Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 36

Kontak Admin.

email-kidemang

 (42) Kaca 321 – 330

 

( Bab Jampi Sakit Mawarni-warni )

5. Bab jampi sakit mawarni-warni, saking Nyai Wanakarta. Ugi bab dintên ingkang sae namakakên jampi.


Kaca 321 - 330.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 321

250 Dhandhanggula

32.
Ing tapsirih wus ulundèkèki |
tanggap mêndhêt cêngkèh wus dènmamah |
ngowe saras bêbengore |
malêngèh lon amuwus |
sampun mantun raosing sakit |
mentol sabêton ical |
tan na labêtipun |
nuwun nyai yèn sêmbada |
rèhning ulun katêmpah sêpuh pribadi |
tan pantês Lonthang-lonthang ||

251 Lonthang

1.
Lir kang anèm wajibe kêdah samêkta |
mênèk wontên sukêr sakite nèng marga |
sintên ingkang kajibah têmtu kang wrêdda ||

2.
Mila bilih nyai kaparênging karsa |
ulun nyuwun sasêrêpan bab usada |
nyi wisma ngling punika langkung prayoga ||

3.
Nanging sampun tinartamtokkên jodhonya |
namung kangge lantaran saèstunira |
saras botên saking kwasaning Hyang Suksma ||

4.
Jampi bêntèr-êtis wontên kawan warna |
kang sawarna sêdhah kapanggih rosira |
bêngle dlingo ron ringin têmu langya ||

5.
Kang dwi warni êbungipun pisang Saba |
podhisari murmak dagi asêm krêsna |
apan sami binorèhakên sarira ||

6.
Katri warni apan namung abên tiga |
têmu kunir brambang binênêm punika |
ugi sami binorèhkên patrapira ||

7.
Catur warni nanging dèn-unjuk punika |
bêras adas kunci mrica-kumukusnya |
brambang cabe gêndhis sarêm sawatara ||

8.
Jampi cantên mladheyan brit pamêndhêtnya |
sinosoga manginggil de abênira |
(m)pu kunir hèr wayu pinipis popokna ||

9.
Jampi amêjahi cacing ron laosnya |
dlingo bêngle mungsi bawang sarêm sarta |
arêng-jati dèn-mamah cinêkokêna ||

10.
Pamurunge cacar duk lagya panasnya |
dipun dusi landhaning kang pisang Saba |
kinurungan karanjang sasampunira ||

Jilid 3 - Kaca : 322

11.
Siniraman kinêmat sariranira |
wusing garing binorèhan kang warata |
krokot adas-pulasari abênnira ||

12.
Jampi sarap apan wontên kalih warna |
godhong kawis kalawan kuliting bawang |
jêram pêcêl bêngle pinipis jamokna ||

13.
Kang dwi warni binorèhakên kewala |
kulit tigan ginêsêng lan lisah klapa |
dlingo bêngle kadubang kinarya toya ||

14.
Ing nalika (m)borèhakên mawi maca |
ayat Kursi la illa hu kumdu mugya |
ayal wala yaudu hu satamatnya ||

15.
Jampi racêg godhong katèpèng abênnya |
adas-pulasari tanapi barambang |
binênêma apèn atanapi sêcang ||

16.
Cinêkokkên maring larene punika |
ampasipun pinupukkên (m)bunbunannya |
adatipun racêg mêndhak gya waluya ||

17.
Jampi kuping wêrak(?) tuwa bawang seta |
pan winêjêt ingêngêt pinupuhêna |
dhatêng kuping kang kraos sakit punika ||

18.
wontên malih jampi kuping oyodira |
kang galagah adas-pulasari nulya |
pinipisa kang lêmbat pinupuhêna ||

19.
Kang sawarni malih jampi kuping ika |
bawang pêthak lawan kunir pinupuhna |
maring karna kang karaos tan sakeca ||

20.
Kuping ingkang (ng)ganda bacin usadanya |
ronning sênting lan mêndhang kunir mripatnya |
pinipis kang lêmbat nulya pinupuhna ||

