Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (30) Kaca 236 – 240

 

( Nêrangakên Warni-warnining Gêndhing Têrbangan )

Mas Cêbolang nêrangakên warni-warnining gêndhing têrbangan, wontên 44 warni. Sadèrèngipun nglajêngakên lampah, dalunipun sami têrbangan gayêng, dipun tingali dening para abdidalêm Kalang, rèh-rèhanipun Ki Wrêksadikara.


Kaca 236 - 240.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 236

230 Mijil

35.
Dhawuhdalêm (n)jêng sri narapati |
kang supados maton |
rèhning pêcak tindak myang dhêpane |
nyari têbah èstu botên sa |
-lajêng dènparingi |
ukuran puniku ||

36.
Asalipun saking Ngatasangin |
pangandika katong |
etung iki ingsun-gadhuhake |
marang bocahingsun Kalang-(n)dhagi |
Gowong lawan malih |
bocah Juru-ukur ||

37.
Bilih parêng ulun nyuwun uning |
Ki Dikara gupoh |
ngambil kakènan gya sinungake |
myang sung wikan garisan tês sêtrip |
radi wiyar êdim |
dene etangipun ||

38.
Rolas sêtrip punika saêdim |
rolas dim anapon |
pan sakaki de rolas kakine |
dèn-wastani sacêngkal winilis |
tatêngêr kang munggwing |
ing papadon catur ||

39.
Warninipun lah kadi puniki |
Mas Cêbolang anon |
Ki Dikara sarwi mêdharake |
pojok catur sami dèn-jagani |
jawata nyatunggil |
dene naminipun ||

40.
êlèr-wetan Pritanjana nami |
kidul wetan pojok |
Hyang Kuwera dene kidul-kilèn |
kang rumêksa Sang Hyang Maha yêkti |
lèr-kilèn mungkasi |
Hyang Siwah jujuluk ||

41.
Kacarita sampun gangsal ari |
dènnira nèng ngranggon |
lulang kidang sampun tinrapake |
kalowongan tarêbang kakalih |
panggarape apik |
swarane jumêngglung ||

42.
Sinungakên mring tamunirèki |
punika wus dados |
myang santake mirantos kalihe |
mangke ratri wawi dèn-enggali |
tarêbang tinampi |
sang anom panuju ||

231 Sinom

1.
Diwasaning diwangkara |
ing ngranggon wus dènbêrsihi |
dilah colok sinulêdan |
badhe sasêgah miranti |
Ki Dikara wus linggih |
kupêng lawan tamunipun |
Mas Cêbolang kalawan |
Nurwitri trêbang sinandhing |
Ki Saloka Palakarti Kartipala ||

2.
Ki wisma alon tatanya |
èstu ulun dèrèng uning |
gêndhèng gêndhinging kang gangsa |
lan têrbang punapa sami |
Mas Cêbolang lingnya ris |
radi wontên sanèsipun |
rumuhun ulun tanya |
dhumatêng Kyai Cêndhani |
ingkang manjing gêndhing tarêbang slawatan ||

Jilid 3 - Kaca : 237

3.
Randha-nurut Lêmpang-jawa |
Pêtung-wulung Kudhup-turi |
Montro myang Lêmpang-gariyah |
Sontoloyo Bango-mati |
Bayêm-tur Tunjung-adi |
Ronge-ronge Carang-gantung |
Gandrung-binangun Linggang |
Rujak-sêntul Kêmbang-katis |
Srundèng-gosong Cangkêlèk Ranumênggala ||

4.
Sohoyung Bujang-dalêman |
Lare-angon Lompong-kèli |
Glele Sêkar-gadhung-Jawa |
Kidung-kidung Salobog-i |
Gêndheo Popok-kèli |
Jalèdrèse Topèng-arum |
Kinjêng-trung Paman-paman |
Glathik-bolong Lunggadhung pil |
Kaum-dhawuk Sêkar-gadhung Bagêlenan ||

5.
Gêndhuk-gêndhuk Kayun Wisma |
Tokung-tokung Pawèh Slisir |
Tunggu-jagung sampun têlas |
sadaya apan winilis |
kawandasapapat aming |
samangke saèstunipun |
kathah kang dèrèng lêbda |
tuwin supe lagunèki |
uran-uran sênggakan kathah kalepyan ||

6.
Ki Dikara rênèng driya |
wawi anak dikawiti |
Mas Cêbolang tandya buka |
kanang Sêkar-gadhung-Jawi |
têrbang agêng nibani |
kadya êgong bêm mangguguk |
têrbang alit kosêkan |
binarung swara dumêling |
barunganne kadi ta ingkang winahywa ||

