Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (05) Kaca 48 – 55

 

( Wit asêm ing jaman kinanipun kangge nancang gèthèkipun Jaka Tingkir )
2. Ing sapinggiring lèpèn Dêngkèng wontên wit asêm ing têngahipun mênggik alit. Miturut Ki Jayamilasa wit asêm wau ing jaman kinanipun kangge nancang gèthèkipun Jaka Tingkir. Lajêng kabèbèrakên babadipun Jaka Tingkir nalika badhe suwita dhatêng Dêmak, numpak gèthèk. Lêrêm ing Majasta, gèthèk kacancang wit asêm ingkang tilasipun taksih katingal pinggêt alit ing têngah wau
Kaca 48 - 55

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 48

271 Wirangrong

22.
(n)Jupuka kalasa lêmpir |
wedang kinang sata klobot |
nyamikane pisan sak-nanipun |
lan sunggata bukti |
pra rencang gya tumandang |
ngusung-usung wus tinata ||

23.
Sampating panatanèki |
anulya manadhah royom |
rahab sadayanya wusnya tutug |
ingundurkên aglis |
anulya pamangsêgan |
wedang sês miwah wawohan ||

24.
Gantya tinata ing ngarsi |
ki wisma lingira alon |
suwawi rinurah dharanipun |
pambirating amis |
ginontor wedang kahwa |
Cêbolang sakancanira ||

25.
Wus mêndhêt sasukanèki |
sambèn matur tatanya lon |
sintên kang kagungan têgal talun |
myang pasitèn tuwin |
kêbon tanêman samya |
tumruna (n)dados wohira ||

26.
Iba papajêngannèki |
saundhuhan slawe kêton |
Milasa angling aris inggih ulun |
ingkang andarbèni |
satirahing tinadhah |
tatangga mancapat prapat ||

27.
Sintên-sintêna kang apti |
mêndhêt kang wus wanci ngundhoh |
ulun sukalila nrusing kalbu |
pramila basuki |
kalis dursila ngrusak |
malah tumut (n)dhangir ngrêksa ||

28.
Kamirahaning Hyang Widdhi |
bêrkahdalêm sang akatong |
tiyang sa-Majasta samya cukup |
têntrêm tyase sami |
kalis dursila murka |
sumungkêm maring agama ||

29.
Cêbolang umatur inggih |
kang makatên kacariyos |
jakat ingkang êsah trusing kukum |
mupangat dunya-kir |
anjawi kang punika |
kamal têpining narmada ||

30.
Wit Gêrêt têpunglang ngulit |
ngarompyoh wingit kang sinom |
paran suwadinya critèng dangu |
Milasa mèsêm ngling |
punapa dèrèng myarsa |
cariyosing kala kina ||

31.
Duk jaman ing Dêmak nagri |
bilih dèrèng mirêng criyos |
ulun badhe (ng)gêlar gotèkipun |
rama duk suwargi |
kamirêngakên lawan |
lèlèh-lèlèh sasareyan ||

32.
Cêbolang umatur aris |
èstu dèrèng mirêng criyos |
mugi kawêdharna ingkang turut |
(ng)gih kula wiwiti |
ingkang supados têrang |
wit Dipati Dayaningrat ||

Jilid 4 - Kaca : 49

33.
Ingkang kêkitha ing Pêngging |
pinundhut mantu sang katong |
Prabu Brawijaya Majalangu |
dhaup lan sang putri |
Rêtna Pambayun ingkang |
ibu putri saking Cêmpa ||

34.
lajêng puputra kakalih |
jalu abagus kinaot |
awit timur gêntur tapanipun |
ingkang sêpuh nami |
Dyan Kêbokanigara |
kang anèm Kêbokênanga ||

35.
Sang dipati nulya lalis |
putra kakalih padudon |
pradondi agami ingkang sêpuh |
Buda dènlênggahi |
lajêng martapa marang |
kawah-kawahing kang arga ||

36.
Sabêdhahing Majapait |
kilap taksih kilap layon |
Dyan Kêbokananga amiturut |
agami Islami |
sarak (n)Jêng Rasullolah |
nèng Pêngging ngadêg Jumuwah ||

