Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang

 (36) Kaca 293 – 296

 

( Bab: Fasik, Munafik, Kafir, Najis, Mêkruh, Laelatul-kadar )

7. Pangeran Têmbayat maringi katrangan bab: fasik, munafik, kafir, najis, mêkruh, laelatul-kadar, kêndhuri malêm Idul Fitri, siyam ing wulan Bêsar lan kurban kekah.


Kaca 293 - 296.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 293

244 Maskumambang

1.
Cinarita palajênge kang ningali |
mandhêg manguning tyas |
dupi nolih marang wuri |
sirêp urubing dahana ||

2.
Jalu èstri kang samya kataman wingit |
ciptanirèng driya |
kapasang yogantuk sêpi |
kasambadan ingkang karsa ||

3.
Samya wangsul lampahira (n)dingkik-(n)dingkik |
supayane aywa |
kawanguran ing lyan jalmi |
pawadane warna-warna ||

4.
Parandene mèh sadaya samya bali |
praptèng paregolan |
kawuryan wus nyênyêt sêpi |
nir labête karameyan ||

5.
Tyas kacuwan lon-lonan mantukirèki |
kiwa nyangking ulam |
tangan têngên nyêpêng pêksi |
sinambi araraosan ||

6.
Ana ngalêm unine tarêbang kalih |
angalêm suwara |
angalêm jogèding èstri |
angalêm jogèding priya ||

7.
Wênèh gumun singa lutung taru pêksi |
panutuning bêras |
tumêkèng matêng binagi |
myang ngungun baita rawa ||

8.
Ana ingkang karantan-rantaning ati |
(ng)glêgês kaèngêtan |
ana kagagas ing ati |
ngonggo-unggo kabasmaran ||

9.
Ênêngêna raraosaning kang jalmi |
agantya winarna |
kang anèng ing dalêm wingking |
mangênjali Ki Cêbolang ||

10.
Alon matur rumakêt amamalatsih |
sasêmbèn lênggahan |
angêntosi pajar gidib |
ulun nyuwun sasêrêpan ||

11.
Rèhning nate wicantên dènwicantêni |
nadyan dèrèng têrang |
suraos pikajêngnèki |
têka ing manah narimah ||

12.
Nanging èstu dèrèng sumêrêp sayêkti |
pinèpètkên (ng)gronjal |
wangsulan bandha kadugi |
labêt dèrèng (n)tuk pitêdah ||

13.
Mênggah têmbung pasèk munapèk myang musrik |
majusi maksiyat |
gidib lacut murtat kapir |
kapir ngindanas ngindalah ||

