabu |
Kala Karungkala nuju |
lênggah ing made-wangunan |
patih Tubar kang nèng ngayun |
dinangu paran kang dadya |
sanggan laladosanipun ||

11.
Dhahar êmbêg-êmbêg jalma |
kyana patih nêmbah matur |
dhuh gusti saèstunipun |
ngupados jalma wus têlas |
ênèm sêpuh sêpên sampun |
yaksendra rêngu miyarsa |
kya patih wrin sêmu matur ||

12.
Kalamun panudyèng karsa |
sudarmamba badhe katur |
sang Sêkalima awiku |
konjuk dadya laladosan |
yaksaprabu sukèng kalbu |
nanging pakèwêt rèh prênah |
paman lan sudarmanipun ||

13.
Kya patih yèn têmbenira |
karya tyas sandeyèng wadu |
dadya ngandika sang prabu |
yèn si paman kang lumadya |
lah dhawuhana rumuhun |
têmbaya cangkrimaningwang |
galih asêm gilig lurus ||

14.
Êndi bongkot lan pucuknya |
kalawan panitikipun |
êmprit wadon lawan jalu |
yèn tan bisa mardènana |
paman pasthi dakkalêthuk |
[...] |
[...] ||

15.
Patih nêmbah mundur mentar |
ing margi datan winuwus |
praptèng Samapura dhukuh |
wus panggih lawan kang rama |
matur purwa wasanèku |
saha (n)dhawuhkên timbalan |
-nira risang Yaksaprabu ||

Jilid 3 - Kaca : 107

16.
Sang tapa mèsêm ngandika |
galih asêm iku kulup |
mètên têngah bênêripun |
katrajuwa êndi ingkang |
ènthèng iya iku pucuk |
ingkang abot bongkotira |
paksi êmprit panitikipun ||

17.
Kupinge sogokên êlar |
kang bolong èstri satuhu |
ingkang lanang pasthi buntu |
wis kulup sira matura |
mangkono pambatangingsun |
patih Tubar wus umêsat |
praptèng ngarsanira prabu ||

18.
Nêmbah mature dinuta |
sang yaksendra sukèng kalbu |
gya mundhut galih asêm lus |
lan êmprit kakalih nulya |
linaksanan ing satuduh |
tètès nora ana limpang |
yaksendra kalangkung ngungun ||

19.
Nulya paring undhang-undhang |
lamun sudarma wis sêpuh |
tan linilan lamun katur |
dadya dhahare sang nata |
kasaru ing praptanipun |
ditya kalih kang dinuta |
mring Pêngging bun-êbun esuk ||

20.
Nêmbah wus matur sadaya |
dhawuhipun sang ngaulun |
Karungkala langkung bêndu |
têmah dadya salin cipta |
tan arsa sumiwi purun |
tumêka ing yudabrata |
dhawuh patih kinèn nglurug ||

21.
Ngrabasèng ing Pêngging praja |
sapalih wadya kang tumut |
sapalih têngga kadhatun |
budhal wadya Parambanan |
tan cinatur lampahipun |
prapta tampinganing praja |
wus karya tatarub agung ||

22.
Sigêg gantya kang winarna |
ri sang Endranata Prabu |
Madyapanjang sampun rawuh |
panggih lan raka pandhita |
ngaturkên timbalan prabu |
sang tapa alon lingira |
lah matura yayi prabu ||

23.
Samêngko karsaning dewa |
durung rinilan wakingsun |
ya titinjo yayi prabu |
mung asung gambar kewala |
ênya pariksanên gupuh |
gambar tinampèn binabar |
Pêngging kawuryan kinêpung ||

Jilid 3 - Kaca : 108

24.
Parangmuka gêng (m)bêg krura |
wus kawangwang jangkanipun |
barang rèh laksitanipun |
kabèh kamot jroning gambar |
mangkana wasing pandulu |
langkung kagyat Endranata |
sarira nêmahi lampus ||

25.
Nèng madyaning ngadilaga |
sakala nglês amalat kung |
kapitèng tyas sru matrênyuh |
sang nata nulya ngandika |
mring ari karya panglipur |
aruming sabda mrih lêjar |
dhuh kadangku yayi prabu ||

26.
Tanpa wêkas yèn rinasa |
dènsantosa tyasirèku |
kumanbang karsa Hyang Agung |
dhuh yayi prabu wruhanta |
utama-utamèng lampus |
iku lena nèng palagan |
minulya manggih swarga gung ||

27.
Kalawan sajatinira |
tan ana lara myang lampus |
mung urip ananirèku |
kang rayi nulya winêjang |
kamuksan sampurnanipun |
anjing suruping palastra |
mangkana kang tampi dhawuh ||

28.
Karêgêm wahya jatmika |
kawuryan lêjaring kalbu |
sirna was sandeyèng kalbu |
enjang mit wangsul mring praja |
wus linilan praptanipun |
ing Pêngging marêk ing raka |
matur sarèhing dènutus ||

29.
Purwa praptèng wasana |
myang ngaturkên gambar luhung |
paringe raka sang wiku |
natèng Pêngging duk miyatsa |
ngungun kapitèng ing kalbu |
punang gambar gya binabar |
kawuryan ingkang winahyu ||