37.
Gurunipun Sèh Sitibrit |
sudara tunggil paguron |
Kiyagêng ing Ngêrang Kyagêng Butuh |
Kiyagêng ing Tingkir |
catur saekapraya |
kacriyos (n)Jêng Sultan Dêmak ||

38.
Miyarsa putra ing Pêngging |
Dyan Kêbokananga mirong |
sanggarungining tyas tandya ngutus |
pinisêpuh nami |
Kiyagêng Wanapala |
sarta binêktanan sual ||

39.
Pan namung tigang prakawis |
sapisan paran kang dados |
kaniyatannira tulusipun |
angibadah aming |
punapi melik marang |
mandhirèng karaton Dêmak ||

40.
Ping kalih Sultan wus uning |
yèn maksih santanèng katong |
kaping tri punapa sababipun |
tan purun sumiwi |
atuse kang dhadhawah |
Ki Wanapala gya mentar ||

41.
Sapraptanipun ing Pêngging |
lawan Kiyagêng wus panggoh |
sasalaman samya sukèng kalbu |
tanya tinanya ris |
Ki Wanapala blaka |
ingutus risang (n)jêng Sultan ||

42.
Sinamar dhawuh narpati |
dangu bêbantahan kawroh |
suraos wus wikan niyatipun |
Kiyagêng ing Pêngging |
Ki Wanapala nulya |
pamit mantuk marang praja ||

43.
Matur mring (n)jêng sri bupati |
wigatining kang wawados |
Kyai Pêngging èstu malih-kayun |
ing lair nêtêpi |
anggènnipun ngibadah |
ananging batos sumêdya ||

Jilid 4 - Kaca : 50

44.
Jumênêng sri narapati |
sru bangkit nyamur lalakon |
kathah aturira kang mrih lipur |
dukaning narpati |
Ki Pêngging winangênan |
dwi warsa tartamtu sowan ||

45.
Kacriyos kiyagêng Pêngging |
mantuke utusan katong |
lajêng katamuwan kadangipun |
Ki Butuh Ngrang Tingkir |
sabab mirêng pawarta |
yèn Ki Pêngging tinimbalan ||

46.
Mring Dêmak mopo tanapti |
kadang tri samya kuwatos |
bobolèh mrih ayu paksa puguh |
sipêng kadang katri |
tinanggapakên wayang |
-bèbèr anyarêngi mangsa ||

47.
Garwanipun Kyai Pêngging |
wawrat wus sêpuh gya miyos |
jalu langkung pelak angunguwung |
nyarêngi drês riris |
kinèn kèndêl ki dhalang |
jabang-yi binarsiyan ||

48.
Katur ing Kiyagêng Tingkir |
pinangku ngandika alon |
adhi anak para tuhu bagus |
luhur dlajatnèki |
bêgjane kang uninga |
si kulup dakwèhi aran ||

49.
Mas Karèbèt sutamami |
kadang tri dènnya mardhayoh |
ngantya sadasa ri nulya mantuk |
tan lami Ki Tingkir |
dumugi jangji seda |
Kya Pangging sru susahira ||

50.
(n)Jêng Sultan Dêmak winarni |
lami dènnira angantos |
sowannya Kyai Pêngging dwi taun wus |
tan ana sumiwi |
(n)jêng Sultan graita |
kalamun têtêp (m)balela ||

51.
Kangjêng Sultan tandya nuding |
ngêmban dudukaning katong |
ingkang lumaksana Sunan Kudus |
bêkta bêndhe nami |
Ki Bicak kang wasiyat |
saking marasêpuhira ||

52.
Dipati Têrung ing nguni |
tranging dhawuh nulya bodhol |
praptanira Pêngging wus apangguh |
lajêng bantah ngèlmi |
Kya Pêngging kacêthikan |
dènnya ngrangkêp pikajêngan ||

53.
Ananging dipunandhêmi |
Susuhunan Kudus gupoh |
nyandhak sikutira kyagêng laju |
binêlèk ngêmasi |
(n)Jêng Sunan nulya linggar |
saking Pêngging tinututan ||

54.
Sagung kulawarga Pêngging |
bramantya yun bela layon |
sabar tyas narimah napsu larut |
awit kataman ing |
prabawanya Susunan |
sadaya mundur kasmaran ||

