Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0430500
Hari ini     :Hari ini :72
Kemarin     :Kemarin :244
Minggu ini   :Minggu ini :789
Bulan ini   :Bulan ini :9577
s/d hari ini   :s/d hari ini :430500
Kunjungan Tertinggi
01-11-2023 : 1383
Pengunjung Online : 1

Kontak Admin.

email-kidemang

 (02) Kaca 07 – 11

 

( Bab Kiyamatkobra miturut Hadis )
2. Kasambêt katranganipun Ki Atyanta bab Kiyamatkobra miturut Hadis kanthi pratandha ngalamat warni 40
Kaca 07 - 11

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 7

259 Maskumambang

3.
Ingkang dhingin akèh masigit gêng alit |
pan padha kinarya |
bicara sakèh prakawis |
dunya nèng jro masjid ika ||

4.
Kang kapindho akèh ngulama wong ngalim |
karone tan ana |
nêtêpi ngalimirèki |
myang nêtêpi ngulamanya ||

5.
Kaping têlu akèh wong tinggal salati |
lan akèh manungsa |
padha (ng)gêgampang ngabêkti |
wêktuning salat sêmbahyang ||

6.
Kaping catur akèh wong kang tan nglakoni |
jakat sakadarnya |
awit panyananing ati |
nora kêna ing patrapan ||

7.
Kaping lima marêngi Ramêlan sasi |
kèh wong tan puwasa |
tur ngèdhèng dènnira bukti |
nora wêdi nora wirang ||

8.
Kaping nêmme akèh wong kang tinggal maring |
kabêcikan lawan |
akèh wong kang anglakoni |
maring pakaryan piala ||

9.
Kaping pitu akèh wong padha ngrasani |
ing alaning liyan |
sabên kumpulan kawijil |
binabar angandhar-andhar ||

10.
Kaping wolu akèh wong kang padha wani |
ngêdêgakên wisma |
utawi sêsaminèki |
dumunung anèng kuburan ||

11.
Kaping sanga akèh wong jalu nyrupani |
ing wong wadon ika |
ngangge mas slaka sutra di |
wadone nyrupani priya ||

12.
Ping sapuluh akèh wong ngilangkên maring |
katrisnaning sanak |
lan kèh wong nglarakkên ati |
mring sasama angganira ||

13.
Ping sawêlas kèh wong ujubriya kibir |
ing ngibadahira |
lali yèn nêtêpi wajib |
têngah têkabur sumêngah ||

14.
Kaping rolas kèh wong padha pasèk yêkti |
amaido marang |
parentahing sarak nabi |
ngaku wong adil (n)dêladag ||

15.
Ping têlulas kèh saksi goroh nyungkêmi |
lawan akèh jalma |
têmên-têmên angrawruhi |
nanging ngaku tan uninga ||

16.
Ping patbêlas kèh wong sathithik kang yêkti |
akèh doranira |
lawan kaduga ngrungkêbi |
supata agêgorohan ||

17.
Ping limalas kèh wong tan mulyakkên marang |
ing bapa biyungnya |
lan jalma kèh datan apti |
sisinau maca Kur'an ||

18.
Ingkang akèh bêbengkrakan sukak ati |
sinau sindhènan |
nêmbang lagu warni-warni |
ing sawanci-wancinira ||

Jilid 4 - Kaca : 8

19.
Ping nêmbêlas akèh wong jalu manut ring |
ing wadonne ika |
lawan wadon boya bêkti |
iya marang priyanira ||

20.
Ping pitulas kèh wong sugih nora adil |
sêngit mring wong mlarat |
gêthing marang pêkir miskin |
kukum malah ngalap opah ||

21.
Ping wolulas akèh ratu ingkang lalim |
tekading tyas sasar |
mundhut duwèking wong cilik |
tangèh darbeya tyas harja ||

22.
Ping sangalas akèh wong mulyakkên mring |
wong pasèk jalaran |
saking bangêt (ng)gonne wêdi |
taha lamun mulyakêna ||

23.
Mring wong luhung mring satuhu-tuhu ngadil |
lan mring pra ngulama |
para salèh para ngalim |
têka tyase kurang rêna ||

24.
Ping rongpuluh akèh wong kang tan ngrêksa mring |
titipaning liyan |
malah-malah kumawani |
doracara gawe cidra ||

25.
Ping salikur akèh wong kang padha bukti |
ing rabining liyan |
ngèdhèng nora wigah-wigih |
nir ing lingsêm nora nyamar ||

