Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang

 (29b) Kaca 223 – 235

 

( Bab Praboting Griya: Cagak, Usuk, Rèng, Pangêrêt )

3. Bab praboting griya: cagak, usuk, rèng, pangêrêt lss, ngantos tuntas. Wanguning griya: Joglo, Limasan, Kampung tuwin Masjid. Payoning joglo warni 7, Limasan warni 10, Kampung warni 9, lan Masjid warni 3. Ukuraning griya lan pêpetanganipun, Pancasuda. Bab cathokaning griya. Mas Cêbolang dipun sukani têrbang wacucal kidang 2 iji.


Kaca 208 - 235.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 223

227 Asmaradana

18.
Ura-ura brunjung saking |
tosan kathahnya nêmbêlas |
togog sanggan sakawanne |
togog-jalak kawandasa |
tamat parabotira |
barunjunging wisma dhapur |
Joglo Padaringan-kêbak ||

19.
Pananggap myang èmpèrnèki |
sadaya parabotira |
panjang lamun winiraos |
mênggah ewahnya dumadya |
dhapur joglo sanèsnya |
inggih makatên nak-bagus |
lah mugi kapirêngêna ||

20.
Dwi warni manawi mawi |
pangêrêtipun titiga |
sasaka nênêm cacahe |
èmpèrnya mubêng atêpang |
turut lan jubungira |
(ng)gih punika wastanipun |
dhapur Joglo Taraju-mas ||

21.
Tri warna manawi mawi |
lambang gantung myang payonnya |
apan mawi binênggangke |
kaliyan payon pananggap |
papayon èmpèr bênggang |
lan payon pamanggap wau |
pojokipun mawi saka ||

22.
Bênthung manjing dudur sami |
sawarnining babênggangan |
mawi tinutup blabage |
lawan mawi tumpang gangsal |
mawi singup myang ganja |
yèku griya joglo dhapur |
Pangrawit satuhunira ||

23.
Kacatur manawi mawi |
tumpangipun cacah gangsal |
kalawan mawi singupe |
atanapi mawi ganja |
saha takir lumajang |
inggih punika rannipun |
griya dhapur Joglo-wantah ||

24.
Gangsalipun kang winarni |
manawi lugas kewala |
tanpa sunduk myang kiline |
saka pinêndhêm akêkah |
utawi sinung umpak |
kang makatên wastanipun |
dhapur Joglo Cacêblokan ||

25.
Kanêm ukuran pasagi |
saha mawi sirah gada |
lir andêr gangsal tumpange |
mawi singup lan lumajang |
kang sarta mawi ganja |
kang makatên wastanipun |
Joglo-tawon-boni nyata ||

26.
Kasapta pupungkasannèki |
manawa pangêrêtira |
namung kakalih cacahe |
ugi kakalih kang saka |
nèng têngah pangrêt (ng)gènnya |
yèku griya Joglo dhapur |
Sêmar-tinandhu namanya ||

27.
Mangkya gantya kang winarni |
dhapuring griya Limasan |
sadasa warni wijange |
satunggal Limasan Mudha |
kakalih Sinom rannya |
titiga Bapangan-ipun |
Kalabang-nyandêr sakawan ||

Jilid 3 - Kaca : 224

28.
Gangsal nama Traju-rukmi |
nênêm Gajah-ngombe nama |
Gajah-mungkur kapitune |
wolu nama Pacul-gowang |
Sêmar-tinandhu sanga |
kasadasa warninipun |
ran Limasan Sarotongan ||

29.
Mangkya ta ingkang winilis |
prabot miwah ukurannya |
griya dhapur Limasanne |
guruning ukuran samya |
mirid saking balandar |
kalawan pangêrêtipun |
dene prabot sadayanya ||

30.
Yèku namung mêndhêt saking |
pantêse kang wawangunan |
ingkang ulun-pratelakke |
amung paraboting Gajah |
dene parabotira |
pananggap myang èmpèripun |
kapanjangên yèn winêdhar ||

