Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (34) Kaca 255 – 271

 

( Kasowanakên Pangeran Têmbayat )

4. Mas Cêbolang tuwin para santrinipun kasowanakên Pangeran Têmbayat ingkang sawêg lalênggahan kalihan tamunipun ingkang sampun yuswa, wasta Kinom, abdidalêm êmpu ahli tosan aji, putra kapenakanipun Sunan Kalijaga. Êmpu Kinom nêrangakên bab dhuwung: têgêsipun têmbung dhuwung lss., bab ricikanipun, dhapuripun dhuwung lan watakipun, sakalangkung kathah ananging wijang.

5. Pangeran Têmbayat nêrangakên: bab Sangat Nabi, petangan Tatal, dintên sae lan awon.


Kaca 255 - 271.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 255

234 Dhandhanggula

21.
Salamêtan pêndhak kaping kalih |
sampurnane kaanan sadaya |
kulit gêtih sasamine |
amung kari babalung |
mula nganggo sinèwu ari |
iku apan pungkasan |
nyampurnakkên sagung |
ganda atanapi rahsa |
wus nir rasa kalawan gandanirèki |
sèwu dina sanyata ||

22.
Curiga dipisah wrangkanèki |
ora ana criga manjing wrangka |
wrangka manjing curigane |
lan mungguh ananipun |
kanang Kitab Tanajul-tarki |
Adam-sarpin basannya |
mangkono bae wus |
nanging ing salaminira |
dèrèng wontên ingkang pitakèn mring mami |
sawêg adhi punika ||

23.
Ulun alimanan rèh wus wanci |
natab bêdhug lah kakang sumangga |
ki modin anatab age |
dhêng dhêng dhêng nulya mudhun |
mring patirtan lan tamunèki |
maring lèpèn (m)bêbucal |
wênèh samya adus |
wussing ngambil toya kadas |
minggah malih mring masjid amuji tasbih |
Nurwitri tandya adan ||

24.
Bakda adan dyan sunat Subêkti |
bakda sunat Ki Saloka kamat |
gêmlonggong agêng swarane |
paragat wêktu Subuh |
Ki Abodin lingira aris |
sami kantun pinarak |
kula lajêng lapur |
saha mamitakên pisan |
kang sinung ling (n)dhêku ki modin lumaris |
nahan Pangran Têmbayat ||

25.
Lagya lênggah lan tamunirèki |
Kiyai Nèm êmpu Ngèksiganda |
sadalu tan ana sare |
anèng ing dalêm pungkur |
ki Abodin lajêng mangarsi |
makidhupuh anyêmbah |
(n)Jêng Pangran andangu |
Bodin sapa ingkang adan |
lawan kamat ing mau waktu Subêkti |
apa ta santri anyar ||

26.
Sahabodin nêmbah matur aris |
amba nyuwun gung-gunging duduka |
tur uninga sawêg mangke |
kala wingi pukulun |
wanci sêrap wontên têtami |
gangsal jalêr sadaya |
kang satunggal bagus |
têmbirang nama Cêbolang |
rencang catur nama Saloka Nurwitri |
Plakarti Kartipala ||

Jilid 3 - Kaca : 256

27.
(m)Bêkta trêbang ngakênnipun santri |
saking Kêdhu tambuh kang pinarak |
nyuwun pamit ing samangke |
nglajêngakên ngaluyug |
dèrèng bidhal kèndêl nèng srambi |
(n)Jêng Pangran mèsêm lingnya |
sêmbrana sirèku |
wingi kathik nora kandha |
apa ingkang adan kamat mau enjing |
nuwun inggih bêndara ||

28.
Kiyai Nom anambungi angling |
yayi ulun inggih sampun têrang |
dhatêng kalima santrine |
lami anèng Mantarum |
wus kulina kalawan mami |
Cêbolang jatinira |
atmajêng sang wiku |
Akadiyat Sokayasa |
apaparab Sèh Anggungrimang samangkin |
manjing wali nujêmba ||

29.
Winêdharkên kalanira nguni |
Mas Cêbolang duk anèng Mantaram |
(n)Jêng Pangran sru andikane |
Sahabodin dèn-gupuh |
timbalana kalima santri |
ingsun ayun pinanggya |
Bodin nêmbah mundur |
wangsul ngirid santri gangsal |
Mas Cêbolang praptèng ngarsa mangênjali |
mangraub dalamakan ||

30.
Santri catur tumuntên ngabêkti |
makidhupuh lir konjêm pratala |
(n)Jêng Pangran alon dêlinge |
kulup padha rahayu |
satêkamu ing dhepok-mami |
lawan sarowangira |
kang sinung ling matur |
saking pangèstu paduka |
kula miwah sakanca sami basuki |
barkah-dalêm (n)Jêng Pangran ||

31.
Kiyai Nom aparing pambagi |
myang ngandika kulup ora nyana |
lamun katêmu ing kene |
sira saka Mantarum |
sabanjure marang ing ngêndi |
Ki Cêbolang anêmbah |
dhumatêng Kêpurun |
sowan Ki Ajar Sutiksna |
tan na lami wontên Kêpurun dyan maring |
ing Candhi Parambanan ||

