Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (24) Kaca 143 – 145

 

( Kasowanakên Panêmbahan Rama Kasêbat Pangeran Kajoran )

X. Mas Cêbolang dalah para santrinipun kasowanakên Panêmbahan Rama ingkang ugi kasêbat Pangeran Kajoran.

1. Kaparingan katrangan kêplasing wêjanganipun Ajar Sutiksna ing Kêpurun, bab:
1. Dumadining wiji;
2. Jumênêngipun sang Aku (Ingsun);
3. Dat, Sipat, Apngal, Iradat; 4. Ruh-Ilapi lan sadaya bab ngèlmu kasunyatan. Ugi bab isinipun Sêrat Bayan Alip, Tasawup, Hidayat Jati, Insan Kamil, Kalêbêt Tatamalige Batal-makmur, Betal-mukaram, Betal-mukadas; babaring rahsa; Pambukaning Asmaragama; Tataran umuring bayi ing kandhutaning ibu dumugi lairipun.

Ugi bab lampah tirakat lan undhuh-undhuhanipun ing têmbe; Panyêgah sawarnining hawa napsu; Pambêngkasing raos sêdhih. Botên kantun bab Dalil, Kadis, Ijêmak, Budi luhur saengga tumuju dhatêng Sifatulah; bab panêguh iman, kapir, Islam.


Kaca 143 - 145.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 143

208 Lonthang

47.
Angsaripun ing dintên gêsang punika |
sagêt ngêndhihakên Rakam kang tan yoga |
myang Pandangon tanapi Sangar rannira ||

48.
Saupami Sênèn Lêgi kaping sanga |
gih punika dintên gêsang namanira |
toh Rakame dhumawah etang palastra ||

49.
Rakam Sangar Pandangon tan dadya bahya |
sampun sirna kalindhih gêsanging dina |
ya walahual sumanggèng Hyang Suksma ||

50.
Mas Cêbolang andhêku nuwun aturnya |
anambahi indhaking sêrêpan kula |
sadayèku utami dènèstokêna ||

51.
Ki Martaka angling lah anak sumangga |
lèlèh-lèlèh anêntrêmakên sarira |
bokmanawa punika mèh tabuh tiga ||

52.
Tamunira wus mapan sèlèh mastaka |
anèng lêmir saliyêpan gya miyarsa |
bêdhug tiga gumregah tangi sadaya ||

53.
Maring lèpèn bubucal suci sarira |
sawusira gya mring masjid lan ki wisma |
dupi prapta plataran sarêng têdhaknya ||

54.
Sang minulya nênggih Panêmbahan Rama |
Ki Martaka kalawan tamu sadaya |
gya tumuntur manjing ing masjid sadaya ||

55.
Mas Cêbolang adan Nurwitri kang kamad |
kang ngimami nênggih Panêmbahan Rama |
wus paragat wêktu Subuh byar raina ||

56.
Para santri atur salam sadayanya |
kang mungkasi Mas Cêbolang sarowangnya |
Ki Martaka manêmbah alon turira ||

57.
Ulun atur uninga wontên dhatêngan |
santri saking Kêdhu tyang gangsal cacahnya |
dènnya matur ing purwa têkèng wasana ||

Jilid 3 - Kaca : 144

58.
Panêmbahan sukèng tyas marwata-suta |
baya ingkang adan kamad mau ika |
layak kadi lalagone Ngèksiganda ||

59.
Tinimbalan sadaya sampun mangarsa |
pan dinangu namane sajuga-juga |
Panêmbahan nulya kondur lan tamunya ||

60.
Pinarnahkên pondhoke nèng kidulira |
langgar alit ing sakilènning pandhapa |
sasêgahe tan ana ingkang kuciwa ||

61.
Nahên ta wus watara ri laminira |
Panêmbahan mring Cêbolang asih trêsna |
pan rinakêt sang kasmaran ngèlmi nyata ||

209 Asmaradana

1.
Anuju sajuga ari |
sabakdane wêktu Ngisa |
kapasangyogya basane |
pangran pinarak ing langgar |
mung lawan Mas Cêbolang |
pangran angandika arum |
sira jêbèng apa lawas ||

