Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (06) Kaca 56 – 59

 

( Ki Buyut Banyubiru muridipun Sunan Kalijaga )
3. Ki Jayamilasa nyambêt cariyos bab Ki Buyut Banyubiru muridipun Sunan Kalijaga. Turunipun, i.p., Sèh Hèrcaranu sampun aragasukma.
Jurukunci Banyubiru pakaryanipun êmpu dhuwung mawi toya wantah ingkang rumêmbês saking sela ing sêndhang Selakapa, Mas Cêbolang lajêng dhatêng Banyubiru.
Ing dhusun Taruwangsa sami jiyarah ing pasareyanipun Ki Agêng Banjaransari; lampahipun kalajêngakên dhatêng sêndhang Selakapa, sami nyêlupakên dhuwungipun piyambak-piyambak, tosanipun katingal mêlês wingit. Sêndhang Purusa, cariyosipun: sintên ingkang nênêpi ing ngriku, badhe pêputra kanthi raharja.
Kaca 56 - 59

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 56

272 Asmaradana

47.
Mratakkên sarengat Nabi |
myang mêdharkên sasêngkêran |
maring jalma kang wus salèh |
nanging yèn mêdhar pingitan |
sira mênyanga arga |
aranne ing Banyubiru |
parêk arga Gajahoya ||

48.
Aranna Purwaka-sidik |
sawusira mêdhar rasa |
kungkuma ing sêndhang kono |
kang katon biru hèrira |
Kiyagêng tan lênggana |
lajêng dhepok Banyubiru |
mung Ki Buyut sêbutannya ||

49.
dalêm sasêbutan kalih |
wontên Pilang Kyagêng Pilang |
nèng Hèrbiru sêbutanne |
Ki Buyut ing Toyagêdhah |
myang yasa padhêkahan |
prênah êlèr-kilènnipun |
winastanan Taruwangsa ||

50.
Wafatipun bokmanawi |
inggih wontên Toyagêdhah |
awit wontên astanane |
bilih saking padhepokan |
kaprênah kidul-wetan |
ngantos samangke lêstantun |
pinundhi pinindha jimat ||

51.
Wangsul (m)borongakên maring |
dhatêng kang pramèng surasa |
namung samantên criyose |
matur Kimase Cêbolang |
samangke têdhakira |
Kyai Buyut Banyubiru |
kang dêdalêm Toyagêdhah ||

52.
Panapi inggiha taksih |
masputu taksih satunggal |
Sèh Hèrcaramu wastane |
puniku kaprênah canggah |
sampun angragasuksma |
sring rawuh ing Banyubiru |
awis kang sagêd pinanggya ||

53.
De kang dados jurukunci |
rumêksa ing pasareyan |
tunggil darah lawan ingong |
sami darahing Majasta |
nanging saking wanita |
nguni wontên putra Galuh |
Dyan Banjaransari nama ||

54.
Pinundhut mantu Kiyai |
Majasta sinungan prênah |
nèng Taruwangsa dhêdhepok |
dene ingkang dadya nipkah |
muhung damêl curiga |
sinêpuhan toya lugu |
kang rumêmbês saking sela ||

55.
Dumugi samangke taksih |
wasta sêndhang Selakapa |
tan kenging asat toyane |
kathah ingkang ngalap barkah |
nyêlupakên gêgaman |
èstu agung sawabipun |
ampuh gya ya kalis tinja ||

Jilid 4 - Kaca : 57

56.
Kiyagêng sêbutannèki |
ngantos dumugining wafat |
nèng Taruwangsa makame |
canggahipun ingkang wrêdha |
wontên ing Toyagêdhah |
ran Ki Suhud de rinipun |
Ki Sahid nèng Taruwangsa ||

57.
Mas Cêbolang duk miyarsi |
gotèke Kyai Milasa |
kalangkung adrêng karsane |
ayun uning Taruwangsa |
kalawan Toyagêdhah |
alon matur dhuh sang luhung |
bakda Subuh benjang-enjang ||

58.
Kawula anyuwun pamit |
muhung pangèstu paduka |
myang ywa kirang pangaksamane |
yun uninga Taruwangsa |
kalawan Toyagêdhah |
masputu kalangkung atut |
kula kang ayun ngatêrna ||

59.
Maring Taruwangsa tuwin |
maring Banyubiru pisan |
Mas Cêbolang sarencange |
sangêt nuwun sukarêna |
kèndêl wus samya nendra |
saliyêpan myarsa bêdhug |
titiga tangi sadaya ||

60.
Mring paheran asusuci |
miwah ngambil toya kadas |
radi awal ing nêptune |
Subêki sawusing bakda |
sasarapan lumadya |
jadah wajik wedang bubuk |
kupat lonthong gudhêg manggar ||

61.
Ulam ayam adhêm gajih |
bubuk dhêle tigan ayam |
mirantos ngancaran age |
wawi masputu sarapan |
sadaya kang liningan |
samya tuturuh gya kêmbul |
wus dumugi dènnya nadhah ||

62.
Ki Milasa maring panti |
ambejani mring rubiyah |
kang anèng srambi mirantos |
sawangsulira mring langgar |
tamu wus nèng plataran |
tandya budhal umun-umun |
Cêbolang giris umiyat ||

Kaca 4 : 58

273 Girisa

1.
Ing lampahe Ki Milasa |
kêngkêng rikat tan rêkasa |
udakara umurira |
langkung saking pitungdasa |
ngambah marga alit ngarga |
rumpil minggah tumurunnya |
ri kang soroting baskara |
abra madhangi bawana ||