32.
Aningali sanggyaning kang candhi |
myang pinanggih Kiyai Karsana |
minangka jurukuncine |
namung sipêng sadalu |
enjing bidhal lajêng dumugi |
karajan ing Kajoran |
naib ulun jujug |
kang anama Ki Martaka |
sarêng enjing sinowankên Kangjêng Kyai |
minulya ing Kajoran ||

33.
Panêmbahan sru parênging galih |
radi lami ulun nèng Kajoran |
ngantos rumêntah asihe |
aparing nugraha gung |
kawruh suci jati piningit |
sabên ratri datan sah |
nèng ngarsaning wiku |
langkung ing samadya candra |
ulun mundur saking Kajoran dumugi |
ing wana Tarataban ||

Jilid 3 - Kaca : 257

34.
Anèng wana kadalon dyan mampir |
ing planggrongan kapanggih kalawan |
Ki Dikara paparabe |
abdidalêm sang ulun |
lurah Kalang griya wanadri |
kalangkung dènnya trêsna |
ngantos amba sinung |
tarêbang wacucal kidang |
sanjangipun amrih ywa sangsoyèng margi |
gampil pados sipêngan ||

35.
Undur-ulun saking ing wanadri |
lumastantun sakeca ing lampah |
kalawingi sabakdane |
Ngasêr-i langkung rawuh |
lamat-lamat ulun udani |
ardi alit rêspatya |
kawuryan ngunguwung |
katarik kêncênging manah |
dyan sumêngka rawuh sayah lêsah ênir |
pikantuk rahmattolah ||

36.
Ulun lajêng kèndêl ing surambi |
masjid alit adi langkung pelag |
amba tuwin sadayane |
sami karaosipun |
ing tyas ayêm têntrêm sakalir |
anrus nikmat mupangat |
silastuti mungkul |
lajêng pinanggih kalawan |
Sahabodin sabakdanipun Ngisa-i |
ulun lajêng jiyarah ||

37.
Astananya risang luhung swargi |
kang wus antuk rahanting Pangeran |
(n)Jêng Pangrap ing Têmbayate |
bakdaning tahlil laju |
mring Cakaran jiyarah ugi |
astananya Sèh Dumba |
bakda tablil wangsul |
ing masjid sadalu pisan |
tan anendra ginêm kalawan ki modin |
gotèkkên lalahanan ||

38.
Pangran Bayat angandika aris |
basane ya nora abêbakal |
sira kasasar marene |
yêktine ri katèngsun |
ko -sipêngi kang nganti lami |
ing kene lan Kajoran |
tan na seosipun |
sira wus umanjing siswa |
-nira kakang Panêmbahan Rama adi |
ya uga putraningwang ||

39.
Dhuh ki raka raosing tyasmami |
mring Cêbolang lajêng asih trêsna |
tan mantra kapanggih nêmbe |
Mas Cêbolang andhêku |
mangênjali umatur aris |
dhuh sang kalêngkaningrat |
sabda kang dhumaruh |
kalangkung kalinggamurddha |
borong angga sumanggêm ing lair batin |
sakarsa lumaksana ||

Jilid 3 - Kaca : 258

40.
Nahan dènnya pinarak wit enjing |
têkèng wanci manjêring baskara |
gumrênggêng dhrêdhêg bêdhuge |
pangran ngandikèng wadu |
hèh cah wadon ladèkna aglis |
dhahar saananira |
kang kinèn wus mundur |
prapta ambêkta rampadan |
dyan tinata liwêt lêmês akas gurih |
golong tumpêng mêgana ||

41.
Jangan mênir pêcêl ulur-pitik |
brambang kunci sambêl sinantênan |
brambang jae santên tempe |
cupang sambêle jagung |
dhêdhakohan sambêl-kêmiri |
asêm sambêl lethokan |
plapah sambêl-kukus |
untub-untub sambêl-brambang |
loncom jenggot bobor bubuk-dhêle jêmprit |
bênce sambêl kaluwak ||

42.
Padhamara kranggeyan (m)bok-jêmprit |
lodhoh-pindhang telya sambêl-bawang |
gudhêg sambêl-gorèng cuwèr |
lumbu sambêl-cêmpaluk |
sambêl-jêrampêcêl myang manggis |
bubuk wihijèn kacang |
dhêle sambêl-windu |
uyah-gorèng bumbu-pala |
sambêl-gocèk sambêl jae sambêl-kunci |
sambêl-cabe ijêm bang ||

43.
Pêcêl-kacang iso kêmbang-turi |
dewa-daru lêmbayung thokolan |
ingkung jlegor rèn cangkringe |
gudhang-têmu poh gêndruk |
ronning kêncur tarantang ririh |
boros gundha-wèwèhan |
nyemok gudhang-êbung |
pêncok-suru diyèng mudha |
cabuk gêmbrot bêbothokira sêmayi |
gadhonne kendho urang ||

44.
Bongko pelas garangasêm-pitik |
asêm-asêm êntun kapri brambang |
sundêl-lemên sêkar-tungkèng |
bêbubus ayung-ayung |
gêcok sêtup tomis mawarni |
kuluban ceme mudha |
acar pondhoh timun |
lombok jêmprit brambang bawang |
lêlalaban kêkêcambah gudhe kêmangi |
myang ulam warna-warna ||