31.
Blandar guru kalih iji |
ênêmlikur kaki panjang |
nyadasa êdim wiyare |
wolung êdim kandêlira |
pangêrêt sakawannya |
dene ukur panjangipun |
nênêmbêlas kaki samya ||

32.
Wiyar anyadasa êdim |
molung êdim kandêlira |
Tumpang-sari pamanjange |
kalih iji dene Tumpang |
sari mangka panyêlak |
ugi kalih cacahipun |
andêr dwi molo satunggal ||

33.
Saka-guru wolung iji |
sunduk pamanjang godhagan |
ing têngah kalih cacahe |
catur sunduk kering-kanan |
sunduk panyêlak godhag |
ing têngah panyêlakipun |
kakalih kering myang kanan ||

34.
Takir-gajah pamanjang dwi |
dwi takir gajah panyêlak |
wolu suh saka-gurune |
umpak saka-guru astha |
kawanwlas togog jalak |
tadha tirta gajahipun |
lumajang miwah pananggap ||

35.
Sadaya wolulas iji |
bèji dwiatus dwiwêlas |
ura-ura barunjunge |
saking duk cacah wolulas |
kakalih bibis bungkak |
santining gajah puniku |
kathahipun tigangdasa ||

36.
Usuk gajah ngajêng wingking |
kalih usuk pandêdêlnya |
usuk parakan gajahe |
sèkêt-ênêm cacahira |
usuk lorog sakawan |
duduring kang gajah catur |
usuk kêjèn kiri-kanan ||

Jilid 3 - Kaca : 225

37.
Usuk pandêdêl kakalih |
dene usuking pangarak |
tigangdasa-nênêm kèhe |
usuk lorognya sakawan |
rèng gajah wuri-ngarsa |
êrèng plipis takir namung |
kalih iji cacahira ||

38.
Rèng pènèk tridasa kalih |
êrèng plipit molonira |
apan kakalih cacahe |
êrèng kêjèn kering-kanan |
rèng plipis takirira |
mung kakalih cacahipun |
êrèng pèsèk tigangdasa ||

39.
Rèng plipis molo kakalih |
sirap barunjung kathahnya |
dwitus saptadasa dwine |
siraping kêjèn cacahnya |
dwiatus tri dasastha |
sami agêng panjangipun |
ukur panjanging kang sirap ||

40.
Kalih kaki pitung êdim |
langkung tiga kapara pat |
dene ukuran wiyare |
kalihwlas êdim satêngah |
saêdim kandêlira |
togog pêthokipun catur |
jangkêp paraboting gajah ||

41.
Mênggah ewah dadosnèki |
dhapur limasan sanèsnya |
lah punika pratelane |
bilih takirnya lumajang |
myang mawi èmpèr têpang |
punika ingkang sinêbut |
Limasan Sinom wastanya ||

42.
Manawi panjangirèki |
balandar langkung saking kat |
tikêl lawan pangêrête |
nama Limasan Bapangan |
manawi pangêrêtnya |
langkung sakawan puniku |
Klabang-nyandêr namanira ||

43.
Manawi pangêrêtnèki |
cacahipun namung tiga |
taraju-êmas wastane |
de manawi èmpèrira |
muhung sisih kewala |
punika Limasan dhapur |
Gajah-ngumbe namanira ||

44.
Manawi brunjungirèki |
ingkang sasisih tinrapan |
ingkang nama tutup-keyong |
kêjèn ing sasisihira |
tan mawi ing èmpèran |
punika Limasan dhapur |
Gajah-mungkur namanira ||

45.
Manawi amung sasisih |
kering utawi ing kanan |
ingkang pinasangan èmpèr |
dhapur Pacul-gowang rannya |
bilih dwi pangêrêtnya |
saka kakalih puniku |
nèng têngah pangêrêt (ng)gènnya ||

46.
Punika kang dènwastani |
Sêmar-tinandhu dhapurnya |
pungkasan bilih brunjunge |
ingkang sasisih timrapan |
tutup keyong kewala |
kêjèn ing sasisihipun |
dipun èmpèri titiga ||