26.
Ping rolikur kèh jalma matèni jalmi |
tur kinaniaya |
sarta akèh wong nglakoni |
nênung-tinênungan mangga ||

27.
Ping trilikur akèh wong kang anglakoni |
padha ngombe arak |
sasamine kang ngêndêmi |
kang pancèn kudu cinêgah ||

28.
Ping patlikur akèh wong padha nglakoni |
ing panggawe ala |
tan wirang samèng dumadi |
lan tan wêdi maring Allah ||

29.
Ping salawe akèh wong ngalap artaning |
anak yatin ika |
myang artane pêkir miskin |
tanpa wêlas tan riringa ||

30.
Ping nêmlikur akèh wong kang anglakoni |
sabarang pakaryan |
kang ala sakalir-kalir |
nora was-was nora wang-wang ||

31.
Pitulikur akèh lare sadurunging |
ngumur kalihdasa |
warsa wus anandhang sami |
dhawuk malêtuk wannira ||

32.
Kaping wolulikur akèh wong andalih |
jina maring jalma |
ingkang anglakoni bêcik |
tinêtêpkên lamun jina ||

33.
Kaping sangalikur akèh wong nglakoni |
jina jinajarak |
lan wong marang dhêmên maring |
padha lanang asahuwat ||

Jilid 4 - Kaca : 9

34.
Ping tridasa akèh wong mêrdhukun maring |
wong ahli petungan |
nganggo tambane wong kapir |
kèh wong manut marang setan ||

35.
Kang kaping tridasa-sawiji sathithik |
wong asih-sinihan |
lan akèh jalma nglakoni |
sêsatron samèng tumitah ||

36.
Tridasa-dwi akèh dhumawahing riris |
nyulayani mangsa |
katiga lir rêndhêng nriwis |
rêndhênge kadya katiga ||

37.
Ping tridasa-tri kèh jalma tan gumati |
mulyakakên Kur'an |
malah punika kinardi |
kasab angupaya boga ||

38.
Kaping katridasa-catur amarêngi |
tanggal Ramêlannya |
dhumawah Jumuwah ari |
Riyadi uga Jumuwah ||

39.
Kaping katridasa-panca akèh jalmi |
ayu bagus mudha |
ora wirang anglakoni |
mring pakaryan ala nistha ||

40.
Kaping katridasa-sad sangsaya luwih |
atambah-matambah |
panggaweyan tan prayogi |
durmala maksiyat ngrêda ||

260 Durma

1.
Ana ratu saka nagara Ngajêrah |
Sri Ashab awawangi |
langkung lacutira |
tumuli ana raja |
saka Yahman tuhu kapir |
Kahani nama |
santosa gung nglangkungi ||

2.
Ngêndhih marang jalma kèh tur nganiaya |
tumuli ana aji |
Juhèmi kyatingrat |
saka Damsik nagara |
tumuli ana narpati |
nama Malnguna |
Ibnu Ngisiah nênggih ||

3.
Rai ciyut miring dawa irungira |
atas suwaranèki |
netra ingkang kanan |
pêcah rêmêk lir wuta |
klakuhan pindha têtèki |
lawan danarta |
marang sakèhing jalmi ||

4.
Dadya padha suyud mandar darbe cipta |
jalma pêkir myang miskin |
lan para ngulama |
iku mal srinata |
bêcik-bêciking narpati |
antara lama |
raja Malngun ngêmasi ||

5.
Gya na ratu paparab Malngun Ngasiyah |
nora darbe agami |
nora darbe wirang |
matèni pra ngulama |
lan matèni wong têtèki |
uga angrusak |
mring agama Islami ||

6.
Sri narendra Malngun Ngasiyah anulya |
nglurug maring nagari |
Ngêrum lawan Ngêsam |
angambah nagri Ngerag |
kalawan nagri Karsani |
nagri Rum ingkang |
jumênêng narapati ||

Jilid 4 - Kaca : 10

7.
Prabu Kapti tumanggap magut ngayuda |
kasoran angêmasi |
nulya Kang Kuwasa |
paring babêndu marang |
Raja Malngun sawadyèki |
sirna sakala |
wong Islam samya lair ||

8.
Kang kaping tridasa nawa ana raja |
Sri Karamès wêwangi |
wuwuda kewala |
amung rarainira |
ingkang nganggo dèntutupi |
ngêndhih prajaslam |
wong Islam pinisakit ||

9.
Nanging ningkah Sri Karamès mring wong Islam |
wong Islam anggarbini |
binêkta mring ngarga |
binêdhèl pinatènan |
yèn si jabangbayi urip |
iku wiwitnya |
kabungahan lêstari ||