45.
Wus miranti panataning bukti |
Pangran Bayat alon angandika |
Cêbolang barênga bae |
anadhah padha kêmbul |
dimèn enak (ng)goningsun bukti |
kang sinung ling manêmbah |
mangke kewala wus |
ulun manadhah lorodan |
nora kêna kulup payo barêng bukti |
ngurmati (n)jêng ki-raka ||

Jilid 3 - Kaca : 259

46.
Katiganya wus samya wawanting |
nutug rahmat akêmbul-bujana |
wus linorot sadayane |
dharan lumadyèng ngayun |
babasahan mawarni-warni |
atanapi woh-wohan |
santrinira catur |
sarêng manadhah lorodan |
langkung sêngkut bêtèke mêntas kalantih |
tuwuk sadayanira ||

47.
Wussing nadhah pangangsêging bukti |
ingancaran aso mring pondhokan |
Cêbolang nunggil pondhoke |
lan Kinom ing Mantarum |
siyangira datan winarni |
dalu bakdaning Ngisa |
(n)Jêng Pangran lan tamu |
Kiyai Nom Mas Cêbolang |
pinarak ing sanggar palanggatan katri |
Jurudêmung (n)Jêng Pangran ||

235 Jurudêmung

1.
Kakang êmpu Ngèksiganda |
nguni wus mêdhar pitutur |
dhawuhipun sang linuhung |
(n)Jêng Suhunan Kalijaga |
masalahing kanang dhuwung |
prabot dhapur busananya |
makna murad rahsanipun ||

2.
Arinta radi kalepyan |
mênggah urut-urutipun |
satêmah dhompo tumpang-suh |
Kinom mèsêm angandika |
tiyang sanès wajibipun |
layak bilih kasupènna |
inggih ki raka pan namung ||

3.
Saking pamanah kawula |
rèhning tinitah tyang sêpuh |
bilih kasandhang-kasandhung |
wontên ingkang atêtanya |
pramila panyuwun-ulun |
kaparênga mêdharêna |
rinaos suraosipun ||

4.
Cêbolang langkung thêk-thêkan |
rèhning nguni dèrèng sinung |
katingal pasêmonipun |
manganti wêdharing sabda |
Kiyai Nom ngandika rum |
atut yayi pamintanta |
kinarya cacagak lungguh ||

5.
Saking pangandikanira |
(n)Jêng uwa ingkang Sinuhun |
Kalijaga sudibya nung |
prayogine kinawitan |
kang supados urut-urut |
Cêbolang antuk tambahan |
kang sinung ling sukèng kalbu ||

6.
Pinurwa kang aran ganja |
punika kang luwih luhur |
satuhu tuhune amung |
Allah Subkanna Tangala |
tutuping Allah (n)Jêng Rasul |
Nabi nayakèng bawana |
kakasihira Hyang Agung ||

Jilid 3 - Kaca : 260

7.
Mangka nglahirkên tandhanya |
Gusti lan kawulanipun |
lorone sawujud |
lamun ingaran satunggal |
lan kakalih èstunipun |
ingaran ro kadiparan |
pan sawiji jatinipun ||

8.
Sirah-cêcak kang winarna |
satuhune Betal-makmur |
sirahe manungsa iku |
wêrdine sasananira |
parameyan wijilipun |
kaèngêtaning manungsa |
tan lyan saka Betal-makmur ||

9.
Tikêl-alis ginupita |
nêpsu tri prakara èstu |
Darana ingkang rumuhun |
mila kaping kalihira |
Maklum kaping tiganipun |
yèku nêpsuning kang manah |
Maknawi sukci rahayu ||

10.
Kêmbang-kacang maknanira |
Gunung Tursina satuhu |
kang ngawruhi lakunipun |
lumêbu myang mêdalira |
ing napas kang mêtu ngirung |
dadya tandhaning kawula |
lawan Gustinira iku ||

11.
Lambe-gajah kang winarni |
iku ta sajatinipun |
pan Lesan kita satuhu |
Insan-kamil dunungira |
pangandikaning Hyang Agung |
asipat rupa sanyata |
yèku sabda Kun paya-kun ||

12.
Mangkya grènèng wujudira |
aksara dha[.
.
.
] dha satuhu |
myang aksara ma[.
.
.
] punika |
wêrdine panggonan pêjah |
nèng jroning dhadhanirèku |
mokal kalamun mêdala |
ngaurip kalamun lampus ||

13.
Gandhik apan têgêsira |
punika woding jêjantung |
ingkang kawasa satuhu |
mahanani dumadiya |
ing carêming manungsèku |
datan liyan asalira |
yêkti saking jantung mau ||

14.
Sogokan ingkang winarna |
manjing purusing jalmèku |
ambuka warananipun |
punang hawa nawa sanga |
tingal karna lawan irung |
tutuk tanapi jalêran |
kanang sulbi jangkêpipun ||

15.
Bawang-sabungkul winarna |
baga purana satuhu |
Betal-mukadas punika |
omah (ng)gonning pasuciyan |
Sraweyan gantya winuwus |
iku wêrdine musibat |
kang karan sajatinipun ||

16.
Karuwingan wardinira |
pawakan kita puniku |
kudu winangut aturut |
ingkang supaya prayoga |
Pasikutan kang cinatur |
wêrdi luwêsing manungsa |
tandang kita aywa kidhung ||

