Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 40

Kontak Admin.

email-kidemang

 (26b) Kaca 189 – 198

 

( Rêrêmbaganipun Gêmak, Pêksi Pêrkutut Tuwin Platukbawang )

Rêrêmbaganipun Gêmak, pêksi Pêrkutut tuwin Platukbawang. Têtiganipun sami rêraosan bab ngèlmu kasunyatan adhêdhasar Dalil-dalil Kur'an. Mikradipun Kg. Nabi Muhammad, sarta sawatawis kitab Tasawuf. Ugi kacariyosakên rêmbagipun Ulêr-jêdhung kalihan sawêr bab gêsangipun. Ulêr dados ênthung, lajêng santun warni dados kupu; dene sawêr anglungsungi. Kalih-kalihipun kanthi lampah tapabrata ingkang pantês dados têtuladaning manungsa anggayuh kasampurnan. Kasambêt rêmbag kalihan pêksi Urang-urangan bab pakartinipun Pancadriya lan sanès-sanèsipun.


Kaca 180 - 198.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 189

219 Jurudêmung

42.
Jubur dak-(ng)go cangkêm ika |
cangkêmku dak anggo jubur |
pinurih supayanipun |
ywa mangan kang sarwa kasar |
lan ing kono kita uwus |
nora bisa lunga-lunga |
salin jênêng aran ênthung ||

43.
Yèn tumêka katarima |
ing kono kita gya mêtu |
saking jasat lawas mau |
banjur bisa angumbara |
amêmangan kang sarwa lus |
ngingingsêp sarining kêmbang |
lawan salin aranningsun ||

44.
Diaranni kupu ika |
dadi kita têtêp santun |
aran rambah kaping têlu |
sanadyan ta jasat kita |
wus dak-suda wantu-wantu |
durung pasthi lamun bisa |
mlêbu mring lèng êdom mau ||

45.
De bisane katarima |
saranane nganggo laku |
wujuding raga-kitèku |
sumèlèh kudu sadarma |
atiku kudu rahayu |
rasaku kudu narima |
kudu (ng)graita jiwaku ||

46.
Pindêngku kudu kulina |
kang mangkono kaya uwus |
kanggo sarana wus cukup |
manawa jatining tunggal |
kang bakal waskithèng dunung |
manungsa kabèhe iku |
aku kudu tinartamtu ||

47.
Angilangkên catur rasa |
dhingin wêdi dwi mar-ipun |
tri was sumêlang kang catur |
naban Ulêr gya tumênga |
sarwi awacana arum |
e manuk Urang-urangan |
sasuwene ingsun (n)dulu ||

48.
Patrap pratingkahmu iku |
lir ngrungok-ngrungokkên wuwus |
(ng)gonku rêrêmbugan (ng)galur |
yèn sira dhasar mangartya |
mring rahsaning kang dakwuwus |
basane saananira |
miwah sagaduk-gadukmu ||

49.
Panêmune ing tyasira |
ngatase prakara iku |
mara ta wêtokna gupuh |
sayêkti bakal dumadya |
lêga bungah ing atiku |
aywa wawang wancakdriya |
mêdharkên Wirangrong pupuh ||

220 Wirangrong

1.
Urang-urangan lingnya ris |
têka bênêr Ulêr-jêdhung |
sasuwene ingsun akarungu |
ênggonmu cariwis |
rarêmbugan lan Ula |
blêjat-blêjat amiyarsa ||

Jilid 3 - Kaca : 190

2.
Ya mangêrti sawatawis |
sira murih marang ingong |
supaya mèluwa momor rêmbug |
rèhning kita iki |
golong kurang marsudya |
marang pakartining budya ||

3.
Mungguh mamanising angling |
lawan patrap polahing wong |
kaduk saru kasar kurang alus |
apratela dhingin |
sajroning pagunêman |
labête kurang waskitha ||

4.
Yèn ana katlojokmami |
tatakrama myang calathon |
marang mitraningwang kalihipun |
muga-muga sami |
kang agung apuranta |
aywa na tikêl kang imba ||

5.
Ulêr-jêdhung (n)jêngèk angling |
èh manuk bagus mitrèngong |
ywa uwus sumêlang pikirmu |
gunêman lan mami |
mapan sadurungira |
wus sun-gêlarkên (m)bêg santa ||

