Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (41) Kaca 308 – 320

 

( Dasanama Saranduning Badanipun Manungsa )
4. Dasanama saranduning badanipun manungsa lss, sakalangkung kathah. Ugi dasanamaning satokewan, sêsêbutaning ratu sarta abdidalêm sapangkat-pangkatipun.
Kaca 308 - 320.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 308

248 Sinom

27.
Têranging pamyarsakula |
karantan-rantaning ati |
sampun samantên kewala |
yèn linajêngakên sirik |
kalawan tan prayogi |
bilih kawêdhar lyannipun |
sanès rembatan kula |
wadining (n)jêng sri bupati |
Mas Cêbolang matur sintên sri dipatya ||

28.
Nggih punika sri narendra |
Mas Cêbolang matur aris |
têka nama sri dipatya |
punapa jujuluknèki |
sawêg nêmbe miyarsi |
Ki Wanakarta lingnya rum |
ing sêrat Dasanama |
nyrioskên nami sakalir |
nanging botên tamtu kathahe sadasa ||

29.
wontên langkung wontên kirang |
sadasa warni kang nami |
Cêbolang malih aturnya |
bilih kyai amarêngi |
kang kasbut dasanami |
winêdharêna sadarum |
mèsêm Ki Wanakarta |
inggih (ng)gèr langkung prayogi |
muhung amung kèngêtanulun kewala ||

30.
Namaning rambut punika |
rema roma jata wèni |
namaning sinom titiga |
sinwan tarda arinata-ni |
Namaning êndhas nênggih |
sirah murda kumba ulu |
mastaka utamangga |
siwira pasuhunan-ing |
namaning kang polo utaka sukara ||

31.
Namaning unyêng-unyêng |
munyung munyêng pundran pundri |
utawi anama usran |
Namaning (m)bun-(m)bun inggih |
pasundhulan lan malih |
nabyuka wuwunan pwuhun |
Namaning rai muka |
wadana nayaka tuwin |
swa pasuryan danawasta naraupan ||

32.
Aswataka lawan golaka |
Namaning bathuk puniki |
rattha danta paradinan |
larapan watriya tuwin |
thila watthawa bakli |
nakya jangkêp sadasèku |
namaning mata tingal |
soca netra-aksa èksi |
myang kecana aksi tanapi maripat ||

33.
Namaning alis punika |
imba siratmaya drêsthi |
êning atanapi nahya |
namaning idêp mung kalih |
irpya wiruya nênggih |
Namaning tlapukanipun |
dyaraksa pakêjêpan |
nitrama padhelan naming |
warni gangsal De tadhah luh dwi namanya ||

Jilid 3 - Kaca : 309

34.
Tarinjilan taritisan |
Padon-mripat nama mung dwi |
padaksi lawan sanira |
Namaning ulat winarni |
nitya nayana liring |
naya wulat jaswa-nipun |
Namaning pasu tiga |
paswa salimba utawi |
nayantara Namaning irung ginita ||

35.
Grana narsika carsana |
idhung tri namung puniki |
namaning pipi julingha |
pangarasan lawan malih |
paya-paya jangkêp tri |
Namaning kuping winuwus |
talingan panalingan |
karna pangrênga lan malih |
kijih kêsèh padlingan De namanira ||

36.
Woh kuping pani panoka |
Namaning pilingan nênggih |
piilisan salimuka |
pindaka lawan pamiddhi |
Namaning lambe lathi |
talawya lan malihipun |
wiwiruta wirusa |
Namaning cangkêm winarni |
panga tutuk jurama linga duhara ||

37.
Namaning untu udata |
waja dênta ungsa gigi |
De namaning siyung drastha |
anudaka jatha jêthis |
dodaka De namaning |
êbam bahêm wahma sampun |
De namaning gusinya |
gosya ngrima podata naming |
Gantya namaning ilat lidhah myang jihwa ||