14.
Kupur lalim batal karam mêkruh najis |
punika sadaya |
amba èstu dèrèng dêling |
pukulun paringa barkah ||

15.
Sang Pangeran mêdhar sabda lingira ris |
kaki kawruhana |
mungguh patanyanirèki |
kasiling pamanggihingwang ||

16.
Têmbung pasèk têgêse wong kang (n)darbèni |
tyas maido marang |
kabèh parentahirèki |
sarak Nabi kang minulya ||

17.
Kadi kaum ingkang nora anêtêpi |
ing kwajibanira |
utawa jalma kang uning |
sarak Nabi tan linakyan ||

Jilid 3 - Kaca : 294

18.
Dene têmbung munapèk têgêsirèki |
wong kang wus winarah |
kabèh parlu sunat wajib |
miwah mêkruh batal karam ||

19.
Wus asanggêm têmên kaduga nglakoni |
wasana ing wuntat |
tan pisan-pisan nglakoni |
ngorakkên parentahing Hyang ||

20.
Basa musrik jalma kang maido yêkti |
têmên ana Allah |
namung kudu mituruti |
kakêncênganing tyas dhawak ||

21.
Banjur gawe Allah sasênêngirèki |
dene warnanira |
kang inganggêp Maha Sukci |
mawujud sadhengah-dhengah ||

22.
Sarta nora manut timbalaning Widdhi |
ngorakkên Pangeran |
surasane basa musrik |
kang wus sinirik ing sarak ||

23.
Lire ingkang basa majusi puniki |
wujud jalma kopar |
kang wus gêlêm anglakoni |
agama Islam minulya ||

24.
Nanging misih darbe tyas kang nyulayani |
marang sarak ika |
gawe-gawe pialaning |
kang tinartamtu prayoga ||

25.
Maksiyattu têgêse sakèh pakarti |
tatakalairan |
lawan ing patinirèki |
kang tan winênangkên sarak ||

26.
Lah yaiku anggawe druhaka yêkti |
aywa pisan-pisan |
ngaurip nganti nglakoni |
karêm mring sakèhing cêgah ||

27.
Basa gidib samubarang kang tan yêkti |
ing wicaranira |
ngamandaka ujar lamis |
agoroh bèngès tan papan ||

28.
Têmbung lacut têgêse jalma kang uwis |
nora babarpisan |
nglakoni panggawe bêcik |
basane wus langkah jidhar ||

29.
Têmbung murtat têgêse punika jalmi |
wani-wani ninggal |
saka agamanirèki |
Islam iku murtat rannya ||

30.
Basa kapir têgêsipun kanang jalmi |
kang tan purun ika |
anglakoni ing agami |
kang pakolèh maring sarak ||

31.
Têmbung kapir ngindhanas têgêsirèki |
nglakoni agama |
nanging lyaning sarak Nabi |
tan pakolèh mungguh jalma ||

32.
Dene kapir ngindalah kapir kang asli |
nglakoni sarengat |
nanging tyas tan madhêp maring |
ing Allahu wa Tangala ||

33.
Basa kupur jalma kang tan purun yêkti |
mulyakkên sanggyannya |
Kur'an Kitab para Nabi |
iya katunan rahsanya ||

Jilid 3 - Kaca : 295

34.
Basa lalim wong kasasar tekatnèki |
nora pisan-pisan |
darbe kaèngêtan bêcik |
iku lalim lungguhira ||

35.
Têmbung batal pan nora bisa lêstari |
apa kang kinarsan |
ing saparlunya tan dadi |
kudu bali winiwitan ||

36.
Lire basa karam sakèhing pakarti |
lair batin ingkang |
wus winalêr ora kenging |
inganggo miwah tinêdha ||

37.
Kumawani nrajang nir tingadurnèki |
labête kalingan |
dadya kalêbu ing ati |
iku karam kukumira ||

38.
Basa mêkruh têgêse barang pakarti |
kang narajang sarak |
nanging amung cilik tipis |
iku mêkruh arannira ||

39.
Basa najis rêrêgêt sukêr sakalir |
jiji sasaminya |
ingkang nora angrêsêpi |
iku pan najis sadaya ||

40.
Mas Cêbolang lêga tyase mangênjali |
sru pamundhiamba |
sabda jati kang kawijil |
kajawi saking punika ||

41.
Jroning wulan Ramêlan kala marêngi |
malêm salikurnya |
trilikur salawe tuwin |
pitu sangalikur samya ||

42.
Apan mawi kêndhuri-malêman inggih |
dumugining bakda |
kêndhuri riaya nami |
myang wardining Lêtulkadar ||

43.
Atanapi siyam Bêsar kalih ari |
tanggal astha nawa |
sadasa bakdanirèki |
paran gatining kang karsa ||

44.
Pangran Bayat mèsêm angandika aris |
sasurupaningwang |
nalika Kang Maha Sukci |
paring nugrahèng Pangeran ||

45.
Mring (n)Jêng Nabi Mukhamad ingkang sinêlir |
iya iku Kur'an |
malêm slikur wiwitnèki |
nêm jus tumuruning Kur'an ||

46.
Têlulikur tumurun ênêm jus tuwin |
salawe jus rasa |
pitulikur nêm jus nuli |
sangalikur nêm jus purna ||

47.
Dadi rambah ping lima tumurunnèki |
nêm sarambahannya |
wus jangkêp tridasa jusi |
kalamolah nama Kur'an ||

48.
Kêndhuri malêman ujube sami |
angaturi dhahar |
Kanjêng Nabi Mahkhamadin |
myang mulyakkên kalamolah ||

49.
Laelatulkadri wardinipun ari |
wêngi kang utama |
panggonaning anampani |
kabêgjan saking Pangeran ||

Jilid 3 - Kaca : 296

50.
Warni wujud kang saèstu nora mêsthi |
tibaning kabêgjan |
ana etung kang pinasthi |
wussing tridasa Ramêlan ||

51.
Ariadi garêbêg Puwasa nênggih |
dina kang minulya |
mustajab apa kang dadi |
panyuwunipun kawula ||

52.
Maring Allah ingkang sipat murah asih |
pramilanya samya |
ngabêkti pra luhur tuwin |
sasalaman mring sasama ||

53.
Dene pitrah manjing jakating kang dhiri |
dènnira dumadya |
makluking Hyang Maha Sukci |
mula kudu linampahan ||

54.
Pasa Bêsar kang saari ngarêp pati(?) |
kapindho tarwiyah |
kaping tri grêbêg nahari |
padha lan riadi Pasa ||

55.
Mula kinèn padha pasa kalih ari |
awit tan kuwasa |
wulan iku munggah khaji |
mring Mêkah Masjidilkaram ||

56.
Ingkang padha nglakoni ganjarannèki |
cinarita padha |
lawan ingkang munggah khaji |
nanging iku klêbu sunat ||

57.
Ari Nakhar apan winênangkên yêkti |
anyambêlèh kurban |
wêdhus utawane sapi |
ngamal salèh anjingira ||

58.
Yèn tan bisa kurban nêtêpi Nakhari |
dina tasrèk ika |
kalih dalu kalih ratri |
saka ari nakbar ika ||

59.
Isih kêna asidhêkah karobanni |
ing garêbêg Pasa |
lawan garêbêg Bêsar-i |
surasane apan padha ||

60.
Ri kang mulya mustajab apa kang dadi |
manyuwunning umat |
amung iku kawruhmami |
iki wus sêdhênge wêkdal ||

61.
Aluwaran samya ngambil toyastuti |
Ki Nurwitri adan |
Mas Cêbolang angamati |
arahab kang sami wêkdal ||

245 Salisir

1.
Salisir bakda Subêkki |
ing wanci saputing siti |
Kinom pamit mring sang yogi |
yayi kantuna basuki ||

2.
Ki Cêbolang mangênjali |
kalilana anyarêngi |
raka paduka (n)Jêng kyai |
Pangran Têmbayat nganthuki ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (35b) Kaca 284 – 292
  • (37) Kaca 297 – 299 >