6.
Urang-urangan tumêling |
mènglèng-mènglèng lingira lon |
dhuh sumitraningwang kalihipun |
sru lêganing ati |
bangêt bungahmanira |
wit sun krungu crita kuna ||

7.
Yèn ta mungguh sarupaning |
gumrêmêt miwah nalosor |
anèng ngalamdonya kang kalêbu |
golonganing pingging |
ratuning cubluk nyata |
iku Ulêr lawan Ula ||

8.
Ginantungan nora sami |
lir usus wêtêng ngalowong |
pan samêngko ingsun uwus wêruh |
nyipati pribadi |
nyatane crita kuna |
lire mangkene rungokna ||

9.
Si Ulêr (ng)gonne nglakoni |
taraktapabrata nglowong |
nguda-uda sêdya (m)birat tuhu |
ing raganirèki |
yèn wus alus supaya |
gampang lumêbuning lena ||

10.
Yèku binasakkên mukir |
nampik ganjaraning Manon |
mungguh kang kadyèku têmênipun |
pan bakal nampani |
siksaning Kang Kawasa |
dene ta mungguh si Ula ||

11.
Nora nganggo takon maning |
wus têrang lan katon mêlok |
klèru kang panêmu nora arus |
ngêndi ana tèki |
anjurungi angkara |
hawanêpsu lawan murka ||

Jilid 3 - Kaca : 191

12.
Sayêktine bakal tampi |
siksa karusakan yêktos |
ananging ta mungguh kalihipun |
wus kawilang sami |
mêtu saka golongan |
bodho sêpên ing graita ||

13.
Pratandhane wus kaèksi |
dene sira padha loncong |
sêdya mlêbu marang sasar-susur |
kang sira-lakoni |
awit sajatinira |
sira nora kawajiban ||

14.
(ng)Gayuh mring prakara iki |
èh wruhanta mitraningong |
kaananing makluking Hyang Agung |
ngalamdonya iki |
kang pasthi luhur dhawak |
dalajate mung manungsa ||

15.
Yèku kang ginadhang Widdhi |
têmbe munggah swarga kaot |
mula sira padha nora sinung |
kawajiban amrih |
anggayuh kang mangkana |
kang awit kaananira ||

16.
Dalajat sakalir-kalir |
wus ginadhang kadarbe wong |
yèn ta mungguh aku ora parlu |
(ng)gayuh kang kadyèki |
jro tekat wus narima |
pira-pira raga-para ||

17.
Dene tinitah dadi |
kaga Rang-urangan ingong |
sandhang kang dakanggo pan saèstu |
ganjaraning Widdhi |
awarna wulu gilap |
ingsun wus nora ngupaya ||

18.
Karana thukul pribadi |
sêtun mung mikir ngupados |
ing sucine wulune rak uwus |
dene kang dakbukti |
sadina-dinanira |
iya ganjaraning Suksma ||

19.
Mêtu saka jroning warih |
rupa-rupa iwak êloh |
mula sabên enjang thênguk-thênguk |
adhidhis daksambi |
ngantuk nèng luhur tlaga |
jro sêdya ngadhêp Hyang Nasa ||

20.
Nyuwun cadhong kang dakbukti |
ing kono apa kang katon |
nèng sajroning banyu tlaga mau |
rupa wadêr-pari |
ucêng urang anulya |
daksaut banyur daktêdha ||

21.
Ula manthêngêl lingnya ris |
èh manuk kang lêbdèng criyos |
kabèh ujarira kang dakrungu |
tan na kang pinanggih |
ing akal pisan-pisan |
apa ing sajagat-raya ||

22.
Amung manungsa pribadi |
kang kasèrènan kinaot |
guna sakti anung gung pinunjul |
kalawan sirèki |
apa durung miyarsa |
dalil dhawuhing Hyag Suksma ||

Jilid 3 - Kaca : 192

23.
Wajidaha wajidahu |
têgêse sing sapa yêktos |
yêkti katêmênan mangguh iku |
ing surasanèki |
têmbung ingkang kawêdhar |
tan ngarani juga-juga ||

24.
Sadhengah-dhengaha dadi |
nglakoni pakaryan yêktos |
bakal tinêmênan ing Hyang Agung |
lan manèh sirèki |
lah manuk sumurupa |
anane kang tatêmbungan ||