Jilid 4 - Kaca : 51

272 Asmaradana

1.
Kulawarganya Ki Pêngging |
ngrukti layonnya pinêtak |
lor-wetan dalêm prênahe |
antawis sapta ri garwa |
nusul sedaning raka |
Mas Karèbèt kawlasayun |
ingopenan pra sêntana ||

2.
Binêkta nyi randha Tingkir |
dadya katêlah namanya |
Ki Jaka Tingkir namane |
diwasa gung tarakbrata |
nyi randha sung pitêdah |
kinèn pruwita mukmin gung |
Ki Jaka anulya mangkat ||

3.
Dumugi Sela pinanggih |
kalayan Ki Agêng Sela |
kalangkung rêsêp driyane |
sang Jaka pinundhut wayah |
Ki Agêng nalikanya |
nênêpi Ki Jaka tumut |
siyang ratri tan apisah ||

4.
Anuju sajuga ratri |
Ki Agêng (n)dangu Ki Jaka |
ing saelingamu thole |
kowe tau ngimpi apa |
Ki Jaka matur blaka |
nalika tirakat ulun |
dhatêng arga Telamaya ||

5.
Supêna katiban sasi |
anyarêngi ardi gograg |
gumaludhug suwarane |
sanalika kula kagyat |
paran wahananira |
lah jêbèng bêcik impènmu |
iku ratuning supêna ||

6.
Babo suwita-a maring |
kangjêng sultan nagri Dêmak |
kono wahananing impèn |
ingsun asung pandongarja |
lawan pamintaningwang |
wuri turun-turuningsun |
kaparênga nyambungana ||

7.
Marang wahyunira kaki |
Ki Jaka matur sumangga |
Kyagêng sru lêga galihe |
wus linggar saking ing Sela |
mampir Tingkir apanggya |
lan kang ibu wus tinutur |
dhawuhe Kiyagêng Sela ||

8.
Kang ibu suka ngamini |
kulup dakgawani rewang |
supaya anuduhake |
aku duwe kadang lanang |
lurahing Suranata |
aranne Kiyagêng Ganjur |
bakal daktitipi sira ||

9.
Mêngko lagi matun gagi |
Ki Jaka gya mring pagagan |
tumuntur matun gagane |
dupi praptèng wanci Asar |
mêndhung grimis dhumawah |
Sunan Kalijaga langkung |
cakêt têpining pagagan ||

10.
Sarwi angandika aris |
jêbèng ywa katungkul (ng)gaga |
[.
.
.
] |
sabab sira bakal raja |
amêngku tanah Jawa |
wusing ngandika sang ulun |
mentar datan katingalan ||

Jilid 4 - Kaca : 52

11.
Ki Jaka gya mantuk aglis |
cariyos mring ibunira |
kamantyan suka galihe |
bêja bangêt sira nyawa |
olèh wahyu pitêdah |
de kang angandika mau |
Jêng Susunan Kalijaga ||

12.
Dhuh nyawa mangkata aglis |
Ki Jaka nêmbah wus mangkat |
kêkalih kang ngiringake |
praptèng Dêmak wus pinanggya |
lawan Ki Ganjur tandya |
mahyakkên wawêlingipun |
kang ibu katur sadaya ||

13.
Nagri Dêmak kang mandhiri |
sampun putrane Rahadyan |
Trênggana de jujuluke |
(n)Jêng Sultan Jimbun Pamêkas |
Ki Jaka wus suwita |
kanggêp langkung sihing prabu |
pinacak lurah tamtama ||

14.
Kang sarta pinundhut siwi |
winênangkên ngambah pura |
karsadalêm sang akatong |
mêwahi wira tamtama |
nanging mawi cinoba |
nabok sirah banthèng rêmuk |
kalêbêt wira tamtama ||

15.
wontên tiyang Kêdhu Pingit |
Dhadhungawuk namanira |
warna sigug kau awon |
wus komuk têguh digdaya |
mring Dêmak yun suwita |
dadya tamtama wus katur |
lurahing wira tamtama ||

16.
Ki Dhadhungawuk tinari |
punapa purun cinoba |
sinuduk sagah ature |
Ki Jaka lajêng anyêlak |
sarwi anyuduk sadak |
ing dhadhane Dhadhungawuk |
pêcah dhadha wus palastra ||