17.
Lawan kudu sumurupa |
pasêmonne liyanipun |
mangkya Pèjètan cinatur |
iku driji jêmpol kita |
kang kawasa nyangga bakuh |
ing karya nglantari marang |
kauripan kita èstu ||

Jilid 3 - Kaca : 261

18.
Wadidang ingkang winarna |
sikil kita wêrdinipun |
kang misesèng badan-ulun |
gantya Tunggakan winarna |
karêpe manungsa èstu |
pan ora kêna kasoran |
lumuh asor kudu unggul ||

19.
Kèpèt mangkya pinarceka |
talapakan kita iku |
pat-upate manungsèku |
mangkya Jalèn wardinira |
urip-kita ywa kalimput |
tinartamtu mulih sira |
maring Hong ing asalipun ||

20.
Waja mangkya kang jinarwa |
iyèku aran babalung |
manjing kasantosanIngsun |
Wêsi iku daging kita |
sajrone nèng donyanipun |
sêrating wêsi winarna |
manjing ing kulitannipun ||

21.
Mangkya Pamor ginupita |
iku otot bayunIngsun |
sajatine cahya Ênur |
-buwat kang gumilang gilang |
ana ing wadana mancur |
pratandhaning gêsang-kita |
sukci trus wêning satuhu ||

22.
Pêsi ingkang tinarbuka |
apan pusêr wêrdinipun |
minangka kaanan tuhu |
ing tyas sanubari kita |
Kodhokan pungkasanipun |
tandhaning pangrungu kita |
kang patang prakara gadhug ||

23.
Tamat ricikan curiga |
yayi apan mung puniku |
Pangran Têmbayat lingnya rum |
ki raka ywa katanggêlan |
mênggah dhapuring kang dhuwung |
lah inggih kawêdharêna |
sinantunan sêkar Pangkur ||

236 Pangkur

1.
Kinom mèsêm lon lingira |
de dhapuring curiga kang winarni |
Tilam-upih kang rumuhun |
makna pasêmonnira |
murat jalma wadon dene rahsanipun |
pamikire marang katga |
dikaya mikir padêmi ||

2.
Brojol makna karêpkita |
muradipun ingkang sampun kawijil |
rasa kang bisa sirèku |
anggêmèni wicara |
sadurunge kawêtu sinukmèng kalbu |
aja lunyu ing pangucap |
lunyu lonyot angacuwis ||

Jilid 3 - Kaca : 262

3.
Jalak-tilamsari wanda |
maknanira yèku tutup sayêkti |
dene murade wong turu |
mungguhing rahsanira |
aja pisah lawan gêgamanirèki |
wunguwa tanapi nendra |
ing rina kalawan wêngi ||

4.
Dhapur Jalak-dinding ika |
makna kijab utawa aling-aling |
murat têlung prakarèku |
rahsaning ginupita |
manungsèku kang mêsthi kudu anêbut |
Allah kalawan Muhkamad |
katrine Rasullolahi ||

5.
Jalak-sungu tumpèng ika |
maknanipun punika wadhah yakin |
dene muwade winuwus |
pan rijêkining Allah |
ransanira manungsa ywa wancak kalbu |
tyas sumêlang yèn tan nadhah |
Allah têmên murah asih ||

6.
Jalak-ngore ginupita |
maknanipun ura nora sawiji |
murat pikir kang lumaku |
mungguh ta rahsanira |
manungsèku pan nora kêna kalimput |
sanalika bawarahsa |
pupuntoning barang pikir ||

7.
Dhapur Sêngkêlat ginita |
maknanira yèku urubing ati |
murade patrap linuhung |
dene ta rahsanira |
ing sarina kalawan sawênginipun |
tangi lungguh mlaku nendra |
duga-duga aywa kari ||

8.
Dhapur Carita punika |
makna ujar wangsit ingkang prayogi |
murat sumurup saèstu |
dene ta rahsanira |
kapintêran lan kagunan iku tamtu |
dijalari ing wong wrêddha |
mawa sabab sadayèki ||

9.
Mangkya dhapur Sabuk-tampar |
maknanira kêncêng nora katawis |
murat luwih gawatipun |
rahsane kaluwihan |
pan tartamtu saka ing manahirèki |
pribadi tan paran-paran |
kanugrahhaning dumadi ||

10.
Dhapur Sabuk-intên ika |
maknanipun sosotya luwih adi |
murade atinirèku |
dene ta rahsanira |
kamulyaning manungsèku tinartamtu |
kudu anganggo sarengat |
tatakrama kang prêmati ||

11.
Dhapur Sumpana winasna |
makna ngimpi dene muradirèki |
nahan têrang ingkang kawruh |
rahsa manungsa kêdah |
darbe kira-kira prayoga ywa kantun |
watara ringa sujana |
siyang dalu dènkaèsthi ||

Jilid 3 - Kaca : 263

12.
Kanang dhapur Carang-soka |
maknanipun nêpsune tangan kalih |
murade bakal puniku |
dene ta rahsanira |
uwong iku bakal mijèkakên tamtu |
mulane babo ngagêsang |
arahên mijèni bêcik ||

13.
Dhapur Pandhawa winarna |
makna lima murade sumurup ing |
marga lilima satuhu |
rahsa patining jalma |
nora liya saka ri pasarannipun |
lilima Êpon kalawan |
Wage Kliwon Lêgi Paing ||