30.
Kang nyirnakkên satru-tama |
satriya-di anom bagus |
Damarmaya wastanipun |
nuntên dhawuh mring apatya |
ngulati kongsi katêmu |
kya patih nêmbah sandika |
mundur saking ngarsa prabu ||

31.
Endranata wus linilan |
mundur marang prajanipun |
praptèng praja tampi atur |
mêngsah yaksa mrêpêg praja |
tur uning mring yaksaprabu |
tampi dhawuh magut ing prang |
sri dimara agul-agul ||

Jilid 3 - Kaca : 109

32.
Inggaling criyos têmpuh prang |
mêngsah rowang kathah lampus |
Endranata magut pupuh |
tandhing lawan patih Tubar |
samya wiratamèng kewuh |
rame ngêtog pangabaran |
kasor Endranata Prabu ||

33.
Lena madyèng rananggana |
sampurna kunarpanipun |
gara-gara rèh gumuruh |
sasirnanira sang nata |
wadya sisaning kang lampus |
golong lumayu mring praja |
tur uning ring sang prabu ||

34.
Sri Pêngging dahat sungkawa |
dhawuh pajêg barisipun |
mêngsah ingkang jayèng pupuh |
suka-suka masanggrahan |
gantya wau kang winuwus |
lampahipun kyana patya |
Kartadarma angêlangut ||

35.
Praptèng Prangtritis têpinya |
samodra kidul gya (n)dulu |
jalma subrata nom bagus |
pinarpêkan praptèng ngarsa |
wus bage-binage gupuh |
sajarwa kakalihira |
lêga tyase sang nindya nung ||

36.
Rampung (n)dhawuhkên timbalan |
sang tapa panudyèng kalbu |
gagancangan lampahipun |
sapraptaning Pêngging praja |
laju tumamèng kadhatun |
wus parêk byantarèng nata |
sang prabu tatanya arum ||

37.
Kawijilan miwah nama |
kang tinanya nêmbah matur |
Darmamaya namaulun |
atmaja Sri Dipanata |
purwa wasana wus katur |
Sri Pêngging sru sukèng driya |
sirèku pulunaningsun ||

38.
Èh ta patih Kartadarma |
yayi Slêmbi sungana wruh |
patih nêmbah alon matur |
pun patik mirêng pawarta |
rinta Dipanata Prabu |
mangkya murca saking praja |
kagyat miyarsa sang prabu ||

39.
Pangudasmaraning driya |
paran ta darunanipun |
karanta rêntênging kalbu |
ri kalih lena myang murca |
têmah muntap krodhanipun |
undhang arsa mijil ing prang |
rahadyan mambêng kalangkung ||

40.
Matur anungkêmi pada |
sagah nyirnakakên rupi |
sang prabu lilih tyasipun |
dhawuh mring rêkyana patya |
matah wadya kanthinipun |
putra Radyan Damarmaya |
sandika bubaran mundur ||

Jilid 3 - Kaca : 110

41.
Tan cinatur samêktanya |
enjinge budhal gumuruh |
wus têmpuk kalawan mungsuh |
rame dènnya bandayuda |
Damarmaya ngamuk punggung |
wadya Prambanan kèh pêjah |
sakarine samya mirut ||

42.
Patih Tubar duk tumingal |
wadyanira kathah lampus |
sru krodha wadya manêmpuh |
jaja kataman warastra |
tan tumama nanging ambruk |
rinêbut wus ginotongan |
nulya ingundurkên gupuh ||

43.
Binêkta mring Parambanan |
wadya Pêngging nglut sapurug |
praptèng watêsing praja gung |
kèndêl ing pangungsirira |
wangsul mring barisanipun |
mangkana kang nandhang brana |
binêkta mring jro kadhatun ||

44.
Katur ing sang yaksaraja |
mawinga-winga sru-bêndu |
nimbali Sakèli wiku |
wawarti kasor ing rana |
sang aprabu arsa magut |
pinambêng nyarantosêna |
benjing kewala kalamun ||

45.
Tubar patih wus waluya |
ulun bêkta maring gunung |
sang prabu panudyèng kalbu |
bubaran patih binêkta |
gantya wau kang winuwus |
kang jayèng prang ing payudan |
utusan mring Pêngging matur ||

46.
Yèn parangmuka wus sirna |
rahadyan cumadhong dhawuh |
nanging tan kalilan laju |
tinimbalan marang praja |
barising Pêngging wus mundur |
praptèng byantara narendra |
katur solahing ngapupuh ||

47.
Sang prabu Pêngging sru suka |
pra wadya kang jayèng pupuh |
ginanjar sadayanipun |
arta kalawan busana |
tantara lami sang bagus |
karsane uwa sri nata |
dhinaupkên lan sang ngayu ||

48.
Rarênggan datan winarna |
dyan Darmamaya wus atut |
lèngkèt lumêkêt lir pulut |
nutug dènnya mong-asmara |
wus (ng)garbini rêtnaning rum |
suka amarwata-suta |
Durma salinne kang pupuh ||

Jilid 3 - Kaca : 111

201 Durma

1.
Sang aprabu Pêngging tinangkil lir saban |
andhèr wadya sumiwi |
dhawuh mring apatya |
benjing purnamasidya |
dyan Darmamaya tinuding |
(ng)gêcak Prambanan |
dadya manggalèng jurit ||