25.
Saundha sabilik-bilik |
pinantês ganjaran Manon |
katêmuning rêmbug gathuk runtut |
kabèh-kabèh iki |
lêksananing kang sêdya |
nora nana batalira ||

26.
Apa ing sababirèki |
sira sru ngêmohi lumoh |
mring panggawe kang mangkanèku |
èh si tukang criwis |
age sira wêdharna |
aywa sandeya ing nala ||

27.
Urang-urangan ling aris |
mêngko ta Ula nalosor |
aku mau uwus caritèku |
yèn sirèku uwis |
kalêbu rajanira |
cubluk tan wikan wicara ||

28.
Dadi nadyan sira bangkit |
(n)jara langit nganti mlompong |
bisa (ng)gêmpur gunung pêksa klêbu |
pakartining pingging |
lah aja mungkir sira |
awit wus akèh saksinya ||

29.
Sira tan sinung pambudi |
pratandhane sira (n)domblong |
nora pisan-pisan (ng)gêpok gathuk |
ing pangrêti maring |
lungiting pagunêman |
sira karo sumurupa ||

30.
Mênggah rêmbugku kang uwis |
tumuwuhe kang suraos |
sabên-sabên enjang thênguk-thênguk |
pinggiring talaga |
tunggu wêninging tirta |
ing kono apa kang ana ||

31.
Banjur daksaut dakbukti |
lamun sira durung wêroh |
surasaning têmbung kang kadyèku |
kang aran têlagi |
sajatine pan manah |
jroning tlaga ana tirta ||

32.
Iku têtêlênging ati |
iya budi kang sayêktos |
diarani pancadriya tuhu |
iwak nèng jro warih |
sayêkti ingaranan |
dunung paranning kang sêdya ||

33.
Êmpan papanne kadyèki |
ing sadina-dina ingong |
nora pêdhot-pêdhot tansah muntu |
amandêng pambudi |
mawas ing pancadriya |
yèn pêndêng-pêndêng ing nala ||

Jilid 3 - Kaca : 193

34.
Ing pancadriyanirèki |
uwus tinarbuka yêktos |
wêning ênêng êning nganti kêtug |
ing pamcamayèki |
apa kang katingal |
ing sajroning pancadriya ||

35.
Banjur kêna ingsunbukti |
balik sumitrèngong karo |
wus sami miyarsa raosipun |
calathuku iki |
têmênne mungguh sira |
apa wis padha kabuka ||

36.
Ula Ulêr samya angling |
jatine durung mangêrtos |
mara babarêna wardinipun |
[.
.
.
] |
ing nama pancadriya |
Rang-urangan mèsêm lingnya ||

37.
Panca lima wrêdinèki |
driya wrêdi budi kaot |
pancarane budi kinaryèku |
mangka cêr-ancêring |
pituduh kang sanyata |
mangkene wiwijangira ||

38.
Bab ati kaperang dadi |
têlung pangkat ing sapakon |
samya nglima-nglima pakartèku |
tilingna kang dêling |
babare pancadriya |
aywa katungkul tyas mudha ||

221 Sinom

1.
Pangkat sapisan ingaran |
karsèndriya têgêsnèki |
purbaning budi sanyata |
pangucap ingkang sawiji |
pangganda kaping kalih |
paningal kang kaping têlu |
pamiraos kaping pat |
pangraos kalimanèki |
pangkat ingkang kapindho mangkya winarna ||

2.
Ingaran antarèndriya |
wêrdi watawising budi |
dhingin klawening kang asta |
pindho tumindaking sikil |
katri obahing dhiri |
kêlaping lidhah ping catur |
lima kêdhaping netra |
wus jangkêp petangannèki |
pangkat ingkang katêlu mangkya jinarwa ||

3.
Winastanan mayandriya |
wêrdi wisesaning budi |
rumuhun rasaning asta |
kapindho rasaning sikil |
katri rasaning silit |
rasaning pêrji kacatur |
dene jangkêpe lima |
iku pan rasaning kulit |
mangkya ulun mêdhar kang ran pancamaya ||

4.
Wêrdining kang pancamaya |
panca lilima utawi |
pamêncaran têgêsira |
maya adi bêning suci |
gumilang padhang warni |
katingal sae linangkung |
aneka osik ika |
karsèngsun têmbung puniki |
pancamaya angarani osik lima ||