21.
Jampi kopok kamladheyan sênting ronnya |
lawan kunir pinipis êbun toyanya |
pinupuhkên marang kang mêdal kopoknya ||

22.
Jampi kuping tuli sapta somah mrica |
oyot kelor rêmpêluning ayam krêsna |
lênga wijèn pinupuhkên kang tan myarsa ||

23.
Sarwi maca Palak Binas kaping tiga |
wontên malih godhong dhadhap srêp punika |
pinususa pinupuhkên kang tan myarsa ||

24.
Usadanya mripat kang lamur punika |
ron kacipir pinusus ing astanira |
pinupuhkên dhumatêng mripat kalihnya ||

Jilid 3 - Kaca : 323

25.
wontên malih jampi lamur uwohira |
turi rêta sarêm sawuku lawan |
lisah klêntik pinupuhkên patrapira ||

26.
Usadanya mripat mlêthus êmpunira |
kunir lawan jênene tiganing sata |
asêm kawak arêng jati pinupuhna ||

27.
Usadaning mripat gatêl sarêm priya |
mung sawuku myang isining lêrak nulya |
dènmamaha pinupuhkên kang karasa ||

28.
Usadaning maripat sakit punika |
asêm kawak kunir pacing sidawayah |
toya tuli anulya pinupuhêna ||

29.
Usadanya mripat malêtik jalaran |
saking cacar kang lagya enggal punika |
paku wêsi binakar kang ngantos rêta ||

30.
Tinuruhan toyane kang jêram linglang |
kang sapalih inguyup de sapalihnya |
pinupuhkên marang kang malêtik sarta ||

31.
Sabên ari winêwahan upa juga |
pamupuhe dèn-nuli-nuli ywa weya |
kang malêtik adatipun lajêng sirna ||

32.
Jampi bèlèk duduhe jambe kang mudha |
myang babakan kayu jurang(?) adas-pala |
-sari lawan sunthi ingindêl toyanya ||

33.
Pinupuhkên dhumatêng bèlèk punika |
kang wus klakyan ngêrês pêdhês gatêl rêta |
myang balêrêng sirna pulih kadi kuna ||

34.
Jampi puyêng pulasari kapulaga |
myang kumukus tuwin bawang sawatara |
pinipisa lajêng inguyup kewala ||

35.
wontên malih pinilisakên kewala |
oyoting jruk pêcêl jêbug sunthi mrica |
dlingo bêngle kang lêmbat pamipisira ||

36.
wontên malih pilising puyêng punika |
namung kalih warni kumukus titiga |
myang lêmpuyang tigang iris pinipisa ||

37.
Pilis puyêng kadadak lêgon laosnya |
myang warêsah babakaning têmu krêsna |
lan sadhêgan (m)ponpon linawêt ing sela ||

38.
Jampi watuk mpuning kunir traos rêta |
asêm-kawak toyanipun santên klapa |
inguyupkên padatan lajêng waluya ||

39.
wontên malih jampi watuk lisah klapa |
kunci asêm-kawak nanging mawi donga |
Illa iya Allahu amung punika ||

40.
Jampi watuk datan mêdal riyakira |
sunthi lawan oyod gandarosa krêsna |
toyaning jram linglang pinipis uyupna ||

Jilid 3 - Kaca : 324

41.
Usadanya tiyang aluntak ludira |
lêmpuyang myang jêram linglang sarêm ika |
inguyupkên adatipun sring waluya ||

42.
Kang sawarni malih sunthi bawang seta |
mung sabungkul jêram linglang toyanira |
inguyupkên asring akarya waluya ||

43.
wontên malih triris bonggol pisang Saba |
godhong wringin têmu brambang asêm-lama |
lawan sarêm inguyup saras kang raga ||

