Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 38

Kontak Admin.

email-kidemang

 (35b) Kaca 284 – 292

 

( Mitontonakên Kasagêdanipun Mawarni-warni, Kalêbêt "sihir" )

4. Mas Cêbolang tuwin para santrinipun kasowanakên Pangeran Têmbayat ingkang sawêg lalênggahan kalihan tamunipun ingkang sampun yuswa, wasta Kinom, abdidalêm êmpu ahli tosan aji, putra kapenakanipun Sunan Kalijaga. Êmpu Kinom nêrangakên bab dhuwung: têgêsipun têmbung dhuwung lss., bab ricikanipun, dhapuripun dhuwung lan watakipun, sakalangkung kathah ananging wijang.

5. Pangeran Têmbayat nêrangakên: bab Sangat Nabi, petangan Tatal, dintên sae lan awon.


Kaca 255 - 271.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 284

241 Mêgatruh

30.
Angrakêkêl kadi-kadi ayun lampus |
kang samya myat (m)brêbêsmili |
dahat wêlas sarwi muwus |
mêsakke têmên si kaki |
mêngko gèk kabanjur layon ||

31.
Mêdal malih pawèstri kêlangkung ayu |
candrane lir Prabasini |
tumrun saking ing swarga gung |
munggwing sasisihing rawi |
busana sarwa kinaot ||

32.
Lir katoran mêndhêng-mêndhêng riwe mêntul |
rarywan satêpining rawi |
pasuryan ngusapan sampun |
pindha sasangka (n)dhadhari |
sumunar katon mancorong ||

33.
Sila panggung asta kang kering pinangku |
asta kanan anyêpêngi |
panasar sarwi tumungkul |
kacaryan wêninging warih |
gandrung-gandrung kang samya non ||

34.
Angacêmong ayu iki karo mau |
sandhinge bêngis nambungi |
dak ngene rak ayu mau |
hus tamatna sing mêcicil |
waspadakna digêgojog ||

35.
Kang sawiji rêngkêng ngalêm ayu iku |
sijine adrêng mastani |
ayu kang mêtu karuhun |
gumêdêr wawanan angling |
purêngên tabok-tinabok ||

36.
Ingkang mungging têpining rawi panuju |
asung liring pindha thathit |
sumèntêg ngênani kalbu |
kang udrêg kadi sinapih |
cêp mênêng adhêlog-dhêlog ||

37.
Sang dyah rara sakeca nèng têpi ranu |
nulya ana jalma prapti |
bajang kulit (n)jêruk-purut |
ulês cêmêng lir minangsi |
gundhul untu ngringih katon ||

38.
Irung têmpak bathuk banyak kuping pêrut |
netra lêkok janggut nyathis |
gulu cêndhak pundhak mringkus |
gigir wusu bokong nyanthik |
nyêkathokan suku pekoh ||

39.
Iga mêthèr bèkèl malênthi kang wadhuk |
udêl bodong mathênthêng brit |
pangucapè grawul-grawul |
pêgat-pêgat nora dêling |
satuhu ratuning awon ||

40.
Kang umiyat mangkorog gagithokipun |
bajang pekoh marêpêki |
nèng pungkuring sang dyah ayu |
muwus manis mêrakati |
babo hyang-hyanging paturon ||

Jilid 3 - Kaca : 285

41.
Sosotya nung ingkang apradapa wungu |
baya mirah mulat adi |
dak rêmêt dadi sigêndhuk |
têka eman anèng riki |
nyawa wawi kula pondhong ||

42.
Sang dyah nolèh sru kagyat tyasnya kumêpyur |
(n)dharodhog uncat lumaris |
si Pèkoh tansah tut-pungkur |
saparannè tinut-wuri |
sayah mlaku (m)brangkang kesot ||

43.
Sang dyah nolèh si Pekoh sinabêt sampur |
kapisanan anggalinting |
kinira kabanjur lampus |
sang dyah alon lampahnèki |
tan dangu tangi si Pekoh ||

44.
Sang dyah ayu dumunung sajroning ranu |
dumadya sangêt gung brangti |
wayang-wuyungan ing kalbu |
winawas datan kaèksi |
gandrung-gandrung dhêlog-dhêlog ||

45.
Ngunandika yèn dak tututana (n)jêgur |
durung karuwan pinanggih |
mangka nglangi nora bêcus |
jêro bangêt rawa iki |
tiwas mati tan kapanggoh ||

46.
Dhuh woding tyas dak anti têpining ranu |
sokur yèn kapanggih urip |
sanadyan nungul wus lampus |
nora dadi cuwa mami |
dak êntas dak onthoh-onthoh ||