Jilid 3 - Kaca : 194

5.
Dene ta dumunungira |
manggon antaraning ati |
yèku jantung pratisthanya |
minangka ancêr-ancêring |
pituduh kang sajati |
mungguh osiking jêjantung |
dak perang têlung prangkat |
padha nglilima pakarti |
lah gobogmu sakarone tilingêna ||

6.
Pangkat sapisan artinya |
wêrdi karêntêging batin |
ingaranan ringgamaya |
yèku pan jumênêng osik |
graita kang sawiji |
angèsthi ping kalihipun |
cipta kang kaping tiga |
watak sakawanirèki |
lawan ambêg jangkêpe petangan lima ||

7.
Pangkat kapindho locita |
warni pangrarasing batin |
ingaranan ciptamaya |
iya wahananing ngosik |
angkara kang sawiji |
birai ping kalihipun |
satya kang kaping tiga |
nyata ping sakawannèki |
anggarjita jangkêpe etung kalima ||

8.
Pangkat katri unandika |
wêrdining unining batin |
ingaranan wahyamaya |
yèku lairing kang osik |
pangangka kang sawiji |
pangira ping kalihipun |
pangantha kaping tiga |
panyakra sakawannèki |
kalimane panyana titi wus tamat ||

9.
Ula ulêr sru kacaryan |
miyarsa ujaring paksi |
thèngèl-thèngèl sirahira |
ilat mèlèt wacana ris |
dhuh manik mitramami |
kalamun lêga atimu |
lah aku critanana |
undhe-undhe ingkang dadi |
panrimane si raga tinilar suksma ||

10.
Urang-urangan duk myarsa |
pamintane mitra kalih |
tyas suka marwata-suta |
mènglèng wacananira ris |
dhuh mitraningsun kalih |
kang dadya ing panjalukmu |
aku bakal carita |
ananging panjalukmami |
muga padha rasakna sayêktinira ||

11.
Wus sanggêm Ulêr lan Ula |
paksi ambanjurkên angling |
kang mangka jêjêring crita |
juru-tani mêthik pari |
kang bakal kanggo wiji |
rampunging pamêthikipun |
diêpe sabên dina |
manawa wus padha garing |
gagangira banjur ingikêt siladan ||

12.
Yèku ginèdhèng binêlah |
gya sinimpên lumbung aglis |
barêng tumêkaning mangsa |
pari wiji pinèt nuli |
kasêbar anèng sabin |
tumêkaning wiji thukul |
mênthongol saka gabah |
dhuwur lagi sawatawis |
klothokaning gabah kapêndhêm blêthokan ||

Jilid 3 - Kaca : 195

13.
Kacrita klothokan gabah |
rangu-rangu dènnya nangis |
sêsambate mêlasarsa |
èh wiji sira (m)bok eling |
kala maksih taruni |
wiwit sira lagi mêtu |
saka sajroning kêmbang |
jumênêng aranta pêntil |
kita uwus ngêmuli marang ing sira ||

14.
Rina wêngi kang anandhang |
kapanasan kênèng riris |
nora liya iya kita |
kongsi tumêka kapêthik |
dening ki juru tani |
ing sadina-dina tamtu |
kakênthang anèng latar |
kita nandhang panas pêrih |
ing wasana têkaning samangko sira ||

15.
Thukul (n)dêdêl sêdya uncat |
saking angga-kita iki |
suka-suka pari-suka |
nir èngêt purwanirèki |
kang mangkono ing kapti |
apa ta kêna dinumuk |
ran tindak siya-siya |
lan nganiaya sayêkti |
awit mangkya kita têtêpakên nandhang ||

16.
Luwih lara kasangsara |
tan ana enake thithik |
sira tinggal jro blêthokan |
mindêng bilai pinanggih |
èh babo-babo bibit |
rasakna wusananipun |
apa tinêmu sira |
mungguh patrap kang kadyèki |
tan bêbakal nandhang adiling Hyang Suksma ||

17.
Wiji manis sung wangsulan |
dhuh lae marambut kulit |
sirèku busananingwang |
ywa darbe uwas kuwatir |
pisahira amargi |
saking ing palêthèkingsun |
iku sajatinira |
wus anganakkên sayêkti |
punang daya panggêndam kuwasaning Hyang ||

