Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (01) Kaca 01 – 06

 

( Nglajêngakên katrangan bab Jangka Jayabaya )
1. Ki Sali ing Laweyan nglajêngakên katrangan bab Jangka Jayabaya, wiwit jaman Kalawisesa ing jaman Pajajaran dumugi jumênêngipun turun Sultan Erusakra ing Ngamartalaya ngantos dumuginipun Kiyamatkobra
Kaca 01 - 06

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 1

SÊRAT CÊNTHINI IV

 

257 Pocung

1.
Pitung kraton Pajajaran awitipun |
praptèng akir jaman |
nanging kang nênêm nagari |
lawan ingkang jumênêng sri naraswara ||

2.
Dhèdhèh sirik lamun kawêdharing wuwus |
kalawan sumadya |
dadya moncèring pambudi |
yèn wus dhaup narima takdiring Suksma ||

3.
Têmah datan waonan nanacad gunggung |
mring samèng tumitah |
miwah jantraning nagari |
tyas priyawak kang eling lawan waspada ||

4.
Jroning jaman Kalawisesa puniku |
apan ana jaman |
dènarani Andêrpati |
nagrinira ingaranan Pajajaran ||

5.
Tanpa adil sêpên udanagarèku |
wong cilik wadal mas |
sirnaning karaton awit |
lalawanan lawan kadangnya priyangga ||

6.
Êndi ingkang rosa andadra dalurung |
(ng)gènning mangunyuda |
mung ing dalêm satus warsi |
rusaking kang karaton ngalih nagara ||

7.
Kang kapindho araning jaman winuwus |
ing Sri Kalaraja |
patih Dewaraja nênggih |
isih anèng jro jaman Kalawisesa ||

8.
Awit ana udanagara lumaku |
wong cilik wadalnya |
arupa salaka putih |
laminira mung ing dalêm satus warsa ||

9.
Amungkasi agama Buddha puniku |
sirnaning agama |
jalaran saka ing nagri |
lalawanan lawan putranya priyangga ||

10.
Kaping têlu nèng sajroning jamanipun |
Kala-awisaya |
aran jaman Adiyati |
awit ana kukum adil udapraja ||

11.
Sumêbaring agama Islam linuhung |
myang nagara krama |
dene wadale wong cilik |
amaligi bau lawan sukunira ||

Jilid 4 - Kaca : 2

12.
Sirnaning kang karaton jalaranipun |
lawan lêlawanan |
pitadosing sri bupati |
ingkang pinarcaya (ng)gadhuh pêngadilan ||

13.
Kaping catur ana ing sajêronipun |
jaman Kalajangga |
iku lakuning nagari |
awit ana pirukune kang prakara ||

14.
Wadaling wong cilik sarupanipun |
pawêdaling desa |
sirnaning karaton margi |
wawan-wawan lawan ingkang putra angkat ||

15.
Ingkang kaping lima ana sajronipun |
Kalasakti jaman |
awit mranata agami |
lawan awit pranataning wiryèng praja ||

16.
Wawadaling wong cilik pan tinartamtu |
sareyal salaka |
tan antara laminèki |
ana pêrang gawe orêging nagara ||

17.
Tinulungan nangkoda kulitnya pingul |
prakosèng ranangga |
sugih rajabrana pranti |
lah ing kono lêrêping mungsuh sadaya ||

18.
Sirnaning kang karaton jalaranipun |
wawan-wawan lawan |
risang Rajaputra nanging |
asakuthu wusana dumadya mêngsah ||

19.
Ping nêm jroning jaman Kalajaya iku |
ana jamaning sang |
Kuthila angkara budi |
wahananing wong cilik padha (ng)garangsang ||

20.
Pindha munyuk amarga ing waktu iku |
bangêt larang pangan |
dene wadale wong cilik |
mêtu reyal uwang salaka têmbaga ||

21.
Ing antara dahat tan lami karatun |
kasundhang ing rowang |
têgêse kang madêg aji |
ginantènan padha sanake priyangga ||

22.
Tan antara kawit tibaning bêbêndu |
kèh jalma kasrakat |
ilang barêkating bumi |
akèh jalma kang wisma marga papasar ||

23.
Sirnaning kang karaton jalaranipun |
wawan-wawan lawan |
bangsa sabrang kulit kuning |
mawa srana tutunggul turun narendra ||

24.
Kaping pitu jroning jaman Kalabêndu |
ana jamanira |
ingaran ratu Hartati |
wêrdinipun sarupaning kang manungsa ||

25.
Kang kaèsthi tan lyan arta sadayèku |
kono ananira |
kraton kêmbar tanah Jawi |
wawadale wong cilik mawarna-warna ||

Jilid 4 - Kaca : 3

26.
Ana mêtu wang slaka têmbaga santun |
ing ngantara mangsa |
mundhak pajêge wong cilik |
warna pangan pitik iwèn rajakaya ||