Jilid 3 - Kaca : 226

47.
Ingkang botên dènèmpèri |
amung ingkang akaprênah |
sangandhaping tutup keyong |
punika ingkang winastan |
Limasan Sarotongan |
titi limasan kang dhapur |
sêkar Mêgatruh winarna ||

228 Mêgatruh

1.
Ulum mêdhar dhapure kang griya Kampung |
wontên wiwijangannèki |
warni sanga kathahipun |
sajuga Kampung Nom nami |
kalih Sarotongan manggon ||

2.
Kampung dhapur Dara-gêpak tiganipun |
Jompongan sakawannèki |
gangsale Dirada-nginum |
Pacul-gowang kanêmnèki |
kasapta Sêmar-tinandhon ||

3.
Kawolune Tarajumas punang dhapur |
Gêdhang-slirang sanganèki |
praboting gajah cinatur |
kang dadya gurunirèki |
ukuran sadaya prabot ||

4.
Mirit saking balandar pangêrêtipun |
de prabot sanèsirèki |
mung mêndhêt pantêsing wangun |
de prabot èmpèrirèki |
kapanjangên yèn kacriyos ||

5.
Blandar ingkang darbe ukur panjangipun |
kawwadasa tiga kaki |
sadasa dim wiyaripun |
de kandêlnya nêlung êdim |
pangêrêt sakawan maton ||

6.
Nigalikur kaki yèku panjangipun |
wiyarnya nyadasa êdim |
nêlung êdim kandêlipun |
mênggah molonya satunggil |
andêr sakawan mirantos ||

7.
Wolu iji apan sakanipun guru |
sunduk blandar gurunèki |
nênêm iji cacahipun |
kêli godhag têngah kalih |
kêli kiwa-têngên jumboh ||

8.
Usuk gajah ngajêng wingking kathahipun |
wolungdasa wolu iji |
usuk aling gajah catur |
plisir bungkak catur iji |
wuwung bungkaknya sawiyos ||

9.
Tutup keyong kalih iji cacahipun |
wolu umpak sakanèki |
êrèng ngajêng miwah ngayun |
kawandasa catur iji |
rèng dwi plisir takir manggon ||

Jilid 3 - Kaca : 227

10.
De sirapnya ing wingking lawan ing ngayun |
kalih-èwu langkungnèki |
satus kalihwlas puniku |
panjangipun ngalih kaki |
dene kandêle kang bongkot ||

11.
Satêngah dim satunggal êdim ing pucuk |
wiyarnya nyatêngah kaki |
suh saka-guru wowolu |
nênêm kathahipun takir |
bibis bungkak catur wiyos ||

12.
Santên tigangdasa iji cacahipun |
de ewahe dhapurnèki |
griya kampung sanèsipun |
punika dipun nastiti |
mangkya ulun acariyos ||

13.
Bilih pangrêt langkung saking cacah catur |
punika kang dènwastani |
Kampung Sarotongan dhapur |
bilih mubêng èmpèrnèki |
Kampung Dara-gêpak yêktos ||

14.
Bilih pangrêt mung kalih ukuran kubuk |
punika naminirèki |
Kampung Jompongan satuhu |
yèn èmpèr namung sasisih |
nama Kampung Gajah-ngokop ||

15.
Bilih têngêning kanang barunjung |
pan namung salah satunggil |
kang dèn-èmpèri puniku |
sasisihipun tan mawi |
Kampung Pacul-gowang yêktos ||

16.
Yèn pangêrêt namung kalih cacahipun |
sasaka ugi kakalih |
nèng têngah pangrêt dumunung |
yèku ingkang dèn-wastani |
Sêmar-tinandhu wus manggon ||

17.
Bilih namung titiga pangêrêtipun |
nama Kampung Traju-rukmi |
dèn manawi payonipun |
ponang gajah mung sasisih |
nama Pisang-slirang pantog ||

