Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 36

Kontak Admin.

email-kidemang

(35a) Kaca 272 – 283

 

( Mitontonakên Kasagêdanipun Mawarni-warni, Kalêbêt "sihir" )

4. Mas Cêbolang tuwin para santrinipun kasowanakên Pangeran Têmbayat ingkang sawêg lalênggahan kalihan tamunipun ingkang sampun yuswa, wasta Kinom, abdidalêm êmpu ahli tosan aji, putra kapenakanipun Sunan Kalijaga. Êmpu Kinom nêrangakên bab dhuwung: têgêsipun têmbung dhuwung lss., bab ricikanipun, dhapuripun dhuwung lan watakipun, sakalangkung kathah ananging wijang.

5. Pangeran Têmbayat nêrangakên: bab Sangat Nabi, petangan Tatal, dintên sae lan awon.


Kaca 255 - 271.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 272

238 Gambuh

12.
(m)Bok iya sira kulup |
tarêbangan sung sênênging kalbu |
lagu Jawa pirabara dijogèdi |
lan ngêtokna sakarêpmu |
kang elok-elok tinonton ||

13.
Apa pirantinipun |
anjaluka ywa nganggo pakewuh |
nadyan gawe tarub ingsun amarêngi |
Cêbolang nêmbah umatur |
nuwun sandika sadhawoh ||

14.
Muhung sadêrmi ulun |
anglampahi sabda kang dhumawuh |
pan katungka Kyai Nom marêg mangarsi |
(n)Jêng Pangran mêdharkên kayun |
manadukara Kyai Nom ||

15.
Amung panyuwunulun |
sabibaring parameyanipun |
kalilana ulun mantuk mring Mantawis |
Cêbolang sarencangipun |
(n)dumugèkkên dènnira (n)don ||

16.
(n)Jêng Pangran mèsêm muwus |
dhuh ki raka karsa kang kadyèku |
sakalangkung prayogi rumêksèng wuri |
kalèjême sampun dhaup |
Cêbolang mundur wotsinom ||

17.
Pinanggih santri catur |
mêdharakên dhawuhe sang wiku |
nulya sami tumandang anambutkardi |
damêl tarub dhapur kampung |
ngajêng pandhapa tan adoh ||

18.
Balungan pring sadarum |
payon janur-kuning ijêm sêpuh |
saka blandèr ginubêt buntal sinêling |
runcèn blarak kêpoh nyamplung |
sabên pring sadêdêging wong ||

19.
Si bale-kampung kêmput |
ingkang wetan sinung èmpèr kêmput |
panggènanning Cêbolang lan santrinèki |
klapa sajanjang gumandhul |
nèng têngahing kampung manggon ||

20.
Klapa satabonnipun |
ginantung nèng balandar lèr pintu |
kidul pintu wetan kilèn samya katri |
sadaya sinungan wuluh |
tumancêp dumugi bathok ||

21.
Tatarub ingkang ngayun |
sinung kadi gapura linuhung |
rina-rêngga sanginggil katiyu mawi |
runcèn jarak abrit pingul |
pinindha sastra Rab kaot ||

22.
Mungêl wilujêngipun |
ingkang samya ningali sadarum |
panggarape wisma myang rarênggannèki |
wit injang tumêka bêdhug |
paripurna amirantos ||

Jilid 3 - Kaca : 273

23.
Kang nyambutkarya amung |
Mas Cêbolang lan santrinya catur |
tan rêkasa sarèh tanduking kang kardi |
sakathahing bau dhusun |
dhêlêg-dhêlêg nyawang (n)dongong ||

24.
Mancapat lima sampun |
mirêng warta lamun mangke dalu |
wiyosannya Kangjêng Pangran apan mawi |
lalangên tarêbang sinung |
langên-taya jalu wadon ||

25.
Warta tumular kabur |
kang atêbih dupi samya ngrungu |
dyan umangkat anak rabi dènbêktani |
kang kamargèn gugup anut |
tumuntur samya yun anon ||

26.
Ing wanci waktu luhur |
awit dhatêng tan na kêndhatipun |
kadi pasar têmawon swaraning jalmi |
lagya umiyat ing tarub |
erame tan pêdhot-pêdhot ||