14.
De Pandhawa-cinarita |
maknanipun wujud lilima yêkti |
murat wulange wong sêpuh |
rahsane kudu wikan |
êninging kang pancadriyanira iku |
dumadya sabar narima |
sumingkir angkarèng budi ||

15.
Dhapur kyai Sêmar-bêthak |
makna ingkang pêtêng de muratnèki |
kang wus enak rahsanipun |
manungsa kawajiban |
kudu angupaya boga kang pakantuk |
ananging ywa cacah-cucah |
nglakoni panggawe nisthip ||

16.
Dhapur Sêmar-tinandhu pan |
makna ingkang lawas pêtêngirèki |
murate darbe ngamalun |
rasa sabisa-bisa |
manungsèku jroning urip aywa suwung |
kudu adarbe rawatan |
ing ngèlmu amrih basuki ||

17.
Dhapur Sêmar-angujiwat |
maknanira kang bungah kanthi eling |
murat pamicara tuhu |
rahsane ing sabarang |
karêping kang manungsa ywa grasa-grusu |
kanthiya panggalih padhang |
kang sarèh dadi patitis ||

18.
Kang dhapur Pandhawa-rarya |
makna ati limang prakara yêkti |
murat abang irêng pingul |
jênar ijêm limanya |
rahsanira ngaurip ywa nganti korup |
marang ingkang panasaran |
limang prakara ing ngarsi ||

19.
Sêmpana-blandhong winarna |
maknanira bêninging mripatnèki |
murad manêgês manêkung |
rahsa yèn darbe karsa |
manungsèku kudu tajêm tingalipun |
mênêp nir wardaya harda |
dumadyan-tuk kang kaèsthi ||

Jilid 3 - Kaca : 264

20.
Sêmpana-kinjêng winarna |
maknanira anênggih jalma ngimpi |
murade saèstunipun |
apan ta seje jaman |
rahsanira manungsèku nora wurung |
ngambah marang ing kamuksan |
mantuk mring ajalirèki ||

21.
Dhapur Condhong-campur nama |
maknanira amor utawa tunggil |
murat waskithaning kalbu |
rahsane kudu bisa |
angumpuli marang ing sabarang rêmbug |
aywa rêngkêng kang amêmbat |
nayana kang katon manis ||

22.
Campur-bawur ginupita |
makna karêp dene murade pasthi |
rahsaning pan tinartamtu |
manungsa kudu jumblah |
condhong dhaup pikire lan Gustinipun |
lir campuring têmbaga mas |
kang dadya suwasa murni ||

23.
Adhapur Pudhak-satêgal |
maknanira apan wujud sayêkti |
murad pangêrti puniku |
dene ta rahsanira |
pikiring kang manungsèku kudu-kudu |
gumêlar rasa nalika |
cedha yèn katêmu buri ||

24.
Dhapur Carubuk binabar |
maknanira puniku apan siti |
murad momot bakuh pêngkuh |
dene ta rahsanira |
aja tampik ingkang dènarêpi amung |
marang ing bêcik kewala |
kang ala aja dènmohi ||

25.
Dhapur Sadak kang kawêdhar |
makna kêncêng kumandêl kodratnèki |
dene muradira nêpsu |
mungguh rahsane poma |
sabên ari ywa kêrêp ngowahi wujud |
-ing kita warna priyawak |
krik imba sasaminèki ||

26.
Kang dhapur Rara-siduwa |
maknanira apan ênom sayêkti |
dene murade puniku |
kêrêp-kêrêp kalepyan |
rahsanira poma ywa pisah sirèku |
lawan garwa pakênira |
manawa sira aguling ||

27.
Dhapur Kêbo-dhèndhèng ika |
maknanipun apan enak sajati |
dene ta muratirèku |
kang rumêsêp sanyata |
rahsanira mangkya ta ingkang tinutur |
bangkit sung enak kewala |
maring sasamèng dumadi ||

28.
Dhapur Putri-sinaroja |
maknanipun punika amêpaki |
dene murade sumurup |
mungguh ing rahsanira |
manungsèku awarna-warna satuhu |
kang plêg padha nora-nana |
mêthi ana seosnèki ||

Jilid 3 - Kaca : 265

29.
Karna-tinandhing ingandhar |
de maknane punika ingkang sami |
murade panasing kalbu |
rahsane sabên dina |
kudu rêbut pangawikan tanpa rampung |
datan nana kang kasoran |
dènnira arêbut titih ||

30.
Têbu-sauyun pungkasan |
maknanira uriping nyawa iki |
murade patrap linuhung |
dene ta rahsanira |
manungsèku kudu micara kang jujur |
kang condhong padha rahsanya |
ywa ngèyèl sabarang pikir ||

31.
Kinom Mantaram ngandika |
sampun jangkêp tridasa kathahnèki |
dhapuripun ingkang dhuwung |
angling Pangran Têmbayat |
sampun cocog lawan kaèngêtan-ulun |
mugi kêparêng mêdharna |
busananing kanang kêris ||

32.
Kinom mèsêm mêdharsabda |
busananing curiga pinarinci |
wujud Warangka rumuhun |
iku kayu sanyata |
têmbung Arab puniku jatining Kayun |
sajaratil-yakin ingkang |
pasthi urip nora mati ||