38.
Namaning têlak lak-lakan |
patlak jaludha mung katri |
Namaning cêthak ludhaka |
pakima pan amung kalih |
Gorokan namanèki |
padinan goludha gurung |
jang-garma lwidha têngkran-nya |
Namaning kang kalamênjing |
kalanjura kalmasu lawan panglula ||

39.
Namaning uwang wanggita |
wêha wêgang De namaning |
janggut dhahalu arluta |
Namaning gulu puniki |
tênggak-tênggêk jangga twin |
lungaya lungkeya sampun |
namaning tênggok arka |
janggata tanggota aming |
namaning kang githok griwa jitha prastha ||

40.
Namaning pundhak pujangga |
pamidhangan guwi nami |
Dene namaning sasalang |
sale-sale lawan malih |
[.
.
.
] |
Mangkya namaning kang bau |
buja wahwa sikara |
baywa kalawan bahyi |
Namaning kang tangan asta aswa kasta ||

Jilid 3 - Kaca : 310

41.
Langan rut lupun lungiyan |
Namaning cangklakan kalih |
namung kèlèk klawan goswa |
Namaning sikut winarni |
siku lunggiya tuwin |
lunggana De namanipun |
ugêl-ugêl mung tiga |
durung gudipa myang pantri |
Namaning kang èpèk-èpèk ugi tiga ||

42.
Têpak têpaswa gumpita |
Dene namaning dariji |
racikan kalawan aswan |
jari anglingka anaming |
Warna catur jariji |
Namaning jêmpol winuwus |
pol-êmpolan tuita |
Namaning panuduh mung tri |
tuding tamuduhan kalawan panêdah ||

43.
Namaning panunggul ika |
panalika ulujagi |
katiganipun panika |
Namaning dariji manis |
namika jri maduning |
Namaning jênthik winuwus |
ênthik-ênthik kalawan |
kalinglingan De namaning |
ingkang êtoh sêpahan amung punika ||

44.
Namaning kuku kanaka |
tulangsa tumit lan makri |
Namaning brêngos winarna |
rahawis gumbala kumis |
Namaning godhèg kalih |
jambang jambira puniku |
Namaning jajenggotnya |
jèbrès daguyaya êbris |
Dene maning simbar-jaja jagamaya ||

45.
Lan anama kiswa jangsa |
Namaning dhadha jaja twin |
pranaja jangsa kruradha |
namaning susu puniki |
saridha tetya tuwin |
pahayudara pambayun |
lêmak santên tètèk-nya |
Namaning kang pulung-ati |
kukulungan lêmbana De namanira ||

46.
Wêtêng padharan hudara |
garba dhara dhandhun tuwin |
bandhutya Mangkya rannira |
wudêl tungtungnan nahabi |
pusêr umadya nênggih |
Namaning lambung winuwus |
epya iring udaya |
Namaning iga winarni |
rusuk tuwin jaringan namung punika ||

47.
Namaning têpak sanggata |
sanggat watna waha lêmbi |
Namaning gigir pêngkêran |
pugyahan adaddha tuwin |
jriha Mangkya namaning |
ula-ula kang winuwus |
tanggola adodaya |
Namaning bokong atasli |
bocong, wangkong wangku prasila wasmika ||

48.
Dene namaning walakang |
wadidang turwaka naming |
Namaning silit punika |
jubur pantat lawan mèdi |
Mangkya namaning pêli |
pajalêran pastapurus |
lada gathèl purusa |
linggana, gathul Gumanti |
namaning kang konthol gintungan landhuka ||

Jilid 3 - Kaca : 311

49.
Palandhungan myang siraswa |
Namaning pawèstrèn blêki |
has turuk hès pasti baga |
Namaning kang itil krênti |
-ka karênta twin |
wanggaprana mung puniku |
Namaning pupu paha |
supit tur Mangkya namaning |
ingkang dhêngkul drêkuka jêngku jungkala ||