2.
Kanthi para wadya raja mancapraja |
sandika kang sinung ling |
bibaring sewaka |
Rahadyan Darmamaya |
wawarti mring garwanèki |
dyah Rarasatya |
margiyuh tyasnya rujit ||

3.
Rèhning lagya wawrat sêpuh mèh andungkap |
laire jabangbayi |
nulya na suwara |
lamat-lamat kapyarsa |
sasanti èh Rarasati |
kawruhanira |
kang sira kandhut nini ||

4.
Têmbe mijil jalu poma arannana |
Jaka Bandung sayêkti |
benjing kang kawasa |
ambêdhah ing Prambanan |
nênging swara matur aris |
marang ing garwa |
langkung sukaning galih ||

5.
Nanging sandeyaning tyas saèstunira |
têmbe paguting jurit |
pan durung diwasa |
mangka ngadoni yuda |
dadya pasrah ing Hyang Widdhi |
ngandikèng garwa |
dhuh yayi sun mamêling ||

6.
Têmbe lamun rahayu lair putranta |
yèn ingsun durung mulih |
kalamun tatanya |
marang sariraningwang |
ywa wêca yèn mangunjurit |
awatna dagang |
sandika kang sinung ling ||

7.
Ri purnamasiddhi wadya wus ngalêmpak |
kang ayun magut jurit |
maring Parambanan |
budhal saking ing praja |
gumuruh swaraning baris |
Dyan Darmamaya |
kang mangka senapati ||

8.
Lampahira wadya Pêngging sampun prapta |
kikising praja ngrakit |
ri kang masanggrahan |
rèrèh sagunging wadya |
jalma padesan ngoncati |
abilulungan |
kang bangga dènpatèni ||

9.
Kauningan patih Tubar gya mangarsa |
matur raksasa aji |
kapitèng tyas nata |
langkung ngungun ing driya |
dene kadhinginan mangkin |
wit karsanira |
ayun lumurug malih ||

10.
Ri saksana kinèn dhawuh nimbalana |
sang Sakèli Baèksi |
lan miranti ing prang |
mêsat ingkang dinuta |
wus panggih rêsi kakalih |
caraka sigra |
(n)dhawuhkên sabdèng aji ||

Jilid 3 - Kaca : 112

11.
Sang awiku sakaliyan nulya mangkat |
sarêng carakèng ngaji |
sapraptaning pura |
wus panggih yaksaraja |
dhawuh miluta mèt pamrih |
lumunturing tyas |
nambak mungsuh kang prapti ||

12.
Sang Sakèli lan Baèksi matur sagah |
lêga tyase sang aji |
dalu lêrêp pura |
enjinge dwijawara |
nèng jawining baluwarti |
masang kamayan |
sakèhing kang kumêlip ||

13.
Gagrêmêtan kutu walang sato kewan |
sadhengah nyawa sami |
cinipta dumadya |
manungsa lan rêksasa |
sangkêp sagêgamannèki |
ngumpul tutwuntat |
baris jawining nagri ||

14.
Saya ngangsêg dupi pêrak gyanning mêngsah |
ditya gora sabda ngrik |
kagyat para wadya |
ing Pêngging gya samêkta |
ngrakit gêlaring ajurit |
ayun-ayunan |
rame têmpuhing jurit ||

15.
Prabawaning kamayan wadya Prambanan |
yèn satus kang ngêmasi |
rongatus kang prapta |
tan suda malah wêwah |
wangwang punggawa ing Pêngging |
kawêkèn dahat |
dènnira mangsah jurit ||

16.
Dadya tansah aris guguran kewala |
tanpa wêkas kang jurit |
sigêg kang ngayuda |
ginantyan kang carita |
jro pura nagari Pêngging |
dènnira wawrat |
kusuma Rarasati ||

17.
Praptèng wanci samaya ambabar priya |
dhe-gus angrêspatèni |
wus sinungan nama |
nêtêpi ing wasita |
Dyan Bandung kinudang murti |
kalis ing lara |
gantya winarna malih ||

18.
nênggih lampahira wiku Manikara |
wus prapta ing Salêmbi |
panggih lawan garwa |
warta putra tan panggya |
tan antara nulya prapti |
Dyan Citrasena |
ramèbu sukèng galih ||

19.
Ingaturan Sri Prabu Dipanata |
sowan marang ing Pêngging |
kalawan kang putra |
prapta nuju sewaka |
Sri Pêngging sukanya ngênting |
tanya dènnira |
wisata ngikis ratri ||

20.
Ingkang datan piningit katur sadaya |
suka sukuring aji |
gantya sung pawarta |
lenanya Sri Dimara |
kasambut madyaning jurit |
kunarpa sirna |
katuju mangkya manggih ||

21.
Kaponakan nama Radyan Damarmaya |
kang bisa (m)bengkas kardi |
winêdhar sadaya |
suka arawat waspa |
luwaran dènnira nangkil |
ari binêkta |
Wirangrong manjing puri ||

Jilid 3 - Kaca : 113

202 Wirangrong

1.
Praptaning puri pinanggih |
lan putra mantu sang sinom |
tuwin ingkang wayah Jaka Bandung |
suka Sri Salêmbi |
nanging netyasmu waspa |
wuryaning taksih yoga ||

2.
Kang raka tumingal nanging |
tan dugi kang dadya wirong |
têmah ris tatanya yayi Prabu |
ing panyawangmami |
èsmu prihatin dahat |
paran kang dadya daruna ||