33.
Kang ingaran Godhong ika |
jiwanira loro-loroning tunggil |
Gusti lan kawulanipun |
kudu sa-abipraya |
kang ran Angkup têgêse kudu tuwajuh |
sumungkêm ngrasèng kawula |
tuwakup marang ing Gusti ||

34.
Lapal wujud aran latha |
lalêthêking athi-athinirèki |
mangkya Ri-cangkring winuwus |
yaiku pundhakira |
dene ingkang ingaran Gandur iku |
pan dêdêg pangadêgira |
papêsthèn saminirèki ||

35.
Kang ran Pêndhok jarwanira |
ingkang andhok tata kramanirèki |
Kandêlan têmbung kramèku |
wêrdine ing tyasira |
kudu ngandêl-kumandêl marang Hyang Agung |
gantya Kathèkan winêdhar |
panganti-antining Tokit ||

36.
Mangkya Mêndhak têgêsira |
dèna bisa ngêndhakakên panggalih |
gantya Ukiran winuwus |
wêrdine tandhanira |
Gusti Maha Luhur kang ngluwihhkên sagung |
sawiyah kang ginunturan |
tartamtu tan kêna mukir ||

Jilid 3 - Kaca : 266

37.
Tamat busananing katga |
dhawuhipun (n)Jêng Uwa Sunan Kali |
mênggah wujuding kang dhuwung |
praboting pangukirnya |
kawanlikur êbab kang wus ulun-galur |
tèblège ing badan kita |
ing lair tanapi batin ||

38.
Sasampuning paripurna |
parincine jumênêng aran Kêris |
mula ran Kêris puniku |
sajatine kêkêran |
ing ngèlmune tinartamtu kudu wêruh |
asli tinggalan wong tuwa |
wasiyat arannirèki ||

39.
Mula kramane ingaran |
Dhuwung iku de lowung têgêsnèki |
Wangkingan kramane luhur |
nèng wingking panggènannya |
dene Kêris aran sangkêlat puniku |
ing sajati-jatinira |
kudu-kudu disêngkêlit ||

40.
Dhapur Sabuk-intên ika |
panyêngklite kudu nèng sabuknèki |
dhapur Panimbal puniku |
ngawruhana carita |
ingkang uwus tumimbal mring liyanipun |
dhapur Jangkung panganggenya |
kudu jinangkung dèn-eling ||

41.
Dhapur Supana jinarwa |
kudu pana marang ala lan bêcik |
sabarang kang dipunrasuk |
gantya dhapur Pandhawa |
panganggene nèng têngahing badanipun |
dhuwung Bêniwir dikiyat |
ywa lèmèr pan tan sayogi ||

42.
Titi dhawuhe (n)Jêng Uwa |
mung puniku tan wontên malih-malih |
kang manjing prabot salangkung |
manjing dhapur tridasa |
pan sawêlas manjing busananing dhuwung |
manjing katrangan sadaya |
sêkar Pocung kang gumanti ||

237 Pocung

1.
(n)Jêng Pangeran Têmbayat sru sukèng kalbu |
manthuk-manthuk lingnya |
ki raka samangke inggih |
sampun èngêt ananging prayoginira ||

2.
Rèhning ulun ngèlmu kêpèk basanipun |
tan kadi ki raka |
èngêtan turut patitis |
bêtèk ulun tinakdir dhasar supenan ||

3.
Yèn ki raka kaparêng prayoginipun |
tinrap ing pèngêtan |
mupung wontên kang nyêrati |
pun Cêbolang ngiras kadamêl panancang ||

Jilid 3 - Kaca : 267

4.
Supadose nèng Têmbayat radi dangu |
hèh kulup Cêbolang |
muga dhangana kang ati |
anulisi pangandikane ki raka ||

5.
Kaya kang wus kawêdhar bab kêris mau |
Cêbolang manêmbah |
sandika darmi nglampahi |
nanging awon ngêri sêratan kawula ||

6.
Mênggah ingkang dados kaparênging kalbu |
sastra Jawi Arab |
(n)Jêng Pangran ngandika aris |
lah tulisên ing sastra Arab kewala ||

7.
Kiyai Nom angandika sira kulup |
bêgja kamayangan |
tambah kawruhira kaki |
kang sinung ling manêmbah sru sukaning tyas ||

8.
Yayi Pangran kadiparan kajêngipun |
Sangat Kanabeyan |
nadyan sami Amad-nèki |
wontên ingkang pinilih tur pinilala ||

9.
Amad wau sanadyan tatal rahayu |
botên pinilala |
ngupados Amat rijêki |
awit pêcak sawêlas pot mancêr surya ||

10.
Pangran angling pancèn wontên kajêngipun |
bilih tan kalepyan |
sabarang kang Sangat Nabi |
watêkipun kadi ta ingkang winahya ||

11.
Sangat Amat rangkêpanira Pitutur |
purnamaning surya |
pêcak salikur potnèki |
gathita sad tabuh astha êpotira ||

12.
Watêkipun nênggih ing waktu puniku |
sring dèn-inèng jalma |
pinaido ing sasami |
tuwin asring jinagal sasaminira ||

13.
Amat Pacak-wêsi rarangkêpanipun |
wit sêlikur pêcak |
têkèng pêcak sawlasnèki |
gathitastha satêngah sawlas potira ||