50.
Jêngkalika Mangkya gantya |
namaning sikil winarni |
suku sampeyan paduka |
kalipada jênung naming |
Namaning polok nênggih |
padagsa padarakèku |
padaraksa Gumantya |
namaning tungkak winarni |
jungkare lan saking lana mung punika ||

51.
Namaning kang dalamakan |
wacakan kalajung tuwin |
kalapada talamakan |
pangkaja pana kang nami |
Nurwitri matur aris |
pênthil pringsilan myang jêmbut |
nami dèrèng kawêdhar |
thole sun durung mrangguli |
linajêngna sru kasmaran dasanama ||

249 Asmaradana

1.
Namaning ati winarni |
galih praya wardaya tyas |
manah kalbi twas prana-ne |
ambêg sota cita sita |
hrêdaya lawan drana |
Gantya namaning kang jantung |
tungtut kalawan adnyana ||

2.
Namaning rêmpêlu nênggih |
parung-parung pawawaddha |
Mangkya namaning usus-e |
igma kalawan pusdhara |
Namaning otot ika |
urat praddha an-gota mung |
Ranning bayu nadi waywa ||

3.
Namaning balung tulang twin |
tosan walêngka saddhika |
Dene namaning sungsum-e |
saswasa sadis gagala |
Namaning dagingnya |
erat-dadwina iku amung |
namaning gajih winarna ||

4.
Lêmak widya kawalam ming |
Namaning gêtih ludira |
marus ludhira, êrah-e |
Namaning kulit walulang |
turila cucal carma |
Namaning wulu winuwus |
arla bulu lawan krima ||

5.
Namaning badan winarni |
angga, hrungka angga awak |
sarira wak langgana-ne |
langga wanda tubuh raga |
slaksana pasikêpan |
Namaning nyawa cinatur |
atma jiwa jwita suksma ||

Jilid 3 - Kaca : 312

6.
Gantya namaning kang mani |
rahsa rêta, sindu rêtna |
manimaya myang pêjuh-e |
Namaning kringêt swanita |
aringêt myang erangga |
riwe kardhaya arimut |
Namaning kang êluh waspa ||

7.
Namaning idu puniki |
kêcoh ludhah lan tricaya |
De namaning ambêgane |
uswasa myang wayuwita |
Namaning wawayangan |
paryyana mayangga iku |
kalayan graya luyana ||

8.
Ranning andhêng-andhêng nênggih |
karandhêng lawan witangga |
tamat badan sasrandune |
Namaning ratu winarna |
narendra narèswara |
endra narapati prabu |
narèhismaka nararya ||

9.
Narendra dipa narpati |
nareaji naradipa |
naranata myang narpa-ne |
buminata bumipala |
mangkubumi srinata |
buhpalaka nareprabu |
narpati dwipati dwita ||

10.
Buhpati bupati sang sri |
sitipati sri buhpala |
nata sang nata rajane |
maharaja susuhunan |
sang siniwi pamasa |
sang sri kangjêng dipa ratu |
rana srindra naranata ||

11.
Pangêmpyak sinuhun aji |
Mangkya (n)jêng ratu namanya |
paramaisi padmine |
maisi narpaduhita |
narpadwita duhita |
pramèswari nrêpawadu |
paramaisi dayita ||

12.
Sarendra mahisipani |
narèswari garini-nya |
natadèwi, supadmi-ne |
narendra-garini lawan |
sri supadni swari-nya |
natarèni supadni-ku |
prawara maisi miwah ||

13.
Sriyodadi lêksiwati |
rajamaisi ratyan sang |
biniaji pungkasane |
Mangkya namaning pandhita |
rêsi suyati wikya |
mahayêkti mahawiku |
Mahayogi yatiwara ||

14.
Dwijawara mahamuni |
maharêsi muniwara |
sidhawakya brahmana-ne |
maha pinundhi munindra |
sipa yogi suwara |
sunya sang mahêning yampu |
brahma-asidha yogindra ||