18.
Gantya dhapuring griya Masjid winuwus |
wontên wijangipun malih |
kang satunggal nama Tajug |
dhapur Langgar kalihnèki |
praboting masjid kacriyos ||

19.
Kang winarna ugi namung prabotipun |
barunjunging griya masjid |
pananggap myang èmpèripun |
prabotnya datan winilis |
mindhak katulên sayêktos ||

20.
Blandar kalih ugi kalih pangrêtipun |
de ukuranira sami |
dados pasagi kang wangun |
panjang amitulas kaki |
langkung wolung dim anapon(?) ||

Jilid 3 - Kaca : 228

21.
Wiyarira nyadasa êdim sadarum |
kandêlipun nêlung êdim |
kalih dhadha-pêksinipun |
andêrnya bulêt satunggil |
sirah-gada bulêt swiyos ||

22.
Amastaka satunggal bulêt puniku |
de mênuripun satunggil |
kadi nanas punang wangun |
sakawan dudurirèki |
takir brunjung catur pantog ||

23.
Saka-guru bulêt sakawan puniku |
umpaknya sakawan iji |
ananging wangunannipun |
bulêt turut sakanèki |
kadidene jêram kêprok ||

24.
Pan sakawan sunduke kang saka-guru |
lis payung sakawan iji |
de sunduking saka-guru |
ngandhap lumajang (ng)gènnèki |
pan namung sakawan kêthok ||

25.
Tarip catur ura-uraning barunjung |
saking duk kalihwlas iji |
dene bèjining barunjung |
kalêbêt pananggapnèki |
pan stus sadasa kêthok ||

26.
Usuk brunjung sakawan têbak sadarum |
pan dêdêlnya wolu iji |
sèkêt nêm pangarakipun |
usuk lorog wolu iji |
rèng brunjung sakawan têbok ||

27.
Rèng palipis takir kathahipun catur |
rèng pènèk kathahirèki |
apan wolungdasa wolu |
rèng lis-alis molonèki |
catur têbak lawan kêthok ||

28.
Sirap brunjung kèhnya apan wolungatus |
sawidak sakawan iji |
panjang kalih kaki langkung |
gangsal dim de wiyarnèki |
sakaki dwi êdim pantog ||

29.
Wuwung brunjung sakawan iji kèhipun |
palisirnya wolu iji |
nêmblas paku bibisipun |
titi prabot brunjungnèki |
dhapur Tajug kacariyos ||

30.
Pan ewahing dhapur mangkya kang winuwus |
ingkang manawi tan mawi |
pananggap mubêng puniku |
saha gathuk payonnèki |
yèku nama Langgar yêktos ||

31.
Dene griya Jawi sanès-sanèsipun |
kajawi kang kasbut ngarsi |
kadosta Gêdhogan Lumbung |
Kandhang Gandhok myang Sarambi |
Paringgitan griya Pawon ||

Jilid 3 - Kaca : 229

32.
Regol Bangsal Topèngan sasamènipun |
yèku mung wijanging nami |
lawan mirid parlunipun |
nanging pamêndhêtirèki |
ing dhapur botên marojol ||

33.
Saking paugêran kang kasêbut ngayun |
mênggah dhapur-dhapur panti |
pêperangan kanggenipun |
myang lênggah manggènnirèki |
ing saèstunipun seos ||

34.
Ingkang kagêm dalêmipun sang aprabu |
Limasan Sinomirèki |
kang kagêm pandhapinipun |
winastan Joglo Pangrawit |
kang kagêm pringgitan katong ||

35.
Yèku Joglo Kêpuhan muhung barunjung |
pananggap èmpèr tan mawi |
ingkang kagêm para luhur |
dalêm sapandhapinèki |
kathah sami dhapur Joglo ||

36.
Ingkang kangge tyang alit tuwin priyantun |
lah punika warni-warni |
griya myang pandhapinipun |
sasênêngira pribadi |
Limasan Kampung myang Joglo ||