47.
Angathêngkruk nèng pinggir rawi gya ngantuk |
rarenggotan wus gumuling |
ngalekar lir bathang buthung |
napas slêkêp kêmpis-kêmpis |
ngorok kêrot aWirangrong ||

242 Wirangrong

1.
Nahan ta kang nandhang atis |
ngaringkêl anèng pupulon |
kagyat amiyarsa jumêgur |
pungun-pungun linggih |
we rawa lir kinucak |
katon ana lembak-lembak ||

2.
Pawèstri ayu linuwih |
kampul-kampul kadi turon |
Ki Kêmpong makanjar gya anggêbyur |
inggal amurugi |
dupi cêlak cinandhak |
sinunggi ginawa inggak ||

3.
Wus binêkta mêntas maring |
pupunthuk kang pindha pulo |
sang ayu pinangku dènêlus-êlus |
katon durung lalis |
mindhak-mindhak sumringah |
garing busana tan owah ||

Jilid 3 - Kaca : 286

4.
Ki Kêmpong ngungun tan sipi |
(n)domblêh ilêre narocos |
katon sêmunira gandrung-gandrung |
pupuji rip-urip |
jati-jati waluya |
dakpèk garwa sira rara ||

5.
Parang jaja kang kapidih |
sumêkan katon mancorong |
Ki Pikun kasunar (n)jêngêr (n)jêthung |
ri sang pindha lalis |
jati-jati waluya |
netranira rêm-rêm sata ||

6.
Uninga nèng pangkonnèki |
Kaki Pikun kêmpong perot |
giyuh ing wardaya ngadhuh-adhuh |
paran awakmami |
têka nora kaya-a |
karsaning Hyang Maha Nasa ||

7.
Lalakone awakmami |
nguni yun pinèt wong pekoh |
iki têka ana tanganipun |
wong wus kaki-kaki |
rupane tan mandra-a |
sapuluh kinapakêna ||

8.
Kawula amung sadarmi |
nglakoni karsèng Hyang Manon |
pirangbara benjang mênèk sinung |
kamurahan Widdhi |
kamulyan suka rêna |
ing dunya praptèng dêlahan ||

9.
Sang dyah wungu mangênjali |
ngraub pada matur alon |
dhuh sang sihing dasih sunaningsun |
pun patik andasih |
sumangga ing sakarsa |
Ki Kêmpong dupi miyarsa ||

10.
Sukèng tyas nyebong kang lathi |
ngadêg nyat ambêkan gamboh |
nglètèr angidêri sang rêtna yu |
gantya kang winarni |
si Pekoh kang anendra |
jênggirat tangi uninga ||

11.
Sang dyah wus nèng punthuk sarwi |
jinogèdan Kaki Kêmpong |
tandya krodha mangkrak manabda sru |
[.
.
.
] |
iku rak garwaningwang |
kaki age parènèkna ||

12.
Kaki Kêmpong eca ngibing |
binandhil sela tan anggop |
dangu-dangu kêna githokipun |
kagyat aningali |
ana wong salah rupa |
ala raratuning ala ||

13.
Kèndêl dènnira angibing |
kêkêl kapingkêl kapoyoh |
saya asru krodha nyandhak gupuh |
mrang sakgêbung sarwi |
pinuja mantra dadya |
gagaman mawarna-warna ||

14.
Waos balandaran tuwin |
panurung cebol lan pegon |
talêmpak panacak êcis limpung |
tinlorongkên aglis |
tibane pindha jawah |
sang dyah mire wus ampingan ||

Jilid 3 - Kaca : 287

15.
Kaki Kêmpong angindhani |
kang ngênani putung methot |
tan ana tumama Kyai Pikun |
akêkêmu warih |
sinêmburkên mring mêngsah |
mêdal gagaman mawarna ||

16.
Dhuwung lamêng pêdhang cundrik |
kudhi trantang arit bêndho |
lumarap pribadya wus cumundhuk |
badan kaèksi |
kataman ing gagaman |
mangkana kang sami miyat ||

17.
Duk sang dyah (ng)gêbyur ing rawi |
jalu èstri arawat loh |
sawusira gêsang sukèng kalbu |
nanging wlas tan sipi |
kala Ki Kêmpong (m)bêksa |
gumuyu suka sadaya ||

18.
Mangkya Kêmpong Pekoh jurit |
surak-surak alok-alok |
kêmpyanging tarêbang swara umyung |
samya dibya sêkti |
Ki Bajang kang kataman |
gagaman sariranira ||

