Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 39

Kontak Admin.

email-kidemang

 (25a) Kaca 146 -157

 

( Sasahidan; Lampahing Ngagêsang Dumugining Pêjah )

Wêjangan kêrohanian: Sasahidan; lampahing ngagêsang dumugining pêjah.

Taksih kathah sanèsipun, sadaya arupi wêjangan utawi tuntunan dhatêng kajatènipun Gusti Ingkang Mahakuwasa. Prasasat katumplak ngèlmunipun Panêmbahan Rama dhatêng Mas Cêbolang ingkang kinasih.


Kaca 146 - 179.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||


Jilid 3 - Kaca : 146

209 Asmaradana

18.
Warih sari sêsarining |
utêg kang dumunung ana |
satêlênging manik kiye |
kataman panusupira |
wijining kang manungsa |
panon tan kawasa mêngku |
têmah kawêdalkên sigra ||

19.
Kang tartamtu anambahi |
karsa marang sacumbana |
kalamun cinêgah kuwe |
wimbuh umubing pramana |
myang amimbuhi marang |
muncaring pangèksinipun |
yèn dènbanjurkên cumbana ||

20.
Èstu banjur dadya bayi |
lawan jêbèng kawruhana |
iku mani satuhune |
dudu panunggiling rahsa |
uyuh kalawan ludhah |
mangkene piridanipun |
manungsa kalamun nadhah ||

21.
Samubarang kang binukti |
saka kiraning tyasingwang |
tumuli kinukut dene |
rahsaning Sang Hyang Pramana |
kang na antarèng têlak |
banjur tinarik dumunung |
ana utêking manungsa ||

22.
Ing kono kawasa nuli |
sumêbar sumrambah jasad |
kasaring pangan tinampèn |
wadhuk gya kapinta-pinta |
ingkang awarna ampas |
dadi susukêr puniku |
warna warih dadya turas ||

23.
Kama dadining babayi |
kala alam Tirta-yoga |
amiraos ing têgêse |
jati-jatining kasidan |
miturut surasanya |
layang Jitabsara luhung |
warahe dyah Rukmawatya ||

24.
Kang banjur kinarang dening |
Sang Bagawan Palasara |
ing Ngêrtawu dhêdhepoke |
karingkês surasanira |
Wiyose kang pinurwa |
Sang Hyang Pramana puniku |
yèn kataman srêping daya ||

25.
Pêngkuhing kahananèki |
yèn kataman daya panas |
têmah kumaringêt kuwe |
mungguh kringêting Pramana |
yèku mani rannira |
mangkya mani yèn kapanduk |
daya asrêp pupul nulya ||

26.
Kêna daya panas nuli |
kawawa amèr kang rahsa |
mungguh amèr lan pupule |
mahanani kumulitnya |
kumuliting mani pan |
iku ingaranan jantung |
barêng kêna daya panas ||

27.
(n)Darbèni karingêt singgih |
kringêting jantung kawawa |
mahanani ampêrune |
kiwa têngên jantung (ng)gènnya |
karodene sadaya |
jêrowan satuhunipun |
saka jantung kawitira ||

Jilid 3 - Kaca : 147

28.
Rasa ing ngalami-lami |
jantung kawawa ambabar |
bayu otot myang sungsume |
sakèhe parabot angga |
sakojuring kang wanda |
paripurnane puniku |
nulya awarni gumana ||

29.
Iya rupaning babayi |
dene kang ran Hyang Pramana |
sajatine panuksmane |
Sang Bathara Tri-purusa |
kang aran Tripurusa |
têgêse santosanipun |
campuran rupa titiga ||

30.
Kang aran campuran katri |
têtêmbungan ingaranan |
trimurti dene têgêse |
alus têtêlu sanyata |
yèn têmbung Sansêkrita |
ingaran AUMA iku |
têgêse ingkang mangkana ||

31.
/A/ gêni têgêsirèki |
/U/ toya iku têgêsnya |
/MA/ angin apan têgêse |
dadi kaananing kama |
tumbuke wirit Arab |
yèn binalik têmbunganipun |
tumuwuhe dadi bocah ||

32.
Johar-awal ingkang dhingin |
têgêse sotya awitan |
Nukat-gaib ping pindhone |
wêrdi wiji pipingitan |
Manikêm katrinira |
saka ing pangiraningsun |
ampasing Nukat-gaiba ||

