Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434706
Hari ini     :Hari ini :106
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :172
Bulan ini   :Bulan ini :3335
s/d hari ini   :s/d hari ini :434706
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (27) Kaca 199 – 202

 

( Dumugi ing Wana, Angsal Pasipêngan ing Planggrongan )

XI. Mas Cêbolang dalah santrinipun nyuwun pamit nglajêngakên lampah. Dumugi ing wana, angsal pasipêngan ing planggrongan (gubug inggil ing sêla-sêlaning kêkajêngan). Ingkang manggèn Ki Wrêksadikara, abdidalêm Lurah kalang-kamplong. Ki Kalang suka katrangan


Kaca 199 - 202.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 199

222 Pocung

1.
Candhikayu sumunar datan adangu |
surêm kang ujwala |
nuju panglonging kang sasi |
mubyar ingkang taranggana ngantariksa ||

2.
Walangkècèk bajangkrèk lan walang angkup |
(m)bukani nyuwara |
jangkrik ngêrik gangsir ngênthir |
orong-orong babaksalu babarungan ||

3.
Kinjêng-tangis mêngkas-mêngkis dènnya nusul |
(ng)giyêng kêkayangan |
kombang tawon anggrêmêngi |
cênggèrètnong nunut nêsêgkên irama ||

4.
Paksi bêluk sauran kalawan êngkuk |
uwêg bêluk gowak |
bênce tuhu lan prit-gantil |
adol swara rêbut unggul angalela ||

5.
Mas Cêbolang kalawan santrinya catur |
kèndêl sor palasa |
cakêt sêndhang tirta wêning |
wêktu Mahrib wus pot dadya tan sêmbahyang ||

6.
Lingira rum bayèki timbanganipun |
duk nèng Ngèksiganda |
pinuju ing sasi bêcik |
myarsa gangsa sinindhènan thuyul nyanthas ||

7.
Ki Saloka angling dhaup kaotipun |
nèng ing praja berag |
kadhang lajêng anong-uning |
wontên ngriki angrês tistis tyas sar-saran ||

8.
Lah Kemase Nurwitri aywa makewuh |
êndi kang kinarsan |
mumpung nglela andhèwèki |
tutug têtêg sakarsa-karsa kalêgan ||

9.
Ki Nurwitri (ng)guguk lingnya nora ya-uk |
ing samêngko kakang |
kang mêngkono nora sudi |
wus narima muhung mirêngkên kewala ||

10.
Sloka matur bilih kaparênging kalbu |
pados pasipêngan |
punika têngah wanadri |
bokmanawi wontên ingkang agêgriya ||

11.
Kawistara kukusing latu kumêlun |
Mas Cêbolang dhangan |
linggar angupaya margi |
sasêlaning êri cangkring bobondhotan ||

Jilid 3 - Kaca : 200

12.
Prapta sampun panggènanning kanang kukus |
bêdhiyan maju pat |
têngah ana wisma alit |
dumunung ing pogoganing catur wrêksa ||

13.
Marganipun minggah mandhap wrêksa catur |
pindha (n)dhak-undhakan |
Saloka (m)bêngok manginggil |
kulanuwun kulanuwun kyai wisma ||

14.
Yata wau kang anèng ranggon winuwus |
Ki Wrêksadikara |
abdidalêm sri bupati |
Kalang-kamplong lurahe sakèhing Kalang ||

15.
Duk angrungu ana swara bêluk-bêluk |
angêngakkên lawang |
nyangking oncor nulya mijil |
kawistara ana dhatêngan lêlima ||

16.
Gya tumurun tundhuk ingaturan laju |
kerit samya minggah |
sadaya wus manjing panti |
satataning jarambah galar pring kresna ||

17.
Ki Wrêksa sung pambagya samya rahayu |
anak sadayanya |
kang sami dhatêng ing riki |
ulun nilakrama ywa kurang aksama ||

18.
Kang sinambat wutah rah myang sêdyèng kayun |
Mas Cêbolang lingnya |
pangèstunipun kiyai |
kula tuwin prikanca sami raharja ||

19.
Kula nami Cêbolang de rencang-ulun |
Nurwitri Saloka |
Kartipala Palakarti |
asal saking tanah Kêdhu ardi Bisma ||

20.
Santri gapuk ngaluyug tambuh pinurug |
wontên Ngèksiganda |
sampun sawatawis lami |
mangkya ulun badhe dhumatêng bang-wetan ||

21.
Ki Dikara manthuk-manthuk ngandika rum |
kalingane (n)dika |
kang dadi sudarawêrdi |
lawan Kimas Têngara ing Pakauman ||

22.
Sèwu botên nyana yèn sagêt kapangguh |
èstu rahkim rahman |
Pangeran Kang Murbèng Bumi |
krêntêging tyas botên mawi kasamaran ||