37.
Sadayèku kang nama awisan namung |
griya dhapur Sinom yêkti |
kang kagêm sang prabu wau |
tuwin kari ingkang munggwing |
ngandhap pangêrêt kacriyos ||

38.
(ng)Gih punika ingkang nama kêjèn têrus |
samantên wau manawi |
mawi kêjèn griyanipun |
namung kakalih puniki |
giris awisan sayêktos ||

229 Girisa

1.
Kimas Cêbolang duk myarsa |
gotèke Kyai Dikara |
dhapur myang praboting wisma |
kalangkung eraming nala |
tan bisa sumambung sabda |
labêt katêmbèn uninga |
dadya alon aturira |
dhuh sang minulya ing wana ||

2.
Labêtipun dèrèng wikan |
babasan tanpa paitan |
mila ulun langkung kewran |
badhe sumambung aturan |
èwêt botên darbe gaman |
panyuwun-ulun yèn dhangan |
supados ywa katanggêlan |
katrangêna babarpisan ||

3.
Ki Dikara sukèng driya |
miyarsa manising sabda |
nulya nglajêngkên carita |
anggèr mênggah wawatonnya |
ukur panjang cêlakira |
midhangan pamanjang saka |
pamidhangan panyêlaknya |
griya dhapur Joglo ika ||

Jilid 3 - Kaca : 230

4.
Balandar pangrêting griya |
kang Limasan dhapurira |
balandar pangêrêtira |
griya Kampung dhadhapurnya |
sarta blandar pangêrêtnya |
griya dhapur Masjid ika |
ingkang minangka gurunya |
utawi turutannira ||

5.
Balungan sapanunggalnya |
lir upami kasbut ngarsa |
botên ngêmungkên punika |
ngangkah pantês myang sêmbada |
saening warni santosa |
ananging ta wontên uga |
pangangkah malih kacrita |
sagêt (n)jalari prayoga ||

6.
Karêjêkèn myang raharja |
ing pangangkah pamêndhêtnya |
saking papetangannira |
ukuran panjang cêlaknya |
pamidhanganing kang griya |
tuwin blandar pangêrêtnya |
mawi ngêl-ungêlan panca |
punika pratelanira ||

7.
Petang satunggal Sri rannya |
petang kalih Kitri nama |
petang tiga Gana nama |
sakawan Liyu rannira |
gangsale Pokah punika |
dene manggènne kalima |
saèstune beda-beda |
lah punika kamirêngna ||

8.
Manawi adamêl griya |
yèku ingkang wus kalimrah |
katêmbungakên ing kathah |
dalêm griya wingking omah |
dèn-ênggènni dalu rina |
myang mawi patanèn ika |
sênthong pagêdhongan mawa |
ukuran pangetangira ||

9.
Panjanging kang pamidhangan |
utawi blandar pangrêtnya |
kêdah ingkang ukurannya |
kacêngklong anggangsal-gangsal |
kaangkah kantun satunggal |
saupami panjangira |
balandaring ponang wisma |
nêmlikur kaki punika ||

10.
Kacêngklong gangsal ping gangsal |
utawi salangkung kakya |
kantun sakaki etangnya |
makatên ugi upama |
panjanging pangêrêtira |
nêmbêlas kaki punika |
kalong gangsal kaping tiga |
utawi gangsalwlas kakya ||

11.
Etangnya kantun sajuga |
dhawah Êsri namanira |
punika lênggahing griya |
dene yèn karya Pandhapa |
(ng)gih punika wisma ngarsa |
ingkang wus kalimrah kathah |
tan dèn-(ng)gènni dalunira |
patanèn sênthong tan mawa ||

Jilid 3 - Kaca : 231

12.
Parlunipun namung kanggya |
anampèni tamu priya |
myang utusan sasaminya |
punika pamanjangira |
pamidhangan utawinya |
balandar pangêrêtira |
kêdah ingkang ukurannya |
kacêngklong ing panca-panca ||