33.
Wardi ing sakawanèki |
saka kira-kiraningwang |
ampasing Manikêm kuwe |
Madi kaping limanira |
ampasing Wadi ika |
Mani jangkêp nênêmipun |
ampasing Madi sanyata ||

34.
Ananging bênêr ki wasi |
rêmpit wijining manungsa |
pinêthêt samono bae |
rèhning ingsun lawan sira |
basane sujalma ngam |
amung apês darbèkipun |
kadohên ingkang pambalap ||

35.
Mungguh wong kang kaya mami |
bab ing nalar elok langka |
tan susah pinikir bae |
mundhak gawe ribêting tyas |
nir karya tan paedah |
bêcik sigêg gênti ngrêmbug |
crita mirit basa Arab ||

36.
Ingkang aran Dalil Kadis |
Ijêmak kalawan Kiyas |
mungguh bukaning cariyos |
kang dhingin saka Kiyasan |
murad lan maksudira |
nukil lan surasanipun |
sorahe kitab kang aran ||

37.
Adakaikbul-akaik |
kacarita têgêsira |
jatining alus yêktine |
ana maning ingkang saka |
kiyasan muradira |
maksuding surasanipun |
nukil lan sorah ing kitab ||

Jilid 3 - Kaca : 148

38.
Ngakaikul-ikbar nami |
wêrdi alusing carita |
mungguh kitab loro kuwe |
condhong ing surasanira |
mratelakakên padha |
Kadis wulang sabdanipun |
(n)Jêng Nabi nayakaningrat ||

39.
Winêjangkên Sayid Ngali |
dhinawuhan ngèstokêna |
ananing Dat satuhune |
kasêbut Dalil sapisan |
wangsitira Pangeran |
Kang Maha Mulya Mahagung |
Sinom tinêmbungkên Jawa ||

210 Sinom

1.
Sajatine nora nana |
apa-apa wit duk maksih |
awang-uwung durung ana |
ing sawiji-wijinèki |
dene kang ana dhingin |
datan liya iku Ingsun |
ora ana Pangeran |
iya mung Ingsun pribadi |
sajatine Êdat Ingkang Maha Mulya ||

2.
Nglimputi ing sipatingwang |
nartani ing Asma-mami |
mratandhani Apêngalingwang |
apa sira wus mangrêti |
Cêbolang matur aris |
èstu amba dèrèng (ng)gayuh |
Ingsun sintên punika |
utawi malih kang nami |
Êdat Sipat Apngal awarni punapa ||

3.
Èh ta kulup kawruhana |
ing bab layang têmbung Jawi |
lawan kitab têmbung Arab |
iku ing suraosnèki |
kèh pasêmon nglimputi |
ganêpe pangêrtinipun |
kudu angawruhana |
basa kang patang prakawis |
lapal makna murat maksud kang sanyata ||

4.
Kang binasakkên ngandika |
tan ana Pangeran malih |
yêkti amung Ingsun dhawak |
mungguhing sajatinèki |
Êdat Kang Maha Suci |
puniku satuhunipun |
urip kita pribadya |
yêkti katitipan dening |
rahsaning Dat Kang Agung Kang Maha Mulya ||

5.
Kang anglimputi ing Sipat |
ya rupa kita pribadi |
satuhune kawimbuhan |
warnaning Dat ilok gaib |
nartani Asma-mami |
puniku têmênnipun |
nama kita pribadya |
diaku lan diêngkoki |
sasêbutanira Êdating wisesa ||

6.
Ingkang mratandhani Apngal |
solah bawèngsun pribadi |
anelakakên pakaryan |
Êdat kang sampurna jati |
mula babasanèki |
wahananing Dat puniku |
anyamadi kang Sipat |
Sipat puniku nartani |
maring Asma Asma mratandhani Apngal ||

Jilid 3 - Kaca : 149

7.
Apngal punika kang dadya |
wahananing Êdat yêkti |
dene Êdat ênggonira |
nyamati Sipatirèki |
puniku saupami |
madu lawan manisipun |
yakti tan kêna pisah |
de sipat dènnya nartani |
maring Asma puniku upama surya ||

8.
Kalawan sosorotira |
sayêktine nora kêni |
kalamun binêdakêna |
dene ta Asma puniki |
dènnira mratandhani |
Apngal yèku paminipun |
kadi dene paesan |
kang ngilo lan kang nèng carêmin |
sayêktine solah bawa nora beda ||