23.
Sampun lami (ng)gèn-ulun kapengin wanuh |
lawan jêngandika |
nanging dèrèng amarêngi |
lagya mangke pinarêng sagêt pinanggya ||

Jilid 3 - Kaca : 201

24.
Nanging botên sagêt sung bujana suguh |
paran pangupaya |
gêlik-gêlik nèng wanadri |
tanpa tangga têbih dhusun mancalima ||

25.
Tyas saharju langkung suka rênèng kalbu |
sasagêt kumêdah |
nyugata sawontênèki |
lah kantuna pinarak wontên ing wisma ||

26.
Ki Dikara grobyag ngêngakakên pintu |
nyangking kudhi trantang |
tumurun wus tan kaèksi |
tan pantara dangu dhatêng ambêbêkta ||

27.
Kidang kalih pisang êmas kawan tundhun |
nanas pakèl duryan |
nangka manggis klampok-wangi |
dhuku jêruk pundhung tela gamblot buta ||

28.
Ngundhung-undhung anèng ngandhaping wrêksa gung |
Ki Dikara lingnya |
ki tamu salah satunggil |
tumurunna angrencangi (m)bêkta minggah ||

29.
Para tamu sadaya samya tumurun |
punika sasêgah |
sawontênne ing wanadri |
lah sumangga rahap rêsêp ing wardaya ||

30.
Kula kantun ngêlèti kidang rumuhun |
tamu gangsal samya |
ngusungi (m)bêkta manginggil |
Ki Dikara mbêkta kidang wus pinêcah ||

31.
Ginantungan ulam kidang pating grandhul |
wacucal pinênthang |
dadèk api wus andadi |
bumbu-bumbu myang piranti wus cumêpak ||

32.
Sarêm asêm cokak gêndhis arèn arum |
lah anak sumangga |
kinarya jampi kalantrih |
ngropok ulam tanapi nadhah woh-wohan ||

33.
Minum lêgèn kêlapa arèn ing bumbung |
sakawontênannya |
Mas Cêbolang ananggapi |
dhuh kiyai kalangkung panuwun-kula ||

34.
Payo kakang aywa nganggo sigas-sigus |
rahap sadayanya |
sasênênge kang binukti |
ngropok ulam miwah anadhah woh-wohan ||

35.
Samya tuwuk ana ingkang lajêng ngantuk |
bêtèke katoran |
bantalan sampun cumawis |
wrêksa randhu jinêgong tinrapan carma ||

Jilid 3 - Kaca : 202

36.
Wawi anak gêgêr boyok samya dènluk |
sambèn gêgotèkan |
kang sinung ngling nglêksanani |
Mas Cêbolang tatanya mring kyai wisma ||

37.
Ulun nyuwun sêsêrêpan èstunipun |
sintên kang sinambat |
kalawan darunanèki |
têka ngranggon gêlik-gêlik wontên wana ||

38.
Anak bagus awon-awon raganingsun |
abdidalêm lurah |
Kalang-kamplong sinung nami |
Kyai Wrêksadikara myang sinung lênggah ||

39.
Satus karya dadose salawe êjung |
anak putu kathah |
nanging sami wismèng nagri |
dene ingkang dados kêwajiban kula ||

40.
Apitêdah margining kanang wana gung |
ingkang pancèn gawat |
punapa dene agampil |
kula kang kawajiban suka katrangan ||

41.
Tinartamtu kêdah wruh pratikêlipun |
panêgoring wrêksa |
kalawan pamilihnèki |
lênggahipun wrêksa kinarya dandosan ||

42.
Paraboting wisma lawan dhapuripun |
Kimase Cêbolang |
(n)jènggèl aturira aris |
kaparênge mêdharakên purwanira ||

43.
Ingkang turut kawit mulabukanipun |
supados narbuka |
pakarti kang dèrèng uning |
Ki Dikara manis mêdharakên sabda ||

223 Dhandhanggula

1.
Kacarita kalanipun nguni |
griyanipun tyang Jawi sadaya |
sami sela kang dèn angge |
ing pasang rakitipun |
wawangunan amirit candhi |
sarêng jumênêngira |
Jayabaya Prabu |
kang ngadhaton ing Mamênang |
akagungan punggawa kalangkung awig |
nama Dipati Santan ||

2.
Pinarcayèng ambudi sakalir |
kawruh ingkang paedah mupangat |
marang jalma sadayane |
kala salêbêtipun |
tahun Surya angkaning warsi |
asthatus sèkêt warsa |
ing taun Sitèngsu |
sami asthatus kalawan |
asthadasa titiga Ki Adipati |
andarbèni pamanggya ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (26b) Kaca 189 – 198
  • (28) Kaca 203 – 207 >