10.
Yèn palastra ingsun awit karusakan |
binêdhèl wong (ng)garbini |
jabang bayi mêdal |
urip sakbabunira |
waktu iku sakèh jalmi |
Islam kumpulan |
ngungsi mring Kumpah nagri ||

11.
Kang jumênêng natèngslam Prabu Kès nama |
Ki Ngabas kang sisiwi |
praptanirèng Kumpah |
sagung wong gama Islam |
tinampèn marang sang ngaji |
tandya samêkta |
arsa ngrabasèng kapir ||

12.
Sri Karamès myarsa arsa linurugan |
tandya utusan aglis |
prajurit kathahnya |
tridasa-èwu ika |
ing marga datan winarni |
prapta ing Kumpah |
wong Islam anadhahi ||

13.
Campuhing prang wong Islam karoban mêngsah |
yudanira kalindhih |
lumayu sarsaran |
wadya Karamès mulat |
lamun mungsuhira picis |
anulya budhal |
maring Madinah nagri ||

14.
Arsa ngrusak astanane mring Madinah |
Sri Kès sawadyanèki |
sisane kang pêjah |
sangêt prihatin dahat |
munajat maring Hyang Widdhi |
kasirnakêna |
sakathahing prajurit ||

15.
Ingkang arsa ngrabasèng makam Madinah |
kamurahaning Widdhi |
wadya Kramès sirna |
cinakot ing bantala |
amung kari wong kakalih |
kang nora pêjah |
supaya tur udani ||

16.
Mring ratune tan cinatur lampahira |
mangkana tan winarni |
Prabu Kès duk myarsa |
sirnane mêngsahira |
suka amarwata siwi |
asru (n)dodonga |
suka sihing Hyang Widdhi ||

Jilid 4 - Kaca : 11

17.
Nglamat ingkang kaping kwandasa pungkasan |
yèku jumênêngnèki |
ratu kang minulya |
Sri Imam Mahdi tama |
kalamun anuju sasi |
Ramêlan ana |
grahana kaping katri ||

18.
Ping têlulas patbêlas myang gangsalwêlas |
tumêdhak Imam Mahdi |
anèng antaranya |
rukun kalawan makam |
Ibrahim Mêkah nagari |
yuswane lagya |
sakawandasa warsi ||

19.
Ingkang dadya pangarêping wadyabala |
Malekat Jabarail |
dene pamburinya |
Malekat Mingkailla |
jumênênge Imam Mahdi |
lir Hyang Suleman |
kadi Dulkarnaèni ||

20.
Wus samono bae kacêkap kinarya |
anglimbang jangka nagri |
supayane padha |
ngêgungkên panarima |
rèhne wus kasêbut Kadis |
kalawan jangka |
kang padha amênangi ||

21.
Dhumawahing jaman ing sajamanira |
yèn waspada lan eling |
kang samya miyarsa |
samya (m)bungkuk sadaya |
Ki Antyanta angling malih |
wis-wis prayoga |
carita liyanèki ||

22.
Ingkang kêna kinarya têpa tuladha |
rèhning winêngku aji |
bawaning bawana |
jumênêng Ngèksiganda |
ratuning wong tanah Jawi |
Kalipatolah |
bêcik ngupaya tamping ||

23.
Ing panganggêp wêdi sihe sang nata |
rikala lawan Sayid |
Markaban mardika |
jroning Mêsir nagara |
Cêbolang matur wotsari |
ingkang punika |
èstu langkung prayogi ||

24.
Ingkang mugi-mugi kaparêng mêdharna |
cariyosing utami |
kang tumrap korasan |
Antyanta locitèng tyas |
nyata luwih bocah iki |
wus kawistara |
ing sêmu amumpuni ||

25.
Solahbawa dhèmês luwês mêrakati |
wèh rêsêping sasami |
mèsêm lon ngandika |
hèh jêbèng pamintanta |
caritaning jalma luwih |
Sayid Markaban |
satuhu mawèh kingkin ||

261 Asmaradana

1.
Bubuka nagari Mêsir |
ingkang jumênêng narendra |
sang Ngabdurahman namane |
kotamaning narèswara |
kalamun dènucapna |
têlung bêngi boya uwus |
cinêndhak ingkang carita ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (01) Kaca 01 – 06
  • (03a) Kaca 12 – 30 >

Ki-demang.com : Centhini, Dibuat oleh: Ki Demang Sokowaten - About - Privacy