44.
Jampi sambang godhong kawis cabe tiga |
lawan ganthi masoyi kamukus samya |
linawêta amung dènuntal kewala ||

45.
Kang sawarni malih ron waringin sarta |
babakannya myang awu pawon punika |
toyanipun tuli lajnêng inguyupna ||

46.
Usadanya padharan (m)badhêdhêg ika |
kasèmbukan lampês sulangking abênnya |
tumbar mungsi cabe-wungkuk amung tiga ||

47.
Miwah laos tigang iris kathahira |
myang lêmpuyang tigang iris sadayanya |
pinipis kang lêmbat inguntal kewala ||

48.
Usadanya padharan kang kraos bêngka |
dlingo laos pinipis wedang toyanya |
ingurapkên mring padharan kang warata ||

49.
Bilih mulês punika usadanira |
sahang miwah êmpuning kang kunir-priya |
sinimbarkên ngarsa wuri kang warata ||

50.
Yèn padharan kakên jampinipun eca |
kukuluban walikadhêp pinêcêla |
dyan dhinahar sampun mawi taha-taha ||

51.
Jampi sakit wawratan ron api-api |
myang majakan pucuk miwah podhisari |
adal-adal cêmêng inguyupkên nulya ||

52.
wontên malih jampi wawratan warnèki |
lêmpuyang tri iris sarêm arêng-jati |
dènmamaha ingêlêt toyanirèki ||

53.
Bilih sakit wawratan-rah jampinèki |
adas enggal lawan oyoting kamrunggi |
inguyupkên lajêng pampêt adatnèki ||

54.
Kang sawarni malih yèn wawratan gêtih |
asêm abrit brambang sarêm lisah-klapa |
dipun êpès binênêm nulya tinêdha ||

55.
Jampinipun wawratan umbêl punika |
jêbug klapa binênêm de abênnira |
podhisari pucuk kêncur sidawayah ||

Jilid 3 - Kaca : 325

56.
Myang cangkok kang sidawayah tinoyanan |
pathinira mêntah matêng kang lêmpuyang |
inguyupkên tanapi kinarya sibar ||

57.
wontên malih wawratan umbêl jampinya |
êmpu puyang binakar pucuk majakan |
podhisari pinipis inguyupêna ||

58.
Usadanya tan-toyan datan-wawratan |
tri ris laos tri ris puyang mungsi tumbar |
pan pinipis anulya inguyupêna ||

59.
Yèn tan-ngêntut punika usadanira |
oyoting kang waluh lawan bawang seta |
jêram nipis pinipis inguyupêna ||

60.
Jampi mêjên bluluk binênêm abênnya |
êmpu kunir podhisari jintên krêsna |
asêm kawak kêncur sarêm arêng-jatya ||

61.
Kang sawarni jampi mêjên jintên krêsna |
podhisari majakan dwiwani samya |
dhinahara ingêlêt dalah ampasnya ||

62.
Awawratan lêlêngêtan jampinira |
tanpa abên mung oyod kêncur kewala |
linolohkên adate nulya waluya ||

63.
wontên malih lêngêdên usadanira |
oyod dilêm lawan jêbug pamipisnya |
ingkang lêmbat kinarya tapêl kewala ||