2.
Ênggonmu anèng ngasrami |
Kêpurun Ajar Sutiksna |
apa isih kadi biyèn |
sugih endhang endah-endah |
tur padha prawan kênya |
anak lurah bêkêl dhusun |
pinrih ngalappa pitêdah ||

3.
Pratikêle wong akrami |
widada winêngku priya |
nganti kakèn ninèn-ninèn |
adate kang wus kalakyan |
samya manggih raharja |
tan ana sangsayanipun |
nambut silaning ngakrami ||

4.
Mas Cêbolang matur aris |
nuwun inggih kasinggihan |
kathah èstri anèm-anèm |
bêsus amiturut sarak |
nalika amba prapta |
samya angladosi bikut |
pasaja sasolahira ||

5.
Sarampunge angladosi |
lajêng tan ana katingal |
kalangkung eram tyasingong |
ajrih nyuwun sasêrêpan |
Ki Ajar tan kilapan |
kang dadya kalêthêkulun |
wasana mèsêm ngandika ||

6.
Kawontênaning pawèstri |
binabar angandhar-andhar |
kaduk cucut ngandikane |
ulun lajêng nyuwun bêrkah |
pitêdah pamilih dyah |
saha ing rumêksanipun |
ngantos dumugi susuta ||

7.
Wus winêdhar sadayèki |
sapta ri nèng padhepokan |
kawula lajêng lumèngsèr |
kampir dhumatêng Prambanan |
umiyat rêca-rêca |
myang candhi ing dalunipun |
mondhok griyanipun lurah ||

Jilid 3 - Kaca : 145

8.
Enjinge lajêng lumaris |
pikantuk palaling Sukma |
botên nyana botên dipe |
dumugi krajan Kajoran |
kalangkung sukuring tyas |
awit nalika nèng ngênu |
sru ngonggo-onggo ing manah ||

9.
Pangandikanya ki wasi |
asal wijiling manungsa |
tan arsa amêdharake |
kalimud ing calêmêdan |
labêting punggung mudha |
tyas sigêg tan purun matur |
kumaki ing tyas piyagah ||

10.
sarêng ulun ngaos yêkti |
têka dèrèng paja-paja |
Ki Ajar pangandikane |
muhung tata kalairan |
saking pamanggih amba |
Ki Ajar uningèng sêmu |
ulun sampun anarima ||

11.
Panêmbahan lingira ris |
mara kulup wahyakêna |
Ajar Sutiksna kandhane |
Mas Cêbolang gya amêdhar |
purwa praptèng wasana |
dhuh pukulun kêplokipun |
mugi paringa pitêdah ||

12.
Panêmbahan suka myarsi |
arum ingkang pangandika |
wong pasaja kèh bêcike |
aja pakewuh tyasira |
nadyan ran calêmêdan |
dadi pambukaning ngèlmu |
aran kawruh kasunyatan ||

13.
Gaib karsaning Hyang Widdhi |
kama korut saking priya |
katampan baganing wadon |
ingkang banjur dadi bocah |
èstu kamaning priya |
dene ta nalikanipun |
kama isih anèng priya ||

14.
Têka nora dadi bayi |
piridan carita Buda |
tumbuke lan panêngêne |
ing jaman Dupara-yoga |
jamaning kamokalan |
kono manungsa witipun |
suda ing kasaktènira ||

15.
Anganggo badan jasmani |
awit amangan wowohan |
têtuwuhan bumi kiye |
wêkasan sangsaya lawas |
karsa saya tumangkar |
padha tuwuh akalipun |
cumbanane lan wanita ||

16.
Padha laku raga sami |
sang wanita iya mawa |
sarana (ng)garbini rêke |
turuning wiji kacrita |
namakkên nênging cipta |
sapandurat dangunipun |
iku daya panggèndèngnya ||

17.
Lagi kwasa narik wiji |
sumuruping wiji nulya |
kawawa mor sarahsane |
kalawan Sang Hyang Pramana |
rumêsêp mring utêgnya |
gya rêmbês mring panonnipun |
kang aran panon têgêsnya ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (23) Kaca 139 – 142
  • (25a) Kaca 146 -157 >