19.
Tan ana sêlanirèki |
kinira ajur malopor |
kinirigkên ririh samya runtuh |
nulya dènuntali |
sakèh gagaman têlas |
eram ngungun kang umiyat ||

20.
Ki Bajang manglung ing rawi |
nyêmbur mêtya-pi gumolong |
Ki Kêmpong kataman api murub |
sarira dadya-pi |
dahana ngalad-alad |
kumutug toyaning rawa ||

21.
Sang dyah ayu kontrang-kantring |
toya rawi katon umob |
pupunthuking katon latu murub |
judhêg asrah Widdhi |
e Allah maringana |
pitulung mring kawlasarsa ||

22.
Sirêp ingkang punang agni |
kawarna-a Kaki Kêmpong |
mandar salin warna bagus bêsus |
busana mantêsi |
lir pendah wukir sêkar |
(m)baranyak prigêl sarigak ||

23.
Ngulati sang dyah pinanggih |
pinarpêkan dyan pinondhong |
sang dyah tan lênggana sukèng kalbu |
magut jurit malih |
Ki Bajang wimbuh krodha |
kalangkung bêntèring nala ||

24.
Solahe anggigirisi |
ayun ngrukêt nora injoh |
kapalang ing ranu tandya mungkur |
nongkrong-nongkrong ngising |
gagaman gya lumarap |
angênèni mêngsahira ||

Jilid 3 - Kaca : 288

25.
Ki Bajang atuding-tuding |
modar barêng sira mêngko |
yèn sira yuwana bêndhètamu(?) |
tan wurung bilai |
ajur sawalang-walang |
nora mikatoni mata ||

26.
Sang Bagus alon nauri |
tamatna matamu lêkok |
gamanmu tumiba kadi kapuk |
datan miyatani |
sanadyan garwaningwang |
malah kêmpling kaya mulat ||

27.
Ki Bajang (n)jêtung ananging |
mingsêg-mingsêg wacana lon |
aku uwis tobat turun pitu |
nyuwun pangaksama |
nanging kuwi mrènèkna |
dadi cihnaning aksama ||

28.
Sang Bagus mèsêm lingnya ris |
dhuh babo wotding tyasingong |
paran karsanira rèh jinaluk |
yèn sira pancèn sih |
maring si rupa ala |
lah babo sira mronoa ||

29.
Sang pindha dyah asung liring |
dyan tumungkul arawat loh |
mlasasih turira dhuh sang Bagus |
prasêtya pun patik |
gêsang tumêkèng lena |
tulusa mangèstupada ||

30.
Samêndhang datan (n)darbèni |
nalimpang dhumatêng seos |
sang Bagus kataman ing sabda rum |
lathi dyah kang kadi |
manggis karêngat maya |
cinucup ingarasan ||

31.
Manuara amalat sih |
swara arum mawèh lamong |
pra dyah kang umiyat anèm sêpuh |
miwah prawan akir |
kajumbuhan panggagas |
ngalêsêt ewah linggihnya ||

32.
Ana ngadêg tan nasari |
bêtèke kabêlêt nguyoh |
têmah ilèn-ilèn sukunipun |
malêncing mring jawi |
pratisthèng gyan kang kiwa |
saya kagagas ing driya ||

33.
Satêmah ngacêcêr mrinding |
ginagapan wus ambathok |
sweda ingkang têngah cinoplok |
pluk tlanakan kapidih |
sang rahsa tan drana |
mijil saking ing sasana ||

34.
Megal-megol wênthat-wênthit |
ngêsês mèwèk-mèwèk (n)dhoko |
sawusira tuntas napas ngangsur |
kang ambathok lilih |
astanya wus linêcat |
gubras kumut ingusapan ||

35.
Wênèh kêjêp netra kalih |
badan sakojur kumêjot |
nrêthêg (ng)gêgêt waja mêksa (m)brujul |
jibêg lawang kori |
mupruk karakêt sinjang |
pamisahe lon-alonan ||

Jilid 3 - Kaca : 289

36.
Ana ingkang pringas-pringis |
mêlerok netranya karo |
tyasnya tarataban riwe kumyus |
tan sagêd ngawali |
sumêntor wêdalira |
(n)jingkat ngadhuh ngêsês sora ||

37.
Nyablèk mring kang cakêt linggih |
kang cinablèk kapanujon |
netra rêm-rêm ayam lêlêt idu |
gêgondhange salit |
nêdhênge kanikmatan |
(n)jumbul angling tobat-tobat ||

38.
Mêdhot kênikmatan sirèki |
megal-megol tatanya lon |
lah ana pa sira gawe gumyur |
is-is (m)bok ya uwis |
èh-èh padha kawogan |
kalihe ngunjal uswasa ||