27.
Karananya saya lawas saya maju |
musibating praja |
têmah nir adiling aji |
darunanya wonge cilik pada jawal ||

28.
Wong agunge padha jail kurang tutur |
marma (n)jêng pamasa |
tanpa paramartèng dasih |
dene datan ana wahyu kang sanyata ||

29.
Kèh wahyuning eblislanat kang tumurun |
apngaling kang jalma |
dumrunuh salin sumalin |
wong wadon kèh kang sirna wiwirangira ||

30.
Tanpa kangên mring mitra sanak sadulur |
tanna warta nyata |
akèh wong mlarat mawarni |
daya deye kalamun tyase nalangsa ||

31.
Krêp paprangan sujana kapontit nurut |
durjana dursila |
sayarda (n)dadra andadi |
akèh maling malandang marang ing marga ||

32.
Bandhol tulus mêndhosol rinamu puguh |
krêp grahana surya |
kalawan grahana sasi |
jawah awu lindhu gêlap clèrèt warsa ||

33.
Prahara gung salah mangsa drêsing surur(?) |
agung prang rusuhan |
mungsuhe boya katawis |
tangèh lamun sênêng têntrêming wardaya ||

34.
Dalajading praja kawuryan wus suwung |
lêbur pangrèh tata |
karana tanpa palupi |
pan wus tilar silastuti titi tata ||

35.
Pra sujana sarjana satêmah kèlu |
klulun Kalatidha |
tidhêm tandhaning dumadi |
hardayèngrat dening karoban rubeda ||

36.
Sitipati nareprabu utamèstu |
papatih nindhita |
pra nayaka tyas basuki |
panêkare bêcik-bêcik cakrak-cakrak ||

37.
Nging tan dadya paliyasing Kalabêndu |
mandar sangkin (n)dadra |
rubeda angrurubêdi |
beda-beda hardaning wong sanagara ||

38.
Katatangi tangising mardawa-lagu |
kwilêt tyas duhkita |
kataman ring rèh wirangi |
dening angupaya sandi sumaruna ||

Jilid 4 - Kaca : 4

39.
Anarawung mangimur sanubarèku |
mèncèng pangupaya |
ing pamrih melik pakolih |
têmah suha ing karsa tanpa wiweka ||

40.
Ing Paniti sastra wawarah sung pemut |
ing jaman musibat |
wong ambêg jatmika kontit |
kang mangkono yèn nitèni lalampahan ||

41.
Nawung kridha kang mênangi jaman gêmblung |
iya jaman edan |
ewuh aya ing pambudi |
yèn mèluwa edan yêkti nora tahan ||

42.
Yèn tan mèlu anglakoni wus tartamtu |
boya kadumanan |
melik kalling donya iki |
satêmahe kalirên wêkasanira ||

43.
Wus dilalah karsane kang Among tuwuh |
kang lali kabêgjan |
ananging sayêktinèki |
luwih bêgja kang eling lawan waspada ||

44.
Wêktu iku wus parêk wêkasanipun |
jaman Kaladuka |
sirnaning ratu amargi |
wawan-wawan kalawan memaronira ||

45.
Ya ta wau kang samya miyarsa tutur |
ngêrês ing wardaya |
malongo gorokan salit |
manthuk-manthuk tanapi goyang mastaka ||

46.
Mas Cêbolang sêrêt ririh aturipun |
jaman ngudubilah |
punapa sampun mungkasi |
punapinggih taksih wontên malih jaman ||

47.
Ki Sali ngling jêbèng ingkang iku dudu |
pungkasaning jaman |
isih ana jaman maning |
ingkang ora dadi girising wardaya ||

258 Girisa

1.
Saka marmaning Hyang Suksma |
jaman Kalabêndu sirna |
sinalinan jamanira |
mulyaning (n)jênêngan nata |
ing kono raharjanira |
karaton ing tanah Jawa |
mamalaning bumi sirna |
sirêp dur angkaramurka ||

2.
Marga sinapih rawuhnya |
nata ginaib sanyata |
wiji wijiling utama |
ingaranan naranata |
kang kapisan karananya |
adêge tanpa sarana |
ngadam makduming srinata |
sonya ruri kadhatonnya ||

3.
Lire sêpi tanpa srana |
ora ana kara-kara |
duk maksih kinêkêr Sukma |
kasampar kasandhung rata |
kèh wong katambêhan ika |
karsaning Suksma kinarya |
buwana salin alamnya |
jumênêng sri pinandhita ||