17.
Tamtama kang anèng ngarsi |
kinon namakakên katga |
wus arang kranjang jisime |
kauningan ing sang nata |
bêndu mawinga-winga |
Ki Jaka Tingkir tinundhung |
saking ing nagara Dêmak ||

18.
Wus mentar saking nagari |
asru kaduwunging nala |
ing solah kang wus kalakon |
kalangkung kawêlasarsa |
lampah tambuh sinêdya |
praptèng rêdi Kêndhêng pangguh |
lawan Kiyagêng ing Bêtah ||

19.
Kiyagêng lingira aris |
warnamu mèmpêr si kakang |
Kyagêng Pêngging kang wus layon |
namung bagus brêgas sira |
ing ngêndi kang pinangka |
Ki Jaka mêndhak rawat luh |
wus katur sadayanira ||

20.
Ki Jaka rinangkul aglis |
nulya binêkta ing wisma |
angaturi ing kadange |
Kiyagêng Ngêrang praptanya |
wus ingaturan wikan |
Kyagêng Ngêrang ngrangkul gapyuk |
kalara-lara karuna ||

Jilid 4 - Kaca : 53

21.
Rapihing sadayanèki |
Kyagêng Butuh Kyagêng Ngêrang |
pitutur piwulang kasok |
sarêng sampun pitung wulan |
kinèn wangsul mring Dêmak |
utawi mring Tingkir wangsul |
Ki Jaka anulya mangkat ||

22.
Praptèng (n)jawi Dêmak nagri |
mêlingkên wira tamtama |
tinanya punapi katong |
sampun andangu ragèngwang |
tamtama wangsulannya |
sultan dèrèng wontên (n)dangu |
Ki Jaka ngrêsing wardaya ||

23.
Mring kancanya (n)dum basuki |
kesah malih saking Dêmak |
praptèng ing Pêngging lampahe |
ing dalu sare dêdagan |
pasareyaning rama |
dupi antuk kawan dalu |
miyarsa swara têtela ||

24.
Jêbèng umentara aglis |
ngidul-ngetan yèn wus prapta |
ing Gêtasaji cakête |
kono ana wong dhêdhêkah |
kaloka ing bawana |
Kyagêng Buyut Banyubiru |
sadhawuhe lakonana ||

25.
Kagyat dènnira aguling |
pungun-pungun lumaksana |
gantya ingkang kacariyos |
Ki Buyut lan putra angkat |
kang nama Kimas Manca |
asal saking ing Talpitu |
sukuning kang Lawu arga ||

26.
Dene ingkang asisiwi |
anama Ki Jambaleka |
kang gêntur kasutapane |
inggih trahing Majalêngka |
Mas Manca sinung wikan |
têmbe dadya wrangkèng ratu |
bakal ratumu mèh prapta ||

27.
Padhepokan Toyawilis |
têmbe yèn wus tigang candra |
ênggonne nèng dhepokingong |
iku kulup wus andungkap |
jumênênging narendra |
tanah Pajang kuthanipun |
ratu sêkti mandraguna ||

28.
Kineringan kanan kering |
wingit singit karatonnya |
kulup iku sajatine |
têdhak Pêngging Dayaningrat |
de pêpatihe sira |
ingsun kang angreka besuk |
tumuline madêg nata ||

Jilid 4 - Kaca : 54

29.
sarêng sampun kalih ari |
Radyan Jaka Tingkir prapta |
ing Banyubiru inggale |
pinundhut pinutra-putra |
langkung ingêla-êla |
sinadhèrèkkên satuhu |
dadya rayine Mas Manca ||

30.
Ki Buyut ing Toyawilis |
trêsna sih ing kalihira |
nêlas tapis piwulange |
ing rèh jaya kawijayan |
madêg ji kasampurnan |
wusing jangkêp tigang tèngsu |
Ki Buyut ngandikèng putra ||

31.
Ênggèr wus mangsa sirèki |
ngaton marang ramanira |
ing (n)Jêng Sultan Dêmak rêko |
mumpung rêndhêng sri narendra |
tartamtu nèng Parwata |
sun-gawani sarat kulup |
kang bakal dadi jalaran ||