64.
Usadanya sakit untu lah punika |
êrahipun sêmut lan gêndhis kalapa |
tinamakna ing untu kang tan sakeca ||

65.
Ing nalika namakkên iki japanya |
adhi untu marênga si kakang untu |
kukuh-kukuh adat ical sakitira ||

66.
Untu ingkang sangêt sakit usadanya |
bawang pêthak lawan asêm pinipisa |
kang alêmbat pinupuhna kang karasa ||

67.
Ing nalika mupuhkên iki mèlira |
tangêt barang lara winor mung punika |
ingkang sampun sasakit lajêng waluya ||

68.
Abuh ingkang tanpa sangkan usadanya |
asêm-kawak kayu-lêgi linawêda |
ingkang lêmbat anulya winêdhakêna ||

69.
Bilih abuh sariranira sadaya |
jae tigang iris lawan oyodira |
wit rêmpêlas pinipis gya winêdhakna ||

70.
Ugi abuh tanpa sangkan usadanya |
angkuping woh kudhu lan bras pitu nulya |
dènmamaha sinêmburna kang warata ||

71.
Abuh datan sagêd ngêlêt usadanya |
ron mêntaos ron sênting ron mandhakakya |
abênnira miri adas bawang seta ||

Jilid 3 - Kaca : 326

72.
Miwah sarêm kang lêmbat pamipisira |
winêdhakkên dhatêng kang abuh punika |
adatipun kang lir Balabag gya mulya ||

252 Balabak

1.
Ki Saloka tanya malih mring ni wisma |
jampine |
ingkang tumrap dhumatêng jalêr kewala |
pedahe |
bilih wontên kawêdharêna |
saene ||

2.
Nyai wisma mèsêm lah ngangkah punapa |
sarèhne |
tiyang sêpuh wus nir walangsangkêrira |
milane |
kula wêca usada mung tumrap priya |
clêmêde ||

3.
Jampi apês lung pare tri punggêl lawan |
bênglene |
tigang iris pinipissa ingkang lêmbat |
nulya ge |
ingurutkên dhumatêng dêdakarira |
wratane ||

4.
Jampi pêluh lisah ayam cêmêng ingkang |
muluse |
dènatêngi dene wawadhahira |
cupune |
bilih arsa sahwati dènusapêna |
dakare ||

5.
Lamun arsa amung nikmating wanita |
gajihe |
ayam cêmêng mulus dènusap-usapna |
dakare |
ing nalika purusa ayun tumama |
mring hèsse ||

6.
Loloh priya inguntal dimèn utama |
sahwate |
laos kunci sunthi kajêng lêgi mênyan |
madune |
wawrat ngawan-saga pinipis kang lêmbat |
lumêre ||

7.
Ki Saloka kalangkung sukaning nala |
de olèh |
kawruh kèhing usada saking racikan |
warnane |
tanya malih punapa inggih wontêna |
jampine ||

8.
Tumrap dhatêng ingkang sarasan kewala |
saene |
nyi wisma ngling inggih wontên wah prayoga |
tanduke |
mring sarira sakeca padharan lêga |
namane ||

9.
Ya sadhêgan anton-anton gi-anggi-nya |
saene |
apan mawi binobot sadayanira |
pamrihe |
sagêt ajêg punika wawatonnira |
bobote ||

Jilid 3 - Kaca : 327

10.
Adas wrat nêmlikur dhwit pulasarinya |
wawrate |
tigang dhuwit mungsi nêm dhuwit wawratnya |
tumbare |
wawrat sangang dhuwit cabe tri dhuwitnya |
wawrate ||

11.
Mrica wawrat sadhuwit kayu lêgènnya |
wawrate |
pitung dhuwit pala wawratnya sakawan |
dhuwite |
botor matêng ginorèng sangan wrat sakwan |
dhuwite ||

12.
Kadhawunge ginorèng sangan kinipas |
wawrate |
kalih dhuwit wah kêncur sampun rinajang |
pinepe |
ngantya garing wawrat nêm dhuwit kèhira |
nulya ge ||

13.
Binubuk myang ingirigan kang alêmbat |
lajênge |
ginorèng sangan namung sawatara |
pamrihe |
bilih lami tan sagêd (n)jamur punika |
prêlune ||

14.
Saupami badhe damêl kang akathah |
wawrate |
wêwahipun mirit kang kasêbut ngarsa |
malihe |
yèn adamêl sakêdhik sudaning wawrat |
lugune ||

15.
Inggih mirit saking kang kasêbut ngarsa |
sudane |
kajampènan tiyang sêpuh katakêra |
kathahe |
mung satunggal suru agêng ingkang kêbak |
pinêrês ||