15.
Wiku salya sidha yogi |
yati yogi yampuh tamat |
Namaning pujangga rêke |
kawirêja kawiradya |
kawiswara kawindra |
kwiwara mardawalagu |
sang akawi pramasastra ||

Jilid 3 - Kaca : 313

16.
Mandraguna pramakawi |
pramabasa mardibasa |
lawan awicarita-ne |
sambegana nawung-kridha |
Namane kang santana |
wandu warga kula wadu |
wandawa kula wandawa wandu wandawa ||

17.
Wanpawandu wandawèki |
kulya, duwa wandu-wanda |
kulawandu warêga-ne |
yadukula kulawarga |
kulawandawa lawan |
sanak sadhèrèk pan sampun |
Mangkya gantya namanira ||

18.
Santana saking ing èstri |
bahangga wrêniwa wangsa |
wangsawrêni kulyandu-ne |
balasantana punika |
Gantya namaning putra |
tanaya atmaja sunu |
yyranak suta wêka ranak ||

19.
Wêkaja sunyanan siwi |
ja syan kalawan anak |
Gantya namaning patih-e |
kyan mapatih mangkupraja |
natyardya mantrimuka |
rakyan mapatih puniku |
senapati adipatya ||

20.
Nindyamantri mangkubumi |
nayakawaktra kalawan |
mantriwasesa pungkase |
De namaning senapatya |
dipati senanata |
pramugari natapupuh |
senadipa natayuda ||

21.
Gantya namaning prajurit |
wira prawira sudhira |
wirayodha wadana-ne |
warayodha wirarodra |
sura suranggakara |
wara prawara dibyanung |
danuja sudibyayoda ||

22.
Dibya widagda mungkasi |
Namaning tumanggung ika |
bupati myang wadana-ne |
nayaka jangkêp mung tiga |
Gantya namaning tiyang |
janma jalmi jalma manus |
uwong wang wyang sana nara ||

23.
Namaning tanah winarni |
mandhala pradesa lawan |
ani wana De namane |
nagari nagara praja |
rajaddhi pura kutha |
radya rarjya raja pan wus |
Gantya namaning kang jagad ||

24.
Rat-maramorêdya tuwin |
rat-kotama rat-pramawa |
rat-paramoditaya-ne |
pramotama pramosita |
myang pramososesaya |
rat-kartyawan malihipun |
pramodita prarosesa ||

Jilid 3 - Kaca : 314

25.
Rat-wiryawan lawan malih |
pramosudha jagad-raya |
Namaning ênggèn jinèntrèh |
loka pana syangsa unggyan |
swana sana astana |
Namaning bumi winuwus |
buhwahananda buwana ||

26.
Bumi mandha ngandha bumi |
ngandha buhwana mandhala |
bumi mandhala kisma-ne |
trimandha laya buwana |
tribawana bantala |
pratala gantya winuwus |
namaning kang madyapada ||

27.
Aripada marapati |
amradata swamanusa |
lawan amartyapada-ne |
narapada janmapada |
manungsapada lawan |
sajapada jangkêpipun |
madyapada mangkya mêdhar ||

28.
Namaning dêlahan nênggih |
martyaloka janaloka |
muksapada triloka-ne |
lokabawana narahyang |
amaraloka lawan |
nirayapada puniku |
martyaloka swarapada ||

29.
Namaning omah winarni |
rangka rangkang rangkal nasa |
yasa suyasa wisma-ne |
swawisma suwisma graha |
panti bale wangunan |
Namaning surya winuwus |
srêngenge arka raditya ||

30.
Baskara aruna rawi |
suwandagni diwangkara |
kalandaragni hera-ne |
dinakara andakara |
matahari radeya |
Namaning wulan winuwus |
rêmbulan tanggal basanta ||

31.
Sasangka kirana sasi |
lèk sitangsu tèngsu candra |
sasadara De namane |
lintang bintang taranggana |
tranggane myang sudama |
namaning langit winuwus |
wiyat jumantara tawang ||