7.
Atapa jroning sarira |
sadina-dina gung brangti |
datan nana katingalan |
sarirane dèntangisi |
tansah dèneling-eling |
solahing raga dènetung |
margane anèng donya |
ciptaningsun lir angimpi |
kêmang irêng uripku saking sihira ||

8.
Marmaningsun anèng dunya |
dhapur sira ngandikani |
tansah ing raga winangwang |
among winong sih-ngasihi |
tansah sih asinung sih |
karsanira among kayun |
jabèng jro jati suksma |
wêlatung wijil Mêrapi |
tingalingsun sirna dening tingalira ||

9.
Yèn tan ana ananira |
mangsa ana ing dumadi |
solahingsun solahira |
tan kêna kari myang dhingin |
tunggal sapati-urip |
punapa ta rupanipun |
lamun dera tilara |
gununge wong Majapait |
kawruhingsun sirnane kawikanana ||

Jilid 3 - Kaca : 238

10.
Yèn ta sira anampika |
sisikuning raga iki |
datan wande anèng nraka |
jahanam kang sunlêboni |
sanadyan na dhasaring |
kawah Candramuka iku |
barêng kalawan sira |
kasêktèning pra maharsi |
raga-raga kuwawane ing pangwasa ||

11.
Apa ing sasolahira |
ingsun iki aja kèri |
sanadyan mora pyuyika |
tan na tolèh lara-pati |
sakarsa mamaèsi |
saking sira marganingsun |
wulu-ningsun salêmbar |
apan sira kang (n)darbèni |
tranging nala karsaningsun karsanira ||

12.
Yèn ta sira amisesa |
karsanta jroning karonsih |
tunggala saraga-jiwa |
tunggaling karsa pinanggih |
wus lali anak-rabi |
sandhang-pangan ora ketung |
sampun saekapraya |
srênging karsa sun-aranni |
kupingingsun sirna dening panarima ||

13.
Piyarsakêna kawula |
sasambat ing lara pati |
nora nama nambanana |
yèn lara kandhuwan wingit |
sun lêlipur ing gurit |
sah sing kawula lawan usul |
prandene nora waras |
dhêle kang cinandu rêsmi |
kang sun-ucap tan adoh kalawan sira ||

14.
Tansah angura pralambang |
surate sawiji-wiji |
kalangênan karasikan |
jroning jinêm aliron sih |
sun nêdya êtoh pati |
yèn maleca malih kayun |
sampun aliru wastra |
landhêsaning ani-ani |
ana ora ingsun mapan saking sira ||

15.
Saya nglangut laras-mara |
lir palwa kentir ing angin |
sampun na tilar salira |
tan ana sinêdyèng ati |
wilangan tusing ngênting |
kadi sarah munggwing laut |
mingkêt tanapi obah |
pondhoh cêngkir sun-wastani |
sak-polahe tan lyan polahe sagara ||

16.
Umbak karêm ing sagara |
anane datan kakalih |
kang ingaranan sagara |
dèn-kêna dera nampèni |
lir uyah tibèng tasik |
ing tampa ywa salah surup |
yaiku kang sinedya |
pilih ingkang nguningani |
iya iku kang wus rohyating dumadya ||

17.
Sabên wus dhawah gong nulya |
Kartipala Palakarti |
kalawan Kyai Saloka |
katri sarêng anyênggaki |
rêmpêg lir swara siji |
êgong yong-geyong amoyung |
sêsêgan sawatara |
kinêndhon iramanèki |
Sêkargadhung wus suwuk sèlèh tarêbang ||

Jilid 3 - Kaca : 239

18.
Ki Dikara suka-rêna |
èstu sajêg-kula urip |
sa-Allah sawêg punika |
mirêng kang kadya puniki |
têka datan (m)bêrbêgi |
wijang swara têrbang dhaup |
bilih santri slawatan |
swara umyung ngêlik-ngêlik |
nganti êrak tan cêtha têrbang brung-brungan ||

19.
Nahan ta sakèhing Kalang |
kang nèng wana têbih-têbih |
bawahe Kyai Dikara |
dupi mirêng swaranèki |
tarêbang mawa sinngir |
pra samya dhatêng asêlur |
miwah (m)bêkta wowohan |
pala-sandhung warni-warni |
atanapi pala-pêndhêm lan kasimpar ||

20.
Dèrèsan arèn siwalan |
daging kidang sangsam aking |
wis pinarnah lungguhira |
ki wisma gupuh (m)bejani |
marang ing tamunèki |
lah punika kanca-ulun |
pra abdidalêm Kalang |
kang sami wismèng wanadri |
para Kalang lawan tamu sampun têpang ||