13.
Kantun kalih kaangkaha |
kados ta upaminira |
panjangipun pamidhangan |
pamanjang utawi blandar |
pitulas kaki punika |
kacêngklong gangsal ping tiga |
utawi gangsalwlas kakya |
kantun etang kalih kakya ||

14.
Myang upami panjangira |
pamidhangan panyêlaknya |
utawi pangêrêtira |
kalihwlas kaki punika |
manawi kacêngklong lima |
ping kalih dados sadasa |
kantunipun kalih kakya |
dhawah Kitri etangira ||

15.
Manawi akarya wisma |
Gandhok punika trêpira |
nèng kiwa têngênning wisma |
kalimrahannya kinarya |
rimatan parluning griya |
sêkul ulam sasaminya |
kalawan pirantos têdha |
myang unggyan pangulahira ||

16.
Yèn panjanging pamidhangan |
utawi blandar pangrêtnya |
kêdah ingkang ukurannya |
dipun cêngklong lima-lima |
sagêta kantun titiga |
saupami panjanging kang |
pamidhangan panjangira |
utawi balandarira ||

17.
Kawandasa tiga kaki |
cinêngklong gangsal ping asthi |
kantunipun tigang kaki |
makatên ugi upami |
panjanging midhangannèki |
panyêlak pangêrêt nami |
wontên tigalikur kaki |
ingkang punika manawi ||

18.
Kalong gangsal ping sakawan |
ugi kantun tigang kakya |
petanganing kang ukuran |
kang kacêngklong gangsal-gangsal |
saèstunya kantun tiga |
winastanan dhawah Gana |
rèh limrah myang manggènnira |
gariya Gandhok punika ||

19.
Kêdah Kampung dhapurira |
milanipun kang minangka |
upami wawatonnira |
kadi kang kasêbat ngarsa |
panjanging balandar griya |
kadhapur kampung kinarya |
kawandasa tiga kakya |
pangrêt tigalikur kakya ||

Jilid 3 - Kaca : 232

20.
Supados bilih sinuda |
gangsal-gangsal kadi griya |
Limasan Joglo punika |
sagêta kantun titiga |
dados dhawah etang Gana |
yèku Gandhok manggènnira |
kêdah petang dhawah Gana |
mangkya gantya winursita ||

21.
Manawi Masjid punika |
panggènan nêmbah Hyang Suksma |
etanging ukurannira |
blandar pangêrêtnya samya |
kantunipun pan titiga |
utawi dhumawah Gana |
lir Kampung ingkang kinarya |
griya Gandhok kasbut ngarsa ||

22.
Saupami kang minangka |
wawaton balandarira |
lawan pangêrêtnya samya |
panjangipun pan kinarya |
molulas kaki sinuda |
gangsal-gangsal kaping tiga |
kantun tiga dhawah Gana |
punika Masjid manggènnya ||

23.
Kajawi kang wus kawêdhar |
ing ngajêng angandhar-andhar |
jangkêping etang binabar |
ukur pamidhangan blandar |
lawan pangêrêting griya |
yèn kacêngklong panca-panca |
kantun sakawan punika |
dhawah Liyu namanira ||

24.
Bilih kantunnipun panca |
utawi têlas punika |
dhawah Pokah namanira |
mangkya ingkang ginupita |
manggènning etang punika |
kajawi kang kasbut ngarsa |
wus mupakat sakèh jalma |
tumrap griya sanèsira ||

25.
Manawi griya Pringgitan |
utawine Pasanggrahan |
dhawah Kitri kang prayoga |
sami kalawan Pandhapa |
bilih Langgar lawan griya |
Pawon Kandhang rajakaya |
tanapi Gêdhogan kuda |
dhawah Gana kang prayoga ||

26.
Dadya Gandhok saminira |
manawi iyasa griya |
Regol myang Pasowanannya |
tanapi Bangsal punika |
dhawah Liyu kang prayoga |
bilih damêl Lumbung lawan |
panggènan kang Parimatan |
dhawah Pokah manggènnira ||