14.
Watêkipun asring jinajal lalêmbut |
kalawan manungsa |
dènnira samèng dumadi |
milanipun dwi Amat tan pinilala ||

15.
Sangat Amat-Rijêki rangkêpanipun |
wit pêcak sawêlas |
cêping bêdhug êpotnèki |
wit satêngah sawêlas bêdhug potira ||

16.
Watêkipun keringan samèng tumuwuh |
sabarang istijab |
tan na manggih walangati |
mung puniku Amad ingkang pinilala ||

17.
Sangat Amat Kalangan rangkêpanipun |
wit manjêring surya |
wanci andhap êpotnèki |
tabuh dwiwlas satêngah catur potira ||

18.
Watêg nora kajèn kalaran tyasipun |
Amat Tatal harja |
andhap tumêkèng saratri |
watêkipun sami kaliyan ing ngarsa ||

Jilid 3 - Kaca : 268

19.
Jabarail Rijêki rangkêpanipun |
purnamaning surya |
pêcak salikur potnèki |
gathita sad tabuh astha êpotira ||

20.
Watêkipun sajroning dèrèng pot wau |
rosa budinira |
kandêl dhatêng samukawis |
tyas santosa tan na tilar ing duduga ||

21.
Jabarail Kalangan rangkêpanipun |
wit salikur pêcak |
pêcak sawêlas potnèki |
gathitastha satêngah sawlas potira ||

22.
Watêkipun jirèh mring sadayanipun |
tanapi rumangsan |
tampan-atèn ing sakalir |
mila asring salah surup ing pamanggya ||

23.
Jabarail Salamêt rangkêpanipun |
wit pêcak sawêlas |
cêping bêdhug êpotnèki |
wit satêngah sawlas bêdhug êpotira ||

24.
Watêkipun sinung kabêkjan sawêgung |
darajading rosa |
kinuwatakên ing Widdhi |
wantu-wantu paringing Hyang Maha Nasa ||

25.
Jabarail rangkêpanira Pitutur |
wit manjêring surya |
praptèng andhap êponèki |
awit bêdhug satêngah catur potira ||

26.
Watêkipun sinung dalajad wong agung |
linuhurkên marang |
sasama-samèng dumadi |
lumastari sêpi kanang kara-kara ||

27.
Jabarail Pacak-wêsi tatalipun |
awit wanci ngandhap |
praptèng purnamaning rawi |
wit satêngah sakawan sadalu pisan ||

28.
Watêkipun anggung kangèlan sakayun |
sabarang rêkasa |
tunadungkap ing pambudi |
wus dilalah têka tan ana kang gampang ||

29.
Sangat Brahim Salamêt rangkêpanipun |
purnamaning surya |
pêcak salikur potnèki |
gathita sad tabuh astha êpotira ||

30.
Watêkipun dènêla-êla wong agung |
ingeman ing kathah |
jalu èstri ngêmi-êmi |
solah tingkah sinung èngêt ing Hyang Suksma ||

31.
Sangat Brahim rangkêpanipun Pitutur |
wit salikur pêcak |
pêcak sawêlas potnèki |
gathitastha satêngah sawlas potira ||

32.
Watêkipun dilalah karsèng Hyang Agung |
sring-asring dènarah |
mring sama-samèng dumadi |
bilaine pamrihe aywa widada ||

Jilid 3 - Kaca : 269

33.
Sangat Brahim Pacak-wêsi tatalipun |
wit pêcak sawêlas |
cêping bêdhug êpotnèki |
wit satêngah sawêlas bêdhug potira ||

34.
Watêkipun apan ta satuhu sinung |
warising gaweyan |
kang murka-angkara budi |
wus dilalah karsaning Hyang kang mangkana ||

35.
Sangat Brahim Rijêki rangkêpanipun |
cêp bêdhug witira |
praptèng andhap êponèki |
mancêr surya satêngah catur êpotnya ||

36.
Wawatêke rosa ing bubudènipun |
myang sinung dalajad |
sapantêse gêsangnèki |
myang jumbuhing kalawan watêkanira ||

37.
Sangat Brahim Kalangan rangkêpanipun |
awit wanci andhap |
praptèng purnamaning rawi |
wit satêngah sakawan sadalu pisan ||

38.
Watêkipun sinung dalajad satuhu |
tansah kinèdhêpan |
marang sasamèng dumadi |
ajrih asih ing lair batin rumêksa ||

39.
Sangat Yusup Pacak-wêsi tatalipun |
purnamaning surya |
pêcak salikur potnèki |
gathita sad tabuh astha êpotira ||

40.
Watêkipun nora sakeca satuhu |
gung siniya-siya |
tan ana kang wêlas asih |
rinèmèhkên marang ing sasama-sama ||

41.
Sangat Yusup Rijêki rangkêpanipun |
wit salikur pêcak |
sawêlas pêcak potnèki |
gathitastha satêngah sawlas potira ||

42.
Watêkipun sasolah-solahe patut |
pan dadi penginan |
nora nana kang ngewani |
sakèh jalma anganggêp dadya tuladha ||

43.
Sangat Yusup Kalangan rangkêpanipun |
wit pêcak sawêlas |
cêping bêdhug êpotnèki |
wit satêngah sawêlas bêdhug potira ||