27.
Mas Cêbolang mangayun |
mangênjali matur sampun rampung |
panggaraping tarub myang rarênggannèki |
utawi isarat-masrut |
sadaya sampun mirantos ||

28.
(n)Jêng Pangran manthuk-manthuk |
kanthèn asta lan Kinom Mantarum |
mariksani tarub kang rinêngga asri |
sukèng tyas ngandika arum |
Cêbolang pamintaningong ||

29.
Wong kang padha yun wêruh |
aywa nganti cêdhak lawan tarub |
lawan aja ana kang munggah pandhapi |
tanapi agawe rusuh |
lanang wadon aywa awor ||

30.
Nuhoni uninipun |
salamête kang nonton sadarum |
Mas Cêbolang ngawe kanca catur santri |
dhawuhkên timbalanipun |
(n)Jêng Pangran kang wus kawiyos ||

31.
Tumandang santri catur |
ngulur lawe wênang ginancêng wus |
kawit padon paregolan kanan kering |
tumêka satêngahipun |
palataran sinung pathok ||

32.
Salèring pathok wau |
sinung pathok rong dhêpa lêtipun |
ginancêngan lawe praptèng kidulnèki |
bale wangunan lêtipun |
sapta dhêpa sinung pathok ||

33.
Lawe wênang ingulur |
ngetan ngilèn pantog cêpuri wus |
inggilira sawudêl dyan dènbandhuli |
cêngkir bluluk miri jêbug |
pinatut pating garendhol ||

Jilid 3 - Kaca : 274

34.
Nurwitri muwus asru |
sanak-sanak èstri lawan jalu |
sanak èstri kang kilèn panggènannèki |
ingkang wetan sanak jalu |
kang sinung ling nulya manggon ||

35.
Kang nêmbe dhatêng laju |
ingkang jalu mangetan sadarum |
èstri ngilèn dene ingkang caos bêkti |
myang batih kulawargèku |
kang jalu dènnira manggon ||

36.
Nèng kiwa têngênnipun |
myang ngajênging tarub wangunan gung |
ingkang èstri manggèn èmpèring pandhapi |
myang lère bale pinatut |
jalu èstri timpuh nglesot ||

37.
Nabên ta wanci surup |
para santri mring masjid gumrubyug |
srambi bêntêt balèbèr plataran masjid |
(n)Jêng Pangran satamunipun |
maring masjid sakaloron ||

38.
Cêbolang santri catur |
tan na kari samya atut pungkur |
praptèng masjid nulya samya toyastuti |
minggah maring srambi laju |
maos slawat alalagon ||

39.
Bêdhug tinêmbang sampun |
Mas Cêbolang adan nganyut-anyut |
bakda adan sadaya sunat Mahribi |
rampung sunat kamat gupuh |
ing wêktu tan cinariyos ||

40.
Nahan kang ayun (n)dulu |
bêntêt manggèn kang wus tinartamtu |
nuju panglong pêtênge angliliwati |
parandene tan na numbuk |
maring gawar katon mêlok ||

41.
Sawênèh ana muwus |
priye kiye apa ta kaliru |
apa wurung ora sida bêngi iki |
nanging pasang rakitipun |
wèh giris kabèh kang nonton ||

Jilid 3 - Kaca : 275

239 Girisa

1.
Sigêg ramening wicara |
kang samya wêktu wus bakda |
(n)Jêng Pangran ngandikanira |
hèh Cêbolang dhisikana |
lawan papat santrinira |
wus paring idi manira |
aywa pakewuh ing karsa |
pinarêngna ing Hyang Suksma ||

2.
Nêmbah mundur Mas Cêbolang |
praptèng paregolan sigra |
cêngkir kalih kang ginantang |
anèng padon kering kanan |
sinulêt byar lir sasangka |
sorot nurut lawe wênang |
bluluk cêngkir kang ginantang |
kaampiran sorot padhang ||

3.
Sumunar pindha sudama |
kagyat kang samya uninga |
lêjar sungkawe sirna |
alok surak umyung samya |
pamuwuse warna-warna |
ana gèdhèg tutuk mênga |
wênèh nyablèki rowangnya |
eram sakèhing kang jalma ||