18.
Ingkang mahanani bakal |
luluhan amor sirèki |
krana pisah amor ika |
sabên pinurwa ing gaib |
kang (m)buka tancêp yêkti |
warananing nugraha gung |
kang ing wuri satêmah |
anarima diaranni |
lesaning kang papasthèn karsaning Suksma ||

19.
Wêkasan nganakkên ika |
asor miwah pisahnèki |
atma kalawan pramana |
dyan ambabar daya iki |
uriping rahsa-jati |
têmahan pamolahipun |
yun wimbuh nganakêna |
tumurunning jiwa dhamis |
mahanani catur apsara wêrdinya ||

20.
Wêwadi ingkang sakawan |
utawa papat wêwadi |
ing kono catur apsara |
pamolahe pan ana ing |
kang cupu mahanani |
daya astha-gina iku |
dadi jumênêng jiwa |
kang aran jiwa jinarwi |
woring wiji kalawan cacangkokira ||

21.
Utawa kang aran jiwa |
woring wadhah lawan isi |
mulane aja sumêlang |
sirnakna tyas gung prihatin |
karana kabèh iki |
puntonne wus ana ingsun |
cangkok mrambut duk miyarsa |
sabdaning wiji patitis |
analangsa tumungkul alon warana ||

Jilid 3 - Kaca : 196

22.
Dhuh wiji wawarahira |
kita tan bisa ngunggahi |
banjur rumangsa karasa |
nir nyanyampah mamaoni |
mungguh panêdhamami |
mring kang misesa badanku |
bisa-a lir têmbungan |
mituhu marganing asih |
sarta anut miturut marganing wêlas ||

23.
De pangati-ati kita |
tan pêgat ngêdohkên maring |
sakèhing kang kaluputan |
nganakkakên anêmahi |
kandêl kumandêl yêkti |
wasana sah ing tancêpku |
lan malih tekadingwang |
sumarah ngandêlkên takdir |
dak-sèndhèkke anèng mêmêt momot-kita ||

24.
Èh ta Ulêr lawan Ula |
wus cuthêl dongènganmami |
ing bab panrimaning raga |
apa sira wus mangêrti |
Ula Ulêr nauri |
èh manuk kang ambêg sadu |
caritamu sadaya |
carêming rêming dumêling |
eling-eling surasa rasaning crita ||

25.
Supaya bisa-a nyuda |
mring bodhoning atimami |
ana patakon manira |
muga andhangana malih |
ywa tanggung manuk wasis |
(ng)gonmu asih marang ingsun |
kang dhingin sapa ingkang |
nuduhkên têmên lan siddhi |
lakuningsun ingkang nora nganti lêpat ||

26.
Kapindhone sapa ingkang |
anyumêrêpkên sayêkti |
marang kabêcikaningwang |
kang nganti tan dènarani |
cacad sasaminèki |
kadiparan iku manuk |
hèh Ula pamintanta |
ingsun iya anglêgani |
panêmuku mangkene piyarsakêna ||

27.
Mungguh kang nuduhkên marang |
laku têmên lawan siddhi |
ingkang nora nganti lêpat |
amung dumunung ana ing |
kêmpalan papannèki |
de kang nyumurupkên iku |
mring kabêcikan ingkang |
nganti datan dènarani |
cacad amung dumunung nèng tatakrama ||

28.
Krana mungguh surasanya |
têmbung rong bab kang kawijil |
dumunung anèng pahêman |
têpaning kasujanan di |
Ula duk amiyarsi |
ngakak lenggok-lenggok muwus |
ah wis cocog kalawan |
rasaning atiku pêksi |
nora luwih amung padha-a nglênggana ||

Jilid 3 - Kaca : 197

29.
Pudya-harja karaharjan |
ênggonne tumitah sami |
dhewe-dhewe anèng donya |
atuse caritamami |
Paksi ngayuh wiyati |
Ulêr Ula kari mangu |
(m)banjurkên tarakbrata |
titi dêdongèngan mami |
rèh wus wanci prayoga padha bubaran ||

30.
Risang Panêmbahan Rama |
wus kondur marang ing panti |
Cêbolang kari nèng langgar |
wangsul mring pondhok Nurwitri |
samya sakeca guling |
(n)dungkap waktu awal Subuh |
bêdhuge wus tinêmbang |
santri mring langgar gumriwis |
maca slawat miwah ngambil toya kadas ||