3.
Nêmbah matur amung margi |
katongton kang sampun layon |
yayi Endranata lenèng pupuh |
sang prabu ing Pêngging |
tyas dèrèng anarimah |
taksih ngudi ing patanya ||

4.
Kang rayi tumungkul sarwi |
tarocosan mawêtu loh |
dadakan pamanggya manawa yun |
andarbèni kapti |
ananging tan kawêdal |
pakolèhing kang atmaja ||

5.
Kang raka ngandika malih |
ywa sandeya tyas rudatos |
marang putranira kaki mantu |
ing pangêbang mami |
sabêdhahing Prambanan |
nuli ngong dêgakên nata ||

6.
Gumantiya jênêngmami |
margi pira sutaningong |
amung siji mantumu pan wus tamtu |
kang majibi Pêngging |
lan kulup Damarmaya |
kang rayi nêmbah turira ||

7.
Kang botên-botên kaka-ji |
sanajan sèlèh kaprabon |
ingkang (n)darbèni namung kok mantu |
dêstun mung ngêmbani |
dene duhkita-amba |
ulun matur sajatinya ||

8.
Margi saking mudha pingging |
dèrèng wrin lampahnya yêktos |
prakawising gêsang paminipun |
pidananing jalmi |
ngramuhi sutanira |
yayi agampang kewala ||

9.
Dinulang dhêdhak lan tai |
winadhahan anèng bathok |
kang rayi tumungkul karya limut |
ing warana amrih |
wadi ywa kawadaka |
mangkana sri nata wrêddha ||

10.
Tansah kagagas punapi |
patanya kang dadya êros |
nulya nimbali Citrasenèku |
sinungan jêmparing |
sang Prabu Dipanata |
saya giyuh tyas barubah ||

11.
Raka ginalih udani |
sawadine kang lêlakon |
matur nyuwun lilah yun mawiku |
sèlèh kaprabon mring |
Rahadyan Citrasena |
yayi ngong mangayubagya ||

Jilid 3 - Kaca : 114

12.
Kathah sabdaning raka ji |
tuhu tan wrin wadi yêktos |
nanging tinampènan sampun gathuk |
kêcut èsêmnèki |
nulya pamit mring raka |
kundur mring Salêmbi praja ||

13.
Sapraptanira ing puri |
wawarti sori samêngko |
kulup Citrasena ingsun-junjung |
madêg narapati |
lawan idining uwa |
narèswara tyas mawarta ||

14.
Wus mupakat wong sanagri |
nanging Dinapata katong |
ratri gung udrasa dupi bangun |
ngandika mring sori |
arsa marêk ing raka |
raja wiku Dewabrata ||

15.
Garwa jumurung basuki |
saksana tindak sang katong |
praptèng Madyapanjang tanpa wadu |
kang raka marêngi |
ababad-babad wana |
lajêng sumusul ing raka ||

16.
Wus panggih tinanya aris |
apa ingutus ri-ningong |
lan rakanta prabu nêmbah matur |
tan ingutus patik |
prêlu laksitaningwang |
arsa ngêmpal ing paduka ||

17.
Ulun wus magawan mangkin |
putranta kang madêg katong |
sang wiku karênan ngandika rum |
muga yayi aji |
Sang Hyang Jagad Pratingkah |
ngapura sagung dosanta ||

18.
Kagyat kang rayi miyarsi |
lêgêg osikirèng batos |
baya uwus wikan kakang wiku |
ing wiyogamami |
satêmah matur nêmbah |
angsala idi paduka ||

19.
Kang raka mèsêm dumadi |
katatangi walangatos |
dyan matur kang dadya ukumipun |
angranuhi siwi |
sang wiku angandika |
nêtêpi anggêring praja ||

20.
Dinulang dhêdhak myang tai |
cinarub ana ing bathok |
kapirangu amit raka gupuh |
ayun maring kali |
ninilap wus umentar |
praptèng têpining narmada ||

21.
Ngupaya panggonan wêrit |
wontên witing kusambi yom |
curiga dènunus ingugêr wus |
rinungkêban aglis |
jaja trus ing walikat |
Dipanata wus palastra ||

Jilid 3 - Kaca : 115

22.
Sang wiku dangu ngêntosi |
nulya ingupados gupuh |
kang panggih wus lina tyas matrênyuh |
layon dènrungkêbi |
[...] |
binêkta maring sanggrahan ||

23.
Para wadu yun ngrakêti |
dadakan kang lèpèn êrob |
layon kanyut sirna tan kadulu |
lêgêg sang maharsi |
lalayu marang praja |
Salêmbi myang Dwarawatya ||

24.
Wus katur sang natèng Pêngging |
dahat ngungun sru prihatos |
nahan kang mring praja Salêmbi wus |
katur Sri Salêmbi |
gya matur ibunira |
pramèswari (n)jrit karuna ||

25.
Arsa wrin lêkasing nguni |
kang putra (n)dhèrèk rumojong |
samêkta gya budhal lawan sagung |
dyah sajroning puri |
prapta dhepoking raka |
linipur ing bojakrama ||

26.
Nyuwun lilah yun udani |
tilasing panganyut-tuwoh |
linilan wus mentar dupi rawuh |
katonton garwaji |
sang dyah dyan suduk jiwa |
pra sêlir bela sadaya ||