9.
Dene Angsal ênggonnira |
dadya wahananing Dat-i |
yèku upama samodra |
kalawan ombakirèki |
sayêkti wahananing |
umbak punika pan manut |
saêrèhing samodra |
dene ta sajatinèki |
kang aran Dat tajalinira Mukhamad ||

10.
Jatine kang ran Mukhamad |
wahananing cahya wêning |
kang anglimputi ing jagat |
dumunung nèng Urip-mami |
yèku Urip pribadi |
nir kang nguripi èstu |
mula kuwasa miyat |
myarsa angganda lan malih |
angandika ngraoskên saliring rahsa ||

11.
Puniku sadayanira |
saka kodrating Datmami |
mangkono kulup jarwanya |
Datira kang Maha Suci |
dènnira aningali |
datanpa netra satuhu |
nanging mokal yèn wuta |
iya iku muhung saking |
panguwasa angagêm ing netra kita ||

12.
Ênggonnira amiyarsa |
datanpa karna kakalih |
nanging mokal yèn tuliya |
muhung ngagêm karna-mami |
dènnya (ng)ganda sakalir |
datanpa grana saèstu |
mokal lamun sumpêta |
iya iku muhung saking |
kang ingagêm saèstune grana kita ||

13.
Ênggonira angandika |
datanpa lesan sayêkti |
nanging mokal yèn bisua |
iya iku muhung saking |
ngagêm ing lesan-mami |
dènnya ngraoskên sadarum |
rahsa tanpa dunungan |
ananging mokal yèn sunyi |
iya iku muhung nèng pangraos kita ||

14.
Tamat Dalil kang kapisan |
sukèng tyas kang sinung wangsit |
manêmbah aris turira |
pangawruh ingkang kawijil |
wasta ngèlmi punapi |
kitap aran têgêsipun |
sang pangeran lon ngandika |
kawruh kang mangkono kaki |
ingaranan Wisikan Nananing Êdat ||

Jilid 3 - Kaca : 150

15.
Dene ta kang têmbung kita |
saka kirane tyasmami |
iku kinarya timbangan |
têmbung Ingsun jarwamami |
ngarani aku iki |
wijange mangkene kulup |
têmbung Ingsun têgêsnya |
aku nanging aku-Gusti |
basa kita uga aku ning kawula ||

16.
Dalil kapindho winarni |
iya mirid nukil saking |
ing sorah sorahing kitab |
ran Dakaikkul akaik |
utawa kitab nami |
Dakaikkul akbar iku |
tunggal kasêbut ngarsa |
condhong ing surasanèki |
mratelakkên wangsiting Hyang Maha Mulya ||

17.
Maring (n)Jêng Nabi Muhkhamad |
mangkene têmbunge Jawi |
Sajatine Ingsun Êdat |
kang murba amisesani |
kang kwasa nitahkên mring |
ing sawiji-wijinipun |
dadi ing sanalika |
sampurna ing kodratMami |
ing kono wus kanyataan pratandhanya ||

18.
ApngalIngsun kang minangka |
bubuka iradatMami |
dhingin Sun-nitahkên jaksa |
aran Sajaratul-yakin |
tumuli ing sajroning |
aran Ngalam Ngadam Makdum |
Ajali-abadi-ya |
nuli cahya luwih wêning |
cahya wau ingaranan Nur Muhkhamad ||

19.
Nuli anitahkên kaca |
aran Miratul-kayai |
nulya anitahkên nyawa |
iku aran Roh-ilapi |
gya damar aran Kandil |
gya sotya ran Darah iku |
anuli dhindhing-jalal |
aran Kijab sadayèki |
kang minangka warana kalaratIngwang ||

20.
Mungguh Dalil kang mangkono |
wêrdine kasêbut wiwit |
kang rumuhun ingkang aran |
kayu Sajaratul-yakin |
tumuwuh ing sajroning |
Ngalam Ngadam Makdum mau |
Ajali abadi ka |
têgêse Kayu sajati |
tumuwuh ing jagad sunya ruri nyata ||

21.
Isih awang-uwung nyata |
ing salami-laminèki |
kono ing kaanan kita |
iya iku khakekati |
Dat-mutlak ingkang kadim |
têgêse sajatinipun |
Dat kang dhingin priyawak |
yèku Dating Atma yêkti |
dadi wahananing alam Wakidiyat ||