31.
Mas Cêbolang nulya adan |
laras slendro ngalik-alik |
Panêmbahan wus mring langgar |
bakda sunat dènkamati |
Panêmbahan ngimami |
rahab ingkang samya makmum |
bakda Subuh pujian |
praptèng wijiling Hyang Rawi |
sasarapan wedang kahwa myang dhaharan ||

32.
Sumusul katur mring langgar |
bakdaning sarapan nuli |
mumulang mring santrinira |
pan mangkana sabên ari |
nahan ta kang winarni |
Cêbolang lan santrinipun |
lami anèng Kajoran |
datansah talabul ngèlmi |
wanci enjing umarêg sang Panêmbahan ||

33.
Kalawan santri sakawan |
Mas Cêbolang mangênjali |
makidhupuh lon turira |
dhuh risang pinundhi-pundhi |
pêpandaming ngapingging |
têlênging agama luhung |
ywa kirang pangaksama |
mring patik kang kawlasasih |
kalilama ulun (n)dumugèkkên lampah ||

34.
Tambuh paranne ing sêdya |
tarlèn sumarah ing takdir |
muhung pangèstu paduka |
raharjaning lampahmami |
awal têkaning akir |
sumungkêm mundhi pituduh |
nir sandeyaning nala |
tumancêp ing manah siri |
wus tan was-was ing wuwus tansah winawas ||

35.
Mèsêm Panêmbahan Rama |
pangandikanira aris |
dhuh kulup woding tyasingwang |
upama sira lêstari |
ana ing ngarsamami |
kalawan santrimu catur |
ananging kadiparan |
rèhning lalakonmu kaki |
durung tutug iya kulup banjurêna ||

Jilid 3 - Kaca : 198

36.
Amung ta wawêkasingwang |
sadhengah sira lakoni |
sadhengah panggawe rucah |
kang eling kang ngati-ati |
ingsun nora mekani |
awit lagi nêptunipun |
pangèstuku mring sira |
muga-muga Maha Sukci |
aparinga salamêt sasolahira ||

37.
Mas Cêbolang ngaraspada |
santri catur ganti-ganti |
wus lèngsèr saking ing ngarsa |
pra santri kathah umiring |
sapraptanirèng sabin |
sasalaman (n)dum rahayu |
sinigêg ing Kajoran |
nahan ta lampahirèki |
Mas Cêbolang lawan santrinya sakawan ||

38.
Nurut galênganing sawah |
pantun gumadhung rêspati |
bun nèng ron kataman surya |
cumalorot lir sotya-di |
maruta mandra ngidid |
êbun kang ron mêntul-mêntul |
pindha sasêngkangira |
kênya rinabasèng rêsmi |
pêcahing bun wus kataman ing asmara ||

39.
Waspa sêndhêg marawayan |
wimbuh marêgakên ati |
wênês ijone sumunar |
nênangi langêning rêsmi |
ana lagya mlêncuti |
punang pantun mungup-mungup |
pindha dyah anyêngaja |
mimintokkên warnanèki |
sêmu ajrih labête maksih sêngkêran ||

40.
Kumriwiking we tulakan |
tinut mina alit-alit |
kalamun bisa-angucap |
isthane kadya ngaturi |
dhuh risang (n)don lumaris |
mugi kèndêla rumuhun |
wijika kang supadya |
nir rapuh ing suku kalih |
yèn wus têntrêm linajêngna lumaksana ||

41.
Pêcuk blêkok kontul cangak |
nucuk udhèt wadêr pêrcil |
kinarya ngloloh piyiknya |
angambara nolih-nolih |
saistha lir ngaturi |
marang kang lumaku urut |
dhuh lae kaparênga |
mampir dhatêng susuhmami |
aparinga pangèstu maring sutamba ||

42.
Sru karênan Mas Cêbolang |
kalawan sakawan santri |
dadya rêmbêting lumampah |
mancat parêdèn lit-alit |
tumurun jurang trêbis |
èrèng-èrèng singup-singup |
praptèng wana trataban |
tan ana dhusun kaèksi |
Sang Hyang Surya wus mocung kang silêm arga ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (26a) Kaca 180 – 188
  • (27) Kaca 199 – 202 >