27.
Layon ayun dènkukupi |
kanang lèpèn toyanya rop |
wus kanyut ing toya sadayèku |
sigêg tan winarni |
kang samya gung sungkawa |
gantya ingkang winursita ||

28.
Wus sawarsa wadya Pêngging |
ngêpung Parambanan kraton |
awit malih yuda sru magrêgut |
long-linongan sami |
kathah prawira lena |
aprang ngantos gangsal warsa ||

29.
Kèndêl dènnira ajurit |
kocap ing Pêngging sang katong |
lagya katamuwan raka wiku |
Dewabrata Rêsi |
sawusnya sinambrama |
rêmbag sakecaning lampah ||

30.
Amukul (n)dadraning wèri |
mungsuh Parambanan Galoh |
Bali lan Madura salah satu |
pundi kang pinêndir |
matur ing Parambanan |
gya nimbali Citrasena ||

31.
Nata mudha ing Salêmbi |
sapraptane ngarsa katong |
tandya dhinawuhan kinèn (m)bantu |
mring Prambanan nagri |
dhawuh ngantêp ngayuda |
pamunahing satru dibya ||

32.
Sri Salêmbi nêmbah amit |
saking Pêngging lajêng bodhol |
praptèng Parambanan wus atêmu |
raka senapati |
Rahadèn Darmamaya |
winartan sedaning rama ||

Jilid 3 - Kaca : 116

33.
Lawan ibu pramèswari |
Darmamaya arawat loh |
dene tan uninga sedanipun |
pinupus ing pasthi |
sang Prabu Citrasena |
(n)dhawuhkên dhawuhing uwa ||

34.
Saksana sasmitèng dasih |
ngantêp ing prang ararêmpon |
pagut ing ngayuda tan winuwus |
risak wadya Pêngging |
Darmamaya amrês budya |
ari kinèn among bala ||

35.
Rahadyan wisatèng ratri |
ing Parangtritis wus rawoh |
ngêningakên puja sru manêkung |
ungguling ngajurit |
bêdhah prajèng Parambanan |
panyuwune katarima ||

36.
Ganda arum lumrang minging |
gara-gara sru gumuroh |
paringing jawata kang tumurun |
sara Cundhamani |
mawa praba prabawa |
rahadyan mudhar sêmadya ||

37.
Nêmbah nyandhak Cundhamani |
wangsul mring palagan gupoh |
pinanggih ri nata winartan wus |
sasmitèng wadya glis |
mêkasi ing ngayuda |
wus rinakit gêlar Byuha ||

38.
Adan têmpuhing ngajurit |
rah mili lir samodra rop |
Radèn Darmamaya sasmita wus |
sakèh wadya Pêngging |
kinèn nisih sadaya |
Cundhamani wus pinudya ||

39.
Winursita cipta-êning |
mijil dahana karyèlok |
mubal ngalad-alad gêng sagunung |
rumarah patitis |
marwasèng mêngsah harda |
wadya cipta wus syuh sirna ||

40.
Rêsi kalih sru malêncing |
pra wadya Prambanan losoh |
kang gêsang lumayu mring kitha wus |
gusis mêngsah ngisis |
Rahadyan Darmamaya |
suka sukur ing jawata ||

41.
Prabawaning Cundhamani |
anulya binirat alon |
Prabu Karungkala duk angrungu |
tiwasing wadya ji |
bramantya mêngsah krura |
tanpa kanthi lir Hyang Kala ||

203 Kinanthi

1.
Wadya Pêngging larut mirut |
katgadèng tyas Sri Salêmbi |
rame têmpuhing ngayuda |
liru prabawa mawanti |
datan ana kang kasoran |
Radyan Darmamaya aglis ||

Jilid 3 - Kaca : 117

2.
Cundhamani pinusthi wus |
lumêpas saingga thathit |
dityaprabu wus kataman |
jangga pagas tan mindhoni |
angga rêbah bumi molah |
riwut pancawara tarik ||

3.
Plêsating sirah dhumawuh |
madyaning duksina tasik |
atma mêsat mawa cahya |
nukma wêkaning Panêpi |
ditya mudha Darmamoha |
wadya Prambanan sru miris ||

4.
Nahên ta ingkang winuwus |
kang anèng sajroning puri |
kadange sang dityaraja |
warna yu manis mrakati |
wus diwasa lir wranggana |
Rara Jonggrang awawangi ||

5.
Myarsa yèn raka sang prabu |
kasambut madyaning jurit |
ubêking tyas kararantan |
tambuh-tambuh solahnèki |
saksana nulya wisata |
pribadi dènnira mijil ||

6.
Lawanging kutha tinutup |
tinêtêkan sadayèki |
sang jayèng prang ngluting mêngsah |
kanggêg datan antuk margi |
kèndêl (n)jawining wiwara |
pacak baris ngêpung puri ||

7.
Lêpas lampahe sang ngayu |
murang marga waspa mijil |
kèndêl satêpining Opak |
miminta dewa linuwih |
myarsa swaraning kang raka |
dhuh yayi ywa gung prihatin ||

8.
Pituhunên ujaringsun |
banjur lumakuwa maring |
desa Marta manggihana |
ditya mudha Darmamoha |
ing kono panuksmaningwang |
pilutanên lunturing sih ||