22.
Kang kapindho Nur Muhkhamad |
wêrdi cahya kang pinuji |
ana ing Kadis kacrita |
lir pêksi mêrak kang warni |
manggon ing sadalêming |
sosotya kang pêthak mancur |
dumunung arah-arah |
ingkang Sajaratul-yakin |
sayêktine iku kakekating cahya ||

Jilid 3 - Kaca : 151

23.
Ingaku ajalining Dat |
nèng sajroning nukat-gaib |
minangka sipating Atma |
apan dadi wahananing |
Ngalam-wahdat sajati |
dene kaping tiganipun |
Miratul kayai ka |
têgêse Kaca-wirangi |
kasbut Kadis nèng ngarêpe Nur Muhkhamad ||

24.
Kakekat ingkang pramana |
ingakên Rasaning dat-i |
minangka Asmaning Atma |
apan dadi wahananing |
Ngalam-wakadiyati |
nahan ta kang kaping catur |
Roh-ilapi têgêsnya |
sasandhaning nyawa yêkti |
iya iku nyawa kang wêning gumilang ||

25.
Ing dalêm Kadis kacrita |
asalira iku saking |
Ênur Muhkhamad sanyata |
kakekating Sukma yêkti |
kang ingakên-akêni |
kaananing Dattul-wujud |
mangka Apngaling Atma |
dumadya wahananèki |
Ngalam-arwah kaping lima kang winarna ||

26.
Kandil têgêsira dilah |
yèku Dilah tanpa api |
ing dalêm Kadis kacrita |
awarna sosotya adi |
mancur mancorong wêning |
gumantung nir canthèlipun |
ing kono kaanannya |
Ênnur Muhkhamad lan malih |
ênggèn pakumpulaning êroh sadaya ||

27.
Puniku kakekatira |
angên-angên kita iki |
ingakên wayanganing Dat |
minangka êmbanannèki |
Atma kasêbut ngarsi |
dadya ing wahananipun |
alam-misal sanyata |
gantya ênême winarni |
aran Darah têgêse iku sosotya ||

28.
Ing dalêm Kadis kacrita |
darbe sorot mancawarni |
padha kanggonan Malekat |
iku kekekating budi |
ingaku paesaning |
Êdat Ingkang Maha Luhur |
minangka wiwaranya |
Atma dadya wahananing |
ngalam-ajsan gumantya ingkang kasapta ||

29.
Basa Kijab ingaranan |
Dhindhing jalal têgêsnèki |
warana kang agung ika |
kacarita ana Kadis |
mêtu saka sotya di |
kang amancawarna mau |
ing nalika mosik samya |
nganakkên tri warnanèki |
siji uruh loro kukus têlu toya ||

30.
Iku kakekating jasat |
ingakên wrananing Dat-i |
mangka sêsandhaning atma |
dumadya ing wahananing |
kang ngalam-insan-kamil |
Dalil kapindho wus putus |
apa maning rinasan |
Mas Cêbolang turira ris |
kula dèrèng mangrêtos ingkang rinasan ||

Jilid 3 - Kaca : 152

31.
Uruh kukus lawan toya |
mangka ing pamyarsamami |
saha kang sampun kalimrah |
kang winastan jasat jalmi |
kulit daging myang gêtih |
otot bayu balung sungsum |
mênggah sulayanira |
têtêmbungan kang kadyèki |
mugi-mugi karsaa paring katrangan ||

32.
Panêmbahan suka myarsa |
pangandikanira aris |
mungguh ing patakonira |
kang kasêbut layang Wirid |
pratelanira saking |
Ijêmak lan Kiyas-ipun |
pangkating Dhindhing jalal |
warna urub kukus warih |
padha dadi têlung warana winarna ||

33.
Ingkang dhingin uruh apan |
mêtokkên tri pangkat iki |
sawiji ran Kijab-kisma |
wahyaning jasad ing (n)jawi |
kaya ta kulit daging |
miwah ing sasaminipun |
dwi Kijab-rukmi dadya |
wahyaning jasad jro yêkti |
utêg manik manah sapanunggilannya ||

34.
Katri aran Kijab-rêtna |
iku dumadya wahyaning |
jasat kang lêmbut sanyata |
kaya ta mani lan gêtih |
sungsum sasaminèki |
dene kang kapindho kukus |
amêtokkên tri pangkat |
siji Kijab pêtêng dadi |
wahananing napas sapanunggilannya ||