4.
Plataran sawang lir siyang |
santri papat lan Cêbolang |
lumêbêt mring pambrukutan |
Pangran lan Kinom Mantaram |
saking masjid wus tumêdhak |
pra ngulama pamêthakan |
santri miwah kulawarga |
kêbut umiring sadaya ||

5.
Praptèng jroning paregolan |
janjangan têngah wangunan |
sadaya wus sinulêdan |
murup lir dilah krompolan |
sunaring latu manampak |
klapa nyamplung miri jarak |
sarêng murupnya sumunar |
ting palêtik ting palêncar ||

6.
Kang wor buntal pindhanira |
tranggana katawêng ima |
ri kang pinêtha aksara |
sumorot mawarna-warna |
ijo rêta pita seta |
lir oncèn-oncèn sosotya |
mungêl asung salamêtnya |
kang samya mulat sadaya ||

7.
Surak malih sakèh jalma |
saya eraming wardaya |
barung lawan ungêlira |
tarêbang binarung swara |
Tokung-tokung gêndhingannya |
Kyai Nom dupi miyarsa |
angguguk gumuyu suka |
Pangran Bayat atatanya ||

8.
Ki raka gêndhing punapa |
lagune langkung sakeca |
yayi gêndhinge punika |
Tokung-tokung namanira |
wontên bambang saking arga |
nanging bambang pikun tuwa |
ting kathêmêk suku jaja |
bambang parêk lan maotnya ||

9.
Pangran dyan lênggah pandhapa |
lawan Kinom Ngèksiganda |
ngulama wadu wandawa |
nèng kering kanan sumewa |
para èstri anèng ngarsa |
pinilih panggènannira |
wus tata sapantha-pantha |
nahên ta ingkang winarna ||

10.
Kang pinatah langên-taya |
Mas Cêbolang buka swara |
arum wilêt lantas cêtha |
cingak kang samya miyarsa |
ri kang sêkar Madurêtna |
salendro pathêt manyura |
dhawah ing pada anulya |
gêndhing Kuwung-kuwung nulya ||

Jilid 3 - Kaca : 276

11.
Mangkana kang ayun bêksa |
Nurwitri ngrasuk busana |
pindha dyah endah kang warna |
ing wanci rumajaputra |
gêmuh ingkang payudara |
pinapantês kang busana |
tan ana ingkang kuciwa |
liringa galak mrakatya ||

12.
Mêdal saking ing guthaka |
kadi sirna kinêdhèpnya |
ganda rum mananduk grana |
praptaning têngah pandhapa |
mêndhak mèsêm patrapsila |
mêpês nguncupakên asta |
horêg kang samya uninga |
kinira wadon sanyata ||

13.
De pindha apsari swarga |
kang myat samya nahên brangta |
pangirane warna-warna |
apa si nèh runggèng desa |
apa ta runggèng nagara |
kapan ane (ng)gonne prapta |
de tan ana kang uninga |
baya nyeluman mas-rara ||

14.
Kang apindha Wilutama |
nêmbah ngadêg kadi teja |
nulya jêjêr lan ambêksa |
malêtêr patayanira |
wiraga kèh cingkokira |
liringe apinda kilat |
sung ulat kang samya miyat |
mèsêm sumêbar warata ||

15.
Gandrung-gandrung kang kataman |
nadyan ngulama pêthakan |
tangawut ambal-ambalan |
kaki-kaki myang somahan |
dhudha tanapi jêjaka |
ting balêkèr mrih kawuryan |
ngadhuh dhèdhèm sasingsotan |
wênèh (n)dongong carocosan ||

16.
Ngêmpakakên pangasiyan |
karaos lamun kapadhan |
manthêlêng mathênthêng mapan |
nyuwara tanpa riringa |
mêngko yèn uwis bubaran |
dak mati yèn tan nganthiya |
dhuh-dhuh kalulut manira |
ywa ngêmbang pace ni sira ||

17.
Kang sami anunggal karsa |
ewa mlengos muwus sora |
kok apik mung janji mênga |
kang liningan sangsayarda |
dènnya mêmanas sasama |
kang tyas butêngan gya kurdha |
cinêpêng gagithokira |
tinêkak mèh klêngêr tuwa ||