21.
Babêktane wus tinata |
nèng têngah saingga wukir |
samya nadhah sasukanya |
Mas Cêbolang lan Nurwitri |
nyandhak tarêbang malih |
mungêl gêndhing Kidung-kidung |
binarung apalannya |
kalima datan sarênti |
ana Kalang mêncul (n)jogèt (m)bari sila ||

22.
Kidung-kidung salondopan |
kawi doro tonjok ênting |
obah dhadha-dhadha êntap |
pacak-gulu cake dupi |
dangu ing sawatawis |
sinêsêkkên tandya suwuk |
karênan sakèh Kalang |
nungsung warta mring ki panti |
pintên dalu anggènnipun tarêbangan ||

23.
Ki Dikara mèsêm lingnya |
amung saratri puniki |
rèh wus sawatara dina |
ayun bidhal benjing-enjing |
maring ing Pranaragi |
prêlu atalabul ngèlmu |
Kalang goyang kapala |
dhuh anggèr (m)bok inggih-inggih |
ywa kasêsa wontêna ngriki sacandra ||

24.
Kula kang jagi rumêksa |
rahayuning kanang dhiri |
myang ngawontênkên sasêgah |
tumuntur mring Pranaragi |
Cêbolang lingira ris |
saklangkung panuwun-ulun |
inggih benjing kewala |
mantuk-kula tamtu kampir |
datan lami wontên nagri Pranaraga ||

25.
Sadalu dènnya têrbangan |
dupi wanci pajar gidip |
sata kaluruk sauran |
miwah swaraning kang paksi |
mrak manguwuh dumêling |
sung peling kang arsa nglangut |
nuli sira mangkata |
ywa kalamèn nèng wanadri |
isih dawa mungguhing lalakonnira ||

Jilid 3 - Kaca : 240

26.
Kèndêl dènnya tarêbangan |
Cêbolang sarewangnèki |
wus pamit mring Ki Dikara |
mring pra Kalang kang manggihi |
asung puja basuki |
kang sinung ling samya (n)dhêku |
mêdhun saking planggrongan |
Ki Dikara têdah margi |
Kalang-kalang (ng)garubyuk ana ing wuntat ||

27.
tarêbang dwi kang ambêkta |
Kartipala Palakarti |
Kalang sawiji anyêlak |
mring Cêbolang lan Nurwitri |
prayogi sinung nami |
tarêbang kakalih wau |
kang agêng Mangunarja |
ingkang alit Mangajapsih |
Mas Cêbolang sukèng tyas mangayubagya ||

28.
Lampahe praptèng trataban |
pra samya andum basuki |
pra Kalang wangsul ing wana |
lam-lamên duk wau ratri |
muji nuline bali |
sigêg pra Kalang kang mantuk |
nahan ta lampahira |
Cêbolang sarewangnèki |
mahawan ring pagagan sêtrèn têgalan ||

29.
Nurut margi padhusunan |
ngambah ardi alit-alit |
prapta ing ardi Têmbayat |
miyat masjid alit cèkli |
wingit singit rêspati |
Cêbolang sarewangipun |
manjing srambi kapanggya |
lan Ki Modin saha Bodin |
wus tinanya nama pinangka myang sêdya ||

30.
Mas Cêbolang apratela |
kalawan tatanya aris |
kula nyuwun sasêrêpan |
sintên kang sinambating sih |
ngriki dhusun ing pundi |
dene harjane kalangkung |
jalu èstri ngibadah |
dalah lare alit-alit |
sanggèn-ênggèn samya ngabêkti ing Allah ||

31.
Ki Modin alon lingira |
kula Modin saha Bodin |
riki ingaran Têmbayat |
lêrês andika mastani |
sênênning dhusun kèksi |
nguni kang awit dhudhukuh |
kyatingrat Sunan Bayat |
duk dèrèng jumênêng wali |
apaparah Kyai Gêdhe Pandhanarang ||

32.
Asal saking ing Samarang |
sugih singgih anglangkungi |
anyakabat (n)Jêng Suhunan |
Kalijaga dèn-dhawuhi |
martapi anèng riki |
dene masigid di-luhung |
criyose tiyang sêpah |
saking Mêkah asalnèki |
ingkang pangandika Sunan Kalijaga ||

33.
Sunan Bayat sakaliyan |
dumugi praptaning jangji |
sumare ardi punika |
wontên sabatnya satunggil |
Sèh Dumba awawangi |
wafate sumare gunung |
Cakaran cakêt Bayat |
kang katingal saking riki |
paran karsa kula sagah ngatêrêna ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (29b) Kaca 223 – 235
  • (31) Kaca 241 244 >