35.
Loro Kijab-guntur dadya |
wahnaning pancadriyèki |
têlu Kijab-gêni dadya |
wahnaning nêpsunirèki |
dene kang kaping katri |
Toya amêtokkên iku |
tri pangkat siji aran |
Kijab-êbun banyu-urip |
apan dadya wahananing Sang Hyang Sukma ||

36.
Lorone Kijab-nur-rahsa |
kahananing rahsa jati |
katêlu Kijab-nur-cahya |
kang luwih padhang dumadi |
kahnaning Atma dadi |
kabèh kang kasêbut ngayun |
iku warananing Dat |
dumunung nèng Insan-kamil |
têgêsira kasampurnaning manungsa ||

37.
Dalil kapindho wus tamat |
iku kaki diaranni |
wêdharan Ananing Ngêdat |
sarèhning wus lingsir ratri |
prayoga aso dhingin |
manêmbah kang sinung wuwus |
Cêbolang mring pondhokan |
Panêmbahan manjing panti |
wanci Subuh wangsul malih maring langgar ||

38.
Pra santri myang tamunira |
gumarubyug samya prapti |
gita ngambil toya kadas |
Nurwitri nulya (m)bawani |
adan angalik-alik |
swara lantas wilêt arum |
sawuse samya sunat |
Mas Cêbolang kamad aglis |
gya angangkat waktu Subuh imamira ||

Jilid 3 - Kaca : 153

39.
Tan lyan Panêmbahan Rama |
Luhur Ngasar myang Mahribi |
atanapi wêktu Ngisa |
Panêmbahan angimami |
ing sabên-sabên ari |
tan na gothang wêktunipun |
santrine langkung kathah |
sru rêsêp talabul-ngèlmi |
Panêmbahan alim sawarnining kitab ||

40.
Mas Cêbolang nèng Kajoran |
nora mantra-mantra lagi |
nêmbe prapta puruita |
wus kadi suta kinasih |
lulut nir walangati |
kasêngsêm marsudi kawruh |
supe nadhah myang nendra |
mung piwulang kang kaèsthi |
condhonging tyas tansah gandhèng pangawikan ||

211 Kinanthi

1.
Ing ari sajuga nuju |
bakdaning waktu Ngasar-i |
Panêmbahan munggèng langgar |
Cêbolang tansah nèng ngarsi |
lawan santrinya sakawan |
Mas Cêbolang matur aris ||

2.
Punapi wontên pukulun |
kitab-kitab sanèsnèki |
ingkang anyêbut mangkana |
Panêmbahan ngandika ris |
ana ingkang wus kawêdhar |
amèt kikiyasan saking ||

3.
Murad lawan maksudipun |
kitab aran Bayan-alip |
datan cèplês surasanya |
kêna binasakkên naming |
amomor-misah kewala |
minangka timbangan ngarsi ||

4.
Rumuhun Alip puniku |
lairing sipatolahi |
kayêktèning wujudira |
sumendhe ing ngalam kabir |
dadi kaananing nukat |
têgêse musthika adi ||

5.
Ingkang binasakkên mau |
musthika punika budi |
kapindho Nukat winarna |
puniku lairing budi |
sumandha ananing ngalam |
sahir dadya kaananing ||

6.
Darah yèku têgêsipun |
sayêkti rêtna kang adi |
ingkang binasakkên rêtna |
yèku jinêm karêpnèki |
angên-angên wastanira |
nandhani uriping budi ||

7.
Katri Darah kang winuwus |
laire jinêm sayêkti |
sumandha ing budi dadya |
kaananing rohirèki |
têgêse roh apan Suksma |
kang binasakkên Suksmèki ||

Jilid 3 - Kaca : 154

8.
Puniku nyawa saèstu |
mratandhani anguripi |
angên-angêning manungsa |
catur Êroh kang winarni |
puniku lairing Suksma |
sumandha ngên-angên dadi ||

9.
Kaananing sir puniku |
têgêse rahsanirèki |
ingkang binasakkên rahsa |
tarlèn muhung pangrasaning |
ing babahan hawa-sanga |
tandha uriping nyawèki ||

10.
Panca sir ingkang winuwus |
lairing rahsa sayêkti |
apan sumandha ing Suksma |
kaananing iman-mami |
têgêse santosa tama |
yèku pramananirèki ||