32.
Rahawismara wiyati |
nabasjaraya wang-awang |
antariksa de namane |
ardi girindra acala |
endra wukir aldaka |
parwata parsa argèku |
giri parwata, himawan ||

33.
Namaning toya winarni |
banyu tirta warih gangga |
ranu tuban jahnawi we |
jahêning sindu udaka |
Namaning kanang wana |
alas wana wanadri-ku |
tarataban wanawasa ||

Jilid 3 - Kaca : 315

34.
Wulusan rimba wanardi |
wanapringga wanantara |
wilahan lirang hutan-e |
Namaning angin winarna |
maruta samirana |
anila pracanda bayu |
barat pawana prahara ||

35.
Bajra lesus sindhung mangkin |
Namaning jawah winarna |
udan jawêh riris srane |
drêsti surur sracap warsa |
Namaning gêni ika |
pawaka dahana latu |
anala awuhya brahma ||

36.
Agni api lawan puyi |
De namaning kang sagara |
samodra jalanidhi-ne |
waudaya jaladhiyan |
waudadi hèrnawa |
waudadi tasik laut |
jaladri nadi hudaya ||

37.
Gunadi kalawan jaddhi |
Namaning kadhaton pura |
purannya kênyapuri-ne |
antapura purantara |
puraka prasadarga |
tajya karatyan kadhatun |
dhatulaya kanyapura ||

38.
Kaaji kadhatyan puri |
De ranning pra arum kênya |
adyah ing kênyapurine |
wara rèni warakênya |
warakami kadyaka |
trêhajya dalêm myang wadu |
rèni kamini wangayya ||

39.
Wara kanyaka anak-bing |
warana mini wanudya |
wangadyahi wanita-ne |
wara-taruni, duhita |
panni rêtna wanita |
rêtna dyah ika marmadu |
waraduhita dapita ||

40.
Warakannya ungadyahi |
ytristri ratna arunidyah |
anak-bini ungadya-ne |
ngadyahi kalawan styah |
Namaning pasareyan |
pakasutan tilamarum |
papalingan palijêpan ||

41.
Pakêjêpan jinêm-amrik |
patilêman pajungutan |
pakulèn tilam paturon |
gupit paprêman paturyan |
gulingan pakasuptan |
jinêmrum kalawan jungut |
De namaning papajangan ||

42.
Pracangan patanèn tuwin |
mandhakiya pakasutan |
krobongan pagubahan-e |
namaning sanggar-planggatan |
pamidik pamidikan |
mandhakini De namèku |
balekambang yasakambang ||

43.
Wismakambang mandhaini |
Namaning kang pamêlêngan |
pamursitan pasamadèn |
pahoman myang pahêningan |
pidikan sampun tamat |
Namaning lawang winuwus |
badra kadron dyaralaya ||

44.
Dwarala wiwara kori |
pintu kontên dwari dyara |
Mangkya namaning kang golèk |
suppa pratima suwarna |
upadi srupa tima |
De punggawa namanipun |
pratiwa prattiwa batha ||

Jilid 3 - Kaca : 316

45.
Partipa bala sumantri |
rasika ramye punggawa |
wadyabala tantra ranne |
baladika balagana |
waduaji kalawan |
wadyakosa arannipun |
batha brêtya wadyakuswa ||

46.
Balakuswa brêtapati |
blaburbala balabyawan |
balakuswa wahanana |
balapati balakrama |
Dene namaning rencang |
sahaya, kawuntên batur |
patik dasih wadu hamba ||

47.
Ulunan kawula-dasih |
manih-manih De namanya |
rencang èstri paricare |
pacara kakèr parêkan |
paridha carikan paridhara |
poricarika cèthi-ku |
unging-dalêm kaka-kaka ||