16.
Bilih lare namung sapalihe wrêdha |
takêre |
lamun kagêm loloh barambang lêmpuyang |
wêwahe |
puyang mêntah matêng dwi grigèh myang brambang |
kalihe ||

17.
Bilih kagêm loloh cahabe lêmpuyang |
wêwahe |
cabe tiga iji kalawan lêmpuyang |
mêntahe |
kalih grigah angêt kuwat mring sarira |
pamrihe ||

18.
Kagêm loloh bêndha laos wêwahira |
bêndhane |
ingatêngan amung satunggal kalawan |
laose |
sapalihe (n)dhas-ayam mung tumrap wrêddha |
êkase ||

19.
Kagêm jampi pêdhètan wêwah bungira |
kelore |
tigang punggêl woh inggu dwi klungsu lawan |
jêrame |
-pêcêl namung sairis sunthi samanya |
klungsune ||

20.
Bilih mèncrèt brambang puyang êron sabrang |
wêwahe |
sadayèku pinipis sarêng sadhêkan |
ingombe |
amung bêndha laos punika inguntal |
patrape ||

Jilid 3 - Kaca : 328

21.
Mung pêdhetan ingombe kinarya dhasar |
pedahe |
ngêndhakakên kuwaya lawan usada |
bêngange |
yèn (m)bubucal murus têrkadhang mung lêga |
wêdale ||

22.
Loloh parêm ênèm anggi-angginira |
warnine |
adas pulasari kayu-lêgi pala |
sarine |
kêmbangpulu manis-jangan sidawayah |
tumbare ||

23.
Jintên irêng kumukus jongrahap murmak |
daginge |
cabe brambang saprantu kêncur kunirnya |
tambahe |
jêram pêcêl pinipissa mawi toya |
[.
.
.
] ||

24.
Bilih kagêm loloh sêpuh parêm wêwah |
ge-angge |
pucuk ganthi pucuk pandhan widasari |
cêngkèhe |
jae kêling majakan mêsoyi mrica |
mungsine ||

25.
Pon-êmponnya wêwah bêngle têmulawak |
puyange |
pinipissa tinoyanan sawatara |
kathahe |
mudha wrêddha panginume wusnya nadhah |
sêkule ||

26.
Mangkya loloh sawanan racikanira |
warnane |
dlingo bêngle bawang inggu ragi lirang |
adase |
-pulasari kêmbang sumba tumbar mungsi |
palane ||

27.
Kayu-lêgi kumukus sêntok mêsoyi |
sarine |
rasukangin cêngkèh pucuk kapulaga |
karange |
lawan botor kêdhawung ginorèng sangan |
kalihe ||

28.
Gya linawêt toyanira sawatara |
kathahe |
pangunjuke sontên ing sadèrèngira |
sêrape |
Sang Hyang Surya punika mung tumrap jalma |
sêpuhe ||

29.
Mangkya loloh kalamun luntak ludira |
maliye |
watuk mawi ngêdalkên êrah punika |
warnine |
kawulipun panawar jambe rannira |
abênne ||

30.
Adas pulasari ginodhog kinarya |
wedange |
pangombene yèn wus asrêp lan tan kêna |
angombe |
sanèsipun tumêkanira waluya |
lawase ||

31.
Mangkya loloh kamatus kang nama rujak |
warnine |
traos abrit sagalindhing ingatêngan |
maliye |
tiga pêntil jram pêcêl sajêmpol asta |
agênge ||

Jilid 3 - Kaca : 329

32.
Brambang abrit tiga iji lombok rêta |
isine |
binucalan dene kathahe dinuga |
pêdhêse |
pêntil jêram lombok brambang rinajangan |
nulya ge ||

33.
Ingulêg nèng lèmpèr kang ngantos warata |
mukête |
gya binukti sasampuning kalêbêtan |
bojane |
tinêlasna sadaya ywa nganti tirah |
rujake ||

34.
Dènnya loloh baladhêg tri ari ika |
etange |
ingkang kaping kalih jêramnya sakawan |
ping trine |
jêram gangsal sakèh loloh èstu mawa |
sarême ||