11.
Basa Pramana puniku |
sangkêping pancadriyèki |
nandhani gêsanging rahsa |
kaping nêm ingkang ginupit |
nênggih lairing Pramana |
sumandha ing rahsa jati ||

12.
Dadi kaananing Ênur |
têgêse cahya kang wêning |
ingkang binasakkên cahya |
iku sulaking netra dwi |
tanda uriping Pramana |
dene Pramana puniku ||

13.
Misesa ing sarirèku |
nunggal ênggon lan rahsa di |
samya mungging jroning jiwa |
ingibaratakên kadi |
simbar tuwuh anèng wrêksa |
ananging iku pinasthi ||

14.
Nir nandhang saniskarèku |
luwe sasaminirèki |
baya pisan kalabêtan |
amung yèn nandhang saliring |
asakit tan nut kalêsyan |
têrkadhang ginggang saking wit ||

15.
Ngalumpruk kawuryan alus |
kalawan manawa nganti |
kagingsiran ing pramana |
sarira lungkrah ngalêntrih |
nora andarbèni karkat |
yèn sirna karkating dhiri ||

16.
Kari karkating Suksma gung |
lamun karkating Suksma nir |
kari karkating kang rahsa |
pama karkating rahsa nir |
kari karkating Pramana |
yèn karkating Pramana nir ||

17.
Wus pinasthi ingkang kantun |
karkating Atma sajati |
kasapta nur kang winarna |
iku lairing cahya ning |
aran Pranawa sajatya |
sumandha Pramana jati ||

18.
Dadi ing kaananipun |
Duryat têgêse puniki |
papadhange ingkang cahya |
ingkang binasakkên kaki |
padhanging cahya sanyata |
purbaning Atma sajati ||

Jilid 3 - Kaca : 155

19.
Kaastha Duryat liripun |
lairing Suksma sajati |
apan sumandha ing cahya |
dadya kaananing Dat-i |
wêrdi kandha basa kandha |
jênggêrênging sipat jati ||

20.
Kasanga Êdat puniku |
laire Sipat sajati |
dumadya kaananira |
Nukat-gaib têgêsnèki |
musthika adi kang samar |
musthika kang samar yêkti ||

21.
Nyataning rupa satuhu |
kinêkêr jro alam sahir |
iku pan urip pribadya |
nora nana kang nguripi |
ibarat tanpa antara |
lan uriping Suksma jati ||

22.
Tunggal sasana satuhu |
tan pisah salaminèki |
kasadasa pungkasannya |
Nukat-gaib kang winarni |
lairing rupa sanyata |
sumandha ing Dat sajati ||

23.
Dumadi kaananipun |
ing cahya mancur nêlahi |
gumilang nir wawayangan |
iya iku Tajali-ning |
Pangeran kang asipat Sa |
têgêse sipat sawiji ||

24.
Kang binasakkên Sa iku |
dudu jalu nora èstri |
muhung dumunung nèng kodrat |
iradat kita pribadi |
têgêse saka kawasa |
-ning karsa kita pribadi ||

25.
Tamat murat maksutipun |
punang kitab Bayan-alip |
kadiparan mungguh sira |
Mas Cêbolang matur aris |
lêrês ingkang pangandika |
mor-misah babasannèki ||

26.
Mangke ing panuwun-ulum |
mugi (n)dhangankên panggalih |
kaparêng andumugèkna |
kang kasêbut kitab Kaik |
-kul-akaik myang Kul-akbar |
suraosing Dalil katri ||

27.
Kulup yèn sirarsa wêruh |
surasane kitab kadwi |
Dalil ingkang kaping tiga |
utawa surasanèki |
srat wirit Hidayat-jatya |
sarta cundhuk lawan nukil ||

28.
Sorahe Kitab Bayanu |
-miat lawan Bayan-alip |
myang kitab Mandinil-asra |
tuwin Mandinil-maklum-i |
iku kabèh basanira |
kitab Tasawud linuwih ||

Jilid 3 - Kaca : 156

29.
Mratelakakên sadarum |
wangsiting Hyang Maha Sukci |
marang sang Nayakaningrat |
(n)Jêng Nabi kabibolahi |
amrih cancuting wicara |
ingsun têmbungakên Jawi ||

30.
Manungsèku Rahsaningsun |
lan Ingsun iki sajati |
rahsaning punang manungsa |
karana awaling nguni |
Ingsun anitahkên Adam |
asal saka ing anasir ||