9.
Sira jalukana tulung |
lêjar tyasira sang putri |
mahawan mring desa Marta |
wus panggih lan danawèstri |
wil Witrita sang dyah tanya |
lah ing ngêndi (ng)gonnirèki ||

10.
Ditya Darmamoha iku |
kang tinanya matur aris |
punika atmaja kula |
kang anèm warni rasêksi |
kang sêpuh warni wanara |
pêthak Barabudha nami ||

11.
Samya tarakbrata gêntur |
nèng tlaga Muncar martapi |
wus samyantuk sihing dewa |
sinung kasêktèn linuwih |
Rara Jonggrang sukèng nala |
kalamun sa-arju nini ||

12.
Sutamu undangên gupuh |
Witrita lumaksana glis |
prapta ing talaga Muncar |
panggya lan wêkanya kalih |
winartan gatining lampah |
tan lênggana nulya kerit ||

Jilid 3 - Kaca : 118

13.
Prapta ngarsaning sang ngayu |
ngunguning tyas sang minta sih |
wingiting cahya kalihnya |
kadi trahing kusumadi |
Darmamoha lon turira |
pinangka sêdya myang nami ||

14.
Sajarwa sang rêtnaning-rum |
pinangka sêdya kakasih |
têmbê yèn lêbda ing karya |
ulun tan suwalèng kapti |
Darmamoha suka sagah |
sigra binêkta mring nagri ||

15.
Sapraptanirèng kadhatun |
binusanan kaprabon ji |
tilas agême kang raka |
cèplês tan ana ngowahi |
tan siwah lan kang wus lena |
lir jambê sinigar kalih ||

16.
Dahat sukèng tyas sang ngayu |
patih Tubar dèntimbali |
winartan sakèh lalakyan |
suka sukur mangênjali |
patih iki srayaningwang |
ingsun jumênêngkên aji ||

17.
Gumantiya kakang prabu |
Sri Baka jujuluknèki |
patih Tubar nêmbah mentar |
undhang sang nata basuki |
salin juluk Prabu Baka |
arsa magut jurit malih ||

18.
Wus samêkta tandya campuh |
ing ngaprang tansah kapilis |
Prabu Baka kewraning tyas |
nulya manggihi sang putri |
jinatèn panduking karsa |
karya rèh upaya sandi ||

19.
Dyah Rara Jonggrang jumurung |
sang prabu amalih warni |
tan siwah lan Rara Jonggrang |
mentar mring barisan Pêngging |
panggih radyan Darmamaya |
tyas kumênyut tatanya ris ||

20.
Nama miwah sêdyanipun |
sang pindha warna turnya ris |
kula nama Rara Jonggrang |
kadange nèm sang yaksa-ji |
Parambanan kang wus lena |
mila sumiwi sang pêkik ||

21.
Wit arsa winisisèstu |
kaprênah santana sami |
apanêngran Ditya Baka |
ing mangkya wus madêg aji |
ambawani ing Prambanan |
amba lênggana nulya nis ||

22.
Lamun kapanujèng kayun |
arsa mawongan sang pêkik |
Darmamaya dahat suka |
subasita wiweka nir |
pinondhong binêktèng tilam |
dupyarsa pinurwèng rêsmi ||

23.
Wisaya wisa tumanduk |
radyan kantu gumalinting |
nulya dinunung makutha |
sang pindha dyah wus umijil |
warna radyan Darmamaya |
parentah mring wadya Pêngging ||

Jilid 3 - Kaca : 119

24.
Kinèn ajêg barisipun |
priyangga mring Parangtritis |
wadya Pêngging tanpa wikan |
yèn kêni upaya sandi |
sadaya mangayubagya |
wus mentar kang pindha warni ||

25.
Praptaning pura wus wangsul |
warni Ditya Baka aji |
makutha sigra binuka |
radyan kang wus kadi lalis |
sinungakên ing dyah Jonggrang |
tyas suka marwata siwi ||

26.
Datan ling kunarpa ayun |
binuwang mring jalaniddhi |
sang dyah jumurung ing karsa |
mêsat praptèng têpi tasik |
kidul radyan wus binuwang |
sri yaksa wangsul mring puri ||

27.
Samodra kadya kinêbur |
gora rèh kagiri-giri |
isèn-isèning samodra |
sadaya nêmahi lalis |
yata ratuning lalêmbut |
sang aprabu Anginangin ||

28.
Sungkawaning tyas kalangkung |
myat wadya mina kèh lalis |
sigra dènnira ngupaya |
kang dadya darunanèki |
wus kawuryan pinarpêkan |
kunarpa cinandhak aglis ||

29.
Winawèstu dèrèng lampus |
mung kêni upaya sandi |
radyan nulya ingusadan |
wus waluya kadi nguni |
sirna umobing samodra |
sakathahing kang ngêmasi ||

30.
Waluya sadayanipun |
matur Prabu Anginangin |
mangkya dèrèng mangsanira |
pêjahè Baka narpati |
benjang yèn wontên satriya |
Radèn Bandung awawangi ||

31.
Saking Pêngging wijilipun |
puniku mungkasi kardi |
kadhadha dyan Darmamaya |
èngêt garwa kang (ng)garbini |
dumadya eca tyasira |
tandya binêkta ing puri ||