Jilid 4 - Kaca : 5

4.
Luwih adil paramarta |
lumuh maring brana-arta |
nama Sultan Èrucakra |
tanpa sangkan rawuhira |
tan ngadu bala manungsa |
mung sirrolah prajuritnya |
tungguling dhikir kewala |
mungsuh rêrêp sirêp sirna ||

5.
Tumpês tapis tan na mangga |
krana panjênêngan nata |
amrih kartaning nagara |
harjaning jagat sadaya |
dhahare jroning sawarsa |
dènwangêni kathahira |
pitungèwu reyal ika |
tan karsa lamun luwiha ||

6.
Bumi sakjung pajêgira |
amung sadinar sawarsa |
sawah sèwu pamêtunya |
suwang ing dalêm sadina |
wus rêsik nir apa-apa |
marmane wong cilik samya |
ayêm enake tyasira |
dene murah sandhang têdha ||

7.
Tan na dursila durjana |
padha martobat nalangsa |
wêdi wilalating nata |
adil asih paramarta |
bumi pêthik akukutha |
parêk lan kali Katangga |
ing sajroning bubak wana |
panjênênganing sang nata ||

8.
Mung turun kapindho nulya |
tri maring bumi Katangga |
-kacêpit ing Karangbaya |
tumêka ing putra sirna |
lawan nêpsune priyangga |
gya na kang mandhirèng nata |
ing warna nora kuciwa |
Asmarakingkin parabnya ||

9.
Luwih bagus warnanira |
dadya kidunganing wadya |
ing Kadhiri kuthanira |
turun têlu ngalih praja |
ana ing nagri Mandura |
nora lawas banjur sirna |
dene kang dadya daruna |
wawan lawan kakasihnya ||

10.
Gya na panjênêngan nata |
tri-tunggal padha jamannya |
kang sawiji akukutha |
bumi Kapanasan ika |
dwi Gêgêlang kuthanira |
tri Têmbêlang kuthanira |
duk antuk tridasa warsa |
sulaya sirna sadaya ||

11.
Ing kono banjur tan ana |
panjênêngan naranata |
pra bopati mangka raja |
padha angratu priyangga |
wit tan nana kang sinewa |
ing antara taun nulya |
ana ratu sabrang saka |
Nungswa Srênggi prajanira ||

Jilid 4 - Kaca : 6

12.
Jumênêng sri tanah Jawa |
kukutha nèng lorwetannya |
girindra nama (n)Drêkila |
suku wukir Candramuka |
ing antara taun nulya |
ana wira saking praja |
ing Rum nglurugi sang nata |
Nungsa Srênggi kang Ngajawa ||

13.
Sang nata kasoran yuda |
sirna sawadyabalanya |
ing kono sang jayèngrana |
wira ing Rum karya nata |
têrah Sultan Èrucakra |
mungguh dènnira kukutha |
ana tanah sawetannya |
ing kali Opak sanyata ||

14.
Linuwih arjaning praja |
aran ing Ngamartalaya |
turun têlu dhumawuhnya |
ing ari kiyamat kobra |
umure kang tanah Jawa |
kalihèwu-satus warsa |
etang saking taun surya |
walahualam wus purna ||

15.
Cêbolang lêga ing nala |
manêmbah alon turira |
lêpata ing ila-ila |
kamipurun tan wrin krama |
wit sampun sêbêl graita |
muhung samangke kewala |
kalêbêt jaman punapa |
Ki Sali mèsêm lingira ||

16.
Saka pangira manira |
jaman iki bokmanawa |
apan kalari tumêka |
jaman Kalasakti nama |
isih durung paja-paja |
tumêkane jaman glura |
uwis samene kewala |
ora arus yèn dinawa ||

17.
Ki Antyanta mèsêm lingnya |
basa yayi acarita |
ulun kèngêtan sakala |
Kadis pangandikanira |
(n)Jêng Nabi dinil mustapa |
ing ari kiyamat kobra |
besuk manawa wus ana |
kang ngalamat caturdasa ||

18.
Ki Sali matur sumangga |
prayogi kawêdharêna |
ing mangke sami rinasa |
dhaupe kalawan jangka |
Mas Cêbolang duk miyarsa |
suka amarwatasuta |
matur amangayu-bagya |
lir mastumimbuling toya ||

259 Maskumambang

1.
Ingkang pangandika (n)Jêng Nabi sinêlir |
mring para sahabat |
kawruhana dèn-atiti |
têkaning dina kiyamat ||

2.
Têmbe lamun wus ana ngalamat kèksi |
patangpuluh nglamat |
wijange sawiji-wiji |
lah iki ta kawruhana ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (00) Isi Jilid 04
  • (02) Kaca 07 – 11 >