44.
Watêk luhur kèdhêp ing parentahipun |
tan ana kang malang |
miturut sakalir-kalir |
tinampanan kalawan sukaning manah ||

45.
Sangat Yusup Salamêt rangkêpanipun |
cêp bêdhug witira |
praptèng andhap êpotnèki |
mancêr surya satêngah catur potira ||

46.
Watêkipun apan sinung donya agung |
myang rijêki kathah |
kuwasaning Hyang Linuwih |
sanak kadang samya sung sakuwasanya ||

Jilid 3 - Kaca : 270

47.
Sangat Yusup Pitutur rangkêpanipun |
awit wanci Ngasar |
praptèng purnamaning rawi |
wit satêngah sakawan sadalu pisan ||

48.
Watêkipun sasolahe nora patut |
pan anggung cinacad |
boya wontên kang nyondhongi |
wus dilalah kwasaning Allah Tangala ||

49.
Ngijraila Kalangan rangkêpanipun |
purnamaning surya |
pêcak salikur potnèki |
gathita sad tabuh astha êpotira ||

50.
Watêkipun kathah rêncana tinêmu |
dumadya sandhangan |
tinartamtu (m)balenjani |
sayogyane siningkirana kewala ||

51.
Ngijraila Salamêt rangkêpanipun |
wit salikur pêcak |
sawêlas pêcak potnèki |
gathitastha satêngah sawlas potira ||

52.
Watêkipun kangelan barang kinayun |
(ng)gayuh-(ng)gayuh tuna |
tuna-dungkap ing pambudi |
miwah datan antuk sakèh kabêcikan ||

53.
Ngijraila rangkêpanira Pitutur |
wit pêcak sawêlas |
cêping bêdhug êpotnèki |
wit satêngah sawêlas bêdhug potira ||

54.
Watêkipun datan awon nora sarju |
mring sêdêkah karya |
tanapi dènsêdêkahi |
ing sasami asung makatên kewala ||

55.
Ngijrailun Pacak-wêsi tatalipun |
cêp bêdhug witira |
praptèng Ngasri êpotnèki |
mancêr surya satêngah catur êpotnya ||

56.
Watêkipun kêncêng tyas (n)darung (m)brêgundung |
tan darbe pangeman |
nir pamikir têmbe wuri |
wus dilalah duga prayoga katilap ||

57.
Ngijrailun Rijêki rangkêpanipun |
awit wêktu Ngasar |
praptèng purnamaning rawi |
wit satêngah sakawan sadalu pisan ||

58.
Watêkipun ing sabarang tindak-tanduk |
tan saranta ing tyas |
amrih bilaining janmi |
sampun tamat kang tan yoga tambuhana ||

Jilid 3 - Kaca : 271

238 Gambuh

1.
Kyai Nom lingira rum |
sawêg mangkya rakanta pikantuk |
pradikane kang winastan Sangat Nabi |
mrih gampil pamilihipun |
ingkang prayoga linakon ||

2.
Tanggal sapisan jumbuh |
jam sawêlas nêmbêlas salikur |
myang nêmlikur Amat Pitutur madyèki |
Yusup Salamêt linuhung |
punika tuhu kinaot ||

3.
Tanggal ping kalih iku |
kalihwêlas pitulas rolikur |
pitulikur antuk Jabrail Rijêki |
Yusup Kalangan puniku |
Amat Slamêt yèn kabutoh ||

4.
Tanggal tri myang asthèku |
tigawêlas wolulas trilikur |
wolulikur Ibrahim Slamêt madyèki |
de Yusup Rijêkinipun |
saèstu langkung kinaot ||

5.
Tanggal ping pat nawèku |
kawanwêlas sangalas patlikur |
sangalikur Amat Rijêki prayogi |
ka-dwi Jabrail Pitutur |
Brahim Kalangan kabutoh ||

6.
Tanggal lima sapuluh |
gangsalwêlas dwidasa salangkung |
tigangdasa Jabrail Slamêt utami |
Ibarim Rijêkinipun |
pan namung madya kemawon ||

7.
Punapa sampun dhaup |
ngling (n)Jêng Pangran inggih sampun rujuk |
hèh Cêbolang panulismu babing Kêris |
iku kalamun wus rampung |
Sangat sambungna ing kono ||

8.
Cêbolang nêmbah matur |
nuwun inggih sandika pukulun |
nahên sampun wanci Luhur radi akir |
Kinom maring pondhokipun |
Cêbolang sampun mirantos ||

9.
Papan myang mangsinipun |
wus sinêrat Kyai Nom kang nuntun |
awit siyang tumêkèng ing wanci Mahrib |
ing dalunira linêmbur |
têngah ratri sampun dados ||

10.
ênjang bakdaning Subuh |
sêrat katur Pangran sukèng kalbu |
ngandika lon kulup yèn panudyèng ati |
mêngko bêngi wêton-ingsun |
adate kang wus kalakon ||

11.
Mancapat kadang karuh |
lawan santri gêng alit gumrubyug |
padha mrene kalawan eklasing ati |
têngah wêngi banjur kêmbul |
kêndhuri minangka sugoh ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (33) Kaca 254
  • (35a) Kaca 272 – 283 >