230 Mijil

1.
Wus kawijil ukuraning panti |
têlas winiraos |
Mas Cêbolang rumêsêp ature |
mênggah têgês myang pikajêngnèki |
petanganing panti |
kang kasêbut ngayun ||

Jilid 3 - Kaca : 233

2.
Ki Dikara wangsulannya aris |
jarwa kang gumathok |
ulun dèrèng uninga èstune |
amung saking ing pangintên mami |
punika manawi |
pikajêngannipun ||

3.
Pan minangka pangajap pamuji |
kasaenan yêktos |
kados têmbung Sri yèku têgêse |
maring pangan utawi manawi |
lêrêsipun Êsri |
têgêsnya winuwus ||

4.
Rajabrana padhang kamulyan-di |
pramila dumados |
manggènnipun etangan griyane |
kang utama kadhawahkên Êsri |
pangajap utawi |
ing pamujinipun ||

5.
Kang supados ingkang angênggènni |
sagêda dumados |
nora kirang bukti rijêkine |
miwah sugih arta barana-di |
kamulyan pinanggih |
padhang tyas rahayu ||

6.
Têmbung Kitri têgêsnya winarni |
tanêman kinaot |
bokmanawi kapêndhêt ayome |
pikajênge ingkang angênggènni |
dèn-ajap pinuji |
asrêp têntrêmipun ||

7.
Asrêping tyas aring ingkang dhiri |
tan sarang sayêktos |
ing rijêki miwah sasamine |
cêkakipun ingkang angênggènni |
sagêd sênêng aring |
sêgêr myang rahayu ||

8.
Têmbung Gana gatra têgêsnèki |
kajênging suraos |
ing pangajap saha pamujine |
sagêt isi sarta lumastari |
lir èsthining ati |
kang darbe wismèku ||

9.
Têmbung Liyu lêsah têgêsnèki |
kajênging suraos |
aywa nganti (n)darbèni dayane |
kapurunan sasaminirèki |
mring kang darbe panti |
kumambang sakayun ||

10.
Têmbung Pokah pikajênge nênggih |
saking botên amot |
kêbak brana arta rijêkine |
ing pangangkah kalawan pamuji |
binabarkên taksih |
kêbak malah wuwuh ||

11.
Sampun tamat nanging wontên malih |
kêdah winiraos |
babalungan griya cathokane |
utawine (n)jing-anjingannèki |
apan kêdah mawi |
cinorèk sadarum ||

12.
Myang ginêthêk ing tatah waradin |
dhapur seos-seos |
warni catur punika namane |
Nara-sunya Gandheya Nurwitri |
Byabya jangkêpnèki |
dene parlunipun ||

Jilid 3 - Kaca : 234

13.
Pan kinarya tatêngêr supadi |
tan kalintu ênggon |
cêcathokan myang (n)jing-anjinganne |
wontên ingkang nganggêp anggadhahi |
angsarnya prayogi |
ingkang manggèn tulus ||

14.
Cacah catur dene tumrapnèki |
wontên badan manggon |
pamidhangan blandar pangêrête |
saka sunduk tumpang singup kiki |
sasaminirèki |
balungan kang agung ||

15.
Sami anèng cakêt cathokaning |
warni kêdah jumboh |
(n)jing-anjingan kang dadya kancuhe |
upamine saka dèn-têngêri |
Nara-sunya ciri |
blandar pangrêtipun ||

16.
Pamidhangan sunduk miwah kili |
kang pancèn cumathok |
kaanjingan purusing sakane |
ugi kêdah mawi dèn-têngêri |
Nara-sunya sami |
sapiturutipun ||

17.
Lênggahipun têtêngêr winarni |
lèr-wetan kacriyos |
Nara-sunya puniku corèke |
kidul-wetan Ganeya nglênggahi |
kidul-klèn Nurwitri |
lèr-kilèn Bya-bya nung ||