32.
Miwah ingadêgkên ratu |
mêngkoni sagung dhêdhêmit |
sarta isining samodra |
lawan winulang sakalir |
ing rèh jaya kawijayan |
kotamaning madêg aji ||

33.
Lami dènnya madêg ratu |
dupi wus mangsanirèki |
Prabu Maruta lingira |
puniku nêdhêngirèki |
suwawi mring pabaratan |
mungkasi ngrabasèng puri ||

34.
Kula radèn ingkang (n)jangkung |
wus mentar saking ing tasik |
prapta nagri Parambanan |
ananging maksih piningit |
wadya Pêngging datan owah |
taksih ajêg barisnèki ||

Jilid 3 - Kaca : 120

35.
Nahên gantya kang winuwus |
atmaja Hyang Surapati |
nama Sang Hyang Citrasena |
kapencut madêg narpati |
siniwi ing marcapada |
Sang Hyang Endra asung wangsit ||

36.
Tan bisa jumênêng ratu |
amung ing têmbe pinasthi |
tumuntur nrahkên narendra |
laku kudu dilakoni |
manuksmaa marang Sata |
sakala amalih warni ||

37.
Sawung agêng ulês pingul |
buntut mêlêm mubal langking |
kinèn tapa (ng)graning ngarga |
ing Kêlut nulya lumaris |
tan cinatur laminira |
kadangnya wrêdha wawangi ||

38.
Hyang Citragada wulangun |
dahat onêng mring kang rayi |
ingaknya manuksma dadya |
sawung ulêsira langking |
buntutipun mubal pêthak |
kinon mahas ardi Mrapi ||

39.
Benjing tartamtu kapangguh |
nêmbah mêsat kang sinung ling |
mangkya kocap Prabu Baka |
wus panggya lawan rêtna di |
tansah mangun karasikan |
nèng sajroning têpas wingit ||

40.
Inggaling cariyos sampun |
(ng)garbini têkaning wanci |
ambabar mijil wanodya |
warni jalma yu linuwih |
ramèbu suka kalintang |
sinung ran Rara Nawangsih ||

41.
Nanging Sri Baka kalangkung |
miminta atmaja malih |
priya ginadhang narendra |
nimbali rêkyana patih |
dhinawuhan angupaya |
panglipuring tyas prihatin ||

42.
Kyana patih nêmbah matur |
pun bapa manawi bangkit |
nulya utusan wus mentar |
tan dangu prapta ngarsa ji |
Sakèli wus dhinawuhan |
gya mundur saking ngarsa ji ||

43.
Panggya lan raka sang wiku |
Baèksi winartan gati |
kang dadya karsèng narendra |
kadugèng tyas nulya ngambil |
klangênannya satawana |
dipudyamantra wus warni ||

44.
Sawung abrit ulêsipun |
rêspati tan nguciwani |
nora nana kang cineda |
pun Sasab namanirèki |
kinèn ngaturkên sang nata |
kalawan matura yayi ||

45.
Ngadêgkên kalangan sawung |
kang dadya botohirèki |
sutanta si Ditya Rota |
Sakèli nuwun wus pamit |
ingiring pulunanira |
sarwi (m)bopong sawung abrit ||

Jilid 3 - Kaca : 121

46.
Prapta ing pura wus pangguh |
kalawan sang yaksa-aji |
wawêling katur sadaya |
kapanudyèng tyas narpati |
ngrakit kalangan wus dadya |
undhang-undhang wus waradin ||

47.
Sabên ari sang aprabu |
ngabên sawung lawan dasih |
sasat sabên ari mênang |
punggawa mantri barindhil |
wontên wadu botoh kawak |
kakalih mung kari kulit ||

48.
Mandangjaplak namanipun |
kalih Bandawasa nami |
putêking tyas samya kesah |
Mandangjaplak anjog wukir |
Palawangan sukunira |
kang kidul ardi Marapi ||

49.
Manungku tapa sirèku |
Bandawasa mring wanadri |
karyanira ambêbegal |
balandhong warananèki |
wuwusên Ki Mandangjaplak |
pinanggihan kêthèk putih ||

50.
Balabudha kang pitêkur |
nèng tlaga Muncar udani |
mring Mandang kalangkung wêlas |
tinanya sêdyanirèki |
Ki Japlak matur pasaja |
suka risang kapi putih ||

51.
Klangênannya kuwuk pingul |
cinipta sawung wus dadi |
ulêsipun mulus pêthak |
bagus datan nguciwani |
sinungan nama pun Muncar |
sadhengah kang miyat kingkin ||

204 Asmaradana

1.
Lah kaki gawanên aglis |
Mandangjaplak langkung suka |
sawung pêthak wus tinampèn |
manêmbah amit kalilan |
sapraptanirèng wisma |
angaso sakêdhap laju |
mring kalangan (m)bopong Muncar ||

2.
Tinandhing lan sawung aji |
pun Sasap lawan pun Muncar |
kalangkung rame tarunge |
Sasap kapilis wus pêjah |
sang Prabu nulya (m)bayar |
mangsulakên darbèkipun |
Ki Mandangjaplak sadaya ||

3.
Nalika kawon ing nguni |
tinambahan arta kathah |
Ki Mandang wus pulih-gêtèh |
sabên ari mring kalangan |
sawungira binêkta |
tinandhing sabên cul payu |
mungsuhira gundam-gundam ||