2.
Wèh sènênning arga-arga |
kang tan mawa tarulata |
sumilak (n)jalèrèh cêtha |
de kang kathah tanêmannya |
miwah kadunungan desa |
wênês ijo angrêmbaka |
barungan swaraning kaga |
sênêng kang mahawan marga ||

3.
Kang ngucul lêmbu maenda |
sumêbar lêmpènging arga |
rarywa ngon mlangkrong kamlaka |
anglêthusi woh nom tuwa |
katon sênêng ura-ura |
ngalangut sa-siring nala |
mêlang-mêlung jangja dawa |
ngalênthar tan tiba pada ||

4.
Kang mahawan samya suka |
sangsaya mêmpêng ra-ura |
nahan ta ing lampahira |
wus prapta ing Taruwangsa |
Ki Sahid dupi uninga |
lamun kadangira wrêdha |
Ki Milasa ing Majasta |
(m)bêta tamu brêgas mudha ||

5.
Tundhuk sasalaman samya |
Ki Milasa wus pratela |
têtamunira lêlima |
nama miwah pinangkanya |
tanapi ingkang sinêdya |
Kyai Sahid sukarêna |
alon wijiling wacana |
botên wontên sanèsira ||

6.
Kula lan kakang Milasa |
mila sampun wancakdriya |
ulun sumarah ing karsa |
punapa inggih lajênga |
minggah dhumatêng astana |
lèrèh rumuhun mring wisma |
Mas Cêbolang aturira |
kajawi karsa paduka ||

7.
Prayogi lajêng kewala |
ngujung maring ing astana |
antuka supangatira |
kiyagêng ingkang minulya |
bilih wus tahlil sumangga |
sakarsa datan lênggana |
Milasa cumondhong karsa |
tandya minggah mring astana ||

8.
Praptèng pasareyannèki |
Kiyagêng Banjaransari |
asung salam sadayèki |
wontên suwara mangsuli |
kagyat kang samya miyarsi |
garjita sajroning ati |
kalamun alim sayêkti |
nulya tahlilan sarênti ||

9.
Bakdaning tahlil kawuryan |
ngunguwung kang pasareyan |
nulya mundur asung salam |
para tamu ingaturan |
mampir maring padhepokan |
praptèng panti ingancaran |
pinarak gya sinunggatan |
wedang gantèn pangêsêsan ||

10.
Tan pantara dangu nulya |
sugata nadhah tinata |
sampêt lam-ulamanira |
sêkul bucu liwêt saha |
Ki Sahid (n)dhêku lingira |
kiraka myang wayahkula |
atur buja sawontênnya |
Milasa manthuk sumangga ||

Kaca 4 : 59

11.
Wawanting anulya nadhah |
kang samya sinung ling gêpah |
wanting adan samya nadhah |
nuju nêdhênging kang wayah |
katoran sêmada sayah |
pakantuk kang samya nadhah |
wus dumugi gya rinurah |
mring pra batih jalêr kathah ||

12.
Ki Wisma ngling paran karsa |
kèndêl tanapi lajênga |
Mas Cêbolang aturira |
bilih kaparêng ing karsa |
prayogi lajêng kewala |
Ki Milasa lon lingira |
adhi aku borong sira |
Ki Cêbolang atêrêna ||

13.
Sun wangsul kene kewala |
masputu andum raharja |
sadaya nuwun turira |
nahên sawusing samêkta |
tandya mangkat sadayanya |
wangsul Ki Jayamilasa |
Ki Sahid wah tamunira |
praptèng sabin lampahira ||

14.
Miyat pantun warna-warna |
mèh (n)dungkap pamêndhêtira |
Mas Cêbolang lon tatanya |
Kyai sintên kang nanêma |
pantun kathah warninira |
punapi namane samya |
masputu tanêman-kula |
sanès-sanès namanira ||

15.
Tambakmênur Sokanandi |
Papah-arèn Mênthik-wangi |
Jaka-bonglot Pêndhok-wêsi |
Dhudha-ngasag lan Cêndhani |
Randha-mèntèr nyêlamêti |
kalawan kêtan warna tri |
kang cocog lan siti ngriki |
mèh kasupèn angampiri ||

16.
Miyat sêndhang Toyakapa |
lampahira sampun prapta |
nuju agung toyanira |
kang sami angangge katga |
nyêlupakên gantya-gantya |
ingêntas garing sakala |
tan ana labêting toya |
mindhak mandhês kang guwaya ||

17.
Kawangwang mêlês wingitnya |
samya sukuring Hyang Suksma |
lajêng lampahira prapta |
sêndhang kayoman mandira |
wanci Luhur kèndêl nulya |
samya wulu sadayanya |
gya wêkdal sawusnya bakda |
Nurwitri nèng têpinira ||

18.
Sêndhang cawuk-cawuk toya |
galêgês ngawe Saloka |
kakang iki tamatêna |
mèmpêr kaya anunira |
Ki Sahid ngartikèng driya |
(ng)gih lêrês masputu mila |
nama kang Sêndhang Purusa |
sintên kang siram èstunya ||

19.
Dadya kuwat kang sarira |
bilih tan darêman putra |
dalu nêpi enjangira |
ngajêngkên plêthèking surya |
lajêng siram nêlês rema |
insa Allah botên lama |
darbe tuwuh tur raharja |
kang wus kalakyan sanyata ||

  kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (05) Kaca 48 – 55
  • (07) Kaca 60 – 61 >