18.
Plikikên pucêt rainya |
tumungkul tan sabawa |
kang tumambirang wayahnya |
manthuk-manthuk kadi beka |
ngêsês mrinding angganira |
kadi campuhing asmara |
gumlogok wêdaling rahsa |
mrêngèngès nguyuh badhama ||

Jilid 3 - Kaca : 277

19.
Mak nyok kêmbroh sruwalira |
parandene isih beka |
manthuk-manthuk sru gambira |
kêmêng kapèpèt ing wastra |
kaku tyase gya liniga |
sêne ngêthuri ngarsanya |
misuh badhonge (m)bok dika ||

20.
Tan ngêmungkên jalma priya |
kang samya kataman brangta |
sanadyan para wanita |
kasmaran maring kang bêksa |
sigêg kang mulat sadaya |
nahên ta ingkang winarna |
barunganing anung swara |
sinawung Mijil sêkarnya ||

240 Mijil

1.
Kukuwunge ingkang anêlahi |
pramudita kaot |
kisma miyat supaya jayane |
ing ngalaga tejanira wingit |
amurwa mandra di |
ing kusuma luhung ||

2.
Duhkitèng tyas sri maha narpati |
mangarang wirangrong |
kaoncatan ing tyas kararase |
mentar mèngêt pamêngkuning batin |
amung kang kalingling |
Insan-kamilipun ||

3.
Kawirêjan amung kang kaèsthi |
mungkêt driyaningong |
tyase kadi tumuntur rasane |
sak tar kentar ing dalu umijil |
katonton rêsmining |
wulannya mawêlu ||

4.
Lintang roro angapit rêngganing |
sasangka sri tinon |
rangu-rangu amirangrong rongèh |
miyat ing tranggana moring sasi |
ketang ri sang adi |
tyasira kumênyut ||

5.
Tyasira kadi kentir sumilir |
kadya mêsatingong |
sumiyut saking ing jro purane |
cumalorot pratistha nibani |
lor-wetanirèki |
saking doh kadulu ||

6.
Sirêm-sirêm diwangkara riris |
arise sumorot |
mêrês rarasing wardaya kiye |
gêtêr-patêr sru munya mêlingi |
sasmitèng wiyadi |
aja anggung wuyung ||

7.
Aliwêran ingkang kilat thathit |
amarwasèng panon |
prabawanira wong sru brangtane |
adan prapta maruta sumilir |
sang brangta muriring |
kêkês driyanipun ||

Jilid 3 - Kaca : 278

8.
Apuyêngan ciptane ing ati |
gêtêr tyas sru kepon |
kanangsaya ri sang pinarjayèng |
rimang kapan baya ingsun iki |
anguswa rarasing |
puspitanirèku ||

9.
Supayane iya ngusadani |
larasmaraningong |
singa wastra upama rêgane |
basa nawala tumanên ugi |
suda-a ing ati |
laku kang tan sarju ||

10.
Darmaita sujana amardi |
pangumbaring kawroh |
amrih marta ing driya wêkase |
kamranira ingkang awawadi |
amriha mudhari |
tyasira kang punggung ||

11.
Bayêm harda tanaya madyaning |
Wiratha sang katong |
mari antêng brangta wiyogane |
apan datan sawatara manis |
rêngga satriya di |
Lesanpuranipun ||

12.
Sêtyanana yèn mariya maring |
sira raganingngong |
tirtamaya marganya ginawe |
ninging driya pan datan angalih |
namung sira ugi |
kang tansah kadulu ||

13.
Bayantaka satriya kang adi |
pinardikèng katong |
mati anglês raganingsun kiye |
yèn sira tan palimarmèng dasih |
pala rêta satri |
ya unggul jayèku ||

14.
Sun bang-êbang bisa misesani |
ing lair myang batos |
sanadyan ana prapta pamane |
cobaning tyas pan aja kagimir |
dènmantêp ing ati |
dènêngkuh dènbakuh ||

15.
Lalu mangsa panusuling jurit |
yèn kasepa babo |
ambantoni ing larasmarane |
jayèng toya putra Cêmpala di |
sapa baya ugi |
ngêjum tyasta wuru ||

16.
Barat sirat pasewakan adi |
jro nayaka katong |
wus kapupus ing driya rasane |
amung nganti sihira kang asih |
made atma pamrih |
baea srênggarèku ||