48.
Gundêk kaka lawan manih |
Dene namaning kèngkènan |
utusan caraka gandhèk |
duta tuwin wimbasara |
De wadya pês namanya |
pratiwadama puniku |
brêtyadama-ning Sarkara ||

250 Dhandhanggula

1.
Namaning kang sato-kewan nênggih |
satwa wrêgu atbana guhana |
wrêga grigu ataga-ne |
buswan wrêgana pasu |
dewauwa namanirèki |
tutuha hwa ha windra |
bruwar rêda lawus |
lowidha, lawan srikangga |
Namaning kang asu sona cika anjing |
sêgawon, swa, srênggala ||

2.
Bugêl kuwata capira nênggih |
Namaning kang sawêr sarpa taksa |
-ka urar, naga-ne, |
antaga bujanggèku |
aliman myang nuwenda tuwin |
wisu lawan wiswaka |
ran ulêr winuwus |
prêtika urtta ratyaka |
krimimara Namaning iwak-loh nênggih |
mina mataya mayangga ||

3.
Jita maswa mara tuwin hoti |
Namaning kang ece daki tyacya |
karaca myang kumirane |
Namaning cèlèng wijung |
andhapan wêg cêlêngan jubris |
waraha wwag sungkara |
durgangsa babwi-ku |
Gantya namaning kang cêcak |
cêcca wêcca srêpana cêrca myang murti |
De namaning cêkaklat ||

4.
Cintaka myang trikaklak utawi |
usaya De codhot namanira |
labeka myang swarima-ne |
condhot swatgoga-nipun |
Namaning kang coro winarni |
lipasa curyya wragna |
karlaka puniku |
Namaning cacing warcita |
anwil lusi wrêjita miwah nauti |
ranning rase winahywa ||

Jilid 3 - Kaca : 317

5.
Gahandaka marwaga danuki |
rasya lowa widada widarsa |
Dene ta kêbo namane |
miswa gomi andanu |
sarawana maesa mundhing |
danuka kartiwaka |
sêtyaka karêbu |
gopaka lawan badhakas |
Namaning kang kucing mangkya kang winarni |
mongsiya pusa pwasa ||

6.
Kumawangga windula lindhiki |
myang kucingha kalawan uriddha |
Namaning kidang ing mangke |
arina kênas ujung |
myang sanggari asyana tuwin |
walkasa awinangga |
waulapan sampun |
Namaning kancil sahasa |
criga sasa makala palguna tuwin |
marguna myang awika ||

7.
Namaning kang kasturi winarni |
rahawiddha padyaksa turila |
Namaning kênthus ing mangke |
kawandaka pêthangkus |
gênthorang myang katyaka tuwin |
kênthu miwah dumira |
Namaning kang kuwuk |
brewa griwa garêmusa |
gapadula sêrêgampa grêdama twin |
kuku kalawan grêdda ||

8.
De namaning kêthèk kêra juris |
kuthilapas rewanda wanara |
palwaga gocara bêdhès |
monyèt kuthila munyuk |
kênas wre bruk palgosa kapi |
Namaning kawuk dêksa |
myang manyawakipun |
sarira miwah wiyangga |
Namaning kadhal umikaka tuwin |
karla didika bundhan ||

9.
De namaning kodhok kang winilis |
pas canthuka wrêstija weyangga |
lawan wiyung De namane |
kapithing kang winuwus |
darika myang kathira tuwin |
patri kamitra Gantya |
kijing namanipun |
patna krêmisa lindhana |
Namaning kang kalabang ingkang winarni |
kanaba manggakala ||

10.
Sigusapa sangkathasirsèki |
Namaning kang kalajêngking ika |
pracika myang wrêsika-ne |
wikatha karkalèku |
Namaning kêmangga winarni |
wwarmata kamamatsa |
kyaka umêngipun |
mwang gumênggêng De namanya |
kalong gingga gingguna karmana lêngkir |
De namaning kang kombang ||