18.
Nadyan panti ngidul ajêngnèki |
ngalèr-ngetan ngulon |
kang tatêngêr tan ewah ênggènne |
saupami wontên griya mawi |
saka catur sisih |
pangrêt ugi catur ||

19.
Ingkang cêlak klawan prênahnèki |
ing lor-wetan pojok |
Nara-sunya ugi tatêngêre |
ingkang cêlak kidul-kilèn mawi |
tinêngran Nurwitri |
sapiturutipun ||

20.
Dene griya kang saka nêm sisih |
twin wolu kacriyos |
pangêrêtnya sami lan sakane |
tumrap ingkang tatêngêrirèki |
ugi kadi ngarsi |
tan na bèntênnipun ||

21.
Sapintêna kèhing sakanèki |
lan pangêrêt jumboh |
ing tatêngêr kabage kalihe |
kang sapalih nunggil tatêngêring |
lèr wetan puniki |
kang sapalihipun ||

22.
Èstu nunggil tatêngêrirèki |
pojok kang lèr-kulon |
lah makatên ugi sasisihe |
ingkang kidul-wetan têngêrnèki |
Gandheya sasisih |
myang Nurwitri-nipun ||

23.
Dene têngêr ingkang tumrap munggwing |
andêr miwah molo |
patrap ugi tan ana sanèse |
kadi ingkang kasêbut ing ngarsi |
ananging sarèhning |
molo dunungipun ||

Jilid 3 - Kaca : 235

24.
wontên têngah lêrês ingkang pasti |
pan kinarya kaot |
sawatawis bineda patrape |
botên pajêg ragi mèncèng kêdhik |
saupami pasti |
ngidul ajêngipun ||

25.
Sêmu ngajêngakên ing pojoking |
keblat kidul kulon |
tinêmbungkên malumah pantine |
molo mujur ngilèn sêmunèki |
mangalèr sakêdhik |
wetan sêmu ngidul ||

26.
Ingkang kilèn kêdah dèn-têngêri |
Bya-bya wus pinathok |
kados saka ingkang êlèr-kilèn |
ingkang wetan Ganeya pinasthi |
kadi sakanèki |
ingkang wetan kidul ||

27.
Griya majêng mangidul upami |
sêmu madhêp mojok |
ingkang wetan mangkurêp sêmune |
molonipun ngilèn ujurnèki |
sêmu ngidul kêdhik |
dene patrapipun ||

28.
Sisih wetan ngalèr sêmunèki |
ingkang sisih kulon |
tinêngêran Nurwitri yêktine |
kadi saka kidul-kilèn sami |
wetan dèn-têngêri |
Nara-sunya tamtu ||

29.
Kadidene saka ingkang munggwing |
ing lèr-wetan jumboh |
awit molo wetan para ngalèr |
wontên dene bilih ponang panti |
pajêg ajêngnèki |
mangalèr mangidul ||

30.
botên sêmu majêng pojok kalih |
wetan tuwin kulon |
waton mawi tan winênangake |
nir prayogi saèstu (n)jalari |
apêsing kang dhiri |
cilakanya muput ||

31.
Ringkêsannya pojok keblat suci |
ing salah sawiyos |
pundi ingkang kapara cêlake |
yèku kangge wawatonnirèki |
têtêngêr kang munggwing |
babalungan agung ||

32.
Sampun pantog sêsêrêpan-mami |
babasan sok-glogok |
mung puniku si bapak glèthèke |
èstu botên wontên malih-malih |
sadarmi naluri |
criyose luluhur ||

33.
Mas Cêbolang aturira aris |
sru panuwuningong |
têmbe bilih kinuwasakake |
sagêd damêl griya èstu mawi |
patrap petangnèki |
kadi kang dhumawuh ||

34.
Namung petang kaki lawan êdim |
ulun dèrèng ngrêtos |
Ki Dikara alon wangsulane |
têka lêrês yèn dèrèng udani |
etang kaki êdim |
dèrèng patos ngumum ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (29a) Kaca 208 – 222
  • (30) Kaca 236 – 240 >