17.
Kangêningsun mapannora kêni |
yèn ririhna ingong |
sari seta iya apadene |
wong agung ingkang lagya cangkrami |
tan kapara ugi |
sih manira agung ||

Jilid 3 - Kaca : 279

18.
Nata dewa kursi lawan sikil |
dênta ingkang kaot |
amung sira kang dadi paranne |
trêsna manira tan kêna ngalih |
trusing lair batin |
mung mring sira masku ||

19.
Iramanya sêsêg sawatawis |
tan dangu ngandhêlong |
tandya suwuk kang ngabêksa lèngsèr |
lumêbêt ing guthaka rinêmit |
kang samya ningali |
lir tinilar lampus ||

20.
Kiyai Nom atatanya ririh |
sintên ingkang gambyong |
Pangran Bayat mèsêm lon dêlinge |
pun Nurwitri kang amindha putri |
sintên kang mastani |
yèn puniku jalu ||

21.
Akalipun Ki Cêbolang mamrih |
sukaning kang anon |
Kinom (ng)guguk dhasar bocah blatèr |
santri mèncul samubarang bangkit |
Ki Saloka mijil |
kang arsa anjantur ||

22.
Saka papat nulya dèn kênthêngi |
sadêdêging uwong |
lawe wênang tundha tri kênthênge |
kukurungan sawung dènbrukuti |
pinasang têngahing |
saka-guru catur ||

23.
Panging klayu dhuwêt langsêp wuni |
samya katutan woh |
pan sinami saha sapanjange |
tinanêm ing bumbung êpring ori |
pinêrnahkên mungging |
ing papadon catur ||

24.
Sawusira sampat amiranti |
sanggyaning kang prabot |
dupa ratus kumêlun kukuse |
gêndhing Pêtung-wulung dènsalahi |
slegrêng irêng pêting |
wulung godal-gadul ||

25.
Ki Saloka nulya angurungi |
pêthètan nèng pojok |
gantya-gantya wus kawratan kabèh |
duk binuka mindhak agêng inggil |
wohe samya (n)dadi |
ngrêmbaka ngrêmbuyung ||

26.
Wangsul maring satêngah pandhapi |
sêmbêt langking bagor |
linorengan angus kunir (n)jêtte |
linêbêtkên mring kurungan aglis |
ingubêngan ping tri |
matêg Alwasingu ||

27.
Dyan binuka mêdal kanang langking |
juaranthal malangkrong |
nèng wit dhuwêt mamangsa uwohe |
ngenak-enak nèng êpang amêthil |
kurungan dènambil |
Ki Saloka mundur ||

28.
Singa lorèk nèng têngahing panti |
tilêm anglêgorong |
lutung miyat (n)jêpiping kupinge |
lir likasan solahe anèng wit |
mêre cumalêring |
sima kagyat wungu ||

Jilid 3 - Kaca : 280

29.
Duk umiyat lutung kang nèng uwit |
dyan krura mangkorog |
udakara agênge sagudèl |
gora swara gambira ngajrihi |
mangrangsang unggyaning |
lutung mlembar gupuh ||

30.
Nging tan bangkit amarojol saking |
kênthêng lawe kaot |
lutung mêre singa anggro rame |
wit sakawan lir kadrêsan angin |
rontog wohe sami |
adoh tibanipun ||

31.
Kang samya non gègèr amalêncing |
rêbut dhucung miyos |
gundam-gundam lir kabur solahe |
jroning (ng)gêndring èngêt kang angibing |
nolèh dupi uning |
sima lir kinurung ||

32.
Samya wangsul gumarubyug sami |
alok kêplok-kêplok |
dhuku dhuwêt wuni klayu lèsèh |
nèng plataran gupuh angambili |
wrata sakèh jalmi |
sumyah angalêthus ||

33.
Sima sayah mogok kêmpis-kêmpis |
lutung nyaut gupoh |
suku pungkur tugêl bêt kalihe |
kantun suku ngajêng gya lumaris |
lincak-lincak maring |
sangandhaping lutung ||

34.
Nèng wit dhuku mlembar dènwradini |
sima kêlong-kêlong |
dyan sinaut suku kakalihe |
gumalundhung malumah angisis |
siyung mangap kadi |
guwa kang asirung ||