39.
Kang tan sêdya dènsabili |
narêthêg githok mangkorog |
napase kumrangsang kêdhèp sungsun |
mathêm lathinèki |
kêjêr akêkerogan |
lidhah mele kacêmutan ||

40.
Ginggang saking lungguhnèki |
dalah sari dhara mêkrok |
mundri marawayan badan gumyus |
astanira kalih |
nèng wingking pindha tuwak |
ngulat-ngulèt trog-êntrogan ||

41.
Wus lêga cape kang dhiri |
bokong ginarayang kêproh |
nyunyunggi narayang nyamuk-nyamuk |
(n)gligik nabda ririh |
mêngko gèk nacah sinjang |
tujune untune bogang ||

42.
Ngacêproh satêmah risi |
(n)gènnya linggih megas-megos |
dupi kagaringan lir dènancur |
krakêt ngarsa wuri |
pambênggange lon-alonan |
kraos pêdhês sambat-sambat ||

43.
De priya kang aningali |
tan pae lawan pra wadon |
lamun tan pinêkak jêntus ngayun |
kèh krura mawêrdi |
satêmah triwikrama |
lir taksaka yun mangsa ||

44.
Kumêjot kèh kang kawijil |
sruning krura tan rinaos |
kagyat kang kataman nolèh pungkur |
pisuhe (n)dharidhit |
ngakak kang pinisuhan |
(ng)galêgês minta aksama ||

45.
Hus wong kêcul ywa cariwis |
caturana dhewe gojog |
bêntèke anandhang lir puniku |
mila dènnya runtik |
glayêm-glayêm kewala |
milah rikuh kacipuhan ||

46.
Tan wus ucapên ing tulis |
panggagase kang samya non |
Kinom ing Mataram tatanya rum |
lah sintên puniki |
Ki Kêmpong dadya nyanthas |
èstri ayu tiyang bajang ||

Jilid 3 - Kaca : 290

47.
(n)Jêng Pangran wacana ririh |
ingkang pindha Kaki Kêmpong |
punika Nurwitri de dyah ayu |
pun Cêbolang yêkti |
dene ta ingkang pindha |
tiyang bajang pun Saloka ||

48.
Angguguk Kinom Mantawis |
yayi kula pandung yêktos |
tuhu pun Cêbolang bagus mêncul |
samubarang wasis |
wus dawil ngèlmunira |
talênyêking oliya ||

49.
Sigêg kang rarasan angling |
gantya kang (n)jantur kacriyos |
sang rêtna kang tansah rinungrum |
nêmbah matur malih |
dhuh babo kasirnakna |
si lêthêg ratuning ala ||

50.
Dhuh woding tyas ywa kuwatir |
mungguh sirnane si Pekoh |
sang Bagus gya musus astanipun |
tan dangu gya mijil |
lawa gêng wujud wangwa |
ginêtak mamprung saksana ||

51.
Tumèmplèk rainirèki |
si Bajang kagyat ambêngok |
lawa wus cinandhak binanting prus |
ajur pulih malih |
mêrngangah ngalad-alad |
mamprung tan nêdya mundura ||

243 Durma

1.
Lawa wangwa anyambêri ngering nganan |
cinandhak angendhani |
kêbêt suwiwinya |
kadi udan dahana |
bingung dènnira nyingkiri |
ngaub sor blandar |
lawa nèmplèk ing gigir ||

2.
Kitêr malih mungsêr nèng bale wangunan |
lawa tansah nyambêri |
kang samya umiyat |
surak ambata rêbah |
Ki Bajang akontrang-kantring |
mêndhêm ing kisma |
sarira tan kaèksi ||

3.
Lawa sirna manjing ngandhaping pêndhêman |
Ki Bajang pongah-pangih |
dahat tan kawawa |
ngolang-ngaling gya mêdal |
si lawa wus tan kaèksi |
aring napasnya |
suka ngidung ngrêrêpi ||

4.
Kagyat (n)jola lawa tumèplêg kawêtnya |
mèkèh-mèkèh lumaris |
sambat biyang-biyang |
mlêtêr ngubêngi rawa |
lawa ngudhis-udhis silit |
nyangkrêm gantangan |
mijêt-mijêt kêmiri ||

5.
Datan sakit Ki Bajang datan kuwawa |
anggêbyur maring rawi |
salulup ing toya |
lawa-wangwa wus uncat |
kêkêjêr nginggiling warih |
sabên Ki Bajang |
mênthungul dènencoki ||