11.
Madukara sadpada pohali |
bramara myang lyali Madubrata |
Ranning kupu karmija-ne |
drupawa trijanipun |
Namaning kang kinjêng winarni |
kirada trawanggana |
trungka sadpadèku |
Dene namaning kang konang |
karlipa myang kardipta prawiku tuwin |
paryyana De namanya ||

Jilid 3 - Kaca : 318

12.
Paksi dara kutu-kutu tuwin |
parpati myang andhara hambara |
De namaning trênggalunge |
wilangga trangglang-ipun |
manggrita myang, trambawa Dening |
namaning kanang tukang |
tutungka dakyèku |
limbo kandhuki jupwasa |
Mangkya gantya namaning kanang trênggiling |
tranggilo hola krêta ||

13.
Taranggirwa arikta Gumanti |
namaning kang tikus karathika |
wênggong wênggyang musika-ne |
kulthaka britanipun |
myang jinaddha Gantya namaning |
têkèk basu thatmaka |
darnita walutru |
pêrcalung De namanira |
kanang tawon tusara wilata tuwin |
aksawata Gumantya ||

14.
Namaning kang tinggi kang winarni |
marusukra kinggyana kindraka |
bangsarha Dene namane |
sapi andaka lêmbu |
andana myang gumarang tuwin |
nadarika iyata |
lahambana biksu |
gutara sunwata growa |
myang karwita Ranning simping sipi-sipi |
kima wringga kamura ||

15.
Namaning kang sêmut barakithi |
tutsma turida lawan kasarya |
Dene namaning warak-e |
barkita durganggèku |
ascarrêma karthupa tuwin |
libra masdla panyula |
wahêndhê rêpan-ipun |
De namaning wêdhus menda |
badra waddha badrewana dumba kambing |
bajrowisa gandhoga ||

16.
Apkendra myang ami De namaning |
ingkang wrêgul wurikta sababa |
baglana tuwin sêgêre |
De walang namanipun |
wancak wancal wancal tuwin |
kithika De namanya |
walangkapa-nipun |
cangkring dumrada sragita |
De namaning wrêna winata liplèki |
kalandaru grisawa ||

17.
Tuwin nandha Mangkya namanèki |
ingkang lutung anjani kajura |
jonni krêsnandha budhêng-e |
krêsnangga wirukè-ku |
myang kanuki Mangkya namaning |
luwak wulik harwwaka |
lwarddha byatatiku |
lêwis kyatbata witrindha |
Namaning kang landhak pangsyang êntir-êntir |
waragdhêg wirundisa ||

Jilid 3 - Kaca : 319

18.
Sujika myang duryangga Gumanti |
namaning kang lingsang yungywing, kapwa |
waringga myang nokara-ne |
canana de namèku |
ingkang lawa labar cot sèri |
sembuka, lawan sopta |
De namaning lêmut |
nyamuk rakaddha murinda |
Namaning kang lalêr masika ladrèki |
pastika myang srisa ||

19.
Namaning kang lancêng kang winarni |
wêlatana tungkara sungkara |
De namaning pritgantil-e |
gadhasih rês-rês cucur |
tadhah-karsa tidharsa tuwin |
wlasarês De namanya |
prakutut winuwus |
uka kiswara kitiran |
Namaning kang prênjak tamu-yana tuwin |
srimataka lawan hla ||

20.
Namaning kang pitik ayam pitrik |
ahyam sata kalawan kuraha |
Dene namaning pênyune |
masiran myang kurmèngku |
kêtêm lawan kêtêmwang mangkin |
Namaning jaran kapal |
turangga kudèku |
abapra aswa undhakan |
parasita kalangkya wajik kalêngki |
De namanya ||

21.
Kang jalarang dya-rarang prihaha twin |
dabrika myang singgara punika |
Namaning jangkrik jogan-ne |
mitsnaddha rinritèku |
Namaning kang yuyu winarni |
rakatha kalakatha |
lawan karkathèku |
kratdhika tuwin lartika |
Namaning macan sardula kesari |
arimong magadipa ||