32.
Wawuhan lan sri bupati |
Ki Buyut gya ngruwêg kisma |
katêlah praptèng samangke |
tilasing kang pakruwêkan |
gya mêdal tirtamaya |
pinêndhêtan rintên-dalu |
toya botên lukak-lukak ||

33.
Siti pinaringkên maring |
Dyan Jaka miwah winêkas |
yèn wus parêk praja anggèr |
lan kadhaton ing Prawata |
kisma iki jêjêlna |
kupinge maesa-danu |
masthi ngamuk mring Parwata ||

34.
Wong sa-Dêmak datan bangkit |
matèni maesa krura |
iku margane sang katong |
andangu maring ing sira |
yèn kinèn matènana |
mring maesa-danu mau |
buwangên dhingin sitinya ||

35.
Tamtu kêna ko(k)patèni |
lan dakwêhi kanthi tiga |
Mas Manca dwi kadang ingong |
Ki Wuragil namanira |
katrine ran Ki Wila |
iku kaponakaningsun |
anake Buyut Majasta ||

36.
Katêlu poma ywa nganti |
pisah lawan sira nyawa |
Ki Jaka langkung suka |
manêmbah nuwun turira |
Ki Buyut gya parentah |
damêl gèthèk ingkang ayun |
tinumpakan mring Ki Jaka ||

37.
Wêdal samantên marêngi |
Kiyagêng Majasta prapta |
Banyubiru atitinjo |
sarêng gèthèk sampun dadya |
Ki Jaka kinèn mangkat |
kanthi kadang tri tan kantun |
anyarêngi kondurira ||

38.
Kyagêng Majasta gya pamit |
wus linilan tandya budhal |
Kyagêng Buyut ngatêrake |
winantu-wantu ing donga |
wus numpang gèthèk samya |
toya lèpèn nuju agung |
gèthèk milir nir sangsaya ||

Jilid 4 - Kaca : 55

39.
Tan antawis dangu prapti |
lèpèn Dêngkèng ing Majasta |
lampahnya pininggirake |
kèndêl sangandhapnya kamal |
gèthèk lajêng cinancang |
wontên ing wit kamal wau |
Kiyagêng nulya tumêdhak ||

40.
Ki Jaka sakanthinèki |
umiring mring padhepokan |
tigang dintên dènnya rèrèh |
lajêng (n)dumugèkkên lumpah |
Jaka Tingkir Mas Manca |
Wilatigta Wragil sampun |
munggèng ing gèthèk sadaya ||

41.
Kiyagêng ngatêr têpining |
lèpèn sangandhaping kamal |
sampun pamit sadayane |
Kiyagêng nêngèng ngawiyat |
(n)dêdonga ing Hyang Suksma |
miwah aparing pangèstu |
pusara wus inguculan ||

42.
Dhinadhung kang gèthèk milir |
Kyagêng miyat witing kamal |
pangandikanira alon |
singgêt kupêng witing kamal |
tabête kang kandharat |
têkèng mangke taksih wujut |
makatên gotèking bapa ||

43.
Sadaya suka miyarsi |
Mas Cêbolang aturira |
Kyagêng Pêngging ing sedane |
binêlèk sikut kang kiwa |
Jaka Tingkir kadukan |
linorod darajadipun |
wit saking ampuhing sadak ||

44.
Radi nyêmu raos wadi |
Ki Milasa mèsêm lingnya |
sumangga kang pramèng maos |
Mas Cêbolang malih turnya |
Ki Buyut kang minulya |
dhêdhepok ing Banyubiru |
sintên ingkang apuputra ||

45.
Tuwin sinambating wangi |
baya trahing witaradya |
samantên kalangkungane |
masputu criyosing bapa |
risaking Majalêngka |
putra angka wolulikur |
nama Radyan Ariwangsa ||

46.
wontên ing Pilang têtèki |
anama Kiyagêng Pilang |
nyêkabat (n)Jêng Sunan Lèpèn |
kabudan sampun sampurna |
nandhang agami mulya |
(n)Jêng Susunan Lèpèn dhawuh |
jêbèng sunlilani sira ||


  kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (04) Kaca 43 – 47
  • (06) Kaca 56 – 59 >