35.
Sampun têlas mung punika kawruh para |
lolohe |
Saloka ngling kalangkung panuwunkula |
èstune |
warnaning kang anggi-anggi kèh kalepyan |
namane ||

36.
Miwah kathah ulun kang dèrèng uninga |
wujude |
nyai wisma amêndhêt bothekannira |
nulya ge |
anêdahkên wujud tanapi namanya |
Silisire ||

253 Salisir

1.
Sampun jinèntrèh sadaya |
nyi wisma malih wacana |
tumanduke kang usada |
mrih istijab utaminya ||

2.
Saèstu kêdah ngupaya |
ari wuku tigang dasa |
pinilih kang pratelakna |
asung usada waluya ||

3.
Kêmis Lêgi wuku Sinta |
lênggahe anjampènana |
sakit maripat punika |
saèstu dadya waluya ||

4.
Ngat Kliwon Tolu wukunya |
punika usadanana |
sadhengah raga tiarda |
tartamtu dumadya mulya ||

5.
Slasa Wage Gumbrêg ika |
lênggahe anjampènana |
tyang ewah kang saking raga |
mantuka èngêtanira ||

6.
Sênèn Kaliwon Kuningan |
lênggahe sung jampi marang |
tyang elik dènnya jodhoan |
wangsul atut raruntungan ||

7.
Sabtu Pon ing wuku Pahang |
nandukkên usada marang |
jalma ingkang lagya nandhang |
sakit tamtu saras girang ||

Jilid 3 - Kaca : 330

8.
Kêmis Kaliwon panuju |
apan Marakèh kang wuku |
anjampènana puniku |
tyang sakit saras saèstu ||

9.
Ngat Lêgi lan Sênènira |
Paing Kulawu wukunya |
anjampènana tyang roga |
istijab têmah waluya ||

10.
Punika yèn tan kasêsa |
madyane anyingkirana |
sangar naas ringkêl jalma |
atanapi tali-sawa ||

11.
de yèn kêdah sanalika |
tumanduke kang usada |
sampun was-uwas ing nala |
sumendhe karsaning Sukma ||

12.
Ki Saloka saya suka |
angling kapundhi mustaka |
nyai ingkang pangandika |
wus tumanêm nèng wardaya ||

13.
Ki wisma lon angandika |
wontên wirayating kuna |
tyang desa têbih ing praja |
wus wrêddha sênêng ra-ura ||

14.
Pancèn dènmirêng-mirêngna |
mring anak putu myang tangga |
puniku bilih rinasa |
akathah paedahira ||

15.
Mas Cêbolang lon turira |
prayogi winêdharêna |
ulun kêpengin miyarsa |
ki wisma gya ura-ura ||

16.
Yèn jalma sok dhêmên padu |
punika kawongan asu |
lamun ginitikan iku |
tan na tulung ngaru-biru ||

17.
Wong ladak kawongan warak |
kumalungkung ngoyak-ngoyak |
tan wêlas ragane gupak |
êndhut têmah gêlis rusak ||

18.
Agahan kawongan gajah |
ngêndêlkên gung luhur miwah |
têlale gadhinge branggah |
blaine lali ing tingkah ||

19.
Wong jail kawongan sima |
tangèh amriha raharja |
sikarèng budi sêdhêngnya |
kèh cinampok pêjahira ||

20.
Wong drêngki kaworan tikus |
dahwèn panastèn tan arus |
baludhus karêm (ng)gadêbus |
tan na rêna mung mring lampus ||

21.
Wong murka kawongan buta |
watak tan wruh bêcik ala |
butêng candhala angangsa |
têmah asor nistha-papa ||

22.
Wong (m)bêlêr kawongan lalêr |
gawe risi miwah jêmbêr |
amung melik kang dènincêr |
sinêrtu iku wus bênêr ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (41) Kaca 308 – 320
  • (43) Kaca 331 >