35.
Lutung nèng pang sayah angathêmil |
wêweka tan paos |
êpang sêmpal si lutung tibane |
nèng tutuking sima angingkêmi |
bokong suku wuri |
ginigit wus rampung ||

36.
Tangan lutung kakalih ing ngarsi |
nyangkrêm mata karo |
singa pêjah lutung kèsèr-kèsèr |
sênthuk-sênthuk luhira drês mijil |
kang samya ningali |
suka wlas kêlangkung ||

37.
Sukaning tyas lutung unggul jurit |
baima macêthot |
wêlas maring lutung de sikile |
kari ngarsa kesodan lumaris |
napas mêmpis-mêmpis |
(m)barêbêl ingkang luh ||

38.
Nulya ngamplok marang witing wuni |
dumadakan êsol |
mring wit dhuwêt nalika pinènèk |
dhuwêt rubuh lutung mancolot ring |
wit dhuku nguncati |
rêbah tandya lutung ||

39.
Nèng wit klayu nèng paragak aring |
tan na dangu ruboh |
andhingini si lutung tibane |
kabubuh wit si lutung ngêmasi |
rubuh ingkang uwit |
nyrèmpèt dilah gantung ||

Jilid 3 - Kaca : 281

40.
Rêntah siji ambyar têmah bêsmi |
wiwitan myang layon |
latu ngurêng dadya awu kabèh |
rinêsikan wus tan na labêting |
sagung kang ningali |
gumyah gumun ngungun ||

41.
Micarèng tyas aku apa ngimpi |
apa wêruh yêktos |
yèn ngimpia gene gênah jèngglèh |
yèn wêruha lir nèng jro pangimpin |
satanginging guling |
tan na labêtipun ||

42.
Tan wun ucapên kang niningali |
panggagasing batos |
Pêtung-wulung suwuk samya lèrèn |
ngaring-aring tan antara nuli |
Rujak-sêntul muni |
têrbang kalih duduk ||

241 Mêgatruh

1.
Iyêg gumarênggêng jalma kang (n)dudulu |
ngayun-ayun kang umijil |
sinêsêg gêgêndhingipun |
malahanira mranani |
Rujak-sêntul dhenok-dhenok ||

2.
Ki Saloka mêdal nèng sor dilah gantung |
manggul tumbu kêbak isi |
ron apa-apa lan tanjung |
sri-gadhing mlathi kumuning |
sinuntak mring jrambah gupoh ||

3.
Ingidêran kaping tri sawusnya kêmput |
ginêtak sakèh ron dadi |
pêksi mawarna gya mabur |
glathik pêking manyar êmprit |
têrik baranjangan bondhol ||

4.
Kakalangan nèng jro wisma kadi mêndhung |
pênuh ngalèbèr mring jawi |
angalèmprèh ibêripun |
ambyuk marang kang ningali |
pêksi dinêkêpan gupoh ||

5.
Maratani kang anon sadaya antuk |
kanang paksi warni-warni |
parandene nora surut |
kang anèng jro wisma maksih |
kadi mêndhung agumolong ||

6.
Ki Saloka ngrogoh gagembolanipun |
ron nangka ron kanthil putih |
ginêtak kalihe mabur |
dadya lap-alap sawiji |
kang sawiji pêksi bontot ||

7.
Alap-alap ngrampit pêksi kang lir nêndhung |
bebas minangsa wus gusis |
kantun bontot cucuk-cucuk |
anèng jarambahing panti |
sinaut lir swiwi bodhol ||

Jilid 3 - Kaca : 282

8.
Alap-alap krodha nyambêr malih luput |
dhawah jarambah wus lalis |
angganira anggalêpung |
samênir tan ana kari |
pêksi bontot colot-colot ||

9.
Ki Saloka Nurwitri gya mêdal gupuh |
(m)bêkta tumbu anglo kêndhil |
solèt silêp kêkêp wadung |
bontot cinêpêng wus kenging |
pinaragat wadung gacrog ||

10.
Binubutan rêsik wulunya kinumpul |
têlih mindhol-mindhol isi |
pari wulu mênthik arum |
sinuntak nèng tangan kering |
dadya wos pêthak mancorong ||