Jilid 3 - Kaca : 291

6.
Kawêkèn tyas datan nêdya mênthungula |
lawa-wangwa wus manjing |
ing dhasaring rawa |
kumukus ponang toya |
mawalikan rawa api |
mulêg kukusnya |
Ki Saloka wus manjing ||

7.
Mring guthaka tan nana ingkang uninga |
mangkana kang amunggwing |
satêngahing rawa |
tandya nitih baita |
lumban anèng rawa agni |
ingkang kaambah |
sirêp dumadya siti ||

8.
Sakarongron mêntas saking ing baita |
rawa tanapi agni |
tan nana labêtnya |
brêsih ingkang jarambah |
trêbang gobyog wus ngêndhoni |
ngandhêlong nulya |
suwuk dènsalawati ||

9.
Alahuma salingala Sayidinna |
ya Nabi Mukhamaddin |
Nabi ngadadamma |
pingil mila salatan |
daimatan bi dawammi |
mulki la inna |
salawat kaping katri ||

10.
Samya kèndêl ngaring-aring napasira |
minum tanapi nyamik |
kang anèng jarambah |
sang Bagus lawan sang dyah |
misah dènnira alinggih |
nata busana |
lir onêng wukirsari ||

11.
Tandya buka Surung-dhayung gêndhingira |
kaliyê (m)bêksa manji |
tan ana kuciwa |
sanggyane kang uninga |
jalu èstri samya brangti |
wuyung kasmaran |
gandrung-gandrung makingkin ||

12.
Angrêrantam mêngko kalamun bubaran |
mulih mring pondhoknèki |
dak cêgat ing marga |
parêng datan parênga |
ulun nyuwun lunturing sih |
usadèng rimang |
ing pamurunging lalis ||

13.
Ing sakarsa dasihe nora suwala |
nahan mawarni-warni |
panggagasing driya |
mangkana kang umiyat |
manggèn têbih aningali |
wuwung wismanyar |
kantar-kantar kang agni ||

14.
Sangsayarda urubing kanang dahana |
sakèh ingkang udani |
mundur palarasan |
icir nora kasêsa |
wong kang miyat sampun nipis |
kantun kang pêrak |
katungkul aningali ||

15.
Kang ambêksa sangsaya asung wigêna |
ngangsêg kang niningali |
wisma ingkang kobar |
anggêrêng agni wrata |
jumêthot balungan êpring |
wisma pambêksan |
apan wus dadya api ||

16.
Kagegeran mêdal saking palataran |
gusis kang niningali |
kang anèng pandhapa |
èstri tanapi priya |
kathah ingkang amalêncing |
tansah kawangwang |
mring kang ambêg sang panji ||

Jilid 3 - Kaca : 292

17.
Wus asirna datan nana labêtira |
pulih kadya ing nguni |
wanci tabuh tiga |
Pangran lan tamunira |
kondur maring panti wingking |
Cêbolang lawan |
santri catur umiring ||

18.
Tatalênggah Cêbolang marêg ing ngarsa |
Kyai Nom ing Mantawis |
mêdharkên sukèng tyas |
manêmbah Ki Cêbolang |
kawula amung sadarmi |
alumaksana |
saèstunipun inggih ||

19.
Saking barkah dalêm kang pinudyèng ngarga |
Têmbayat kang ngrênggani |
mèsêm (n)Jêng Pangeran |
arum mijiling sabda |
hèh Cêbolang rèhning uwis |
akasêmbadan |
kang dadya karsamami ||

20.
Apa ingkang ingsun walêskên ing sira |
tan lyan pandongamami |
muga Kang Kuwasa |
aparinga raharja |
sabarang tindakirèki |
aywa was-uwas |
mapan ana kang kardi ||

21.
Kyai Anom Mantaram alon lingira |
kulup ingsun ngamini |
yayi mangke wêkdal |
Subuh kapara awal |
bakdaning wêkdal Subêkki |
ulun aliman |
mantuk maring Mantawis ||

22.
Rèhning nanggêl aluwung natasa pisan |
Cêbolang matur aris |
dhawuh kang dhumawah |
dhumatêng ing patikbra |
kalangkung-langkung kapundhi |
dados jêjimat |
nuwun bilih marêngi ||

23.
Mangke ulun nyarêngi raka paduka |
sabakdaning Subêkki |
(n)dumugèkkên sêdya |
lawan sarencang amba |
(n)Jêng Pangran manthuk lingnya ris |
wawêkasingwang |
dènkumambang ing Widdhi ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (35a) Kaca 272 – 283
  • (36) Kaca 293 – 296 >