31.
Patang prakara kinumpul |
bumi gêni angin warih |
iku dadi kawujudan |
ing Sipatingsun sajati |
kono Sunpanjingi mudah |
limang prakara kèhnèki ||

32.
Dhingin Ênur gya Rahsèku |
Êroh napsu lawan budi |
wus jangkêp limang prakara |
iyèku minangka dadi |
warananing WajahIngwang |
Ingsun kang Amaha Sukci ||

33.
Ing Kadis caritanipun |
panjinging mudah sakawit |
saka ing ngêmbun-êmbunan |
mandhêg ing ngutêg tumuli |
tumurun marang ing netra |
anulya tumurun malih ||

34.
Maring lesan gya tumurun |
maring ing jajanirèki |
gya sumrambah maring jasat |
langkêpe jumênêngmami |
Insan-kamil agumêlar |
pan sipat rupa sajati ||

35.
Dene mungguh Isbatipun |
kadi kang kasbut sajroning |
kitab Baayan-numiat |
warah saka sabdanèki |
(n)Jêng Sultan Sungèb ing Makyan |
mangkene têmbunge Jawi ||

36.
Rupa sajati puniku |
asalira yêkti saking |
sajati-jatining rupa |
jatining rupa puniki |
iya sipating Pangeran |
Kang Maha Sukci sajati ||

37.
Kawuryan nora kaliru |
nèng rupa kita pribadi |
wit rupa kita priyangga |
iku lawanira saking |
surat-soroting Pangeran |
Kang Maha Suci sajati ||

38.
Lawan ana manèh kulup |
kitab awawarah saking |
pangandikane (n)Jêng Sultan |
Abuyajid ing Bustari |
kadawan yèn nganggo rapal |
mangkene têmbunge Jawi ||

39.
Sajatine Dat puniku |
dadya tladha Sukma-jati |
de Sukma-jati dumadya |
tuladhaning Sipat jati |
de Sipat jati dumadya |
tuladha Rupa-kitèki ||

Jilid 3 - Kaca : 157

40.
Dadya raringkêsanipun |
ing surasa kaananing |
manungsa pan saking Duryat |
wahananing Duryat saking |
cahyaning Êdat sanyata |
nèng urip-kita pribadi ||

41.
Tamat Dalil kaping têlu |
kang carita diarani |
Gêlaran kaananing Dat |
lawan ana manèh kaki |
kanggo saksi lan timbangan |
prayoga dipunkawruhi ||

42.
Nahên ta ingkang kasêbut |
ing wiwit Hdayat-jati |
panjupuke kikiyasan |
saka murat maksutnèki |
rasa surasaning kitab |
kang tinêngran Insan-kamil ||

43.
Bêbasan surasanipun |
lawan wirid kang kaping tri |
anunggal misah kewala |
rinipta sapuluh warni |
bokmanawi saya tambah |
mimbuhi têranging budi ||

44.
Kang dhingin Kulit winuwus |
iku êmbanane Daging |
dadya kaananing raga |
kapindho Daging puniki |
êmbananing êrah dadya |
wahananing Sipat jati ||

45.
Kaping tri Êrah puniku |
êmbananing Êroh dadi |
lêksananing kêtêk-kita |
kaping pat Êroh puniki |
êmbananing Rahsa dadya |
wahananing napas yêkti ||

46.
Kalima Rahsa puniku |
(m)bananing Pramana jati |
tanggaping rahsa pangrasa |
kanêm Pramana sajati |
iku êmbananing Cahya |
sangkêping panca driyèki ||

47.
Kapitu Cahya puniku |
êmbananing Atma jati |
dumadi wimbaning ulat |
kawolu Atma sajati |
iku êmbananing Êdat |
dumadya purbaning ngurip ||

48.
Kaping sanga Dat puniku |
êmbananing Nukat-gaib |
dadya wisesaning gêsang |
kasapuluh Nukat-gaib |
puniku êmbananira |
Pangran kang sipat Sajati ||

49.
Dumadi sampurnanipun |
ing urip kita sajati |
amurih tambahe têrang |
gêrbane mangkene kaki |
badan puniki sanyata |
wayangannira kang Budi ||

50.
Budi wayanganing Napsu |
Napsu yèku wayanganing |
Êroh kang ingaran Suksma |
Êroh yèku wayanganing |
Rahsa ingkang winastanan |
Pramana sajatinèki ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (24) Kaca 143 – 145
  • (25b) Kaca 158 -169 >