11.
Pinususan nèng tumbu toya dènêtus |
pêksi cinuci barêsih |
wulu kang kinarya kayu |
mêrgangah lir arêng sambi |
ulam pêksi lawan uwos ||

12.
Linêbêtkên ing kêndhil tinutup gupuh |
Ki Saloka myang Nurwitri |
nakir ron pisang kaluthuk |
karya rêge agêng alit |
tan antara dangu dados ||

13.
Latu sirêp liwêt tinumplak mring tumbu |
kumêbul angganda gurih |
tumusing bras tungtum arum |
tumbu bêk ing kêndhil maksih |
ulam paksi ting pêrkongkong ||

14.
Takir tusan nracak agênge sabêruk |
sêkul satumbu winradin |
-nakên ing takir sadarum |
papak lambe dèntumpangi |
siji-siji pêksi bontot ||

15.
Ki Nurwitri manêmbah cumadhong dhawuh |
(n)Jêng Pangran suka lingnya ris |
ing kêndhil bageyaningsun |
dene kang wus anèng takir |
bagènên mring lanang wadon ||

16.
Wus binage kacukup sadayanipun |
tirah sinungakên maring |
rarya lit-alit kang (n)dulu |
(n)Jêng Pangran ngandika malih |
lah Bismilah payo kono ||

17.
Amangana ya iku sasuguhingsun |
kamurahaning Hyang Widdhi |
supangate Kangjêng Rasul |
barêkahdalêm sang aji |
saanane aywa rikoh ||

18.
Kang liningan manêmbah samya ngathêkul |
kraos nikmat sadayèki |
saupa tan ana kantun |
ulam tirah dèn-gadhoni |
anggajih daging (m)puk mopol ||

Jilid 3 - Kaca : 283

19.
Lisah gajih anèng takir kêmplung-kêmplung |
kimpling-kimpling pindha warih |
mawa ganda radi arum |
dènuyup tirah sakêdhik |
pra samya kinarya wisoh ||

20.
Kang nèng kêndhil tinampèn madharan sampun |
bale-wangunan wus rêsik |
suwuk gêndhing Rujak-sêntul |
gumrênggêng swaraning jalmi |
gumunne tan winiraos ||

21.
Mas Cêbolang lawan santrinira catur |
kèndêl samya ngaring-aring |
nyambi nyanyamikanipun |
Ki Saloka nulya mijil |
bêkta awu kang nèng anglo ||

22.
Kang saisih panti-wangunan tinanggul |
awu inggile rong nyari |
pananggule wusnya kêmput |
mêndhêt upih kang wus isi |
ron kangkung lêmbayung jlegor ||

23.
Sinêbarkên anèng jrambah kang tinanggul |
upih pinarnah nèng pinggir |
anglo munggwing têngah munggul |
rampunging panatanèki |
tarêbang ginêmbyung gupoh ||

24.
Buka Nasrun minalahi wa padikun |
wa karibun wa basirin |
ya Allahu wal mukminun |
dhumawah gong dènsêlani |
maos salawat gumolong ||

25.
Alahuma salingala sayidinu |
Mukamad ya Allah mugi |
olèha rahmattu |
ing atasing Gusti kami |
(n)Jêng Nabi Rasul kinaot ||

26.
Jarambahe wisma kang tinanggul awu |
byar katon lir pendah rawi |
têngahing rawa pupunthuk |
bayak ulam warni-warni |
baita timbo sawiyos ||

27.
wontên jalma kaki-kaki kêmpong pikun |
kathok kalèt tatêkên pring |
tandya manumpak parahu |
kitêr wilah nganan ngering |
ulam nglobak amancolot ||

28.
Milar bar bêr cumlorot lir jawah awu |
dhawah sawijining panti |
alok surak kang andulu |
rayahan samya mêndhêti |
tan cinatur sukaning wong ||

29.
Ulam gusis baita kêlêm ing ranu |
ki kêmpong pikun ngêlangi |
manêngah praptèng pupunthuk |
napasira kêmpis-kêmpis |
ngathêthêr dhawah (ng)galoso ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (34) Kaca 255 – 271
  • (35b) Kaca 284 – 292 >