Jilid 3 - Kaca : 122

4.
Kaog kabur ngucir kadi |
uning kuwuk ayun mangsa |
Japlak kathah pamênange |
nanging mangkya pinacuhan |
tan parêng (m)bêkta Muncar |
kalamun ngantiya ngadu |
jinarah sadarbèkira ||

5.
Punika purwane nguni |
sawung pêthak mulus datan |
kenging mêdal kalangane |
ila-ilane ing kuna |
(m)bibarkên pakalangan |
nanging Ki Japlak tan keguh |
sabên ari mring kalangan ||

6.
Ambêkta sawung sayêkti |
prandene tan nate kalah |
margi pun Muncar sawabe |
mangkana sang yaksa Baka |
nimbali Ditya Rota |
binobot ngupaya sawung |
ingkang kathah cacahira ||

7.
Mêsat saking ngarsa aji |
panggih lan sudarmanira |
ngaturkên dhawuhing katong |
ngunguning tyas wus anduga |
kang dadya karsa nata |
mimba mring wisma andulu |
taksaka kalih nuju prang ||

8.
Cinandhak cinipta dadi |
sawung kalih kang sajuga |
kulawu cêmêng sukune |
têrus lawan cucukira |
winastanan pun Sura |
balorok satunggalipun |
suku cucuk samya krêsna ||

9.
Pun Wira namanirèki |
nulya angupaya sima |
pinudya dadya sawunge |
wulu lurik abang (m)branang |
lonthèng suku kalihnya |
pun Bêncorèng namanipun |
Ditya Rota lan namanya ||

10.
Sumiwi ngarsa narpati |
ngaturkên sawung titiga |
sang prabu mundhut jangkêpe |
sadaya kang warna-warna |
Baèksi tur sandika |
dipangganira sang prabu |
pinudyamantra wus dadya ||

11.
Sawung krêsna ulêsnèki |
sinungan nama Gajaksa |
nulya nyuwun gaman pupoh |
gandhi dadya Widosana |
pun Gandhu namanira |
gada wido klobot pingul |
sinungan sangkur gundhala ||

12.
Dhuwung dadya sawung lurik |
Panyorèh panêngranira |
warastra wido kwaline |
sinungan nama pun Sahak |
papiling wiring driya |
Candhiraras arannipun |
puthon dadya wiring jênar ||

13.
Jaliwatu namanèki |
prabu-yaksa sukarêna |
jangkêp sadasa sawunge |
nulya iyasa kalangan |
anèng ing wukir Arka |
kidul praja prênahipun |
rinakit lir purantara ||

Jilid 3 - Kaca : 123

204 Asmaradana

14.
Mangkana sang dayinta ji |
nyuwun kanang kalangênan |
kang mirit kadi sawunge |
dadosa sukaning driya |
raka panujèng karsa |
nimbali kakalih wiku |
praptèng ngarsa dhinawuhan ||

15.
Kang dadya pamintèng sori |
wiku kalih matur nêmbah |
pantêsipun klangênane |
prayogi angabên gêmak |
lan rabining punggawa |
myang pawongan cèthinipun |
cinatur wus kalampahan ||

16.
Sukarêna pramèswari |
sabên ari tansah mênang |
lah punika ta purwane |
wontênipun ngabên gêmak |
sang prabu gya utusan |
(m)boyongi Witrita diyu |
sinung kamuktèn ing pura ||

17.
Prabu Baka pindhah maring |
ardi Arka wau tansah |
dènnya mong ngabên sawunge |
langkung kathah pamênangnya |
wadyabala kawudan |
Ki Mandangjaplak barundhul |
kesah mring talaga Muncar ||

18.
Panggih Balabudha warti |
bab suwung katur sadaya |
Balabudha lon dêlinge |
lamun kaya mangkonoa |
luhung angadu jalma |
mungsuhe isih apêngkuh |
(m)bathêthêt angêpung kutha ||

19.
Mandangjaplak èsmu ajrih |
dahat dènnya anoraga |
sang kapi sangêt wêlase |
ingagnya kinèn ngupaya |
sawung kang wulu krêsna |
buntutira mubal pingul |
iku kalamun wus angsal ||

20.
Pilalanên kang abêcik |
lawan jênêngna si Muwar |
iku bangkit ngasorake |
kabèh jagone yaksendra |
dene dununge sata |
ana ing Mêrapi gunung |
Ki Mandang wus minggah arga ||

21.
Praptèng imbanging Marapi |
ing Gumulung ranning dhêkah |
nulya kampir mring wismane |
Buyut Tampura rannira |
lagyarsa bêrsih desa |
Japlak ingancaran gupuh |
kalawan binujakrama ||

22.
Ki Buyut awas ningali |
kang prapta sêmu sungkawa |
pinurih sipêng tamune |
ing wanci sirêping jalma |
ayam ayun pinragat |
raosan lan kancanipun |
sawiji kang ulês krêsna ||

23.
Buntutira mubal putih |
tan rênèng tyas yèn palastra |
mung kinarya bêrsih dhukoh |
yèn jawata nglilanana |
utama mati aprang |
babon mangsuli yèn ingsun |
suka lampus kanggo boga ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (20a) Kaca 85 – 105
  • (20c) Kaca 124 – 131 >