22.
Sima singa mangha margapati |
arimba mong bragalba myang wragra |
Namaning kang manjangane |
sangsam jênggulan-ipun |
rusah wrangga sangkula randhi |
arusa lan manglada |
Namaning mamanuk |
kukila garudha kaga |
garura myang garêlya sihinbra paksi |
De namanipun mêrak ||

23.
Wayuninda badhak lancur tuwin |
kuwong cohung kalawan manyura |
Namaning maliwis rêke |
griwis silêman-ipun |
cakrawaka cakarwa tuwin |
cakrangga De namanya |
mimi mithukèku |
imi-imi myang mindara |
amintuna Namaning gajah waniti |
dipangga brajamuka ||

24.
Dirodana liman dwipa èsthi |
amatêngga diraddha samadya |
sasajang myang kunjana-ne |
gajaksa gathu-muthu |
lawan èsthi Gantya namaning |
garangan wlagra sapwan |
gitra katri namung |
Dene namaning kang gagak |
ajap-ajap kangga dhandhang ugi mung tri |
Gantya namaning gêmak ||

Jilid 3 - Kaca : 320

25.
Puyuh kakali lawan manintir |
Namaning gangsir makri tistrasa |
myang tanghira de namane |
banthèng go angun-angun |
goh andaka jawiddha tuwin |
yawa gwaksa gawindra |
grina sawarèku |
Namaning bajing yawingga |
ikurita niyuninda panduba twin |
wasukka De namanya ||

26.
Rikang bunglon bisawarna tuwin |
saputhata taruja kilasa |
lawan tanu De namane |
bajul Buwaya-nipun |
wubaya myang wayama tuwin |
walawaya wayura |
Namaning kang bulus |
wayangga lawan kurmanda |
myang wacungha welusa Dene namaning |
banyak angsa awija ||

27.
Warangguru angsa De namaning |
ingkang bèbèk kambangan sakrita |
cakrama myang duwaba-ne |
Dhuh anak mung puniku |
kang kalêbêt ing dasanami |
Nurwitri lon atanya |
dupi namanipun |
kewan pêksi gagrêmêtan |
iwèn tuwin ulam-loh saminirèki |
winêdhar plêncat-plêncat ||

28.
Lah makatên mung supados gampil |
wit nama kang sirah aksara ha[...] |
dumugi aksara ba[...]-ne |
mila pating palêncut |
Ki Nurwitri umatur malih |
sênggung kalawan lintah |
kang dèrèng kasêbut |
o inggih kula kalepyan |
ranning sênggung sahira sênggora tuwin |
lêngkasa lawan sriba ||

29.
Namanira lintah ujêl nami |
Ki Nurwitri ririh aturira |
sranduning badan kang dèrèng |
winêdhar namanipun |
têlanakan jêmbut myang pênthil |
ki wisma mèsêm lingnya |
kula dèrèng mangguh |
sanès ingkang ulunrêmbag |
nyênyamikan lan wedang langkung mlasasih |
minta sinaruweya ||

30.
Cacêngklungên dènnira manganti |
rêntahing sih mangayun rinahab |
lah suwawi ywa talangke |
mrih lêga manahipun |
suka ing tyas kang sinung angling |
tanggap samya mangrurah |
wedang nyamikipun |
nutug pakantuk manadhah |
nyai wisma mangarsa mangancarani |
êsês kalawan nigan ||

31.
Ki Saloka udud datan apti |
muhung mucang apune kakehan |
mentol sabêton bibire |
narocos ngowèh idu |
adhuh nyai nyuwun usadi |
kiranging duga-duga |
apura dikladuk |
nyai wisma ngling dènenggal |
mamahana cêngkèh saking tigang siki |
sa Allah awaluya ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (40) Kaca 307
  • (42) Kaca 321 – 330 >